Jumat, 10 Februari 2012

Kabayan Dadi Hakim


1. Kabayan Rondha
M

ulabukane desa Sukamaju kuwi mujudake desa sing ayem tentrem ora ana wong colong jupuk nanging saiki wis beda karo dhek biyen, mulane dianakake rondha.







Gambar 1.1

Gemi nggugah Kabayan sing lagi turu ana paturone

 
 











          Nalika wengi iku Kabayan nuju oleh ayahan jaga rondha ana ing desane, nanging dhasar Kabayan wong ora betah melek dheweke wiwit sore wis turu ana paturone.
Thong,thong, thong, theronthong, thong, ...
          “Lho iki wis jam sepuluh bengi ,Kang Kabayan kok durung tangi, kamangka dheweke tugas rondha.Sing padha jaga wis kenthong”
          Gemi terus mlebu menyang kamar paturone Kabayan. Weruh Kabayan isih turu age-age digugah.
          “Kang, tangi...Iki wis jam sepuluh.”
“Ah..” Kabayan ngolet.
“Kowe rak arep rondha ta Kang?”
“Rondha ngendi?”
“E...ya ana desane dhewe ta.”
“Ora penting.”
“Ora penting piye ? kanggo jaga keamanan desa ta.”
“Males, ah.”
“Ya, yen Kakang ora gelem, aku mulih wae.”
“Mulih nyang ngendi?”
“Menyang ngomahe Abah.Isin aku duwe bojo mbeler rondha”
“Adhuh, aku ora mbeler Mi, nanging aku lagi kesel.”
“Kesel ngapa?”
“Kesel ya kesel.”
“Kakehan alasan, yen ora gelem jaga aku wegah masak lho.”
“Adhuh aja ngono Mi, Ya aku dak mangkat jaga.”
“Tenan?”
“”Ya, iya ...” Kabayan age-age tangi saka paturone lan nata sarunge.Yen diancam ora dimasakke, Kabayan tobat ngencit.Ora ana alesan selak.Ayahan rondha pancen ora kena ditinggalake, kajaba ana alesan sing gumathok, upamane lara utawa ana kawigaten penting.
Saiki gelem ora gelem Kabayan mangkat jaga menyang pos rondha. Kahanan Ing  jaba katon peteng mung kena sorote lintang-lintang ing akasa. Swasana sepi katambah rasa adhem rumesep ing balung. Kabayan saya ngencengi sarunge . Ora let suwe pos rondha wis katon.
Bareng tekan panggonan pos rondha dheweke mlebu weruh kancane telu.
“Wah wis komplit ta?”
“Ya,wong papat wae masa ana sing ora teka.”Wangsulane Tarjo.
“Bener Kang awake dhewe wong papat iki kudu kompak.”Omonge Soleh.
“Ya, cocok.”Panyaute Mamad.
“Kelompoke dhewe iki ,pancen dhek emben aku sing milih kowe wong telu kuwi, nalika gawe kelompok.”Kandhane Tarjo.
“Pilihanmu pas, ora milih mung asal-asalan wae.” Omonge Mamad.”Yen ora milih sing padha atine bisa njalari ora sregep mangkat.”
“Bener Mad, awake dhewe nate krungu paribasan aja milih kucing ana njero karung.” Kabayan genti omong.
“Pancene ana apa?”Pitakone Tarjo.
“Ya,milih kucing ana njero karung kuwi rugi, iki pengalaman wingi, aku tuku kucing ana njero karung. Kucinge  telu  gedhe-gedhe, jebul gudhigen kabeh.”
“Hu...”Kabeh padha ngguyu krungu omongane Kabayan.
Ora dirasa pandom jame wis obah mubeng nuduhake jam sewelas. Tarjo terus nabuh kenthongan.Thong, theronthong, thong.... thong thong .Swasana kampung tambah sepi.
“Saiki ayo padha mubeng desa dhisik!”Pangajake Tarjo marang kancane telu kuwi.
“Ayo”, wangsulane Kabayan.
Wong papat kuwi terus padha ngubengi desa, sajake kabeh swasanane aman. Nalika padha mubeng ora lali padha nggawa kenthongan lan ditabuh.







Gambar 1.2

Tarjo nuthuk kenthongan
Kabayan,Mamad lan soleh ngadek
Ana pos rondha
 
 












“Thong, theronthong, thong.... thong thong”, swarane kenthongan mecah sepining wengi.
          “Ayo, tangi-tangi...! “ omongane Tarjo.
          “Sing waspada...waspada..”
          Wong papat sing padha rondha kuwi terus padha mubeng kaping papat lan ora nemokake kacubriyan apa-apa, dheweke padha percaya manawa kahanan ing kampunge tentrem temenan.
          Bareng kahanane tentrem wong papat kuwi terus padha bali menyang pos rondha. Katone wong papat kuwi padha kadhemen. Kabayan kudhungan sarunge, semono uga kanca-kancane.
          “Adat saben wayah ngene iki ana sing ngirim wedang lan panganan anget. Nanging nganti tekan seprene durung ana. Kabayan wis kethal –kethil mripate amarga krasa ngantuk.
          “Adat saben wayah ngene iki Pak Kades ngirim wedang karo panganan. Nanging becike ora usah diarep-arep” Omongane Tarjo aweh panglipur.
          “Mbok manawa lali utawa keturon.”Sambunge Mamad.
          “Bisa uga ana perlu liya.” Bacute Soleh.
          “Ya, ditunggu wae mbok manawa iki mengko ana sing mrene.”Kandhane Tarjo.
“Ya, kudu sabar.” Omongane Soleh.
Dumadakan Kabayan noleh Tarjo terus takon.”Mas Tarjo mau dodolan bakso,ta?”
          “Ya, kuwi rak pakaryanku, ana apa ta?”
“Ya, mbok manawa...” Kabayan ora mbacutake.
“Mbok manawa piye?”
“O, aku ngerti Mas.”kandhane Soleh.”Kang Kabayan arep takon mbok ,manawa ana turahan bakso.Yen ana rak ya lumayan, bisa kanggo ngengeti weteng sing adhem iki.”
“Ya, bener Mas Tarjo.Isih ana turahan ora?” Saiki genti Mamad sing omong.
“Wadhuh, wis entek sore mau. Nanging ngomong-omong ana crita sing nyenengake.”
“Apa sing nyenengake,Mas?”Pitakone Kabayan.
“Aku, mau rak dodolan ana prapatan.”
“Terus.”
“Dumadakan ana sopir andhong lima teka marani aku.”
“Lha padha ngapa?”Pitakone Kabayan.
“Apa arep menthungi kowe?”Pitakone Soleh.
“Ya ora.”
“Lha terus padha ngapa?”Pitakone Mamad sajak sumelang.
“Sajake dheweke padha ngelih, terus mborong baksoku.Ha...ha...ha.”.
“Heh...”Kabayan lan kancane loro padha mesem nimpali guyonane MasTarjo karo kukur-kukur sirah.
Sajake guyonane Mas Tarjo bisa nglungakake rasa ngantuke kancane. Lan nalika kuwi ana pawongan kongkonane Pak Kades teka nggawa wedang kopi nganggo termos.
“Kula nuwun” uluk salame Ujang kongkonane Pak Kades.
“Mangga.” Wangsulane wong papat bareng.
“Iki kiriman saka Bu Lurah.”
“Matur nuwun Jang.” Wangsulane Tarjo sing dadi pengarepe.
“Ya, padha-padha. Mung mengko yen mulih mampira dhisik ana daleme Pak Kades.”
“Ana apa Jang?”
“Ya , tulung balekna termose karo gelase!”
“O. Iya.”
“Wis ngono wae aku dak mulih.”
Ujang terus ninggalake papan kuwi, bali mulih menyang ngomahe juragane. Sabanjure wong papat kuwi padha ngombe kopi kanthi seneng , saora-orane bisa kanggo ngurangi rasa ngantuke. Lan ngilangi rasa adhem ing wanci wengi kuwi.
Bareng wis padha ngombe kopi panas , wong papat kuwi terus mubeng desa maneh nganti ping pindho. Nalika mubeng sing kaping telu Kabayan sing kudhungan sarung ana pojok pos rondha wis ngantuk maneh. Sajake kopine ora bisa ngilangi rasa ngantuke.
Soleh weruh Kabayan sing theklak-thekluk age-age Tarjo ngaruh-aruhi Kabayan.
“Kabayan, piye kowe kuwi? Lagi wae ngombe kopi,malah turu.”
“Ayo..Kang. Aja ngisin-isini sing ngirim kopi. Aruhe Mamad.
Sajake Kabayan wis ora maelu omongane kancane telu kuwi, dheweke tetep nerusake turune. Dumadakan Mas Tarjo Duwe gagasan.
Soleh sing tumindak dhisik. Dheweke wiwit nggoyag-hoyagake awake Kabayan.
“He, katimbang turu luwih becik nembang.”
“Ya, Kabayan , bener kuwi, sithik edhing karo sing ngirim kopi.”Omongane Tarjo.
“Aku duwe panemu.”Tembunge Mamad.
”Kepiye,Mad ?,Pitakone Tarjo.
“Ngganggo cara sing ampuh.”
“Kepiye?”
“Ngene wae , slomot wae nganggo udut, Mas Tarjo. Mesthi dheweke mbengok.”
“Bener, kuwi cara sing pener.”
”Ya, cocok. Ayo dicoba Mad.”Sambunge Soleh.
Gunemane wong telu kuwi mesthi wae gawe tangine Kabayan.
“E. Aja dislomot udut, aku mesthi tangi,”omongane Kabayan karo ngusapi mripate lan terus melek amba.
“Lha ngono, mangsa kancane dha melek kok turu dhewe.” Kandhane Soleh. “Iki tak buwang rokoku ora sida kanggo nylomot kowe.”
Mas Tarjo mesem, amarga pancen kanggo ngagar-agari Kabayan wae supaya tangi.
“Lha ngono, iki jenenge gotong royong sing becik.”Kandhane Tarjo.
“Kowe kuwi pancen padha ora setya marang kanca.”Omonge Kabayan.
“Lha ngapa?”Pitakone Mas Tarjo.
“Ngertia  ya , aku lagi penak-penake ngimpi, lha kok malah dikongkon tangi . Wah bubar ngimpiku...”
“Lha ngimpi apa, Kabayan?”pitakone Soleh.
“Ngimpi sing aneh.”
“Yen ngono aku dicritani!”
“Sabar dhisik, isih ana kopine ora?”
“Isih, paling paling kari sagelas.”
“Ya, ora apa-apa.”
“Iki kopine.” Omongane Tarjo karo ngulungake kopi sagelas.
“Kosik , ngombe dhisik supaya lambeku ora garing. Lagi aku bisa nyritakake impenku”
“Ngene, kanca-kanca. Sajrone ngimpi dumadakan aku rumangsa ana salah sawijining kamar rumah sakit jiwa.”
“Hmm, medeni. Rumah sakit jiwa kuwi rak enggone wong edan,”Sambunge Mamad.
“Ya, pancen. Embuh kepiye, aku ana kono kuwi lagi turu ana ngamben. Lan aku lagi wae dipriksa Pak Mantri.”
“Terus, ?” Pitakone Mamad kebak cubriya.
“Wektu kuwi aku ngulati polatane Pak Mantri mung mrengut wae . Aku terus nyoba takon . Pak, Bapak nembe susah, ta?”
“Ngapa kowe takon kaya mengkono?”
“Amargi Pak Mantri ketingal nglokro lan remen ngalamun.”
“Arep ngalamaun apa ora kuwi dudu urusanmu, Kabayan.”
“Kula ngertos, Pak Mantri mrengut amargi mboten diaruh-aruhi perawat ingkang naminipun Mirah, ta?”
“Aja sok ngerti, Kabayan.”
“Leres , Pak Mantri mboten purun ditulungi?”
“Apa?”
“Kula gadhah cara ingkang jitu.Supados Bapak diaruh-aruhi malih si Mirah niku.”
”Tenane,lho? Piye carane” Pitakone Pak Mantri kebak cubriya.
“Caranipun gampil Pak.”
“Piye?”
“Bapak saged niru kula?”
“Niru kepiye?”
“Bapak saget nirokaken kados kula ngaten menika.”
“Wah, kowe kuwi ana-ana wae.”
“Pak Mantri ethok-ethok dados tiyang edan.”
“Terus?”
“Manawi ngaten , mesthi badhe pikantuk kawigaten saking mbak Mirah kapara dipun tuweni terus.”
“Ya, mesthi wae aku digatekne, amarga aku dadi edan kaya kowe kuwi, Ngendikane Pak Mantri.
Sanalika kuwi Mas Tarjo lan kanca-kancane padha ngguyu krungu critane Kabayan kuwi mau.
Sawise crita Kabayan ngantuk maneh. Weruh kahanan kaya ngono kuwi Mas Tarjo karo kancane padha rundhingan.
“Pancen critane Kabayan kuwi mau apik, nanging ana sing luwih apik maneh . Kepiye carane supaya Kabayan kuwi ora ngantuk.” Kandhane Mas Tarjo.
“Aku usul, kepiye yen Kang Kabayan dikongkon nembang?” Usule Mamad.
“Ya, kanthi mengkono Kabayan ora  bakal ngantuk.”Omongane Soleh.
“Bener,Kabayan kudu nembang.” Mas Tarjo sarujuk.
“Ayo, Kang Kabayan, usul kuwi apik, “Sambunge Soleh.
“Ayo ndang wiwit Kang.”
“Nembang apa?.”
“Apa-apa kena.”
Kabayan terus nembang nanging tembange wektu kuwi mung saukara dibolan baleni, ya amarga ngantuk.
Dhing, dhang dhing..
Dhing, dhang dhing..
Dhing, dhang dhing..
 “Lho piye Kang, endi bacute?”Pitakone Soleh.
Kabayan terus nembang maneh.
Manuk ceguk nyegur kali
Kaline cethek iline santer
Thenguk-thenguk ngombe kopi
Kopine entek turune angler.
Keprungu tembange Kabayan kuwi , kancane padha ngguyu.
“Uwis tembangku ya mung ngono kuwi.”
“Lha sing dawa apa ora ana?”Takone Soleh.
“Sing dawa lali, ora gawa cathetan.”
“Ya wis yen ngono , saiki  melek wae.”
Sawetara padha meneng, ora ana swara apa-apa. Kabayan turu maneh. Weruh kahanan kaya mengkono kuwi Tarjo nemokake akal. Dheweke bengok-bengok supaya Kabayan krungu.
“He, Ujang teka maneh, saiki nggawa gedhang goreng. Gedhange anget ayo padha dipangan” Tarjo ngomong ngono kuwi dibolan baleni pamrihe supaya Kabayan krungu.
Sawetara Ujang bengak bengok Kabayan krungu lamat-lamat.
“Endi..? Endi gedhang goreng? Aku dingengehi!”
Bareng weruh Kabayan tangi amarga omongane wong telu kuwi. Dheweke padha ngguyu maneh.”Ha...ha...ha.”
“Ngapa dha ngguyu?” Pitakone Kabayan karo noleh ngiwa nengen nggoleki gedhang goreng sing dikarepake.
“Endi, gedhang gorenge Mas Tarjo?”
“Isih ana nguwit, durung digoreng.”
“Ha...ha...ha.”
Saiki Kabayan wis ora ngantuk maneh amarga wancine wis esuk. Sabanjure sing  jaga padha mulih menyang ngomahe dhewe-dhewe.kabayan uga terus bali menyang ngomahe. Tarjo ora lali nyangking termos wadhah kopi arep diulihake menyang daleme pak Kades.


















2.Kabayan Dadi Hakim
U

dakara jam enem esuk Kabayan durung tangi saka paturone. Gemi  Eteung wis tangi saka jam setengah lima nggarap gawean sabendinane .Wiwit saka nyapu , ngresiki omah, isah-isah piring lan ngumbahi sandhangan .
          “Huh, Kang Kabayan ,mung gawe mangkel wae, Wis wayah ngene durung tangi. Aku kudu nggugah saiki.”Pikirane Gemi.
“He...Kang...Kang Kabayan. Cepet tangi ! wis awan iki.”Ngomongangne Gemi karo Nggoyag-hoyag awake bojone.
Nanging Kabayan tetep angler turune. Gemi nggoyag-hoyag awake bojone maneh. Lan ora let suwe bojone tangi.
“Ayo tangi..Kang iki wis awan.!”
“Hm..ah...”Kabayan ngolet lan wiwit melek.
“Ana apa Mi?” Pitakone Kabayan gumun.
“Kakang ki kepiye ta? Wis awan kok ora age-age tangi?”
“Lha piye ta,Mi.? Aku kesel.”
“Aja ngono, Kang ,kuwi ora becik!”
“Apane sing ora apik?”
“E, Kakang ethok-ethok ora ngerti. Kandhane wong-wong kae yen tangi esuk-esuk gampang rejekine.”
“Tenane ,Mi?’
“Iya,tenan.”
“Wah, yen kanggoku ngono kuwi salah.”
“Lho kok salah? wong-wong ngakoni penemu kuwi. Sapa wae sing tangi esuk terus siap-siap kerja, bakal gampang rejekine.”
“Ah..aku ora percaya. Aku duwe pengalaman liya nalika tangi esuk-esuk.
“Kakang nate ngalami apa?”
“Seminggu kepungkur, nalika kowe wis menyang pasar, ana sing nggugah aku esuk-esuk. Lha terus apa sing kadadean?”
“Lha apa?”
“E, jebul sing nggugah si Babah Ho Liang.”
“Lha terus ngapa?”
“Dheweke teka nagih utang. Mulane tangi esuk kuwi ora tansah nggawa berkah.”
“Kuwi rak mung ngepasi wae, nalika awake dhewe tangi esuk ora mesthi ditagih utang.”
“Ya, bener, nanging tangi esuk kuwi ora mesthi gampang rejekine.”
“Nanging wong sing tangi esuk kuwi luwih siaga mapak rejeki kanthi nyambut gawe. Ya wis , saiki becike  Kakang dang adus lan ngewangi aku nata omah.”
“Beres, mesthi dak ewangi,”Ngomonge Kabayan karo tangi rada males. Kabayan alon-alon menyang mburi, adus. Sanajan males nanging tetep adus katimbang rame karo bojone.







Gambar 2.1

Kabayan lungguh sarapan karo Gemi,
Ana kamar makan
 
 












Kajaba saka kuwi yen wis dandan rapi dheweke bakal arep sarapan sing wis dicepakake bojone.Dadine dheweke kudu latihan njaga omongane supaya ing wektu-wektu ngepasi sarapan ora padudon karo bojone, mengko mundhak ora oleh sarapan.
Sawise sarapan Kabayan oleh pawarta saka petugas Desa Sukamaju manawa dheweke dipilih dadi hakim desa. Mesthi wae prekara kuwi ndadekake dheweke dadi sawijining pawongan sing kinurmatan. Pak Kades milih dheweke dadi hakim desa supaya ngrampungi prekara. Dene Tarjo diangkat dadi jaksa penuntut.
Mesthi wae ketetepane Pak Kades dadi gumune wong sadesa. Nanging pranyata Pak Kades duwe alesan sing gumathok, ngangkat Kabayan dadi hakim desa.
Miturut Pak Kades, ana saperangan prekara sing perlu dirampungake. Yen digawa menyang pengadilan prekarane mung cilik utawa remeh. Mulane Pak Kades ngangkat Kabayan karo Mas Tarjo kanggo ngewangi ngrampungake perkara sing cilik-cilik kuwi. Pak Carik, juru tulis, lan kepala keamanan lagi lara. Apa salahe manawa ngangkat Kabayan karo Tarjo dadi hakim lan jeksa? Lan Prekarane dudu prekara sing gedhe, lan manehe wong loro kuwi wong sing jujur.
Muga-muga wong sakloron kuwi bisa tumindak adil. Maune Kabayan arep wegah nampa pakaryan iki. Nanging amarga Pak Kades terus nesek sajak meksa , mulane dheweke gelem diangkat dadi hakim sawetara.
Sidhang sepisanan bakal diwiwiti. Kaleksanane dienekake ana bale desa. Papan kanggo hakim, papan ginugat,lan papan jeksa wis dicepakake kanthi becik. Warga masyarakat sing ora repot padha nonton kadadean sing langka kuwi. Kabayan dadi hakim.
Wong loro sing ditudhuh nyolong pitik karo endhok wis teka. Sing nyolong endhok si Safari, dene sing nyolong pitik si Dadang. Pak Kades age-age mbukak sidhang, nalika kuwi wektune udakara jam sepuluh.
“Para sedulur, dina iki awake dhewe bakal ngrampungi saperangan perkara sing kelakon. Wis kapilih pinangka hakim , Kabayan. Lan minangka jeksa penuntut Mas Tarjo. Nanging kanggo jeksa pembela ora sah nganggo.Kena apa aku milih wong loro iki?amarga saperangan punggawa desa lara lan repot urusan liyane. Dadi aku nyoba nunjuk wong loro iki. Muga-muga kabeh katetepane iki mengko bisa ditampa para warga masyarakat kanthi becik.”
“Tanggap wacana saka Pak Kades wis diaturake mulane mangga sidhang diwiwiti!”Ngendikane salah sijine wakile Pak Kades.
“Inggih, sidhang badhe kula wiwiti.”Ature Mas tarjo sing minangka jaksa penuntut.
“Kabayan,E kleru... Pak Hakim,”Tembunge Tarjo rada gugup.
“Mas Tarja,,E..aku ya kleru...Sedulur Penuntut. Mangga,” Omonge Kabayan.
“Ngene Pak Hakim, Wektu iki ana maling loro sing kecekel tangan...”
“Apa? Tangane kecekel?”
“Karepku kecekel nalika lagi nyolong.”
“O. Ngono..Ya terus.”
“Bapak Hakim, maling loro iki jenenge Safari karo Dadang. Wong loro iki isih kagolong remaja.”
“Ya, terus..”
“wong loro iki nyolong endhok karo pitik.Safari nyolong limang kilogram endhok pitik ana tokone Babah Ho Liang. Dene Dadang nyolong pitik jago cacah lima saka ngomahe Kang Togar.”
“Sabanjure?”
“Aku nuntut supaya sakarone oleh paukuman sing jumbuh karo sing wis ditindakake, Pak Hakim.”
“Karepe ukuman sing jumbuh kuwi piye?”
“Ya paukuman sing adil.”
“Upamane marang sing nyolong endhok, terus diwehi endhok lan sing nyolong pitik terus kon nggawa pitike, ngono piye?”
“Ora ngono Pak Hakim.Ya diwenehi ukuman”
“Ya.Apa sakarone wis kabukten nyolong endhok lan pitik?”
“Ya, genah cetha. Kajaba sing duwe omah dhewe, saksine akeh.”
“”Ya, yen kabeh wis cetha aku njaluk wektu kanggo mikir dhisik.”
“Pirang menit?”
“Udakara seprapat jam.”







Gambar 2.2

Panggonan Sidhang
Hakim 1, ginugat 2, jaksa 1 padha lungguh ana papane
 Modherator 1
Wong akeh padha nonton
 
 










“Ya, yen mengkono sidhang dilereni seprapat jam.”Ature wakile Pak Kades.
Wong-wong padha nunggu kanthi dheg-dhegan. Kira-kira apa ketetepane Hakim Kabayan?.
Sawise seprapat jam sidhang dilerene,wong-wong sing padha nunggu wis cukup dheg-dhegane wakil Kades wiwit ngomong.
“Sawise wektu leren wis cukup, mula mangga sidhang dibacutake !”
“Ya, nanging sadurunge aku netepake paukuman, aku njaluk pangapura  mbok manawa ketetepan iki mengko beda karo sing liyane. Sawise nggatekake kabeh kanthi cetha, wusanane saiki tekan sawijining katetepan.”
Kabeh wong sing ana kono padha kami tenggengen ngulati Kabayan ana kursi hakime.
“Wis cetha wong loro iki salah, lan akeh saksi sing padha weruh, mulane aku nibakake paukuman supaya dheweke dadi kapok .”
“Katetepan hakim yakuwi, safari sing wis nyolong endhok pitik gunggung limang kilogram dikunjara suwene telung sasi. Dene Dadang sing wis nyolong pitik jago cacah lima dikunjara suwene rong sasi. Mulane...”
Durung wae Hakim rampung olehe ngomong, wis diprotes para kadakwa, mligine Safari.
“Aku protes, Pak Hakim. Ukumane ora adil. Bapak Hakim nibani paukuman aku telung sasi. Lan marang Dadang mung rong sasi.Kena apa ora rong sasi wae?”
“Aku duwe alesan dhewe.”
“Apa alesane ,Pak hakim?”
“Ngene, endhok kuwi isih bisa netes. Lan ngetokake kuthuk.”
“Kok ngono?” Safari nguyak.
“Iya, amarga endhok kuwi isih dawa lelakone. Isih bisa netes dadi kuthuk, sawise kuthuk isih bisa dadi jago utawa babon sing gunggunge luwih saka jago lima.”
“Lha, terus yen pitik jago?”
“Uripe pitik jago sadhela wae wis rampung. Yen ora dibeleh ,ya terus tuwa dadi mati.”
“Dadi?”
“Lelakone jago luwih cupet katimbang lelakone endhok. Dadine endhok kuwi, luwih aji katimbang pitik jago.
“Nanging jago lima luwih larang katimbang endhok limang kilo. Iki ora adil.”
“Saiki pikiren kaya sing dak kandhakake mau ngarep. Endhok limang kila kuwi bisa dadi jago sing gunggunge akeh banget. Lha rak dadi luwih aji endhoke katimbang jagone.”
“Wah ora adil.” Safari nggrundel.
“Iki wis ketetepan Hakim, ora bisa diganggu gugat.”
Wong-wong sing padha nonton padha gumun lan kami tenggengen ngulati omongane Kabayan sing lancar lan kebak kawibawan kuwi.
Dadang mung guya-guyu mesam mesem amarga wektu paukumane luwih sedhela.
Dumadakan wakil Pak Kades ngadeg lan ngomong.”nyuwun pangapunten Pak Hakim, aku ora bisa ngunjara dheweke ana papan pakunjaran.”
“Lho, kenging menapa?”
“Arep dikunjara ana ngendi ,lha wong pakunjarane wae ora ana? Kene iki rak dudu lembaga pemasyarakatan, ananging kantor desa.”
“Ya, yen ngono ukumane apa ya?” Kabayan demoki bathuke pratandha dheweke bingung.
“Hakim ora kena bingung!” Panyindhire pawongan sing ana kono.”Yen bingung aja dadi hakim!”
“Hakime diganti wae.”
Krungu sindhiran kuwi Kabayan terus wiwit ngomong.
“Ya, pancen kene kuwi ora kaya ana ing pengadilan negeri, amarga karepe pengadilan kene kuwi mung menehi pengajaran walaka. Paukuman kunjara dibatalake amarga ora ana panggonane. Lan pinangka gantine, kadakwa kudu nindakake gotong royong kerja bakti. Kanggo Dadang rong sasi kerja bakti dene Safari telung sasi kerja bakti.
“Kerja bakti apa?” Pitakone Safari.
“Kerja bakti ngresiki bale desa iki saben dina.”
“Lha terus sing ngawasi?”
“Mesthi wae petugas keamanan.”
“Bagus, paukuman sing aweh pengajaran.”
Nanging ana uga sing ora marem.
“Ukuman kok entheng kaya ngono.”
“Bisa –bisa sesuk nglakoni maneh , amarga ukumane mung entheng”
“Nanging iki rak mung ukuman pengajaran ta, kanca?”
Kabeh sing padha ana kono terus bisa nampa kanthi seneng. Sawise sidhang rampung Kabayan oleh atur panuwun saka Pak Kades. Sabanjure padha mulih menynag omahe dhewe-dhewe.
Dina candhake ana perkara maneh sing kudu dirampungake. Nalika samana perkarane yakuwi tuntutan saka Pak Barno marang Pak Pardi.Mulane Kabayan lan Tarjo nyambut gawe maneh dadi hakim lan jeksa. Sakarone padha miwiti sidhang sing di tekani pawongan sing gunggunge luwih akeh katimbang sing wis kepungkur.
“Bapak Hakim, Sedulur Pardi sing ana ngarepan iki dituntut dening Sedulur Barna.”
“Apa tuntutane?”
“Tuntutane rada aneh.”
“Apa anehe?”
“Tuntutane perkara  pangimpen.”
“Coba terangna!”
“Bapak Hakim, Sedulur Barna iki ing sawijining wengi ngimpi ketamon Sedulur Pardi.
“Terus.”
“Wektu kuwi, sedulur Pardi lagi butuh modhal kanggo usaha cilik-cilikan. Pardi nyilih dhuwit gunggung limang yuta kanthi janji bakal diulihake sawise limang sasi.”
“Sabanjure?”
“Sawise tangi, impene kuwi dicathet karo Sedulur Barna.”
“Iya,terus.”
“Limang sasi candhake Sedulur Barna nagih utang Pardi.”
“Iya bener, terus?”
“Sedulur Pardi wegah nyaur, amarga ora rumangsa utang.”
“Bener, iya. Terus piye?”
“Sedulur Barna nesu amarga utang kuwi ora dicicil babar pisan. Lan dheweke nglapuarake perkara iki menyang pengadilan desa.”
“O, ngono, Apik tenan iki, nyenengake perkarane. Lan karampungane uga kudu nyenengake. Ya yen ngono aku njaluk wektu limalas menit kanggo golek jawaban.”
“Sidhang dilereni limalas menit.”Ngendikane Wakile Pak Lurah.
Pawongan sing ana kono kabeh padha gumun, geneya perkara kaya ngono digawa menyang pengadilan desa. Kabayan sajake bingung ngadhepi perkara kuwi. Maune Kabayan ngelus elus bathuke, bareng suwe -suwe sendhen ana kursi Hakim . Kabayan sajake turu. Weruh kahanan kaya ngono kuwi kabeh wong sing ana kono padha bingung, kepiye bisane ngrampungi sawijining perkara kanthi turu. Apa ketemu nalar? Kabeh padha nunggu kanthi sabar.









Gambar 2.3

Nalika sidhang Kabayan turu sendhen ana Kursi Hakim
Kabeh sing ana kono padha domblong
 
 












Wis luwih saka seprapat jam , nanging Kabayan durung tangi.Wong-wong isih padha sabar ngenteni tangine Kabayan. Sawise rada sawetara katon wong –wong padha rame ,age –age Wakile Pak Lurah nyedhaki kursi hakim  alon-alon, karepe arep nggugah Kabayan sing lagi turu angler. Dumadakan Kabayan jenggelek tangi  njejegake awake. Dheweke tangi saka turune lan saiki wis eling temenan.
Dhisikane Kabayan njupuk banyu putih ana gelas sing wis dicepakake. Sabanjure Kabayan nyruput banyu putih kuwi. Katon polatane dadi padhang sanalika.
“Nyuwun ngapunten para sedulur.Aku keturon sawetara.”
“Kena apa Bapak Hakim ora mikirake ngrampungi perkara malah turu?”Protese Mas Tarjo sing dadi Jeksa Penuntut.
“Sejatine aku turu ora sembarangan turu.”
“Lha terus ngapa?”
“Lha ya , nggoleki jawabane ana sajerone pangimpen.”
“Lho, apa bisa,?”
“Lho, pancen kudu ngono carane.”
“Wah, Bapak Hakim aja guyon?”
“Iki ora guyon. Jawabane wis ketemu sajrone pangimpen.”
“Wah...”
“Ngene cethane. Para sedulur, lagi wae aku turu. Sajrone turu aku ngimpi, sanajan mung sadhela.”
“Terus?”
“Sajrone ngimpi aku weruh Sedulur Pardi.”
“Sedulur Pardi ngapa?”
“Aku weruh kanthi cetha Pardi teka ngomahe Sedulur Barna.”
“Lha terus?”
“Pranyata Sedulur Pardi teka ngomahe Sedulur Barna kuwi mau nggawa dhuwit gunggunge limang yuta , aku weruh diwenehake marang Sedulur Barna. Sedulur Barna nampa dhuwit mau kanthi seneng lan terus ngaturake panuwun, iki aku weruh dhewe.”
“Lha terus katetepane?”
“Mesthi wae  utange Sedulur Pardi menyang Sedulur Barna wis lunas. Ora ana utang piutang maneh.”
“Ora bisa ,Bapak Hakim.utang kok dibayar liwat ngimpi?”
“Genea ora bisa?”
“Ora ana aturan ngono kuwi.”
“Mau ngarep dikandhakake manawa Sedulur Barna ngimpi ngutangi dhuwit limang yuta marang Sedulur Pardi. Lan aku mau wis weruh dhewe sajrone pangimpen manawa Sedulur Pardi wis mbalekake utange. Dadi cethane Utange wis dilunasi.”
“Ah...”
“Para sedulur, mikira. Barna ngutangi Pardi mung sajrone pangimpen, mulane nyaure uga ana sajrone pangimpen wae. Cetha.?”
“Ha...ha...ha..”
“Lan supaya perkara iki ora kebacut dawa mulane saiki aku njaluk Sedulur Barna njaluk pangapura marang Sedulur Pardi.”
Pak Barna rumangsa isin amarga pokal gawene nggawa Pardi menyang pengadilan desa. Dheweke terus nyedhaki Pardi njaluk ngapura.
Sawise Sidhang perkara pangimpen paripurna kabeh warga masyarakat ing desa Sukamaju padha mulih menyang ngomahe dhewe-dhewe. Ana dalan padha aweh pangalembana marang Kabayan lan geguyu carane mutusi perkara.


3.Gemi Eteung Ngidham
L

agak lageyane wong sing lagi mbobot udakara telung sasi kuwi terkadhang nganeh-anehi. Saperangan pawongan duwe panemu kabeh mau kagawa dening karepe jabang bayi sing ana jero guwa garbaning ibu. Nanging ana saperangan maneh ngandhakake manawa kekarepane wong ngidham yen ora dituruti bisa andadekake besuke lamun jabang bayi wis lahir dhewasane bakal seneng ngeces.









Gambar 3.1

Kabayan nggeret tali
tunggu manuk ana sawah sing meh panen pari
Ana gubuk tengah sawah
Taline dicancang karo memedi sawah (wong-wongan)
wong-wongane sawah akeh
 
 











          Srengengene wis jumedhul age-age Kabayan lunga menyang sawah saperlu nunggu pari. Parine ing sawah wis padha kuning mratandhani lamun wis meh panen. Adat saben manawa parine wis kuning-kuning akeh manuk-manuk sing padha kepengin melu maneni.
Tali-tali wis dicancang meh rata ing sakabehing panggonan, kabeh tali mau dicancangake karo gubuk ing tengah sawah. Tali-tali mau dicancang saka gubuk menyang memedi sawah utawa wong-wongan ing tengah sawah. Manawa taline digeret mesthi wae memedi sawah bakal obah kabeh . Obahe memedi sawah  kaya pawongan sing lagi nggawa gebuk satemah manuk-manuk sing padha mencok mangani pari padha mabur maneh.
Sawise panen gaweane tunggu wis rampung ,mung kari ngetung asile panen. Untung apa rugi ,sing baku manawa ora kena ama mesthine bathi ora ketang saprapira.
Kabayan lan Gemi sawijining kulawarga sing wis sawetara wektu omah-omah nanging durung duwe momongan.
Nalika jam sepuluh ing sawijining wengi Kabayan lan Gemi padha mapan ing paturone bubar oleh dhuwit saka asile panen. Sadurunge turu dheweke ngetung-etung utange lan dhuwit asile. Bareng dietung-etung  Kabayan rumangsa seneng amarga  kajaba bisa nglunasi utang isih bisa blanja kabutuhane.
“Wis cukup Kang?”
“Cukup,Mi. Kajaba bisa nglunasi utang isih ana turahan dhuwit kanggo blanja kebutuhane dhewe.”
”Ya, matur nuwun. Mung iki lho Kang ”Gemi nyekel wetenge.
“Ana apa?”
“Sajake aku ngidham ,Kang.”
“Tenane,Lho?”
“Bener ,Kang.”
“Dhuh...”
Kajaba seneng atine , nanging uga kuwatir krungu kandhane Gemi bojone kuwi. Seneng amaraga wis semene tahun bebojoan , bojone lagi bisa mbobot siki. Kuwatir amarga sasuwene iki dheweke krungu saka saperangan pawongan sing ngalami, mligine para calon bapak , repot banget nuruti bojone sing lagi ngidham. Panjaluke wong ngidham kuwi aneh-aneh.









Gambar 3.2

Kabayan jagongan karo Gemi ana kamar paturone
 
 












Tuladhane sing dialami bojone Nyai Sri dhek wingine, Wektu kuwi  Nyi Sri lagi ngidham . Ngidham kepengin munggah tembok mburi omah. Ya kapeksa dheweke nyepakake andha, terus bojone munggah tembok ing mburi omahe.
Beda maneh pengalamane Bu Toto. Dumadakan Bu Toto kepengin ngulati wong catur. Kamangka wektu kuwi dudu dina prehi.Sapa sing dolanan catur tengah wengi? Nanging Bu Toto tetep kepengin nonton wong catur. Mulane Pak Toto nggugah keponakane sing nginep ana kono saperlu diajak dolanan catur.
Ketoke wong ngidham kuwi duwe panjaluk sing aneh-aneh lan ora nalar. Apa sing dijaluk kudu dituruti. Kabayan dadi sumelang sawise mbayangake.
“Kang.mrene.”Panyeluke Gemi karo lungguh ana pinggir amben.
“Ya , kosik.”
“Ayo cepet,Kang.”
“Ya,ya Kosik.”
“Huh, yen diceluk bojone kok suwe ,ta?”
“Sabar,ta.”
“Kang aku saiki kepengin Batagor nggone Pak Rahmad.”
“Kowe kuwi wis bingung apa piye?”
“Kena apa Kang kandha ngono?”
“Saiki jam pira? Saiki tengah wengi, apa isih ana batagore?”
“Ah..rak durung dicoba. Sapa ngerti isih ana,Kang.”
“Huh...”
“Akang ora gelem tuku?”
“Ya, kosik.”
Kabayan ngadeg saka lungguhe terus mlaku metu omah. Swasana wis sepi. Kanthi ora kanyana Kabayan kepethuk karo wong sing padha rondha.
“He, Kabayan arep menyang ngendi?”Pitakone Pak Toto.
“Dhateng warunge Pak Rahmad.
“Ana apa ?”
“Gemi nyuwun batagor.”
“Lho,yah mene apa isih?”
“Inggih, mbok manawi.”
“Bojomu lagi ngidham ta?”
“Inggih Pak.”
“Pancen wong ngidham kuwi neka-neka sing dijaluk.”
“Leres,Pak.Mangga.”
“Ya, muga-muga isih.”
Kabayan mung mesem. Dheweke satemene ragu-ragu. Lakune Kabayan wis meh tekan warunge Pak Rahmad. Warung kuwi wis tutup. Sanajan wis tutup nanging dheweke tetep takon.Kabayan terus thothok- thothok lawang.
“Thok...thok...thok.Kula nuwun.”
“Sinten nggih?”
”Kula, Kabayan.”
Lawange warung menga, terus ana pawongan metu, Dheweke Saripin lan Komar.
“Ana, apa Kang?”
“Iki arep takon, apa batagore isih?”
“Yah mene ya wis entek Kang. Saumpama isih mesthine wis mambu”
”Adhuh, piye ya? Bojoku lagi ngidham.”
“Ngapunten Kang, wis entek tenan.”
“O. Ngono.”
“Nanging iki ana pohong goreng Kang, piye yen dibumboni bumbu batagor?’ usule Saripin.
“Ya, ora apa-apa.pira kabeh.?”
“Kanggo Kang Kabayan Gratis wae.”
“Wadhuh, matur nuwun.”
Kabayan terus mulih menyang ngomahe. Muga –muga bojone gelem nampa sing digawa kuwi.
Bareng wis tekan ngomah, pohong batagor kuwi mau age-age diwenehake marang Gemi. Nanging sawise Gemi ngerteni sing digawa Kabayan, Gemi dadi kuciwa atine.
“Apa iki Kang? Panganan kaya ngene wae digawa mulih, emoh aku,”omongane Gemi karo mrengut.
“Lha terus aku kon kepiye,Mi? Lha wong wis entek tenan.”
“Ya, uwis iki panganen dhewe wae.”kandhane Gemi karo turu.
“Dhuh...”Kabayan atine njerit . Nanging mbok  manawa iki gawan bayi sing ana njero kandhutan, mulane dheweke kudu sabar ngadhepi kabeh mau.
Sawise kadadean wengi kuwi ,panjaluke Gemi saya akeh. Kabayan saya tambah bingung. Sawijining dina dumadakan Gemi nyeluk Kabayan.
“Mrenea Kang!”rayune Gemi.
”Ana apa,Mi.”
“Ya mesthi ana perlu.”
“Ngapa?”
“Apa Kakang bisa nyeluk Pak Guru?”
“Neka-neka wae kowe ,Mi.”
“Ana perlu sing penting.”
“Kena apa ora kowe wae sing mrana?”
“Iya, nanging dikancani ya.”
“Arep ngapa,ta?”
“Yen oleh, aku kepengin ngelus-elus sirahe Pak Guru.”
“Wah, aja nglindur kowe,Mi.”
“Ah, ora mesake bojone sing ngidham,ta?”
“Wadhuh, sesuk wae.”
“Emoh, aku njaluk saiki.”
“Huh,.. ya ayo.”
Kabayan lan Gemi age-age metu saka ngomah, menyang ngomahe Pak Guru sing ora adoh saka panggonane.
Karo ngampet rasa isin , Kabayan wiwit nothok lawang.
“Thok...thok...thok.Kula nuwun.”
Ora let suwe lawang omah kuwi dibukak lan Pak Guru njedhul saka ngomah sajak kaget geneya ana wong sarimbitan wengi-wengi teka ngomahe.







Gambar 3.3

Gemi ngusap sirahe Pak Guru, Kabayan nunggoni
Ana kamar tamu ngomahe Pak Guru
 
 












“Ayo, mlebu.Ana apa ya, wengi-wengi teka kene?”
“Ngaten Pak Guru,” Kanthi cepet Kabayan nyritakake pepenginane bojone sing aneh kuwi.
“O... Ngono?”
“Nyuwun ngapunten,Pak, estri kula nembe ngidham.”
“O, manawa kuwi pepenginane , ya mangga.”
Pak Guru age-age siaga dhiri ing ngarepe Gemi kareben dielus-elus sirahe. Gemi terus ngelus-elus sirahe Pak Guru kanthi alon. Angggone nindakake nganti ambal kaping telu.
“Sampun, Pak matur nuwun,”ature Gemi.
“Ya, padha-padha,wingi nalika Bu Guru ngidham beda maneh jalukane.”Ngendikane Pak Guru.
“Kados pundi,Pak?”
“Bu Guru wengi-wengi pengin weruh wedhus.”
“Dipun turuti,Pak?”Pitakone Kabayan.
“Ora, mengko dikira maling wedhus. Yen dituruti ya kaya wong edan kurang gawean.”
Nalika kuwi Gemi sing wis marem bisa ngelus-elus sirahe Pak Guru age-age njaluk pamit.
“Pak sasampunipun cekap anggen kula sowan kula kekalih nyuwun pamit, Sadaya kalepatan kula kekalih nyuwun pangapunten.”
“Ya, padha-padha , wilujeng tindak.”
Kabayan lan Gemi age-age mulih menyang ngomahe. Ana ing dalan Kabayan glenak-glenik.
“Mi. Krungu ora ngedikane Pak Guru mau? Aja duwe pepenginan sing aneh-aneh!”
“Ya, ditonton wae mengko.”
Dina esuke Gemi wis duwe penjaluk karo Kabayan. Pituture Kabayan mau bengi wis ora digatekake.
“Apa maneh,Mi?”
“Aku, pengin Kakang ngedusi wedhus.”
“Ngedusi wedhus?”
“Ya.”
“Kowe aneh,Mi. Lha rak awake dhewe ora duwe wedhus?”
“Nyilih nggone wong liya wae.”
“Wadhuh,Mi. Pepenginanmu kuwi aneh banget. Awake dhewe ora duwe wedhus, aja maneh wedhus lha wong pitik wae ora duwe. Apa maneh nyilih wong liya ngisin-isini”
“Dadine Kakang ora gelem?
“Ora kok ,ora gelem. Nanging aku dak takon dhisik karo Abah.”
“Akang ora sayang karo aku.”
“Aja kandha ngono. Becike awake dhewe sowan Abah.”
Awan kuwi Kabayan lan Gemi nemoni Abah. Bareng wis tekan Kabayan terus nyritakake pepenginane Gemi sing aneh-aneh.
“Kabayan, ngono kuwi biasa. Pepenginane wong ngidham kuwi pancen kaya ngono.” Keterangane Abah menyang Kabayan.
“Nanging manawi kesangeten kados pundi, Bah?”
“Sing jenenge ngidham kudu dituruti, amarga kuwi gawan bayi.
“Manawi dipun tujokake Abah, kados pundi?”
“Apa tuladhane?”
“Upaminipun Gemi pengin nyukur jenggotipun Abah.”
“He, Kabayan aja kurang ajar kaya ngono. Masa karo maratuwa ngomong kaya ngono?”Abah katon nesune.
“Abah piyambak ugi mboten remen,ta?”
“Uwis aja ngandhakake kuwi. Karo mara tuwa kuwi sing sopan.”
“Nyuwun ngapunten ,Bah. Menika namung saumpami.”
“Uwis aku ora kepengin krungu maneh.”
Wusanane wong loro kuwi padha bali menyang ngomahe dhewe. Polatane Gemi katon surem.
Sawijining dina Kabayan rumangsa kuwatir ngenani kandhutane bojone. Esuk-esuk Kabayan wis ngakon Gemi supaya enggal adus lan dandan. Kabayan dhewe uga wis adus lan dandan rapi.
“Ana apa,Kang?”Pitakone Gemi gumun.
“Aku pengin ngajak kowe menyang ngomahe Bu Bidhan.”
“Arep ngapa?”
“Mesthi wae mriksakake kandhunganmu.”
“Nanging, aku wedi, Kang.”
“Wedi apa?”
“Wedi manawa disuntik.”
“Hmm... mengko kareben aku wae sing disuntik.”
“Emoh,Kang.”
“E. Kowe ki kepiye ,ta? Kareben kandhungane sehat”
Wusanane Gemi gelem diajak menyang ngomahe Bu Bidhan mriksakake kandhungane. Bareng tekan ngomahe Bu Bidhan kabayan terus nyritakake karepe.
“Bu Bidhan, etri kula nyuwun dipun priksa kandhunganipun.”
“O. Ya. Saben wong wadon mrene mesthi urusan kuwi.
“Ayo, Mi, mlebu . Kabayan kareben nunggu ana njaba wae.
Sajake anggone mriksa rada sawetara. Kabayan anggone nunggu rada mangkel. Bareng wis sawetara suwene Bu Bidhan lan Gemi metu saka kamar. Bu Bidhan terus nyedhaki Kabayan.
“Kados pundi,Bu? Sampun dipun priksa?”
“Uwis.”
“Piyambakipun kenging menapa,Bu?”
“Sabenere Gemi ora mbobot.”
“Lho... napa inggih...?”
“Bener, Kabayan. Pemeriksaane negatip.”
“Ketingalipun estri kula dereng dipun pitados mbobot?”
“Bener.”
Sakarone terus padha mulih sawise ngrampungake urusane ana ngomahe Bu Bidhan. Ing dalan sadurunge tekan ngomah, Kabayan ngomong.
“Sajake kowe ora mbobot,Mi.”
Gemi mung mesem
“Genea tingkah lakumu kaya wong sing mbobot?”
“Anu...aku mung...”
“Huh...kowe mung pengin nggawek-gawekne aku ta.




4. Kucing Bisa Ngomong
Y

a  ing wanci sawise panen mujudake wancine para among tani padha ngrasakake seneng , genea ora. Amarga sawise panen padha duwe asil pari saka sawahe. Saperangan parine disimpen ana lumbung saperangan maneh didol kanggo nyukupi kabutuhane.







Gambar 4.1

Abah lan Kabayan mulih saka pasar
Abah nggawa sarung,Kabayan nggawa kathok
Ana ngarep omah
 
         










Gawean sawah wis rampung amarga bubar panen , mulane Abah genti nggarap kebon. Kebon mburi omah adat saben ditanduri pohung lan sayur-sayuran, pamrihe bisa kanggo nyukupi kabutuhan gandhok ing saben dinane. Manawa kepengin nyayur ora susah tuku menyang pasar cukup golek ana kebon.
Nalika awan kuwi Abah lan Kabayan lagi wae mulih saka pasar tuku sarung dene Kabayan tuku kathok. Atine seneng amarga wis sawetara wektu kepengin tuku durung bisa kelakon. Mangsa panen pancen sing diantu-antu.
 “Kabayan mengko Abah diewangi, ya.” Ngendikane Abah sadurunge mlebu omah.
“Inggih Bah, wonten damelan menapa, ta?”
“Maculi kebon ana buri omah.”
“Ingih Bah kula gantos rasukan rumiyin.”
“Ya dak tunggu ana kebon buri.”
Abah mulih menyang omahe, semono uga Kabayan. Omahe Abah lan Kabayan pancen ora adoh lete, isih sakebonan udakara sepuluh meter. Sawise tekan ngomah Kabayan age-age nemoni bojone  sing lagi dandan.
“Wis mulih Kang?”
“Uwis ,Mi.”
“Tuku apa?”
“Abah tuku sarung ,aku tuku kathok.”
“Kathok apa,Kang?”
“Ya kathok uwong ta ya.Apa kathok wedhus dituku.”
“Ora ngono, karepku kathok njero apa njaba.”
“O... Lha iki ta delengen.!”
Kabayan terus nuduhake buntelan kathok sing mentas dituku saka pasar.
“Wah apik, Kang kathoke. Coba saiki dienggo cocok ora”
“Apik, nanging saiki ora oleh dienggo?”
“Lha ngapa wis dituku kok ora oleh dienggo?”
“Amarga aku dikon ngewangi Abah .”
“Ngewangi apa?”
“Maculi kebon buri omah .”
“Ya ditindakne.”
“Nanging aku kesel, Mi.”
“Ya lumrah nyambut gawe kuwi pancen kesel awake.”
“Wah enake pancen turu.”
“Sapa kandha? Wong turu malah lemes awake.”
“Nyambut gawe ngetokake kringet.”
“Kang Kabayan ora susah kakehan alesan.
Gemi menehake sandhangan kanggo kerja marang Kabayan, kapeksa dheweke ganti sandhangan kuwi ana njero kamar. Nanging sawise saka njero ora enggal metu malah lungguh ana lawang.
“E. Malah ngalamun. Ayo cepet, ditunggu Abah.”
“Heh..”
Kabayan age-age metu saka kamar rada males. Nanging kepiye maneh. Dheweke pancen kudu ngewangi Abah.
Abah weruh tekane Kabayan wis nganggo sandhangan kerja.
“Lha ngono kuwi, Ayo saiki aku enggal diewangi!”
“Inggih,Bah.”
“Abah arep nandur pohung. Ayo dipacul dhisik tekan kana kae.S awise rampung mengko terus banggale pohung ditancepake.”
          Kabayan manthuk tandha sarujuk.
Kabayan terus macul sanadyan kanthi aras-arasen. Ngadhepi Abah pancen Kabayan ora bisa suwala. Sanadyan mangkono, paculane nyenengake, saperangan kebon wis dipaculi kabeh siaga ditanduri banggal pohung.
          Sawetara anggone macul Abah ngajak Kabayan leren . Kabayan age-age mulih menyang ngomahe saperlu nggunakake wektu kuwi kanggo leren.
“Kok wis mulih,Kang?”
“Ya, leren dhisik. Iki lho wetengku”
“wetenge kena apa, lara?”
“Iya ,Mi.”
Sawetara wektu Gemi terus nyepakake sagelas banyu putih karo obat lara weteng. Kabayan nampani gelas terus diombe banyune, dene obate mung diselehake wae.
“Lho, ngapa obate ora diombe?”
“Mi, adat saben kuwi ngombe obat sawise mangan.”
“O...Kakang arep mangan dhisik?”
“Ya genah, lha wong weteng lara amarga luwe.”
“Wadhuh, aku durung nyepakake,Kang.”
Sawise mangkono Gemi terus nyepakake mangan kanggo Kabayan. Lawuhe saanane , tempe goreng sambel trasi lan tumis kangkung.
Kabayan sing pancen wis krasa luwe, mripate katon padhang bareng weruh panganan sing wis dicepakake bojone kuwi. Kabayan age-age mangan , sanadyan mangan mung saanane nanging katon nyenengake.









Gambar 4.2

Kabayan mangan  kesereten tangane nyekel gelas
Ana jero kamar makan
Gelase tiba nibani piring
piringe pecah
Abah ana jaba kamar jeluk-jeluk
 
 











Durung rampung olehe mangan dumadakan krungu pawongan jeluk-jeluk saka jaba kamare.
“Kabayan...Kabayan...”Cetha kuwi swarane Abah. Sajake wis suwe Abah ngenteni tekane Kabayan ana kebon mburi.
Krungu  swarane Abah Kabayan kaget, kamangka nalika kuwi Kabayan lagi nyekel gelas lan tutuke isih isi panganan. Saking kagete gelas ing tangane tiba nibani piring sing isih ana segane. “Krompyang...preg.”sega sih durung klebu ing tutuk nyemprot .” ugh...”
Abah krungu swara kuwi mau, dadi kabet dikira ana kucing sing lagi mangan tikus.
“Apa kuwi?” pitakone Abah.
Ing jero kamar ora ana swara maneh, age-age Abah nyeluk Gemi sing ana buri.
“Mi, Gemi”
“Inggih,Bah. Wonten menapa?”Wangsulane Gemi saka buri.
“Ana kucing mangan tikus.”
“wonten pundi,Bah?”
“Lha Iki, ana kamar makan.”
Kabayan krungu ngendikane Abah terus muni.
“Meong...meong.”
Gemi age-age nyedhaki abah sing ana njaban kamar. Kabayan ngerti yen Gemi teka, mulane kabayan muni maneh.
“Meong...meong.”
Gemi kaget krungu swara kucing ana njero kamar kuwi, amarga sangertine Gemi sing ana njero mau Kabayan sing lagi mangan.
“Kucing apa,ya?” pitakone Gemi.
“Kucing...me...ong.”Wangsulane Kabayan saka njero kamar.
“Lho kok kucinge bisa ngomong?”Pitakone Abah.
“Pundi Bah?”
“Lha kuwi mau.”
Gemi ngerti yen Kabayan wis gawe bingunge Abah, mulane Gemi banjur ngaturi Abah supaya lunga saka kono, kuwatir yen Kabayan sing ana njero mundhak dadi dukane Abah.
“Bah, menapa Abah madosi Kang Kabayan?”
“Iya, dak enteni ana buri omah kok ora teka-teka.”
“Mangke kula padosane,Bah.”
“Ya , aku dak menyang buri dhisik.”
“Inggih, Bah.”
 Sawise Abah lunga saka papan kuwi Gemi mlebu kamar makan.
“Kang...?Pitakone Gemi lirih supaya ora keprungu Abah.
“Me..ong..meong.”Wangsulane kabayan.
“Kang,Kabayan kok ngono ta?”
“Ngono piye? apa aku salah Mi?”
“Kakang wis ngapusi Abah.”
“Aku ora, ngapusi,Abah.”
“Lha kuwi mau.”
Kabayan terus nyritakake mulabukane kadadean kuwi mau. Gemi mung mesem .kabayan guyu.
Sawise Kabayan rampung olehe mangan terus menyang kebon buri ngewangi Abah maneh. Nandur pohung wis dirampungake, nanging isih ana pakaryan liya yakuwi ndhudhuk blumbang iwak. Abah duwe gagasan arep gawe kolam iwak.
Sanadyan Kabayan mangane mau durung tutug amarga keselak tekane Abah nanging tandang gawene wektu kuwi nyenengake.
Udakara jam telu sore Dumadakan kancane Kabayan padha teka panggonan kono. Kancane kabayan sing lagi teka kuwi jenenge Mas Tarjo karo Mamad.









Gambar 4.3

Abah lan Kabayan gawe blumbang iwak ana buri omah
Mas Tarjo karo Mamad Teka ngewangi
 
 











“Wah, nembe damel napa niki ,Bah ?”Pitakone Mas Tarjo marang Abah.
“Gawe blumbang,Jo.”
“Damel kolam menapa Bah?”
“Blumbang iwak mas.”
“O...Sae,Bah. Saget kangge nambah kasil.”
“Ya, ngono Jo. Ngiras pantes kanggo jajanan.”
“Saget dipun wastani kange ngopi,Bah”
“Ya bener ngopi.”
“Lho, napa Abah tasih remen ngopi?”
”Ya, isih Jo, apa maneh manawa melek bengi.”
“Nanging kandhane, Wong sing pakulinan ngombe kopi kuwi seneng aneh-aneh,”Kabayan melu omong.
“Apa karepmu,Kabayan?”Pitakone Mas Tarjo.
“Embahku yen ngombe kopi beda karo liyane, Mas Tarjo.”
          “Apa bedane ,aku pengen krungu.”
“Iya apa bedane ,Kang Kabayan?” Pitakone Mamad.
“Ngene, Embahku yen ngombe kopi ora nganggo gula pasir.”
“Lha terus nganggo apa?”
“Nganggo gula kawung.”
“Wah neka-neka wae.”Ngendikane Abah.
“Yen ngono isih mendhingan Embahku.”Kandhane Mamad.
“Apa anehe?” Pitakone Tarjo.
“Yen njaluk kopi panas ora gelem nganggo gula.”
“Yen, ngono becik.”Ngendikane Abah.
“Malah, ngirit gula.”Omongane Kabayan.
“Mung...”
“Mung apa? Pitakone Abah.
“Nalika nyruput kopi dheweke nggigit klapa.”
“”Wah, yen ngono padha wae.” Wangsulane Abah karo guyu.
“Kabayan gandheng lerene wis cukup ayo mbacutake nyambut gawe maneh.,!”
“Inggih, Bah.”
“E...Bah, Kenging napa  kula mboten kon ngewangi? Kandhane Mas Tarjo.” Niki enten tenaga loro.”
“Leres,Bah.” Kandhane Mamad.
“Yen arep ngewangi oleh, aku ora bakal nolak.”
Kabayan lan Abah oleh tambahan tenaga anyar, satemah gawene blumbang bisa luwih cepet. Abah lan Kabayan sing macul, dene Mas Tarjo lan Mamad sing ngunggahake lemah.
Sawetara padha gawe blumbang iwak, ing ngomah ana tamu sing teka.Tamu kuwi sedulure Gemi sing jenenge Dewi lan anake jenenge Ratri. Umure Ratri kurang luwih sepuluh tahun.
Dheweke padha omong-omong ana ngomah ngarep. Ratri pancen sawijining bocah sing seneng crita karo sapa wae.
“Bulik,sasi iki sasi becik,ya?”Pitakone Ratri karo Gemi.
“Apane sing apik, Ratri?”
“Bulik, rak bubar panen?”
“Iya, terus. Apike nggon endi?”
“Bubar panen dhuwite akeh.”
“O.Ngono,ta?”
“Kajaba kuwi akeh wong dodol es.”
“Apa kowe seneng ngombe es?”
“Ya cetha , aku seneng es thong-thong.”
“Es thong-thong kuwi es apa ta ,Ratri?”
“Es thong-thong kuwi es puter.”Panyaute Dewi.
“Lha ngapa diarani es thong-thong?”
“Anu...lik. Sing dodol nggawa bunder-bunder.”
“Bunder bunder apa?”
“Sing tawa nggawa kenong.”Panyaute Dewi.
“Kenongan sega ?.”
“Wah , apa ora nate weruh ta ,Gemi?” Wangsulane Dewi.
“Kae lho Lik gamelang siji.” omonge Ratri.
“O...kuwi ta. Lha ngapa seneng es thong-thong?”
“Anu..lik, rasane legi, ana santene.”
Sakarone padha ngandhakake es thong-thong dumadakan ana wong liwat dodol es thong-thong.
“Thong...thong...thong...”Swarane es thong-thong liwat.
“Kae lho lik Gemi, swarane es thong-thong.”
“Yen ngono dikon mandheg wae, mrene,Tri.”
“Kon mandheg ngapa Lik?”
“Ya tuku no, kandhane kowe seneng?”
“Lha sing tuku sapa Lik?”
“Ya kowe ta.”
“Aku  ora sangu.”
“Genea ora sangu?”
“Sangune mau esuk, wis entek.”
“Yen ngono, ya wis ora susah tuku .”
“Lha piye no, Lik. Mengko lik Gemi ora ngerti”
“Ya yen ngono aku sing tuku, wah pintere Ratri.”
“Pinter piye Lik?”
“Pengen es kon nukoke Bulike.”Panyaute Dewi.







Gambar 4.4

Ratri (bocah wadon umur 10 tahun) tuku es thong-thong
Gemi karo Dewi (Ibune Ratri) nunggoni
 
 











Sabanjure Ratri mlayu menyang ratan saperlu nyegat sing dodol es thong-thong. Bareng wis mandheg age-age ratri ngajak Bulike Gemi supaya menyang ratan gawa dhuwit. Sawise oleh es thong-thong Ratri seneng banget.
Wancine wis sore Dewi lan Ratri pamitan mulih menyang ngomahe, semono uga Mas Tarjo lan Mamad sing wiwit mau padha ngewangi gawe blumbang ana buri omah.


5.Tamu Pejabat
A

na sawetara warga masyarakat sing ora padha tepung karo para pejabat kabupaten ,malah ana warga sing ora mangerteni sapa jenege bupatine.  Nalika kuwi Desa Sukamaju bakal dirawuhi pejabat saka kabupaten.
Pawarta bakal tekane pejabat kabupaten kuwi wis sumebar ing Desa Sukamaju. Warga masyarakat Desa Sukamaju padha gumrudug menyang bale desa saperlu bakal melu ngrungokake sesuluh apa sing bakal diparingake.
Kabayan, Gemi, Abah lan Simbok ora ketinggalan uga mangkat menyang bale desa.Sawise tekan sacedhake bale desa, katon akeh sing padha mlaku menyang papan kuwi.
“Dina iki desane dhewe bakal katekan tamu ya, Kang?”
“Ya...kabare ngono. Lan awake dhewe mara iki rak ya arep mahargya panjenengane kuwi ta.” Keterangane Kabayan.
“Awake dhewe langsung menyang bale desa?” Gemi takon.
“Ya,iya lah.”
“E..kowe kuwi padha ngomong apa?”Abah melu omong.”
“Lha napa jagongan mboten angsal,Bah?”Gemi takon.
“Yen ngomong wae kapan tekane?”Simbok genti kandha.
“Nggih satekane mawon,Mbok.” Kabayan mangsuli.
“Lho,kok ngono?” Abah takon.
“Awake dhewe kesusu nggih ajeng angsal napa?”
“Kowe kuwi, Kabayan. Awake dhewe iki sing duwe omah bakal dirawuhi tamu saka adoh. Mesthi wae sing duwe omah kudu luwih dhisik tekan bale desa. Ora perkara arep oleh apa,” Abah ngendika.
“Mboten ngaten, Bah. Saleresipun sing dirawuhi lha rak Pak Kades. Dadosipun niku urusane Pak Kades. Bah.”
“E..kowe kuwi. Panjenengane kuwi ya pengin ngomong-omong karo warga desa kene.”
“O..ngaten. Dadose warga nggih perlu diajak ngomong?”
“Ya, mesthi.”
Sinambi jagongan dheweke terus padha mlaku menyang bale desa. Nalika wis meh tekan ngarep bale desa ana sawijining bocah cilik nggawa roti diwadhahi beri ditutup plastik. Mbok manawa supaya ora kena lebu.Amarga mung ditutup nganggo plastik bening satemah rotine katon saka njaba kanthi cetha.
Nalika kuwi uga ana bocah liya liwat arep menyang bale desa.Dheweke numpak sepedha cilik. Sajake rada kesusu mulane nabrak bocah sing nggawa roti. Satemah bocah sing nggawa roti ngglayar terus tiba. Untung wae tibane lungguh dadine bisa nyangga beri sing ana rotine kuwi.
“Wah, ngapunten. Aku kesusu.”kandhane bocah sing nabrak.
“Liya wektu aja ngono.Lha yen rotiku wutah aku mesthi nuntut ganti rugi,kandhane bocah sing nggawa roti.
“Ya sepisan meneh aku njaluk ngapura,”kandhane bocah sing nabrak karo numpaki sepedhane maneh.
“Hu...”Wong sing padha weruh padha mangkel karo sing nabrak.









Gambar 5.1

Bocah nggawa roti nganggo beri
Ditabrak bocah numpak sepedha
Wong akeh padha nonton.
 
 











Kabayan age-age nyedhaki bocah sing tiba nggawa roti.
“Ditulungi ora, Jang?”
“Mboten...”
“Apa ta,Jang? Karepe Kabayan takon kepiye kadadeane kuwi mau. Nanging sajake bocah sing dodol roti kuwi salah tampa dikira nakokake dagangane.
“Wonten batagor, limpung, tempe lan sanesipun.Lik.”
“Nanging dudu kuwi...Kabayan nerangake.
“O..niki.wonten roti lan...”
“Dudu kuwi karepku,Jang”
“O,..niki nagasari.”
“Ya dudu.”
“Uwis ta, Kabayan. Kuwi tukunen kabeh!” Pakone Abah.
“Inggih,Bah. Kabayan terus tuku roti pirang-pirang iji lan diendukake rombongane.
Sinambi mangan roti , dheweke uga padha jagongan karo mlaku.
“Kabayan apa ta sing ta takokake mau?kok dheweke ngeyel?”
          “Niku,lho,Bah.Ngengingi kadadosanipun wau.Kula leresipun tanglet. Ana apa ta Jang?, nanging sing kawedal, apa ta jang?”
“O,ngono. Dheweke ngira yen Kakang nakokake dagangane apa.”Gemi nyethakake.
“Ya, kamangka dudu kuwi sing dak karepake.”
“Kuwi jenenge salah tampa,”sambunge Gemi.
Sawise sawetara wektu anggone padha mlaku ,kulawargane Abah wis tekan ngarep bale desa. Bale desane wis kebak , dikebaki atusan uwong. Mung wae tekane Kabayan sakulawargane rada telat. Dheweke ora bisa mlebu nanging mung ana nglatar bale desa, sing ora ana payone.
Sing nasibe kaya Kabayan uga akeh, amarga pancen jero bale desa wis ora amot. Dheweke mung bisa ngulati tamu pejabat kabupaten kuwi saka kadohan. Dheweke ora ngerti tamune kuwi Bapak Bupati apa mung utusane wae.
Kanthi genti genten para tamu kuwi pidhato dijajari Pak Kades.
Sawetara kuwi tamu liyane mung lungguh ana kursi sing wis dicepakake. Ing sangarepe ana meja dawa lan suguhane maneka warna panganan lan unjukan sing mirasa.









Gambar 5.2

Pejabat kabupaten pidhato ana baledesa dijajari Pak Kades
Warga masyarakat padha melu pertemuan ana jero,ana ing latar.
ing jaban pager uga akeh
 
 











Kabeh sing padha teka padha nggatekake sesuluh saka para pejabat kabupaten kuwi.
Sawise rampung let sawetara wektu tamune kondur , semono uga warga masyarakat sing padha melu mahargya. Kabayan lan kulawargane uga terus padha mulih menyang ngomahe.
Sawise tekan ngomah Kabayan lan Abah padha jagongan lan sing dikandhakake ngenani tamu pejabat dhek mau.Simbok lan Gemi kadhang kala uga melu jagongan.
“Apa panemumu ngenani pidhatone pejabat saka kabupaten mau,Kabayan?”
“Pidhatone wau sae, Bah. Ngengingi kemanungalan lan gotong royong antawis warga. Lajeng saminipun antawising sesami. Namung wonten sakedhik ganjelaning manah,Bah.”
“Ganjelan apa ?”
“Antawise pidhato kalih kasunyatan benten tebih.”
“Apa ,karepmu?”
Pejabat nika wau ngendika ngengingi saminipun antawising sesamining manungsa , nanging nyatane panggenan pidhatone pejabat nika wau ketingal benten.”
“Apa kuwi?”
“Abah wau rak pirsa suguhan sing enten ngarepe pejabat nika wau eca-eca. Mbok menawi ugi awis. Lajeng awake piyambak niki mboten nate nedha kados ngaten wau.”
“Kuwi lumrah,amarga pancen dheweke tamu kinurmatan. Coba wae yen awake dhewe nampa tamu, mesthi bakal disuguhi panganan sing enak.”
“Nanging niku mboten adil,Bah.”
“Lha ngapa?”
“Amargi piyambake mertamu wonten desane dhewe sing miskin.”
“Lha, terus saka panemumu?”
“Inggih mboten perlu disuguhi kados ngaten. Cekap teh napa kopi mawon”
“Wah, kowe kuwi ,ana-ana wae.”
“Nggih niku lelarane awake dhewe kabeh. Yen tamune wong penting, malah disubya-subya kapara dianak-anakake. Nanging yen tamune sakintene ora penting, ditampi sak entene mawon.”
“Kaya kowe,Ya?”
“Mboten pikantuk napa-napa malah terkadhang diomeli.”
“Uwis Kang, saiki mulih dhisik.”Gemi ngajak mulih.
Kabayan tanggap ing sasmita age-age mulih.
“Kang yen omongan karo Abah aja ngono mau.” Kandhane Gemi nalika wis padha tekan ngomahe dhewe.
“Lho aku mau ngomong apa?” Kabayan gumun.
“Omongan sing mau ngenani tamu pejabat.”
“Lha, terus?”
“Kakang ora perlu nyalahake pejabat sing teka desane dhewe.”
“Lho, nyatane ngono ta. Para pejabat kae mau ngerti yen sing ditamoni kuwi wong desa lan...”
“Lan apa?”
“Lan desa sing ditekani kuwi desa sing mlarat.”
”Lha, terus kudune piye?”
“Kudune dheweke sing nggawa panganan. Luwih apik maneh manawa panganan sing digawa kuwi diedumake marang warga sing padha teka.”
“Wah, ngendi ana cara ngono kuwi,Kang.”
“Ya uwis yen ngono, ora usah diomongake maneh.Aku arep menyang kebon.”
“Arep ngapa ,Kang?”
“Arep ngrampungake gaweane wingi.”
Kabayan terus ninggalake Gemi age-age  njupuk pacul karo arit. Sabanjure Kabayan menyang kebon sing ora adoh saka ngomah.
Dhek wingi Kabayann wis gawe gundhukan lemah arep ditanduri pohung. Banggal pohunge ya wis dicepakake mung kari nancepake.









Gambar 5.3

Kabayan nancepake banggal pohung ana kebon
Togar mara ngajak jagongan

 
 











Nalika Kabayan nadur banggal pohung ana sawijining pawongan sing liwat ana sacedhake pekarangane. Pawongan kuwi Togar.
“Lagi nandur banggal pohung, Kabayan?”
“Bener,Kang, katimbang mung jagongan luwih becik nandur banggal pohong.”
“Ya bener kuwi Kang. Luwih becik ngono.”
“Aku dak takon,ya?”
“Takon, apa?”
“Nandur banggal pohung kuwi arep diopek godhonge apa pohunge?”
“Ya cetha, pohonge”
“Yen ngono godhonge kanggo aku,ya?”
“Arep dienggo apa, Kang?”
“Aku rak arep ngingu wedhus.Lha godhonge arep dak enggo pakan wedhus.”
“Lha terus pohunge piye mengko?”
“Lho , kena apa?”
“Lha yen godhonge diopeki terus , pohunge ora gelem awoh.”
“Lha rak pohung kuwi uwoh dhewe ana jero lemah, ta?”
“Ya ora isoh, kowe kuwi kepiye,ta?”
“Dadine yen aku butuh godhong pohung piye?”
“Ya besuk emben wae yen wis pohungku awoh.”
“Wah isih suwe banget, kesuwen kuwi.”
“Ya ora , mung patang sasi.”
“Lha terus wedhusku?”
“Ya digolekke suket wae.”
“Wah aku dadi wong ngarit no mengko.”
Disambi  omong-omongan, kabayan terus nancepake banggal pohung sing wis dikethoki.
“Kabayan, sangertiku kowe kuwi yen dikonkon ngurusi kebon senengane mbeler.Nanging dina iki kowe ketok sregep,kadingaren?”
“Kang Togar ora ngerti piye? aku saiki lagi semangat. Supaya rosa.”
“Lha yen wis rosa ?”
“Ya ,bisa ngapa wae.”
“Apa tuladhane?”
“Upamane kanggo nandur banggal pohung.”
“Wah yen ngono, padha wae Kabayan.”
“O,iya ana liyane.”
“Apa kuwi?”
“Kanggo ngantemi wong sing kakehan omong.”
“Sapa sing ta karepake?”
“Ya, uwong sing omong ana ngarepku iki.”
“Apa?”
“Ya mesthine kowe kuwi.”
“Huh ,sialan kowe .”Togar age-age lunga saka kono . Kuwatir manawa gertakane Kabayan ditindakake tenan.
Kabayan dhewe terus nandur banggal pohung nganti rampung. Sawise pakaryane rampung ,Kabayan terus bali mulih menyang ngomah.
Sawise mangan wengi Kabayan ngombe kopi dijejeri Gemi. Emboh kena apa Kabayan isih mikirake rawuhe para tamu pejabat saka kabupaten.
“Kopine enak,Kang?”Pitakone Gemi.
“Wah, enak, banget.Ginasthel”
“Nanging genea polatane isih suntrut?”
“Iki dudu perkara kopi,Mi?”
“Lha ,perkara apa?”
“Aku isih kelingan perkara esuk mau ana bale desa.”
“O, tekane tamu-tamu kuwi, lan Kang Kabayan kurang rena?”
“Iya, nanging dudu perkara kuwi sing dak pikir.”
“Lha terus perkara apa?”
“Aku lagi mikirake kepiye saumpama aku dadi dheweke.”
“Apa?”
“Ya, amarga kalungguhane sing dadekake dheweke padha dadi sugih.”Saumpama Kakang dadi pejabat. Menyang ngendi-endi mesthi dipahargya kaya dheweke.”
“Nanging kuwi mau rak mung ngalamunane Kakang wae ,dadine ya ora bakal kelakon.”
“Ya, bener Mi.”
“Ya mesthi wae, saka ngendi bakal kelakone dadi pejabat? Sekolah wae ora rampung. Ora duwe ijasah.”
“Adhuh Mi.kowe gawe lamunanku buyar.”
“Uwis Kang ora usah kakehan ngalamun.”
“Lha apa ora oleh?”
“Luwih becik nampa kasunyatan. Uwong sing sregep nyambut gawe lan ora klelar-kleler mesthi bakal maju lan sugih. Ora kaya kowe.”
“Karepmu?”
“Kang Kabayan rak senengane anut grubyuk lan ngot-ngotan.”
“Aku mau wis ngrampungake gawean kebon, nandur pohung.”
“Kuwi yen lagi kelingan.”
“Yen ora?”
“Ngerti dhewe. Kowe senengane pembeleran. Seneng turu ngepluk terus ngimpi.”
Kabayan mung mesem bareng krungu swarane Gemi kuwi mau. Dheweke ngrumangsani marang kabodhoane  lan mbelere.
Sawise tekan wektune turu Kabayan lan Gemi age-age menyang kamar paturone.Sakarone padha turu angler, dhasare awane mau padha kesel awake mentas nyambut gawe abot. Kaya adat saben sawise kabayan mikirake samubarang sing ngenakake, bengine dheweke terus ngimpi kaya sing dikarepake.Semono uga ing wengi kuwi. Kabayan ngimpi dadi pejabat gedhe nitih mobil rodha papat mertinjo menyang dhaerahe disubya-subya dening warga masyarakat akeh banget.



 




6.Maling Endhog
N

alikane  esuk udakara  jam wolu  Kabayan durung tangi saka paturone , Gemi bojone ora gelem nggugah dheweke. Sawise tangi Kabayan age-age menyang kandhang pitik. Sajrone mlaku menyang kandhang pitik dheweke simpangan karo Gemi sing lagi nyaponi jogan.
“Wadhuh,Mi. Genea aku ora digugah?”
“Adat saben yen digugah ya angel.”
“Mi, esuk iki aku duwe urusan sing kudu dirampungake.”
“Urusan apa? Biasane Kakang ora nggagas.”
“Wadhuh, aku duwe urusan.”
“Urusan,urusan.Urusan apa?Kok sajak penting?”
“Urusan pitik.”
“Kadingaren mikir pitik.”
“Iki beda. Pitike lagi ngendhog.”
Kabayan terus ninggalake bojone , tujuane wis cetha menyang kandhang pitik. Pitik sing ana njero kandhang wektu kuwi pancen lagi ngendhog.
Nanging Kabayan wektu kuwi gela amarga endhog sing ana kono wis ilang. Ateges wis endhog telu sing ilang.
“Sapa sing njupuk,ya?”Kabayan nggresula.
Ngerteni endhog-endhoge pitik tansah ilang wae, Kabayan kelingan kadadean pirang-pirang dina sing kepungkur. Dheweke seneng nyolong endhog ana kandhange Abah , terus diedol menyang pasar.









Gambar 6.1

Kabayan niliki endhog pitik ana kandhang
 
 












“Apa iki piwales marang aku? Wong sing nate nyolong endhog bakal nampa piwales sing padha, endhoge dicolong wong genti. Nanging aku kudu ngerti sapa sing nyolong? Wah piye ya carane?”
Sawise adus Kabayan terus menyang kebon pekarangane saperlu golek godhong sembukan. Godhong sembukan kuwi gandane anyir, beda banget karo godhong-godhong saliyane.Kanthi godhong kuwi Kabayan bakal nggoleki sapa satemene sing nyolong endhog ing kandhange.
Godhong sembukan kuwi terus disimpen ana cedhak kandhang. Lan ing dina kuwi Kabayan bakal nunggu kandhange nganti pitike ngendhog maneh.”Awas maling, rasakna kowe!” Kabayan gawe rancangan.
Sawise pitike padha ngendhog , Kabayan wiwit nandangi rancangane , yakuwi ngolesi endhog –endhog kuwi nganggo kum-kuman banyu godhong sembukan. Pancen gandane ora ukur.
Kari ngenteni dina sesuk. Muga-muga konangan sapa malinge. Kabayan rumangsa jengkel lan mangkel amarga kelangan endhog kuwi. Kamangka Kabayan dhewe dhek emben uga seneng nyolong endhog pitike mara tuwane.
Dina esuke Kabayan ngresiki kandhang, lan naliti endhoge pitik sing wingi mentas diolesi godhong kasembukan. Sawise srengengene jumedhul, Kabayan ngerti manawa endhoge wingi ilang. ‘Wah ilang maneh.Sapa malinge?Kapan sing njupuk?Apa sadurunge aku tangi?
Wektune saya awan .Kabayan isih mikir endhoge sing tansah ilang dicolong. Nalika kuwi Mas Tarjo liwat adol bakso. Dumadakan mandheg ana sacedhakae kandhange Kabayan. Ngepasi kono kuwi ana wit jambu, lumayan kanggo ngeyub.
“Piye kabare,Mas Tarjo?”Pitakone Kabayan karo mikir, apa mungkin Mas Tarjo sing njupuk endhoge.
“O, pengestune, laris baksoku,”sahute Mas Tarjo sing lagi sendhen ana wit jambu. Kabayan ngulungake tangan ngajak salaman. Mas Tarjo ora nolak. Mung Mas Tarjo rada gumun. Kadingaren Kabayan ngajak salaman, kamangka sasuwene iki ora nate ngajak salaman.
Sawise salaman dheweke ngambu tangane sing mentas kanggo salaman. Pranyata ora mambu godhong kasembukan. Dadine dudu Mas Tarjo sing njupuk endhoge. Kira-kira sapa ya malinge? “Wah ya syukur Mas yen baksone laris.”Kandhane Kabayan.
“Ya, aku dak dodolan maneh . Baksone kari sethithik. Lha kowe tuku apa ora Kabayan?”
“Wah durung ngelih, Mas.”
“Ya uwis aku lunga dhisik.”
Mas Tarjo terus mlaku mikul angkringe.Ora mungkin Mas Tarjo iseng nyolong endhog. Tangane ora mambu.
Nalika kuwi Pardi tanggane cedhak omah mara. Dumadakan dheweke nyedhaki kandhang pitik. Mripate Pardi jelalatan ngulati sakiwa tengene kandhang pitik.
“Ana apa, Pardi?”
“O. Kang Kabayan. Aku lagi nggoleki pitikku, Kang. “ wangsulane Pardi karo ngulati mrana -mrene.
“Di, apa kowe nggoleki pitikmu tenan?”
“Iya,Kang aku ora ngapusi.”
“Nanging mripatmu kok jelalatan?”
“Apa dikira aku arep nyolong pitikmu?”
“Ora. Mung pirang-pirang dina kepungkur iki aku kelangan endhog sing arep dak tetesake.”
“Dadine Kang Kabayan nyubriyani aku?”
“Ora ngono,Pardi.”
“E, Kang ngertia ya. Pitikmu sing ana njero kandhang iki beda adoh karo pitikku.”
“Beda adoh apane?”
“Adoh gunggunge. Pitikku kuwi cacahe ping pindhone pitikmu.”
“Ya,sing gedhe pangapuramu,”omonge Kabayan karo ngulungake tangan tengene ngajak salaman. Pardi rada gumun, sajake Kabayan ora pengin perkara iki dibacutake. Dheweke uga terus salaman.
“Sajake pitikku ora ana kandhang kene. Ya wis Kang ,dak golekane menyang papan liya.”
Sawise Pardi lunga Kabayan age-age ngambu tangane sing mentas kanggo salaman karo Pardi. Pancen bener sing njupuk dudu Pardi.
Kabayan terus mubeng ana sakiwa tengene omahe nggoleki sing nyolong endhoge. Ora dinyana jebul tekan pekarangane Togar. Kabayan sing mlaku karo ngalamun ana pekarangane wong liya kuwi pranyata ora liwat ngarep omahe Togar nanging liwat sisih omahe , panggonan sing kanggo meme kumbahan.
Nyawang mrana –mrene mbok manawa ketemu karo sing duwe omah. Mbok manawa kudu liwat ngarepan.
“He, iki sajake sing nyolong sandhangan wingi.! Swara panggetake pawongan sing wiwit mau ana mburine Kabayan.
Sawijining tongkat dithuthukake marang sirahe Kabayan. Kabayan kelaran. Bareng ditoleh jebul Togar sing menthung dheweke.
“Wo, dak kira sapa iki mau?Jebul kowe Kabayan.” Kandhane Togar karo ngudhunake tongkate.









Gambar 6.2

Togar nuthuk sirahe kabayan saka mburi nganggo tangkat
ana cedhak memean sandhangan
 
 












“Kowe iki piye to,Kang Togar. Aku arep nggoleki kowe. E. Malah ditudhuh nyolong memean barang.”
“Sing gedhe pangapuramu Kabayan,wingi lagi wae ana sing nyolong memean, mulane aku kudu ngati-ati aja nganti kecolongan maneh.
“Saiki pancen lagi akeh maling ,Kang. ”Kandhane Kabayan karo ngulungake tangane ngajak salaman. Sakarone terus padha salaman. Kabayan ethok-ethok mithes irung. Meneng-meneng dheweke ngambu tangane sing mentas kanggo salaman, nanging ora mambu godhong kasembukan. Ateges malinge dudu Kang Togar.
“Bener Kabayan, untung aku mau ora terus nggebug sirahmu.”
”Terus kira-kira sapa ta Kang, apa aku iki patut yen nyolong memean?”
“Sing gedhe pangapurane Kabayan.”
“O, iya,Kang,kandhane wingi ana rapat nggone Pak RW?Genea Abah karo Aku ora diundang?”
“Pancen kuwi karepe Pak RW.”
“Lho,kok ngono?”
“Perkara kuwi wis dak takokake Pak RW, Pak kok Abah kalih Kabayan mboten diundang?”
“O, dheweke ora perlu diundang.”
“Lho kok ngaten,Pak?”
“Ngene, dheweke wingi nalika diundang rapat, tekane wis meh rampung.Lha terus ditakoni. Apa wangsulane Abah?”
“Kula mboten ngertos Pak, Kok taken kula? Wangsulanku ngono.”
“Wangsulane Abah, nalika arep rapat dheweke keturon ana kursi ngarep. Lan kandhane Abah lagi ngimpi mlaku-mlaku ngubengi desa. Bareng tangi terus nonton jam jebul wis kliwat . Katimbang ora teka mula Abah mangkat rapat ngajak Kabayan.”
“Lajeng manawi Kabayan?”
“Kabayan uga keturon,lan ngimpi mlaku-mlaku bareng, Bareng tangi lagi kelingan manawa dina kuwi ana rapat.”
“Bareng Pak RW krungu alesanmu dheweke duka. Mulane ana rapat kowe karo Abah ora diundang maneh. Kanthi pawadan mbok manawa kowe karo Abah duwe acara sing padha ya kuwi turu maneh.”
“O,ngono,ta?”
“Ya,sing jeneng uwong, Kabayan.”
“Ya uwis kang, aku isih ana urusan liya,aku njaluk pamit.”
“Kok kesusu?”
“Iya Kang urusane penting.”
Kabayan age-age ninggalake Togar. Wektu kuwi dheweke liwat ngarep omah, wedi dianggep maling memean maneh.
Kabayan wiwit males nggoleki malinge endhog. “Kurang ajar malinge endhog kuwi. Endhoge sengaja arep ditetesake ,E,malah dicolong. Wah katimbang ngurusi maling endhog luwih becik ngrampungake gawean.” Pikire Kabayan.
Durung wae Kabayan tumandang gawe dumadakan Gemi njeluk.
“E, Kang, katimbang meneng wae aku njaluk tulung.”
“Njaluk tulung apa?”
“Tulung menyanga warung ijo pojok kono!”
“Lho, menyang warung kuwi rak urusanmu ta,Mi?”
Iki kesusu,Kang. Aku lagi masak yen dak tinggal mengko gosong. Karomanehe yen wis mateng arep kanggo sapa?”
“Lha,lagi masak apa ta,Mi?”
“Kesenenganmu.”
“Apa?”
“Opor pitik karo...”
“Ya, endi dhuwite?”
“Iki,kang.”Omonge Gemi karo ngelungake dhuwit lan ngandhakake sing kudu dituku.
Bareng nampa dhuwit Kabayan dadi kaget, amarga tangane Gemi mambu godhong kasembukan. Kabayan gumun banget , sajake malinge endhog jebul bojone dhewe si Gemi.
“Lho, ngapa Kang kok mung domblong kaya sapi ompong?”
“Mesthi wae.”
“Lha ana apa?”
“Jebul,kowe dhewe ta?”
“Apa,aku ngapa?”
“Kowe sing njupuk endhog ana kandhang ta?”
“Iya, ana apa ta?”
“Aku ora ngira,dak pikir...”
“”Uwis ta, mengko dak terangake. Saiki menyanga warung dhisik”
Kabayan age-age menyang warung ijo supaya enggal oleh keterangane Gemi ngenani endhog. Mulane panalitene tansah ora etuk gawe. Bareng welingane Gemi wis ditukokake kabeh, Kabayan age-age mulih terus diwenehake menyang Gemi.Kabeh welingane diteliti ora ana sing kecer. Bareng Gemi menyang gandhok uyahe entek.








Gambar 6.3

Kabayan udur karo Gemi perkara endhog
Ana gandhok
 
 











 “Kang ana sing ketinggalan.”
“Ya mengko wae, kowe dang nerangna perkara endhoge dhisik!”
“Lho, ora bisa Kang. Kakang  kudu mrana saiki .”
“Lha ngapa?”
“Yen ora dang tuku ateges masake wurung.”
“Dadine opore ora sida?”
“Mulane kakang kudu enggal tuku.”
“Lha apa ta sing kurang?”
“Uyah, Kang.”
“Wadhuh, Masakan apa wae ora enak yen ora diwenehi uyah.”
Kabayan terus mlayu tuku uyah menyang warung ijo maneh. Bareng tekan warung ijo sing dodol kaget.
“Lho kok bali maneh ,Kang?Apa ana sing keri?”
“Iya.”
“Apa,sing keri?”
“Uyahe ngomah wis entek.”
“O.Mula bali maneh,amarga uyah kuwi sanadyan mung sepele nanging mupangate gedhe.”
“Ya, bener . Cepet. Didoli iki dhuwite!”
          Sawise mbayar uyah, Kabayan age-age mulih menyang ngomahe.Dheweke ora kepengin masakane opor rasane anyep.
“Lha, ngono kuwi ,Kang.”
Gemi age-age ngepyurake uyah menyang masakane. Sawise kapara cukup banjur Gemi ngicipi masakane. Wah rasane opor kuwi pancen pas tenan. Sabanjure kompor dipateni amarga sayure uga wis dimasak.
“Saiki takona Kang apa sing pengin dingerteni?”
“Ngene,Mi,Wis pirang-pirang dina iki aku kelangan barang.”
“Kelangan endhog?”
“Iya.Aku nyubriyani endhog-endhog kuwi ana sing nyolong. Mulane aku pengin ngerteni sapa satemene sing nyolong endhog kuwi,kanthi cara endhoge dak leleti kum-kuman  banyu kasembukan. Nalika aku dikonkon tuku bumbu tanganmu mambu godhong kasembukan, mulane aku ngerti yen sing nyolong endhoge jebul bojoku dhewe. Apa sababe ,Mi?”
“O, ngono. Mulane pirang-pirang dina iki Kakang ngurusi kandhang wae.”
“Ya , kanggo njaga endhog supaya aman.”
“Aku seneng, bareng Kakang wiwit nggatekake endhog. Nanging ngenani endhog. Lha rak dhek emben Kakang ya nyolong endhog ana kandhange Abah, ta?”
“Pancen bener,Aku rumangsa luput.”
“Nanging ngene lho Kang.Aku njupuk endhog kuwi amarga salahe Kang Kabayan dhewe.”
“Lho, kok ngono?”
“Kabeh mau amarga Kakang mbeler.”
“Lha apa gegayutane endhog karo mbelerku?”
“Cetha ana. Manawa ora males, mesthi aku ora njupuk endhoge.”
“Aku durung mudheng karepmu.”
“Kang Kabayan rak males ngopeni pitik. Kadhang diurusi kadhang ora diurusi. Lha terus yen Kakang ora gelem ngopeni kon ngopeni sapa. Kamangka aku ngurusi gawean ngomah. Apa ora mesakake pitike?”
Kabayan mung meneng wae.
“Apa pitike ora ngelih, apa kandhange ora sah diresiki, apa mung dijarne wae. Lha terus yen aku kon ngopeni kabeh mau apa aku keconggah?”
“Ya, aku njaluk ngapura,wong ayu. Nanging kena apa ora didol pitike wae malah njupuk endhoge sing arep diengremi ?”
“Ya mesthine supaya endhoge ora netes, amarga yen nganti netes pitike bakal dadi akeh. Aku tambah rekasa maneh.”
“O, ngono. Ya aku ngerti karepmu.”
“Yen wis ngerti saiki openana pitike, yen ora gelem ngopeni bakal dak edol menyang pasar wae.”
“Aja ta, Mi.”
“O, iya, iki wis wancine mangan genea Kakang ora njaluk mangan?”
“Lha sing arep njaluk kepiye, lha wong lagi nampa ceramah.”
“O, dadi Kakang ya duwe rasa isin ta?”
“Wah kowe kuwi mung nyindhir wae.”
“Ya wis saiki ayo mangan lawuhe opor pitik masakanku!”
“Ya ayo!”
“Ya wijik dhisik tangane.”
Sabanjure wong loro kuwi padha mangan awan bebarengan. Gemi atine seneng amarga Kabayan arep wiwit gelem ngopeni pitik kanthi temenan. Gemi ora bakal isin karo Abah utawa Simbok jalaran bojone wis ora mbeler kaya dhek emben.
 



7.Gara-gara Utang
A

ngin sore sumilir keprungu sadhengah titah ngeterake bagaskara menyang paturone. Langit sing maune sumilak padhang jingglang dadi peteng mratandhani lamun wancine awan wus gumanti ratri. Ana wengi ana awan,  ana padhang ana peteng ,sapa nyilih kudu mbalekake dene sapa sing utang kudu nyaur.
          Kabayan lagi ngrungokake lagu sing ditembangake sawijining penyanyi kondhang dumadakan Gemi nyedhaki.Wancine wis wengi mulane padha mapan ana pagulingane. Sajroning padha arep turu Gemi kelingan manawa mau awan ana tamu sing nggoleki bojone. Nalika kuwi Kabayan ora ana ngomah, mulane wektu kuwi digunakake Gemi kanggo palapuran marang bojone.
          “Kang...Kang Kabayan.”
“Ana apa,Mi,Gemi?”
“Mau nalika Kakang Kabayan menyang sawah ana tamu.”
“Lha sapa tamune?”
“Babah Ho Liong.”
“Ngapa? Ngeteri dhuwit.”
“Ora.”
“Lha ngapa?”
“Mesthine Kang Kabayan sing luwih ngerti.”
“O, nagih utang.”
“Apa duwe utang  ta Kang?”
“Ya, wektu dandani gandhok.”
“O, iya nalika kuwi mangsa udan gendhenge gandhok bocor.”
          ”Ya kapeksa aku utang dheweke.”
“Kandhane sesuk arep mara mrene maneh.”
“Ya sesuk dak adhepane.”
“Lha janjine kapan ta Kang?”
“Sabenere nalika samana aku nate kandha karo Babah Ho Liong. Aku njaluk wektu kanggo golek dhuwit.Yen wis oleh aku bakal mrana dhewe nyaur utange. Nanging sajake Babah Ho Liong wis ora sabar.”
Sawise cukup Gemi ngandhakake kadadean nalika awan, sakarone terus padha turu ana paturone. Kabayan ora bisa angler turune mbok manawa golek pangrekadaya kanggo  ngadhepi Babah Ho Liong sesuk. Semono uga Gemi mung tansah klisikan angel turune amarga kelingan karo Babah Ho Liong sing wingi teka nagih utang.
Ing dina candhake watara jam sanga esuk Babah Ho Liong teka ngomahe kabayan. Bareng tekan ngarep omah age-age thothok- thothok lawang
          “Thok-thok...thok ,kula nuwun.”
          “Mangga, saurane Gemi karo mbukak lawange.”
“Kabayan ana,Nyi?”
“Ana, Koh.”
“Ana ngendi?”
“Ana mburi,lagi mbubuti suket.”
 “Ya, cepet diceluke,ya!”
“Ya, Koh lungguh dhisik ana njero!”
“Wah ora usah.”
“Ngono ta, yen nagih utang, mung ngadeg ana ngarep lawang?”
“Wah ana-ana wae ,Nyi.”
Gemi age-age nyeluk Kabayan sing lagi mbubuti suket.
“Kang, Babah Ho Liong teka.”
“Ya ,dak temonane.”
“Arep disaur ta Kang?”
“Dhuwit saka ngendi,Mi?”
“Lho dak kira arep nemoni kuwi arep bayar utang.”
”Lha kowe ngerti dhewe ta kahananku.”
“Ya ,nanging kepiye carane ngadhepi?”
“Ya ditonton wae mengko.”
Sakarone terus padha bali menyang ngomah nemoni Babah Ho Liong.Kabayan mesthi wae mampir sumur wijik dhisik. Ora let suwe Kabayan terus nemoni Babah Ho Liong.
“Ayo mlebu,Koh’”angajake Kabayan.
“Ora perlu, isih akeh sing kudu dak tekani.”
“Wah tukang tagih tenan iki , geleme mung ngadeg ana ngarep lawang.”
“Aja ngono Kabayan,Owe mung bakal ngelingake.Kapan kowe bayar utangku?”







Gambar 7.1

Kabayan karo Gemi Nemoni Babah Ho Liong
Ana ngarep lawang
 
“Lha rak aku wis ngomong,Koh. Yen wis ana dhuwit mesthi aku langsung bayar.”











“Nanging  duwemu dhuwit kapan?”
“Yen saiki durung bisa ngarani ,Koh.”
“Apa karepmu?”
“Panen pohunge isih rong sasi maneh. Mengko yen wis panen lagi bisa bayar Koh.”
“Nanging yen ora dang dilunasi utange saya akeh,Kabayan. Kowe rak ngerti iki utangan nganaki. Saya suwe wektune saya akeh anakane.”
“Lha yen telung sasi maneh dadi pira utange?”
“Bisa dadi lipet lima.”
“Wah kuwi jenenge lintah dharat.”
“Kuwi dudu lintah dharat, nanging aturane pancen ngono.Anakane saya akeh manawa wektune saya suwe.”
”Ya, yen ngono sesuk jam sepuluh mrenea maneh Koh!
 “Dadine owe sesuk teka mrene?”
“Ya yen Engkoh gelem.”
“Ya, nanging kowe kudu bayar tenan ,lho.”
“Iya,Koh.aja sumelang”
“Awas kowe aja ngapusi,Lho.”
Sawise Babah Ho Liong bali ,Kabayan lan Gemi rundhingan.
“Apa sing kudu ditindakke Kang?”
“Uwis ta aja sumelang.Aku bakal mbudidaya supaya perkara iki bisane rampung.”
“Karepmu?”
“Uwis ta, gawean iki sesuk mesthi karampungan.Lan Babah Ho Liong ora bakal wani nagih maneh.”
“Apa ta prasajane sing bakal ditindakake?”
“Ngene ,Mi.” Kabayan mbisiki Gemi, nyethakake rancangane. Gemi katon manthuk-manthuk tadha sarujuk.
“Lha terus awake dhewe kudu piye ,Kang?”
“Sesuk cepakna lim aci sing pliket banget.”
“Iya,Kang.”
”Ya, sing penting saiki ndedonga wae supaya sesuk awake dhewe kasil.”
“Muga-muga,Kang.”
“Ye ngono aku dak menyang kebon ngrampungake gaweanku karo ngrancang rekadaya.
“Ya, aku uga akeh gawean ana mburi,Kang.”
Sawise kuwi Kabayan bali menyang mburi ngrampungake gaweane mbubuti suket.
Dina candhake wiwit esuk Kabayan wis nyepakake samubarang kabutuhan kanggo ngadhepi tekane Babah Ho Liong. Gemi nyepakake lim sing pliket banget saka aci.Sabanjure Kabayan ngolesi sakujur awake nganggo lem. Supaya gampang olehe ngolesi mulane Kabayan cucul sandhangan mung kari kathok njero.
“Saiki kapuk kapas sekarung kae cepakna kene,Mi!”
“Iya Kang.” Gemi terus njupuk kapas sekarung ditemplekake saawake Kabayan nganti rata mung kari ketok mripate. Yen dideleng kaya kingkong.
“Wis rampung Kang.” Palapurane Gemi sawise rampung nutupi sakujur awake Kabayan nganggo Kapas. Kabayan saiki wis manjalma dadi kethek putih.
“Mi, saiki njupuka kurungan gedhe gawanen mrene!”
“Iya ,Kang.”
Gemi age-age njupuk kurungan pitik sing gedhe kanggo ngurungi Kabayan. Kabayan lungguh ana njero kurungan kuwi.
“Terus kepiye maneh,Kang?”
“Kaya rancangane wingi.”
Gemi sabanjure terus nutup lawang kamare, terus lungguh ana kamar tamu,nunggu Babah Ho Liong sing arep teka.
Sajake Babah Ho Liong teka pas wayahe. Dheweke duwe pengarep-arep Kabayan bakal nglunasi utange.Satemene Babah Ho Liong rumangsa anyel lan jeleh nagih utang menyang omahe Kabayan, amarga wis makaping-kaping teka nanging ora oleh gawe.
Bareng wis tekan ngarep lawang,Babah Ho Liong rada kaget, amarga swasana omah kuwi sepi.
“Kula nuwun,Thok...thok..thok.”
Ora ana swara saka njero ngomah
“Kula nuwun,Thok...thok..thok.”
Terus keprungu swara lakune wong tumuju lawang omah, nuli lawange menga, jebul  Gemi sing ana njero ngomah.
“O. Engkoh, ayo mlebu Koh.”
“Ya matur nuwun,”Babah Ho Liong mlebu terus lungguh kursi.
“Ana perlu apa Koh?”Gemi ethok-ethok ora ngerti.
“Owe nggoleki bojomu, kok ora ketok , ana ngendi?”
”Apa Engkoh ora diwenehi ngerti?”
“Dikandhani apa?”
“Dina iki Kang Kabayan menyang bale desa.”
“Perkara apa?”
“Ya perkara utang piutang karo Engkoh.”
“Lha ngapa nganti lapor menyang bale desa?”
          “Kareben oleh pangayoman,Koh.”
“Ya uwis yen ora ana ngomah. Pesen wae ya kandhakna Kabayan,dheweke tak wenehi inah seminggu maneh.Yen ora aku bakal gunakake cara sing kasar”
“Cara kasar sing kepiye Koh?”
“Owe bakal njupuk pitik,wedhus utawa barang liyane kango jadhen nglunasi utange.”
“E, mengko dhisik ,Koh.”
“Ana apa?”
“Engkoh durung weruh ingon-ingone Kang Kabayan ta?”
“Lho Kabayan ngingu apa?”
“Lha Kang Kabayan kuwi satemene menyang bale desa nglapurake perkara ingon-ingone.”
“Lha kewan apa, aku cubriya, lha terus kewane ana ngendi?”
“Disimpen ana kamar,Koh.”
“Endi Owe pengin weruh?”
“Aja Koh!”
“Iki kewan ajaib ,Koh.”
“Mula kuwi aku pengin nonton.”
“Lha mengko ye Kang Kabayan nesu piye?”
“Ora apa-apa,owe mung nonton sadhela wae.”
“Tenan ya Koh.”
”Iya-iya.”Wangsulane Babah Ho Liong saya penasaran.
Gemi terus ngeterake Babah Ho Liong menyang kamar.Nalika Babah Ho Liong nginguk kamar, dheweke kaget banget amarga dheweke weruh kewan kaya kethek putih gedhe ana njero kurungan.
Weruh tekane Babah Ho Liong , kewan ajaib kuwi ngobahake tangane kayadene manuk arep  mabur nganggo suwiwi. Lan ana swara ora cetha.
“Huur...huur...manuk puyuh mangan berkat...kat...kat..kat sapa wonge  rentenir bakal disikat...”
“Apa? omong apa kuwi?”
“O, kuwi omongane kewan ajaib kuwi,Koh.”







Gambar 7.2

Babah Ho liong karo Gemi nyedhaki
Kewan kaya Kethek putih Gedhe dikurung
Ana kamare Kabayan
 
 











“Apa karepe?”
“Apa Engkoh durung ngerti?”
“Yen ora kleru arep nyikat rentenir”
“Mbok manawa ngono Koh. Kewane kuwi nesu. Amarga durung dipirsani Pak Kades.”
“Lha apa urusane Pak Kades?”
“Lha embuh, mung mau Kang Kabayan meling supaya ora etuk ditiliki sapa wae  , sadurunge Pak Kades mirsani.”
“O, ngono ta?”
“Lha iki mengko Pak Kades mesthi nakoni Engkoh sing teka luwih dhisik.”
“Takon apa?”
”Apa alesane Engkoh teka kene luwih dhisik lan tujuane satemene apa?”
“Dadine tujuanku arep nagih Kabayan uga bakal dilaporake?”
“Ya mesthine ngono.”
“Lha terus aku kudu piye?Apa aku bakal disikat kaya sing dikandhakake kewan kuwi mau.Aku iki lha rak rentenir.”
“Kuwi terserah engkoh wae.”
Babah Ho Liong wusanane terus ngadoh saka kamar lan ngomong karo Gemi.
“Nyi Gemi, ngene wae. Manawa bener saiki Kabayan lagi ngaturi Pak Kades supaya teka mrene, tulung kandhakna manawa aku ora nate mrene, amarga aku wedi yen Pak Kades bakal ngglandhang aku menyang kantor polisi.”
“Satenane Kang Kabayan menyang bale desa kuwi uga arep nglaporake anggone arep ngedol kewan ajaib iki.”
“Kok diedol?”
“Ya kanggo nyaur utange karo Engkoh.”
“Wadhuh piye iki? Owe kelakon diseret Pak Kades amarga wis nindakake rentenir ing desa kene.”
“Lha terus piye,Koh?”
“Ngene wae,wiwit dhetik iki aku nglunasake utange Kabayan. Anggep wae Kabayan wis nglunasi utange. Mengko sore Owe dak gawe kwitansi pelunasan.  Anggere mengko Kabayan ora nglaporake aku menyang Pak Kades.”
“Iya,Koh. Mengko aku ora nyritakake tekane Engkoh ana kene.”
”Matur nuwun,Mi”
“Saiki Engkoh arep menyang ngendi?”
“Owe arep mulih wae. Sadurunge dheweke padha teka mrene.”
“Terserah Engkoh.Sing penting aku ora nundhung.”
Babah Ho Liong age-age ninggalake omahe Kabayan, Gemi nguntapake nganti tekan njaban pager. Satemene Gemi nguntakake Babah Ho Liong kuwi mung kepengin nakyinake manawa Babah Ho Liong wis mulih lan ora bakal  bali maneh.
          Gemi isih ngulati lungane Babah Ho Liong nganti tekan enggokane dalan. Sawise sawetara wektu lan tamune kuwi mau ora bali maneh, Gemi lagi mlebu menyang Kamare Kabayan.
Ing njero kamar Kabayan wis ora sabar karo kahanane awake sing kebak lim lan kapas.
“Kepiye,Mi? Apa Babah Ho Liong wis lunga?”
“Uwis Kang,”Wangsulane Gemi karo nutup lawang ngarep.
“Ya syukur, saiki aku diewangi menyang sumur adus!”
“Iya,Kang.”
Gemi nuntun Kabayan metu saka kurungan ing kamare tumuju menyang sumur. Sawise tekan sumur Kabayan ngresiki kapas-kapas sing tememplek sakujur awake , sawise kapuke resik terus adus.
“Sajake kanthi cara ngene iki awake dhewe bisa ngakali Babah Ho Liong.”
“”Iya Kang, muga –muga wae sesuk maneh Kakang ora urusan karo Babah Ho Liong ,perkara utang piutang.”
“Muga-muga wae,Mi.”
“Nanging apa aku oleh takon,Kang?”
“Takon apa,Mi?”
“Apa Kang Kabayan arep nglapurake Babah Ho Liong menyang Pak Kades tenan?”
“Urusan rentenir kuwi?”
“Iya.”
“Manawa pakartine saya gawe rugine masyarakat mesthine iya.”
“Nanging ora saiki ta?”
“Ora, ya golek wektu sing prayoga.”
“Iya Kang, sanajan kepiye wae Kakang kudu nglaporake perkara rentenir menyang pihak desa.”
“Ya. Tulung dijupukake andhuk lan sandhanganku!”
“”Ya.”
Ora les suwe Kabayan wis ngonggo sandhangan neces. Kapuk kapas lan lem sing tememplek saawake wis resik. Dheweke ora perlu manjalma dadi raseksa kethek putih  maneh.
Wong sakloron terus padha omong-omongan ana kamar ngarep. Dumadakan ana wong dodol daging sing lagi nawakake dagangane liwat sacedhake omahe.
“Apa kae,Mi?”
“Sajake wong dodol daging, Kang.”
“Pancen bener kandhane Gemi, wong sing tawa kae wong dodol daging. Swarane wong dodol daging kuwi saya suwe saya cetha. Sajake dheweke dodol nganggo gerobag surung.
“Daging...daging...manga-mangga mas daginge seger-seger....”
Pedagang daging kuwi mandheg ana ngarep omahe Kabayan.
“Daging...daging...manga-mangga mas daginge seger-seger....”
Gemi dadi mangkel ngrungokake amarga dheweke lagi ora duwe dhuwit. Bara-bara tuku daging kanggo tuku tahu tempe wae isih kurang. Gemi terus metu.
Weruh Gemi metu saka ngomahe ,wong dodol kuwi age-age nawakake dagangane maneh.
“Ayo, Nyi tuku daging!”
“He, Mas kowe duwe utek apa ora?”
Karepe gemi nyengeni wong dodol kuwi nanging panampane sing dodol nakokake dagangane.
“Wah ,ngapunten Nyi. Otak sapine wis entek.kari daginge”
“Ya uwis,...”Gemi dadi bingung dhewe. Nanging sawise mengkono Gemi dadi guyu “o jebul salah tampa iki mau.”Karepe nyengeni malah dikira nakokake dagangane.
Kabayan krungu omongane Gemi  uga dadi gumuyu.Untung wae sing dodol ora ngerti manawa disengeni,lha umpama ngerti rak ora becik kadadeane. Pancen wong ora duwe dhuwit kuwi gampang nesu.


 














8.Ngangkat Watu Gedhe
P

asar kecamatan kuwi adoh saka omahe kabayan. Manawa liwat dalan gedhe kira –kira rong puluh kilo meter ,dene manawa liwat dalan trabasan udakara sepuluh kilo meter nanging kudu ngliwati kali ,alas cilik lan sawah sawah.
          Nalika Kabayan menyang pasar kecamatan arep tuku rabuk, dheweke metu dalan trabasan mulane kudu ngliwati kali,alas cilik lan sawah-sawah. Kabayan pancen wektu kuwi dhuwite mung cukup kanggo tuku rabuk, mulane ora numpak delman utawa angkutan umum.
 Sawise rampung olehe blanja kabayan terus mulih uga liwat dalan trabasan. Nalika tekan pinggire kali Kabayan rumangsa kesel awake, mulane dheweke golek papan kanggo leren. Papan kuwi ora adoh saka bale desa Sukamaju.
Ing pinggire kali ana watu sing gedhene sagajah bobote udakara telung ton.Kabayan leren ana kono karo mikirake watu sing ana sacedhake. Durung sawetara anggone leren dumadakan ana pawongan mara nyedhaki. Pawongan kuwi ora liya Bang Togar.
“Lagi ngapa Kabayan?”
“O, Kang Togar. Lagi leren Kang, kesel.”
“Lha saka ngendi ta?”
“Saka pasar kecamatan, tuku rabuk.”
“Lha kok ora numpak delman  utawa angkutan umum wae, supaya ora kesel?”
“Wah, Kang Togar kaya ora ngerti aku wae, Pancen aku sengaja mlaku supaya ngirit.”







Gambar 8.1
Kabayan karo Togar padha jagongan ana cedhak watu gedhe pinggir kali
Kaline ana cedhak alas cilik
 
 












“Ya, ora apa-apa malah bisa karo olah raga.”
“Lha Kang Togar saka ngendi?”
“Biasa, mentas nagih utang.”
“O,nagih saka sing padha kredit barang?”
“Iya. E. Anu , kowe ngerti durung ngenani Babah Ho Liong?”
“Ngenani apa?”
“Mesthi wae ngenani gaweane.”
“Masalah usaha rentenire kuwi?”
”Ya , nanging saiki wis ora dadi rentenir maneh.”
“Wah tumben.”
“Jarene akeh resikone.”
“Resiko apa?”
“Wah kaya ora ngerti wae. Lha rak nganakake dhuwit kuwi dilarang negara, apa maneh nganggo anakan sing gedhe.”
“O, wedi yen dilaporke polisi?”
“Bener, saiki dheweke ganti gawean.”
“Gawean apa?”
“Saiki Babah Ho Liong bukak usaha rumah makan cina.”
“Wah, apik kuwi. Lha Kang togar wis nate nyoba?”
“Durung, ya sesuk-sesuk kono.”
Sajroning ati Kabayan rumangsa seneng amarga usahane wingi wis gawe owah-owahan gedhe tumrap Babah Ho Liong, Matur nuwun.
Nalika Kabayan lan Togar padha jagongan ana kali kuwi dumadakan para punggawa desa padha liwat. Para punggawa desa kuwi lagi padha mertinjo ngenani karesikane desa lan majune para among tani.
Para Punggawa desa  kuwi padha mandheg ana papan lerene Kabayan lan Togar. Pak Kades uga melu nyawang Watu gedhe sing ana sacedhake Kabayan.
          “Wah gedhe banget watu kuwi, bisa digunakake ora ya?”
”Mesthi kemawon saged, Pak Kades.”Wangsulane salah sijine Pamong.
“Kanggo apa Pak Kaur?”
“Maneka warni,Pak.”
“Upamane kanggo apa?”
“Kangge monumen, upaminipun kangge damel reca pahlawan.”
“Terus?”
“Saget ugi kange damel prasasti.”
“Bener, nanging.”
“Nanging kados pundi Pak?”
“Awake dhewe apa bisa nggawa watu sing gedhene semono.”
“Kersanipun Pak Kades?”
“Upama bisa nggawa menyang bale desa, wah apik tenan.”
“Nanging sinten ingkang saget?”
“Lha ya kuwi perkarane,amarga mesthi watu kuwi abot tenan.”
“Manawi ngginakaken pirantos awrat mesthinipun saget Pak.”
“Pancen, nanging kene ora ana, sing ana mung kabupaten.”
“Manawi ngaten prayogi ngampil mawon Pak.”
“Mengko dhisik, kabeh mau lagi gagasan. Aku mbayangake saupama digawe prasasti.Terus diangkat menyang ngarep bale desa”
“Inggih kados dongeng Pak. Manawi kala emben wonten tiyang ingkang saget mindhahaken gunung ,ngaten ta Pak.”
“”Ya ,aku nate maca nggon kitab, manawa Raja Suleman mrentahake raja Jin mindhah kratone Ratu Bolqis menyang sisihe kratone.”
“O, niku benten Pak.”
“Mbok manawa watu iki uga bisa dipindhahake menyang ngarep Bale Desa.”
Kabeh padha meneng. Kabeh terus padha ngguyu krungu guyonane Pak Kades. Apa bisa?
Krungu ngendikane Pak Kades kaya mangkono dumadakan Togar matur.” Kenging menapa mboten saged, Pak Kades?”
“Apa? Apa ana pawongan jaman saiki sing bisa mindhahake watu kuwi ?”
“Wonten,Pak.”
“Sapa?”
“Sinten malih manawi sanes Kabayan.” Togar nuding Kabayan. Mbok manawa karepe guyon.
“Sapa?, Kabayan?” Pak  Kades bingung.
“Ampun nyepelekaken Kabayan,Pak. Piyambakipun tiyang julik. Lan... “
“E,Togar aja ngono!” Kabayan ngomong.
“Wah iya, Pancen bener ,Kabayan akeh akale.”
Krungu omongan kaya ngono kuwi, sajake Pak Kades kepengin njaluk tulung karo Kabayan.
“Kabayan,apa watu gedhe kuwi bisa dipindhahake nganggo tenaga manungsa?”
Kabayan wis kepepet tenan. Dheweke kudu aweh wangsulan sing gawe senenge wong akeh.
“Pripun kersane Pak Lurah?”
“Ngene, karepku watu gedhe kuwi dipindhahake menyang ngarep Bale Desa. Karepku supaya bisa digawe prasasti sing bisa ditonton saben uwong. Lan samangsa-mangsa sapa wae bakal kelingan isine. Aku pengin kowe nggunakake akalmu supaya bisa mindhahake watu gedhe iki menyang ngarep Bale Desa”









Gambar 8.2
Pak Lurah dhawuh Kabayan supaya ngangkat watu gedhe
Wong akeh padha nonton
Ana pinggir kali
 
 












“O, ngaten.?” Kabayan kukur-kukur sirahe sing ora gatel.
“Dadi kepiye carane Kabayan?”
“O..,Inggih, Pak Kades. Kula badhe pados cara rumiyin salebetipun kalih dinten.”
“Ya, yen ngono dak tunggu wangsulanmu.”
“Inggih prayoginipun mbenjang kepanggih wonten mriki mawon.”
“Ya, aku lan Pamong liyane bakal mrene.”
Pak Kades lan para Pamong Desa padha mulih dene Kabayan lan Togar isih ana kono.
“Kang Togar ,Kowe kuwi kepiye ta?”
“Lha ngapa ta?”
”Kena apa aku ta tuding ,wong sing bisa mindhahake watu?”
”Ora apa-apa .Saumpama ora bisa ya ora apa-apa. Kabeh mesthi padha nglenggana.”
“Wah ya ora ngono Kang, yen ora bisa, apa ora ngisin-isini?”
“Kanggo kowe ora apa-apa.”
Kabayan ora mangsuli. Sabanjure dheweke terus bali mulih golek cara kepiye bisane dheweke ora kisinan ana ngarepe wong akeh. Kang Togar pancen sialan, dheweke tega banget karo kanca.
Telung dina candhake Kabayan ngajak kulawargane kabeh melu menyang kali, supaya nyekseni anggone bakal ngangkat watu gedhe.
          Kabar manawa Kabayan bakal ngangkat watu gedhe saka pinggir kali menyang ngarep Bale Desa kuwi wis sumebar sadesa Sukamaju, mulane akeh sing padha arep nonton. Mulane ing dina kuwi kaline wis kebak wong sing padha pengin ngerti.
Pak Kades lan para Pamong Desa wis teka luwih dhisik. Ora let suwe Kabayan teka ing papan kono kanthi kepenak sajak ora duwe sanggan sing abot.
Bareng wis padha bage binage terus Kabayan cancut taliwanda.
“Kabayan, apa kowe wis siaga?”Pitakone Pak Kades.
“Inggih,Pak.Sampun.”
“Ayo.ayo.ayo....”Bengoke wong akeh.
“Sabar...sabar.!” Ngomonge Kabayan ngleremake swasana.”Pak sakderengipun kula miwiti ngangkat sela ageng menika, napa kula kepareng nyuwun tulung?”
“Apa Kabayan?” Pitakone Pak Kades.
“Anu Pak, Tiyang badhe nyambut damel menika kedah gadhah tenaga , napa malih ngangkat sela agenge semanten,Kamangka kula dereng sarapan.”
“Karepmu?”
“Kula nyuwun sarapan rumiyin.”
“Ya, gampang.” Pak Kades terus dhawuhi Pamong supaya nyepakake sarapan. “Pak Bayan tulung golek sarapan dhisik kanggo Kabayan!”
Ora let suwe pesenan sarapan kuwi wis teka. Kabayan uga terus mangan kanthi kepenak sak enteke. Dhasare lawuhe uga nyenengake, Sega kuning anget lawuhe pupu pitik.Wah enake.
“Matur nuwun Pak, sarapanipun.”
“Ya, padha-padha. Kepiye , apa wis siaga ngangkat watu kuwi?”
“Ayo.ayo.ayo....”Bengoke wong akeh.
Kabayan nyedhaki watu gedhe kuwi terus nyincingake lengene klambi. Kabeh wong sing ana kono padha kami tenggengen ngulati Kabayan sing arep ngangkat watu gedhe .
“Kados pundi,Pak? Menapa saged dipun wiwiti samenika?” Pitakone kabayan menyang Pak Kades.
“Ya, luwih becik enggal diwiwiti!”
“Inggih,Pak.” Ature Kabayan karo nyincingake Kathoke.
Wong –wong sing padha ana kono padha nunggu , nanging Kabayan durung gelem ngangkat.
“Ayo!” Bengoke Pak Kades.
“Inggih,Pak Kula sampun siaga.”
“Ayo.ayo.ayo....”Bengoke wong akeh.
“Sekedhap, kula sampun siaga ngangkat. Nanging kula nyuwun tulung,  supados pakaryan kula menika saged kula rampungaken.”
“Njaluk tulung apa?”Pitakone Pak Kades gumun.
“Kula suwun supados sedaya tiyang ingkang wonten mriki ngangkat sela ageng menika sareng-sareng, dhateng pundhak kula. Kanthi mekaten gampil anggen kula ngangkat dhateng Bale Desa.”
“Apa....?Bengoke wong-wong padha kaget,semono uga Pak Kades.
“Apa karepmu Kabayan?” pitakone Pak Kades.
“Tulung diangkatke watu gedhe iki menyang pundhakku, bareng-bareng, terus dak angkate dhewe menyang ngarep Bale desa.”
Maune padha mikir. Dumadakan padha ngguyu kabeh.
“Ha...ha...ha...ha.”
Kabeh wong sing ana kono padha nglenggana. Kalebu Pak Kades.Sajake iki uwong sing bisa ngadhepi perkara abot kanthi cara sing mung sepele, yakuwi kanthi nggunakake akal pikirane.
Kabeh wong padha nglenggana, sapa ta sing bisa ngangkat watu sing gedhene sagajah kuwi tekan pundhake Kabayan, sanadyan nglumpukake wong sadesa mokal bisane..
“Kowe pancen uwong sing limpat, Kabayan.” Pangalembanane Pak Kades sing saiki wis nglengganani manawa ngangkat watu gedhe sagajah kuwi pancen ora nalar, tangeh lamun, mokal bisane, manawa mung nggunakake tenagane manungsa.
“Kula gadhah usul Pak.”
“Apa usulmu Kabayan?”
“Ngengingi sela ageng menika.”
“Usul kanggo ngangkat?”
“Sanes,Pak.”
“Lha terus usul apa?”
“Ngaten Pak. Katimbang sela ageng menika dipun pindhah dhateng ngajeng Bale Desa kersanipun wonten ngriki mawon.”
“O, ngono.”
“Lan manawi sela menika badhe dipun damel monumen, utawi prasasti inggih sampun dipun garap wonten ngriki mawon. Satemah mbenjang papan menika kathah ingkang dhatengi.”
“Hm...yen dipikir-pikir usulmu kuwi apik. Kuwi pamikiran sing cepak kepenak tur becik. Katimbang nggotong watu gedhe kuwi menyang ngarep bale desa sing durung mesthi bisane.”
“Leres,Pak.”
“Ya, usulmu dak tampa. Sing gedhe pangapuramu amarga aku wis dhawuh kowe nindakake pakaryan sing mokal dilakoni manungsa.”
“Inggih, sami-sami Pak.Nyatanipun tenaga manungsa menika winates.”
“Iya, nanging pikirane manungsa rak ora ana watese.”
Pak Kades sateruse nyalami Kabayan lan terus netepake manawa mindhah watu gedhe pingir kali kuwi diwurungake. Wong sing ana kono padha nglengganani, padha gelem nampa kasunyatan. Sawise kuwi padha bali menyang ngomahe dhewe-dhewe.
Abah, Simbok lan Gemi rumangsa lega, seneng atine amarga Kabayan bisa luput saka luweng ing bolonganing edom. Lan ora gawe kuceming kulawarga malahan dialembana karo Pak Kades.
Kabayan lan Gemi padha mulih wis tekan ngomahe, durung wae kober leren dumadakan ana tamu sing teka. Tamu kuwi ora liya Togar.
Sawise mlebu ngomah terus lungguh padha bage-binage lan ngandhakake apa perlune.
“Ana apa Kang Togar?”
“Sing wigati aku njaluk ngapura, amarga omonganku kowe meh wae kisinan ana ngarepe wong akeh.”
“Nanging rak ora sida.”
“Ya, kabeh mau amarga saka pambudidayamu.”
“Pambudidaya apa?”
“Ya mbok manawa rong dina ora bisa turu.”
“Iya, pancen .golek cara bisane ngadhepi.”
“O. Syukur.”
“Ya kuwi Kang gamane wong cilik. Kudu migunakake pikire manawa tenaga lan prabeane ora ana.”
“Oh iya, bener kuwi.”
“Ha...ha...ha. Kabeh padha guyu.
Sawise sawetara anggone jagongan Togar age-age pamitan mulih,  amarga satemene Togar mau durung mulih , nanging bubar saka kali terus menyang ngomahe Kabayan.






 






9. Weninging Pamikir
C

Andrane kaya peksi dara putih mabur ngiberi sadhengah panggonan. Weninging  pamikir mung bisa ginayuh sarana pambudidaya  kinanthenan atul ing panembah mring Kang Maha Kuwasa, kang hangratoni alam sawegung.
Nalikane Kabayan mulih saka pasar kecamatan, lagi wae metu saka pasar dheweke ngulati dalane rame. Akeh kendharaan sing padha liwat ,sepedha onthel, sepedha motor , delman lan uga kendharaan rodha papat.
Bareng tekan dalan prapatan dheweke kaget amarga akeh wong rubyung-rubyung. Kandhane ana kacilakan gedhe, nanging Kabayan ora bisa ngulati amarga saking akehe sing padha ngrubyung.
Embuh piye carane supaya bisa nrobos rubyungane uwong akeh kuwi. Kamangka dheweke uga kepengin ngerti. Sawetara dheweke kukur-kukur sirah sing satemene ora gatel.
“Kepiye ya carane mlebu? Upama aku ngaku sedulure mesthi padha menehi dalan.”
Mulane dheweke age-age bengok-bengok njaluk dalan.
“Minggir-minggir...minggir..”
Wong-wong sing ana kono padha ora nggagas. Sabanjure dheweke ngowai carane.
“Ngapunten, minggir-minggir! kula kulawargane.”
Krungu tembung kulawargane wong-wong padha kaget.Lan kabeh padha aweh dalan marang Kabayan. Kanthi mengkono Kabayan bisa mlebu menyang rubyungane wong akeh kuwi. Kabeh sing padha ngulati padha kami tenggengen kena apa jaran duwe kulawarga sawijining manungsa.
“Kasil aku.Amarga aku ngaku kulawargane.”
Sawise dheweke tekan panggonan kuwi sajake sing tatu kuwi jaran dhokar.Jaran dhokar disrempet mobil. Mulane bareng dheweke ngaku kulawargane terus padha semilak menehi dalan. Mesthine wong-wong kuwi padha pengin ngerti sapa kulawargane jaran kuwi.







Gambar 9.1

Jaran dhokar tiba ambruk tatu silike
Kabayan ana sacedhake menehi tulung
Wong akeh padha nonton
 
         












          Ya wis kebacut klebus,Kabayan sing ngaku kulawargane kuwi age-age ngewangi Pak Kusir sing lagi ngobati jarane. Jaran kuwi ditangekake terus diobati sarampunge.
Sawise rampung olehe ngewangi Pak Kusir ,Kabayan terus mulih. Wayahe wis tengah awan mulane tekan ngomah mesthi telat lan bakal dinesoni bojone.
Bareng tekan ngomah Kabayan age-age nyepakake cara kanggo ngadhepi nesune bojone. Sadurunge bojone takon Kabayan terus nyedhaki luwih dhisik.
“Mi sing gedhe pangapuramu.”
“Ngapa.kadingaren?”
“Ngene lho Mi. Aku dak crita dhisik lelakonku ana dalan. Nanging aku njaluk ngombe dhisik. Kareben bisa crita sing cetha.”
Sabanjure Gemi njupuk banyu putih sagelas karo mbesengut.
“Matur nuwun,Mi.”
“Wis dang crita!”
“Ya, ngene critane,Mi....”Sabanjure Kabayan nyritakake lelakone nalika mulih saka pasar kecamatan. Pengin weruh kacilakan. Dalane sesak, ora bisa diliwati. Kanthi carane dheweke ngaku kulawargane terus bisa mlebu rubyungane wong akeh. Bareng tekan panggonane jebul sing tiba jaran. Mulane wong-wong padha semilak menehi dalan amarga pengin ngerti sapa satemene kulawargane jaran sing teka kuwi.
“Hi.hi...hi..”
Gemi gumuyu latah kebak seneng amarga lucune Kabayan.
“Pantes kang Kabayan suwe tekane.”
“Amarga wis kebacut ngaku kulawargane, ya gelem ora gelem terus ngewangi sarampunge.”
“Lha. Jarane terus digawa menyang rumah sakit. Terus Kang Kabayan mulih.?”
“O.neka-neka wae kowe kuwi,Mi.”
“Apa mulih menyang kandhang terus Kakang melu njaga?”
“Wah amit-amit ,Mi.”
“Lha witekna wis ngaku dadi kulawargane jaran.”
“Lha ora ngerti.”
“Nanging aku seneng lho Kang.”
“Lha ngapa?”
“Amarga Kakang wis dadi luwih apik. Adat saben  ora nggagasan nanging saiki wis gelem nggatekake wong liya.”
“Lho piye ta,Bojone Gemi kok.”
“Wadhuh kemakine.”
“Ngene, lho Mi. Dadi uwong kuwi kudu duwe ati sing resik.   Solah tingkah muna muni kudu dikantheni ati sing resik supaya pikirane wening. Pikiran wening bisa menehi panemu sing becik.”
“Ya,Kang muga-muga salawase Kakang dadi becik.”
Gemi rumangsa seneng banget amarga bojone wis ngowahi carane mikir. Mesthine samengkone bakal akeh sing padha seneng srawung karo dheweke.
Sedina candhake nalikane Kabayan lagi mulih saka sawah ketemu karo kancane sing jenenge Mamad lan Jajang.
“Sajake seminggu maneh sawahku lagi panen,”omongan Jajang.
“Sawahku sajake ya padha,”mamad genti sing ngomong.
“Wah sajake awake dhewe arep panen gedhe.”Kabayan kandha.
Dheweke terus padha mlaku liwat dalan mlebu desa.
“Ya iki kabeh amarga awake dhewe padha sregep ngopeni sawah.”Kandhane Mamad.
“Ya, cetha ,yen awake dhewe ora sregep njaga sawah mendah senenge manuke padha pesta.”Jajang ngomong.
“Nanging yen dipikir-pikir kabeh mau jasane sapa coba?”
“Ya jelas jasane awake dhewe iki Kang.”omonge Jajang.
“Iya Kang.”Tembunge Mamad.
“Ora, mung awake dhewe.” Kandhane Kabayan.
“Lha terus sapa maneh, Kang?” Pitakone Jajang.
“Ya sapa maneh yen ora wong-wongan sawah kuwi.”
“Kok bisa ngono?”
“Lha yen ora ana wong-wongan sawah kuwi manuke ora padha wedi karo bengokanmu.”
“O, ya bener,Kang.”jajang sarujuk karo penemune Kabayan.
“Kena apa bisa ngomong ngono?”Pitakone Kabayan.
“Ya amarga wong-wonganku jebles wong temenan, mulane manuke padha mabur kabeh.”
“Terus?”
“Ya sawetara wektu manuke padha ora wani mara maneh.”
”E.ngomong-ngomong aku ya ngono.”Kandhane Mamad.
“Apa sing gawe mongkokmu,Mad?”Pitakone Kabayan.
“Ngene Kang ,aku gawe wong-wongan kuwi luwih apik.”
“Apane sing apik?”
“Ya yen gaweanku, dohe sekilo wae manuke padha mabur wedi karo wong-wonganku.”







Gambar 9.2

Kabayan, jajang lan Mamad padha mlaku bareng mulih saka sawah
 
 











“Ya pancen kowe wong loro kuwi jagone   gawe wong-wongan.” Pangalembanane Kabayan.
“Lha terus yen gaweane Kang Kabayan?”Pitakone Jajang.
Kabayan mung guyu karo mangsuli.
“Ya ,mesthi wae gaweanku paling apik.”
“Apa apike Kang?”
“Pengin ngerti?”
“Ya mesthi.”
“Wong-wongan gaweanku kekuatane ngungkuli gaweanmu wong loro kuwi.”
“Apa coba?”
“Nalika weruh wong-wonganku manuk-manuk kuwi ora mung mabur, nanging padha terus ngutahake gabah sing wis dipangan.”
“Hah!”
Wong loro kuwi padha kaget krungu omongane Kabayan. Saiki Kabayan gumuyu maneh.
“Ya uwis,omongan mau rak mung guyonan ta?”
“Ha..ha...ha.ha.”
Bareng tekan dalan tumuju omahe Kabayan wong telu kuwi padha pisah menyang dalane dhewe-dhewe.
Ing sawijining dina ana juragan sugih jenenge Ki Ontong, sawahe akeh pekarangne jembar isih dadi sudagar kewan pisan. Ki Ontong sawijining wong sing ora seneng marang Kabayan. Apa maneh Kabayan saiki dadi kembang lambene kabeh wong ing desa Sukamaju ngenani  kabecikane .Ki Ontong nganggep manawa tingkah lakune lan pakartine Kabayan sing ketok apik kuwi mung digawe-gawe kanggo nutupi eleke. Mulane Ki Ontong golek cara kepiye bisane kabayan dadi pangolok-oloke wong sadesa Sukamaju.
Awan kuwi Ki Ontong njeluk salah sijine sing tunggu gudhange.
“He, Abong. Mrenea dak kandhani!”
“Inggih,Ki.”Wangsulane Abong gumun.
“Kowe ngerti sing jenenge Kabayan,ta?”
“Sinten ingkang mboten ngertos Ki. Lare alit ngantos tiyang pikun mawon ngertos.”
“Bagus, wiwit dina iki gaweanmu tambah.”
 “Menapa kersanipun,Ki?”
“Ora apa-apa.Mung Gatekna wae solah tingkahe Kabayan saben dinane!”
“Menapa ingkang dipun gatosake,Ki.Kabayan samenika rak leres leres damel kasaenan.”
“Ya. Nanging gaweanmu ngulati manawa Kabayan tumindak sing nglanggar kabecikan. Yen kowe ngerti Kabayan tumindak sing ora becik kowe kudu age-age lapor karo aku.Ngerti?”
“Namung menika Ki?”pitakone Abong rada gumun.
“Ya...”
“Mbenjang menapa kula miwiti,Ki?”
“Mesthi wae wiwit saiki.”
Sanadyan gumun nanging Abong tetep ngestokake dhawuh.
“Aneh...Aku kok dikongkon ngulati wong sing tumindak ora becik. Aneh tenan, nanging sing jenenge ayahan kudu ditindakake embuh dadine. Gawean iki padha karo dadi mata-pitaya. Pancene saiki jaman perang?Ana-ana wae Ki Ontong kuwi. Dumeh dadi wong sugih, wong liya dimata pitayani.”
Nalika Ing dina candhake Kabayan lan Mas Tarjo padha jagongan ngandhakake warga desa sing arep piknik menyang kebon raja. Ana sawijining pawongan sing tansah ngetutake lakune Kabayan. Kabayan ngerti pawongan kuwi Abong tukang jaga gudhange Ki Ontong.
Ing dina kuwi Kabayan rumangsa jengkel , amarga tansah dibuntuti  Abong.”Ana apa karo si Abong? Ngapa dheweke ngetutake terus? Ya. Becike aku genti sing ngulati dheweke.Apa mungguhna dikonkon juragane Ki Ontong supaya mata pitayani aku?” gagasane Kabayan.
Kabayan nalika kuwi genti ngetutake Abong menyang ngendi wae parane. Perkara kuwi dadi lan bingunge Abong. Ora kanyana lakune Abong wis tekan kebon pekarangane Ki Ontong. Kebon kuwi kebon duren.
Kabayan wis mlebu kebon duren sing amba kuwi. Dheweke uga ngulati munggah. Dheweke weruh akeh duren sing wis mateng gandane gawe kepengine sing padha ngambu. Kabayan tuwuh gagasane kepiye carane bakal melehake Ki Ontong sing wis kongkonan Abong supaya nyubriyani dheweke.
“Wah, aku dak nyoba menek wit duren iki. Apa ya sing bakal ditindakake Abong sawise weruh aku menek wit duren iki mengko?” Kabayan ngothak-athik pikirane karo ngawasi Abong.
Sawise Kabayan munggah menek wit duren kuwi, Abong terus lunga. Kabayan ngerti yen Abong lunga ateges Abong bakal lapor juragane. Mulane Kabayan malah sengaja ora enggal mudhun nanging  malah munggah mencit terus ngumpet ana dhuwur.







Gambar 9.3

Kabayan menek wit duren ana pucuk
Ki Ontong, Pak RT lan Abong teka
Wong akeh padha gumrudug.
 
Sawetara wektu Kabayan ngenteni ana dhuwur dumadakan weruh pawongan pating gemrudug  padha teka kono. Abong, Ki Ontong lan saperangan tangga teparone Ki Ontong padha teka ngajak Pak RT.












“Lhe Pak RT. Kelakuane Kabayan panjenengann pirsani, nika Kabayan wonten nginggil wit duren kula. Mesthi ajeng nyolong duren.” Kabeh wong sing teka padha pating dengangak ngulati Kabayan sing lagi ngumpet ana dhuwur wit duren.
“Lho iya Ki. Kae Kabayan ana dhuwur, ateges bener pelapuranmu.”Ngendikane Pak RT, “Nanging mengko dhisik. Yen nyolong kok ora ana duren sing tiba?”Wong-wong padha ngulati ngisor wit duren kuwi ora ana siji-sijia duren sing tiba.
“Kabayan, ngapa kowe ? Ayo mudhun!”Dhawuhe Pak RT.
“Inggih,Pak.”
Kabayan age-age mudhun, polatane padhang tanpa rasa wedi utawa kaget malah dheweke guyu.
“Lho wonten menapa menika Pak RT ? kok rame-rame tindak mriki?Wah, malah tiyang sakampung sami nglempak.”
“Kabayan aku oleh palapuran saka Ki Ontong, manawa kowe maling duren.Apa bener?”
“Lha leres menapa mboten Pak RT?”
“Leres Pak RT, Buktine dheweke menek wit duren kula.” Kandhane Ki Ontong mantebake.
“Mengko dhisik Ki, dak takonane.” Ngendikane Pak RT.
“Inggih Pak RT sajake mboten nyolong.” Bengoke wong akeh.
“Kabayan , ngapa kowe menek wit durene Ki Ontong?”
“Ngaten Pak RT, kula nembe pados margi weninging pamikir.”
“Lha ngapa nganggo menek wit duren barang?”
“Amargi wit duren menika inggil kula wastani margi dhateng weninging pamikir, pranyata sanes?”
“Lha kena apa dudu?”
“Amargi uwit menika sampun dipun regedi.”
“Diregedi apa?”
“Dipun regedi tiyang ingkang watakipun kikir. Tiyang sugih, gadhah bandha donya kathah, raja kaya kathah, sabin lan pekarangan wiyar. Ewasemanten mboten remen mitulungi tiyang sanes ingkang kecingkrangan. Malah gadhah cubriya dhateng tiyang sanes tuwin remen mata pitayani dhateng tiyang mlarat kados kula . Dipun kinten badhe nyolong bandha donyanipun.Tiyang niku mboten pengin dana driyah dhateng tiyang papa. Tiyang menika mboten sanes Ki Ontong.”
Bareng krungu kandhane Kabayan sing koyo mengkono kuwi, wong akeh padha ndeleng Ki Ontong.
“Wah , bener kuwi...leres Pak RT..”Kandhane wong akeh.
Sawise mangkono Ki Ontong terus nglungani mulih menyang ngomahe kebak rasa mangkel lan gumun geneya Kabayan ngerti di mata pitayani. Kabeh wong sing ana kono terus padha bali menyang ngomahe dhewe-dhewe lan padha mikirake tembunge Kabayan weninging Pamikir.




 






10.Panen Jagung
M

anuk –manuk padha ngoceh kanthi suka mahargya tekane wanci esuk. Bagaskara arsa  jumedhul  saka pagulingan weh padhang mring titah ing salumahing bumi. Anyarengi tangine Kabayan saka paturone amarga ginugah dening Gemi bojone.
“He, Kang.Tangi...!”
“Hm...”
“Kang, wis awan ayo dang tangi!”
“Ya,Mi. Isih bangun ta iki?”
“Bangun piye ta? Lha kae sengengene wis dhuwur.”
“Ngapa tangi esuk-esuk?”
“Lho piye ta. Abah panen jagung dang ngewangi!”
“Ya, dak adus dhisik.”
Kabayan age-age tangi saka paturone, menyang sumur terus adus. Gemi mung gedhek –gedhek ngulati kelakuane bojone.
Lawang kolahe bukakan mertandhanai yen sing adus wis rampung. Kabayan metu saka kolah terus menyang kamare ganti sandhangan dhinese. Kabayan sajak seneng atine ketitik tansah nembang embuh tembang apa sing dilagokake. Sinambi mlebu kamar ganti Kabayan nglirik bojone sing lagi nata sarapan ana meja.
“Gawe apa ,Mi?”
“Iki, kesenenganmu.”
“Apa?”
“Biasa ,sega goreng karo endhog matasapi.”
“Wah matur nuwun.”
“Ayo dang sarapan mumpung isih anget!”
“Ya, ayo bareng. Sarapan wong loro kareben tambah enak!”
Sakarone terus padha sarapan lungguh kursi sing ana gandhok. Sawise rampun sarapan wong loro kuwi terus padha menyang sawah ngewangi Abah maneni jagung.
Ora let suwe sakarone wis tekan sawah. Abah lan Simbok wis teka luwih dhisik.
“E...Menyang ngendi wae kowe sakloron mau ?” Pitakone Abah nalika weruh tekane Kabayan karo Gemi.
“Sarapan riyin Bah.”
“O, ya bener. Pancen kudu sarapan dhisik kareben temandange rosa. Katimbang njaluk tulung wong liya luwih becik ditandangi dhewe.”
“Leres,Bah.” Wangsulane Kabayan.
“Yen bisa iki mengko kabeh dipanen saiki terus mengko sore digawa menyang pasar kecamatan.”
“Ayo age-age wiwit nyambut gawe!”Tembunge Gemi karo mokahi tongkol jagung.
Abah lan Kabayan uga mokahi tongkol-tongkol jagung kuwi saka tebone siji mbaka siji.
“Aja kuwatir mengko bageanmu separone, nanging sawise nggawa jagung iki menyang bakule.”
“Inggih Bah.”
“Mi kowe mengko dang mulih wae karo Simbokmu, masak sing enak kango mangan awan!”
“Inggih Bah.”
Gemi Karo Simbok sawise oleh saperangan jagung terus padha mulih saperlu masak kanggo mangan awan.









Gambar 10.1

Kabayan, Abah, Simbok lan Gemi ana sawah
Manen Jagung

 
 








         


          Saiki sing nyambut gawe kari wong loro Abah lan Kabayan. wiwitane lancar cepet oleh akeh. Jagung-jagung kuwi dilumpukake nganggo kranjang gedhe. Sawise kranjange kebak bakal digawa menyang ngomahe bakule jagung.
Nanging lagi oleh sakranjang kebak, Abah sambat lara karo nyekeli bangkekane.
“Adhuh...adhuh..”
“Enten nopa,Bah?”
“Encoku kumat maneh!”
“Manawi ngaten Abah kendel mawon.”
“Rampungna dhewe ya!”
“Inggih,Bah.”
Kabayan maneni jagung dhewekan. Mbok manawa yen ditandangi ijen sesuk esuk lagi rampung.
“Ya wis ora apa-apa. Rampung rong dina kepepete ora apa-apa. Nanging apa Abah lara tenan apa mung gawe-gawe?coba dak tilikane.”
Kabayan ngangkat keranjang sing wis kebak karo niliki Abah sing lagi leren. Jebule abah malah leyeh-leyeh karo ngobahake awake. Sajake Abah mung gawe-gawe.
“Ehm..!” Kabayan dhehem.
Abah ngerti yen kabayan teka kono mulane dheweke terus sambat maneh. Dhuh...adhuh...adhuh biyung..”
“Bah manawi taksih sayah lerem riyin. Kula sampun pikantuk kalih keranjang. Niki kula betane dhateng nggene bakule riyin. Kula kinten mbenjang nembe rampung.”
“Ya terserah kowe.”
Kabayan age-age nggawa jagung menyang ngomahe bakule jagung supaya enggal oleh bayaran. Sawise oleh bayar Kabayan age-age menehake separo asile adol jagung marang Abah. Dhuwit bageane Abah ditampa terus dilebokake ana njero kanthonge. Satemene Abah rumangsa rugi amarga manawa sing adol Abah menyang bakule jagung, Abah njupuk saperangan dhisik lagi dipara loro, sing separo kanggo Kabayan lan separone Kanggo Abah dhewe.
“Kabayan satemene kowe salah, nampa dhuwit iki mau.”
“Lepat kados pundi ,Bah?”
“Kudune dhuwite  iki mau dilebokake amplop terus diwenehake aku dhisik lagi dak para loro.”
“Lajeng?”
“Sing separo dak wenehake kowe sing separo kanggo aku dhewe.”
“Lha saking mrika mboten wonten amplope Bah.”
Wayah sorene Kabayan lan Gemi lagi padha jagongan ana kamar tamu dumadakan ana tamu sing teka, tamune kuwi Mas Tarjo. Mas Tarjo wektu kuwi wis mulih saka dhinese adol bakso.
Sawise lungguh lan bage binage Gemi terus njupukake kopi kanggo tamune .
”Menyang ngendi wae Kang Tarjo? Wis suwe ora dolan mrene?” Gemi takon karo nyuguhi kopi anget.
“Ya biasa dhines adol bakso. Mung iki mau ngepasi mulih rada risik, mula aku dolan mrene.”
“Iki mau aku lagi ngewangi Abah panen jagung, Kang.”
“Lagi panen jagung ta?piye asile?”
“Ya lumayan. Lan mbok manawa sesuk lagi rampung.”
“Ya melu seneng.”
“Ayo diombe kopine!”
“Matur nuwun.”Kang Tarjo terus nyruput kopi.
“Wah enak tenan kopi gaweane Gemi.”
“Wah , mesthi. Gaweane bojoku,kok. Oh iya, Kang Tarjo bisa naksirake mimpi ya?”









Gambar 10.2

Kabayan karo Tarjo Jagongan ana kamar tamune kabayan
 
 












“Gelem ta, pisan-pisan mbedhek ngimpiku?”
“Lha , ngimpi apa?”
“ngene kang, sajrone ngimpi aku ngadeg ing ngarepku ana gunung sing dhuwur. Ing gunung kuwi ana dalane setapak wiwit ngisor nganti ndhuwur.”
“Ngono wae?”
“Ya Kang apa bedhekane?”
“Ramalanku ngene. Impenmu kuwi impen apik. Kowe bakal oleh kalungguhan dhuwur. Nanging omongmu mau kowe mung ana ngarepe,ya?”
“Ya, Kang.”
“Ora terus mlaku munggah?”
“Iya Kang , apa tegese?”
“Yen mung ana ngarepe ateges mung mandheg ana pepenginan wae, kepengin dadi wong sing duwe kalungguhan..”
“Nanging manawa terus mlaku ana dalan setapak kuwi,kepiye?”
“Tegese Kabayan bakal dadi wong sing duwe pangkat. Saora orane dadi Lurah Desa.”
“Wah lumayan ya.”
“Mung wae yen wis kelakon tenan aja lali karo Tarjo!”
“Ya mesthi wae, nanging apa ngimpi kuwi bisa dadi kasunyatan?”
“Ya kuwi sing aku dhewe ora ngerti.”
“Ah ora sah percaya karo impen”Sambunge Gemi.
“Lha ngapa?”pitakone Kabayan.
”Sing jenenge ngimpi kuwi bisa tekan ngendi-endi. Bisa tekan nglangit. Sing cetha kang Kabayan isih ana kene.”Gemi ngomong.
“Lha kena apa ngono,Mi?”
“Ya,tegese yen ora usaha, impen kuwi ora bisa dadi kasunyatan.”
”Wah, Mi.Jenenge impen. Embuh bener-embuh ora.”
“Ya mulane luwih enak ngombe kopi.”
“Ya, bener rasane luwih enak kopine katimbang ngimpine.”
Sawise padha rampung olehe jagongan lan sajake uwis padha ngantuk mulane Tarjo age-age pamitan. Semono uga Kabayan lan Gemi terus mapan menyang paturone.
Dina esuk candhake Kabayan kasil ngrampungake panene jagung. Saiki mung kari nggawa menyang bakule jagung dimen oleh bayaran.
Nalika kabayan arep ngangkat kranjang dumadakan Abah ngelekake.”Aja digawa mrana kabayan!”
“Lho kenging menapa Bah. Langkung cepet rak langkung sae .”
“Yen sing iki beda Kabayan.”
“Benten menapanipun ,Bah?”
“Ora susah ngeterake.”
“Lha ,kenging menapa,bah?”
“Mengko arep ana bakul sing teka marani.”
“Inggih menawi ngaten langkung sekeca.”
“Lha iya ora susah ngeterake ,kari nunggu bayarane.”
“Ingih,Bah.” Nanging apa ya sing arep ditindake Abah? Wah angel dibedhek. Apa rancangane Abah?”
Ngenteni nganti suwe bakule jagung durung teka. Malah wis jam telu uga durung teka.Amarga kesuwen olehe ngenteni, wusanane Abah ngantuk. Dheweke keturon ana dhuwur tumpukan jagung sing arep digawa bakule. Kabayan pekewuh arep nggugah maratuwane kuwi. Kabayan mung nunggu wae nganti bakule jagung teka.
Dumadakan bakul saka kecamatan teka. Dheweke nggawa delman komplit sak kusire. Sajake dheweke wis njupuk jagung sekarung saka papan liya.Mung kari njupuk jagunge Abah.
Abah males tangi.”He Kabayan endi jagung sing kon njupuk?”
“Lha kuwi akehe padha karo sing wingi.”
“Yen ngono regane padha ta?”
“Ya.”
“Nanging piye carane nggawa?”
“Gampang, duwe korek api ora?”
“Duwe. Kanggo apa?”
 “Iki kanggo nglopok semut sing ngroyok jagung.”
Kabayan age-age ngurupake korek.Jresss...Sanalika ana kagetan. Abah sing maune lungguh keturon mlumpat lan ngalih panggonan. wedi yen diobong tenan.
“E.aja-aja!”
“Lha kuwi semute kabayan.”
“Wah gedhe banget ya?”
“Ha...ha...ha.” Wong loro padha ngguyu.
“Ngapunten,Bah. Niki mung guyonan. Sampun ngantos dipenggalih!”
“Huh...”Abah  rada duka.
“Ya dak kira aku wis cukup Kabayan lan Abah, aku njaluk pamit.”
Sawise rampung olehe mbayar bakul jagung kuwi terus lunga numpak delman, ninggalake sawahe Abah.
“Wah. Kowe kebangetan ,Kabayan.”
“Kenging menapa,Bah?”
“Masa lagi enak-enak turu arep diklopok?”
“Lha kados pundi malih , Abah mboten enggal wungu.”







Gambar 10.3

Abah turu ana dhuwur tumpukan jagung
dislomot korek Kabayan dadi kaget
bakul jagung nunggoni ngguyu
Delaman sak kusire ngenteni ana dalan cedhak sawah.

 
 












“Wah ,sok liya wektu aja ngono!”
“Inggih,Bah.”
“Lha uwis dibayar?”
“Sampun Bah.”
“Wis dilebokake  ana njero amplop?”
“Sampun, Bah.”
“Endi?”
“Menika Bah.kula aturi nampi!”
“Iki wis komplit?”
“Inggih sampun. Kula dadosaken kalih, setunggal kangge Abah setunggal kangge kula.”
“Wah sialan. Dak kira amplop iki mau isine kabeh bayare.”
“Inggih jumbuh kaliyan pasarujukan ta,bah.”
Abah mung mesem.Amarga wektu iki dheweke ora bisa ngakali Kabayan. Adat saben  gampang diakali. Lan ngepasi dina iki Kabayan rada susah diakali. Nanging ora apa-apa sing penting padha-padha oleh.
Dina esuk candhake ,kabayan ngeterake bojone menyang pasar desa, Mblanjakake olehe panen jagung wingi. Kabayan lan Gemi rumangsa seneng atine. Wong loro kuwi katon rukun kaya mimi hamintuna.


Tamat



 
BIODATA PENGARANG






Nama Lengkap dan Gelar
:
Raden Tumenggung Petrus Chanel Mulyono Hadipura, SPd.

Tempat/ Tanggal lahir
:
Sukoharjo, 27 April 1964

Instansi
:
Dinas Pendidikan Kabupaten Sukoharjo

a.Alamat Kantor
:
SMP Negeri 2 Gatak

b.AlamatRumah
:
Terik Lo RT 03 Rw 02, Trangsan ,Gatak, Sukoharjo ,Jateng.

   Telp.
:
0271 7892925  / 0271 7010387

   Email
:
pchanelm@yahoo.com

Buku cerita yang dibuat
:
Ajisaka



Parama Cipta



Timun Mas



Roro Mendut



Kabayan lan Bolandho Ajaib



Kabayan Nyekel Maling



Kabayan Jago Silat



Kabayan Dadi Hakim



Geusan Ulun lan Putri Harisbaya



Legenda Karang Nini Pangandaran