Minggu, 05 Februari 2012

Kabayan Lan Bolandho Ajaib


1. Kabayan Adol Peci
M

ulabukane swara pawongan nembang kuwi ora cetha, amarga kalah dening swaraning angin midit .Swara tembang kuwi saya cetha bareng  lan ilange swara angin. Nalika samana bagaskara dungkap angslup  ing  jagad iring kulon.








Gambar 1.1

Omah gedhek ing sukuning gunung
 
 











...Sanggeus nampi pimarang
Teu lami Dewi pramanik
Nyandhak duo jimat tea
Cakra kanta anu tadi
Ngan matak heran leuwih
barang ku putri dibangun
Jadi hareurent pisan
Dikeupeul ge tangtu huni
Mun ditimbang sami jeung salempay sutra
Basane jawa mangkene
Sawise nampa dhawuh
Ora antara wektu Dewi pramoni
Mundhut sanjata cacah loro
Sing diarani Cakra Kanta
Mung sing gawe gumun
Sawise diasta Sang Putri
Dadi cilik banget
Manawa digegem ora katon
Bobote uga mung padha karo salembar sutra

          Swara hangenganyut kuwi uga keprungu dening Simbok lan Gemi Eteung sing lagi ana ing gandhok.
Malah-malah Simbok banget olehe ngrungokake swara tembang kuwi.
          “Wadhuh... wadhuh... swarane sapa ya kae, lha kok apik temen tembange, Mi Gemi?”
          “Walah...walah...apa Simbok ora apal ta swara tembang kae?”
          “Simbok ora goroh, Mi. Swarane sapa kae?”
          “Apa Simbok ora guyon?”
          “Ora babar pisan,Mi. Coba sebutna sapa uwonge!”
          “Yen wis ngerti, arep ngapa Mbok?”
          “Ya, arep dak wenehi carabikan, sepiring no.”
          “Tenane, Mbok?”
          “Bener,Mi. Demi Allah.”
          “Dak caosi priksa saiki?”
          “Iya, cepet Mi!”
          “Ora liya swara kae...swara, mantune Simbok dhewe.”
          “Apa? Swarane Si Mbelgedhes klanthung ? Ah iki ora nalar ,Mi”
          “Mbelgedhes klanthung kuwi, apa ta Mbok?”
          “Mbeler gedhe endhase nganggur.”
          “O.., sing dikarepne,kakang Kabayan,ta?”
          “Lha, sapa maneh.wong ya ngono nyatane.”
          “Pancen kae swarane Kang Kabayan, mbok.”
          “Ora ngandel ,Mi.”
          “Yen ora percaya ,ayo dibuktekne,Mbok!”
          “Ana ngendi?”
          “Ya ana kamare,no.”
          “Ah, emoh, ora sudi aku, ngeteri panganan wong nganggur.”
          “Nanging, Simbok rak wis kandha, yen arep ngeteri carabikan sepiring marang mantune sing paling ditresnani .”
          “Kuwi rak mau, sadurunge aku ngerti yen sing nembang Si Mbelgedhes klanthung.”
          “Aja ngono Mbok. Simbok rak wis janji, demi Allah barang.”
          “Apa aku kandha ngono?”
          “Kupingku durung budhek,Mbok.”
          “Sakarepmu,ning aku wegah.”
          “Nanging, kuwi dosa lho Mbok.”
          “Apa...?”
          Durung ana wektu kanggo mangsuli kandhane Gemi, dumadakan Abah teka ana sangarepe wong loro kuwi. Praupane Abah katon gumun ngulati wong wadon loro padha penthelengan.
          “He...he...apa sing padha diudur? Turahan iwak lele dhek wingi?” Getake Abah marang Simbok lan Gemi Eteung.
          “O..ora Pak. Iki lagi gladhen sandhiwara,” wangsulane Simbok karo rada isin.
          “Bener,Mi?”
          “Ing... inggih Bah.”
          “Kok wangsulanmu blekak blekuk?  Ya wis , sing uwis, ya uwis ora sah di eling-eling prekaramu. Kae lho awake dhewe karawuhan priyayi agung.”
“Sapa, Bah?” Pitakone Simbok kanthi semanak.
          “Kae lho, Pak Bajuri.”
          “E...ketoke...  bener, Bah.  ketoke Pak Bajuri.”
          “O, ingkang kala emben nate dados tanggane awake piyambak,
Pak?” saiki genti Gemi sing takon.
          “Bener,Mi , bener... Lha , saiki cepakna wedang lan suguhan!”
          “Kula kalih Simbok nembe damel Carabikan, Bah.”Ature Gemi .










Gambar 1.2

Bapak Abah marani
Simbok lan Gemi (anake wadon) sing lagi padha penthelengan ana gandhok
 
 












          “O, ya, apik, terna menyang ngarep,ya. Lha, endi bojomu?”
          “Wonten,Bah. Wonten kamar.”
          “Jeluken bojomu!  Kon nemoni Pak Bajuri ana ruang tamu.”
          “Inggih, Bah.”
          Sawise nggawa wedang lan panganan menyang ngarep. Gemi mara menyang kamare. Kabayan mau nembang, saiki ora keprungu swarane. Apa sing ditandangi ana kamar? Banget-banget nganyelake.
          Lan sawise Gemi tekan kamare, pranyata Kabayan lagi ngorok. Iki mangkelake teanan. Duwe bojo ora duwe pakaryan sing tetep. Gaweane mung turu lan mangan wae.”He, tangi... tangi kang Kabayan!”
          “Ngapa? Ana apa, Mi?” wangsulane Kabayan karo ngolet.
          “Awan-awan kok isih turu, ayo tangi! Ana tamu kae .”
          “Goleki aku?”
          “Iya, Kang. Jenenge Pak Bajuri.”
          “O...goleki aku?”
          “Iya, Ayo. Kowe ditunggu Bapak karo Pak Bajuri.”
          “Ya,” wangsulane Kabayan karo nyaut klambi sing cementhel ana ing gantungan paku. Sawise jungkati rambute lan benakake klambine, Kabayan terus menyang kamar tamu. Ing kono dheweke weruh Bapak lan Pak Bajuri lagi padha jagongan.
“Piye Kabare, Kabayan?” Pitakone Pak Bajuri kanthi semanak.
          “Sae ,Pak.”
          “Ayo jagongan kene!” Pak Bajuri terus ngandhake usahane sing saya maju. Usaha gawe peci maneka warna jenise.
Pak Bajuri uga nyritakake kepiye carane dheweke ngedol pecine menyang sadhengah papan desa lan kutha. Lan saiki usahane gawe peci sangsaya maju malah kapara maju banget.
          Sawatara suwe anggone padha jejagongan ora krasa,  jebul wis telung jam suwene. Wancine jam  telu sore Pak Bajuri pamitan.
          Sapungkure Pak Bajuri mulih, Bapak mrayogakake marang Kabayan supaya nyoba bakul Peci jumbuh kaya sing dicaritakake Pak Bajuri. Kanthi pasarujukan Si Gemi bojone ,dina candhake Kabayan menyang omahe Pak Bajuri.
          Gelising carita Kabayan diidini Pak Bajuri ngedol Peci gaweane. Anggone nggawa dagangan nganggo kranjang loro, dipikul lan mung mlaku wae, amarga pancen ora duwe tumpakan.







Gambar 1.3

Bapak Abah karo Pak Bajuri padha jagongan ana kamar tamu, Kabayan teka.
 
 












          Jam wolu esuk Kabayan budhal menyang pasar Kecamatan mikul kranjang loro sing isine puluhan peci diwadhahi kothak kerdhus.
pasar , mula Kabayan liwat dalan sidhatan metu tengah alas. Amarga Manawa liwat dalan padatan suwene watara wolung  jam , nanging yen metu dalan sidhatan liwat tengah alas kuwi , mung merloake wektu watara patang  jam .
          Wis rong jam Kabayan mlaku menyang pasar , sikile wiwit krasa kesel, gegere krasa pegel. Kuwi wae isih beja , amarga liwat ngisor wit-witan sing gedhe – gedhe lan ngrembuyung , satemah mlakune ora kepanasen.  Ewa samono ana sawijining lelara sing tansah sinandhang Kabayan, yakuwi lara males. Kabayan ngrasakake lungkrah awake, tanpa daya prasasat ora kuwat mbacutake laku, mulane dheweke kepengin leren.
          “Adhuh...  kesele.... Ngelak, ngelih, ngelu, aku. Leren dhisik wae iki penake” grenang-grenenge Kabayan karo nyelehake pikulan saka pundhake,lan  nyelehake bokonge ing sangisoring wit-witan .
          Kebeneran ana wit mahoni sing thukul ing pinggir dalan. Ya ing wit-witan gedhe ing antarane oyod –oyodan gedhe kuwi Kabayan nyelehake awake.
Sumiliring angin midit gawe kepenake awake Kabayan. Temahan Kabayan krasa ngantuk. Karepe mung sadhela lungguhan ana kono, nanging gandheng kepenaken mula Kabayan keturon. Ora let suwe dheweke ngorok sesenggoran mlebu alaming pangimpen.
Dheweke ora maelu kahanan sakiwa tengene . Awake sumendhe ing oyod mlorot menyng lemah. Pecine sing anyar isih tememplek ana sirah, mung wae saiki rada mlorot, nutupi saperangan raine.
Sajroning pangimpen Kabayan rumangsa wis mlaku tumuju ing pasar Kecamatan, nanging dheweke gumun , kena apa wis mlaku suwe banget kok durung metu saka tengah alas.
Dumadakan dheweke weruh rombongan begal sing nyegat.
          “Bandha, apa nyawa?” Yen bandha nyawa ilang, dak pateni kowe ! Panggetake ketuwane begal kanthi sora.
Kabayan gemeter awake miris atine krungu ancamane begal mau. Sanalika Kabayan dheprok ana ngarepe ketuwa begal.
“Ampun... ampun Den begal...kula mboten gadhah arta.”
“Kowe aja ngapusi ! he... ca... digledhah wong iki ! pakone ketuwa begal marang andhahane.
“Ampun...Den ..ampun.” Pangrintihe Kabayan karo kepuyuh.
“Ayo , cepet! Apa, sing ana kanthonganmu?”.
“Anu .... Ora ana apa-apane, kajaba sawungkus mbako.” Wangsulane begal sing gledhah.
“Kurang ajar,..! mlarat tenan wong iki.”
“Nyuwun ngapunten, Den. Kula dereng ten pasar.”
“Apes ... apes. iki.”
“Anu, ca, kanca. Piye yen pecine iki dirampok wae.” Usule sawijining begal andhahan.
“Iya mathuk, sak anane wae., sesuk didol neng pasar.” Wangsulane begal-begal liyane, karo njupuki peci-peci mau. Terus padha mlayu mlebu alas karo gawa kabeh dagangane Kabayan.
“Ampun...Den ...ampun. aja...aja... aja dijupuk daganganku! tulung...tulung...tulung” Kabayan bengok-bengok njaluk tulung, nanging ora ana wang siji wae sing nulungi.
Dumadakan Kabayan tangi sak turune sing angler.
“Adhuh...jebul mung ngimpi iki mau, wah...tiwas dheg-dhegan.”
Ora let suwe keprungu swara rame ora adoh saka panggonane turu. Apa kuwi swarane begal-begal sing ana sajroning pangimpen mau? Mripate Kabayan nolah-noleh ngulati sakiwa tengene.Bareng ngulati kranjange kaget sanalika.
Kranjange loro kothong, peci-pecine wis entek ludhes.Digawa kethek-kethek sing ana sacedhake, ana sing didienggo, ana sing dicekel, ana sing mung digeret-geret. Kahanane rame banget.
Apes, cilaka tenan. Pecine Pak Bajuri diorak arik.
“Apes...apes. cilaka awakku... cilaka. Adhuh-adhuh. He.. dibalekke peciku” Bengokane Kabayan karo ngadeg lann ngrebut peci-peci mau saka tangane munyuk.
Mesthi wae kethek-kethek mau ora gelem ngeculake pecine. Dheweke padha sumebar misah saka kancane. Saperangan gedhe padha menek lan nglumpuk ing panging uwit gedhe sing dhuwur.
Kabayan ngadeg capeng karo nganggo pecine, menthelengi kethek-kethek mau.Lan sing gawe mangkel atine, munyuk-munyuk mau ora ngadoh malah padha nganggo pecine, mbegagah ngadeg nirokake solah tingkahe Kabayan.
“Kowe kabeh, pancen goblok...!”Kabayan bengok-bengok karo tudang tuding, nuding kethek-kethek mau.
Apa sing kelakon? Pranyata kethek-kethek mau ora wedi, malah padha tudang tuding nuding Kabayan karo padha muni, nguk..nguk..nguk...
Kabayan digawe bingung, bingung banget. Apa sing kudu ditindakake. Supaya peci-pecine mau bisa bali. Saking bingunge dheweke nyopot pecine terus kukur-kukur, ngukuri sirahe sing pancen ora gatel.
Apa sing kelakon sabanjure? Mesthine kethek-kethek mau padha nirokake tingkahe Kabayan,tangane sing siji nyekel pecine, tangane sing siji nggaruk-garuk sirahe.
Kabayan digawe bingung, bener-bener bingung lan mangkel atine merga ngadhepi kahanan kaya ngono kuwi. Saking mangkele ati Kabayan nyopot pecine terus dibanting ana lemah, sak rosane.







Gambar 1.4

Kethek-kethek padha nganggo peci ana dhuwur wit-witan gedhe nirokake Kabayan nganggo peci , lagi capeng nuding-nudik kethek.
 
 












“Dhasar kethek elek,.. kurang ajar.” Kabayan bengok-bengok karo mbantingake pecine.
Dumadakan Kabayan kaget, amarga kethek-kethek sing mapan ana dhuwur mau padha rame-rame mbantingake pecine menyang ngisor. Satemah puluhan peci padha tumiba ing lemah.
“Hah....”
Sawatara wektu Kabayan terus eling, yen kethek-kethek kuwi wis mbalekake peci-pecine tanpa kudu ngrayah. Age-age Kabayan nglumpukake peci-peci sing pating bececer ana ngarepe, dilebokake ing kranjang pikulane. Sabanjure dheweke age-age ninggalake papan kono mbacutake lakune kanthi setengah mlayu. Wektu iku kethek-kethek kuwi ora ana sing mlayu nguyak. Kabayan rumangsa lega atine amarga ora ana kethek siji wae sing mlayu nguyak dheweke. Lakune saya dicepetake supaya enggal bisa tekan pasar Kecamatan. Ora karasa let sawatara wektu Kabayan wis metu saka sajroning alas cilik.
Wusanane Kabayan tekan ing pasar Kecamatan. Dheweke golek papan kanggo dhasarake barang dagangane. Kabayan terus mlebu pasar nanging saiba kagete amarga pasare sepi. Apa pasar kuwi pancen wis dibubarake? Satemah ora ana wong siji wae sing dodol. Lan yen mangkono mesthi wae ora ana wong sing padha tuku.
Nalika Kabayan lagi tekan pasar weruh ana wong siji sing lagi teka ana pojoking pasar. Dheweke nyedhaki wong mau nuli takon tinakon, tetepungan.Wong mau bakul buah sing arep adol pelem.
“O...Kang Bajuri arep dodolan peci ana kene ta?” Pitakone bakul buah sing lagi teka kuwi.
“Iya dhik, nanging geneya ora ana wong arep blanja utawa wong dodol?” Pitakone Kabayan kanthi gumun.
“Ya mesthi wae kang, lha kakang tekone telat.”
“Nanging, sampeyan dhewe?”
“Aku sengaja teka gawa daganganku, arep dakdol sesuk.”
“O...ngono ,dadi ramene yen esuk ta?”
“Bener, Kang. Yen Kakang arep golek rejeki, teka kene sesuk esuk wae, budhal saka ngomah sawise sholat subuh.”
“Lha terus piye, daganganku iki?”
“Ya, disimpen wae ana kene. Sesuk awake dhewe padha- padha nunggu ana kene karo disambi jagongan.”
“O,.. ya matur nuwun dhik.”
Dina esuk candhake Kabayan dodol peci ana sacedhake bakul buah, nanging nganti awan Kabayan ora kepayon dagangane. Sawetara kuwi dagangane mitrane anyar mau wis entek ludhes.
“Lho...piye ta Kang ? Geneya daganganne isih wutuh? Piye carane dodol mau?”
“Lumrah wae, aku ya mung nunggu ana kene, nanging ara ana sing nakokake peciku.”
“Karo nunggu apa sing Kakang tindake?”
“Ya, meneng wae. Dak pikir yen ana sing butuh terus tuku.”
“Wo...ora ngono Kang. Awake dhewe kudu greteh nawake.”
“Wo...ngono ta. Geneya sampeyan mau ora ngandhani aku?”
“Kepiye ta Kang? Lha aku mau rak ya uwis menehi tuladha. Mangga-mangga ...sinten malih ingkang ngersakaken buah. Buahe legi-legi... laris manis.”
 “Ya, umpama ngene piye? Mangga-mangga sinten ingkang betahaken Peci ? Peci gaweane Pak Bajuri saka desa Sukamaju.”
“Bener...bener Kang. Kuwi kudu diapalke, supaya sesuk dagangane laris.”
“Ya, becike, mangga-mangga...menika peci sae, peci paling sae saking desa Sukamaju. Mangga sinten malih ingkang tumbas...?”
Ngono kuwi , Kabayan ajar nawakake dagangane, nanging ora ana wong siji wae sing teka tuku pecine, amarga pancen pasare wis sepi. Kabayan isih kudu sabar nunggu dina esuk candhake. Dheweke duwe niat bakal makarya luwih becik adol bebakulane.
Awan kuwi Kabayan bener-bener ora duwe sangu sethithika wae kanggo mangan awan. Begja wae bakul buah mitrane anyar becik atine. Kabayan ditukokake pangan kanggo mangan awane.
Sajroning ati Kabayan prajanji, besuk bakal makarya bakul luwih becik katimbang sing wis kepungkur. Mesthine dheweke isin manawa kudu ditulungi terus dening bakul buah mitrane anyar ing pasar Kecamatan.


2.Gara-gara Radio
U

dakara tabuh siji wengi, Gemi  Eteung tangi saka paturone amarga keprungu swara sora saka radio. Angin wengi sing anyles rumasuk mlebu liwat sela-selaning gedhek ing  kamare. Hi...hi..adheme. Gemi duwe karep nggeret jarite  lawas kanggo ngemule awake ,nanging tambuh-tambuh swara radio kuwi mbribeni maneh. Krasa  budhek kupinge.
          Dheweke ngira Kabayan sing nyetel Radio banter-banter ing tengah wengi. Sawise sewulan kepungkur iki , kesenengane bojone tambah yakuwi kerep ngrungokake wayang golek saka radio.
          Sepisan maneh Gemi keprungu swarane Ki Dalang wayang golek,  suluk kanthi swarane sing becik.
          Mesat dirgantara Putra Sang Arimbi
          Ngambah ing mega mendhung
Sangsaya dangu sangsaya inggil
Dupi mulat ing bumi
Kawuryan ingkang rayi
Pangeran Abimanyu
Lah ngaten ta nggennya Putra Jodipati ngakasa
Hanjagi karaton
Datan karsa sumene
Mbur ngider tapel watesing nagara
Tansah siaga
Ing sumusup ing mega mendhung.
           
Gemi wis ora kuwat maneh. Dheweke medhun saka lincake paturon nuli metu saka kamar. Ing kana, ing kamar tengah katon Kabayan lagi lungguh dhewekan ing sacedhake bangku ngrungokake wayang golek sing gancarake dhalang kesenengane. Dheweke katon nikmat ngrungokake siaran wayang golek.
“E...walah.. Kakang bareng nonton wayang, lali karo bojone.”
“Ah, Gemi. Wis turu kana, aja ngganggu kesenenganku ta. Iki critane lagi rame-ramene.”









Gambar 2.1

Kabayan lungguh sacehedhake meja ing kamar tengah, ngrungokake radio

Gemi bojone teka.
 
 











 “Wadhuh, kakang ki piye ta? Iki wis wengi. Swarane radiomu mbribeni wong liya.”
“Ah, wis kareben, kan ana ngomahe dhewe.”
“E, wancine wengi ngene. Mesakne Bapak karo Simbok sing lagi sare ana kamare.”
“Uwis ta, lha rak mung seminggu pisan, biasa ta.”
“Dhasar golek menange dhewe.”Wangsulane Gemi karo ninggalake bojone ing kamar tengah. Dheweke bali menyang kamare mbacutake anggone turu.
Minggu candhake, gemi wis cepak-cepak. Dheweke ora kepengin kebribenan maneh. Gemi budidaya piye carane supaya Kabayan ora bisa ngrungokake radio maneh.Wiwit sore Gemi wis nyimpen radione ana wadhah kerdus nuli didhelikake ing meja sacedhake paturone.
Sawise jam pitu sore, Kabayan takon marang Gemi.”Mi, ana ngendi radione?”
“Wis dak simpen, Kang. Aku wegah kebribenan.”
“Aja ngono ta, Mi. Aja ta palangi kesenengane liyan.”
“Nanging, kesenengan sing ngganggu kuwi perlu diwatesi.”
“Ah,  bribeni sapa ta, Mi? Iki malem Minggon.”
“Ora, Kang, saiki ora !”
Kabayan mung mlongo ngulati bojone sing mlaku menyang gandhok nemoni Simbok sing lagi masak.
Nalika wancine wayah turu, Gemi mlebu ing kamare. Ngulati Kabayan lagi ngalamun lungguh ana sapinggire kamar paturone.
“Uwis,Kang ayo turu ! iki wis wengi “
“Sing arep turu kepiye ? yen ora karo ngrungokake radio.”
“Wa..lah. kuwi mung crita, Kang. Geneya di tunmggu-tunggu ?”
“Uwis ta, Mi. Wenehna radione. Aku arep nyetel lirih-lirih wae.”
“Yen ora, ya ora!”
Wusanane Kabayan metu saka kamar  paturone lan jagongan karo Bapak ana kamar tengah.Gemi rumangsa seneng atine amarga bojone ora ngerti ngendi anggone nyimpen radio. Dheweke duwe pengarep-arep bisa turu kanthi kepenak ora kebribenan radio maneh.
Wancine tengah wengi dumadakan Gemi keprungu swara saya suwe saya cetha. Swara dhalang kesenengane Kabayan. Swara apa kae? Cetha kuwi swara radio. Apa Kabayan wis kasil nemokake radione?.
Gemi duwe krenteg bakal ndhelikake radione ing papan sing luwih aman. Lan mengkone dheweke percaya manawa Kabayan ora bakal bisa nemokake radione. Kapeksa ing wengi iku dheweke turu kanthi kebribenan radio maneh. Wancine jam papat esuk. Ing layap luyub,  dheweke melu ngrungokake dhalang kesenengane bojone.
Nalika ing malem Minggu candhake , Gemi dhelikake maneh radione. Wektu iki  ing njero lemari pakaian, Kuwi siji-sijine papan sing aman sing ana ing ngomah, amarga mesthine Kabayan bakal ora ngira yen radione didhelikake ana kono.
Sepine wengi wus tumeka, ora ana swara sing bribeni turune Gemi sing angler. Malah swara lemut wae ora keprungu. Angin wengi sing mlebu omah liwat sela selaning gedhek nambahi anglere turune.
Saka kadohan keprungu swara kenthongan wong rondha. Lan dumadakan ngolete Gemi sing turu kepati tangane nyampe pinggire amben sing atos. Adhuh...









Gambar 2.2

Gemi tangi saka turu mripate jelalatan ngulati lemarine menga kaget
ana ing kamar paturone
 
 











Mripate Gemi melek amba. Sakiwa tengene sepi. Bojone ora ana sandhinge. “Nyang endi ya Kakang Kabayan?” Pangudarasane Gemi. Dumadakan mripate ngulati lemari pakaian menga. Dheweke kaget. Radio sing disimpen ana kono uga ora ana. “Wadhuh, ana apa iki?”  Nuli dheweke noleh lawang kamare ya menga amba. Age-age  dheweke metu saka kamar paturone tumuju menyang kamar tamu, kamar tamu tinemune uga menga.
Ora saranta Gemi menyang kamare Abah, thothok-thothok lawang kamar paturone Bapak karo Simbok.
“Abah...Mbok...” bengoke Gemi saka jaban kamare Abah.
“Thok... Thok... Thok...”
Gemi bola bali jeluk-jeluk lan thothok-thothok mesthi wae Abah karo Simbok terus tangi.
“He...ana apa, Mi?” wangsulane Abah karo mlumpat saka ambene ditutake Simbok arep metu saka kamare.
“Ayo... cepet Bah...!”
“Iya.. ana apa?” Panyaute  Abah karo ngengakake lawang.
“Anu, Bah...”
“Anu, apa?”
“Anu...wonten pandum.”
“Ana maling ?”
“Inggih..”
“Apa sing dicolong?”
“Radio, Bah.”
“Terus apa maneh?”
“Nyumanggakaken, Bah. Dereng kula tliti sanesipun.”
“Nanging, sing cetha radione wis ical ?”
“Leres, Bah”
“Terus, kira –kira kapan kadadeane? Kok aku ora krungu swarane wong ndhobrak lawang.”
“Nyumanggakaken , Bah, Lha kula inggih tilem angler,”
“Terus Kabayan menyang endi?”
“Kirangan, Bah.”
“Apa sakirane dheweke nguyak malinge,Bah?”Pitakone Simbok.
“Punapa ingkang kedah dipun tindakaken, Bah?” Pitakone Gemi.
“Ya, mumpung durung suwe. Dilaporake Pak RT.”
“Sinten ingkang badhe nrika, Pak?”
“Aku, wae sing mrana.”
“Aku melu Bah.” Usule Simbok.
“Kula inggih ndherek,Bah.” Tambahe si Gemi.
“Lha terus, sing ana ngomah sapa?”
“Ya kareben suwung, dikunci wae.” Wangsulane Simbok.
“Ya, yen ngono ayo diteliti sepisan maneh!, apa wae sing ilang?”

Wong telune sabanjure padha naliti maneh apa wae barang-barang sing ilang. Pranyata sing ilang mung radio.Barang-barang liyane wutuh. Aneh temen, maling kok mung njupuk radio wae.
“Dadine wis cetha sing bakal dilaporake ilange radio?”
“Pas ipun, radio setunggal.”Wangsulane Gemi.
“Ayo rada rikat !” Pangajake Simbok.
Abah tumuli ngunci lawang omahe  lan sabanjure wong telune padha menyang omahe Pak RT. Omahe Pak RT mapan ing sisih pojok desa , malah kapara ora gedhe, nanging kerep ditamoni  uwong kanthi maneka warna keperluan.
Wong telu mau terus padha mlaku, saya suwe saya nyedhaki omahe Pak RT. Katone akeh pawongan sing padha lungguhan ana emperan omah karo padha ngrungokake radio.
“E,mesthine Kabayan ana kene.”Kandhane Abah .
“Ngertine, yen Kabayan ana kene.” Pitskone Simbok.
“Ngertosipun piyambakipun nembe sami mirengaken wayang golek sareng-sareng.” Ature Gemi.
“Ya kuwi, Mi. Jenenge kesenengan. Ora bisa di endhegake ngono wae. Nganti direwangi nunut tangga , Dadine.”kandhane Abah.
Lakune wong telu kuwi meh tekan plataran omahe Pak RT. Pranyata ing kana ana wong telu sing lagi bareng-bareng ngrungokake siaran wayang golek. Ana Pak RT , ana Kabayan lan  Pak  Acep Hansip ing RT kono.
“Kula nuwun,” Salame Abah karo nyedhaki wong telu mau. Bebarengan wong telu padha noleh nuli mangsuli “Mangga.”
“Ah, njanur gunung, kadi ngaren Abah, Simbok lan Gemi dalu-dalu sami sanja mriki sesarengan”
“Inggih ,badhe caos palapuran Pak RT.”Wangsulane Abah.
“Mangga, pinarak lenggah rumiyin!”Ature Pak RT.
“Palapuran menapa Bapak?”Pitakone Kabayan.
“Uwis, ngertimu apa?Aku arep lapor Pak RT”Pangandikane Bapak munggel ature Kabayan.
“Inggih , Bah. Mangga.”
“Ngaten Pak RT,”Ngendikane Abah sawise lungguh adhep-adhepan .Sawetara kuwi Gemi lan Simbok ana sisihe.
“Anu,Pak RT. Kula kemalingan.”
“Menapa? Ingkang leres, Bah. Kula nembe mawon Rondha,Ature Paka RT.









Gambar 2.3

Pak RT, Kabayan, Pak Acep lungguh ana kursi ijen
Bapak Abah, Simbok lan Gemi lungguh kursi dawa
Padha jagongan
 
 












“Leres, Pak RT.Kasunyatanipun griya kula kelebetn pandum.”
“O...ngaten ? lajeng menapa ingkang dipun pendhet, Pak?”
“Satunggaling radio,Bah”
“Radio,lajeng menapa malih?”
“Pranyata panci namung satunggaling radio,Pak.”
“Leres, namung satunggaling radio?” Pak RT nyethakake.
“Leres, namung satunggaling radio, boten wonten sanesipun.”
“Inggih , Abah leres. Sinaosa namung satunggaling radio, naminipun kemalingan kedah dipun lacak lan dipun cepeng. Lan malih kadurjanan menika dipun wiwiti saking prekawis ingkang alit, Bah.”
“Leres sanget Pak RT.”
“Menapa radionipun kados mekaten?”Pak RT nuding radio sing ana meja lagi nyiarake wayang golek khas Sundha.
Abah, Simbok lan Gemi dadi kaget nalika Pak RT lagi nuding radio sing muni kuwi. Ndeleng wujud lan modhele pancen jebles karo radio sing ilang kuwi.
“Leres, Pak RT. Kados kagunganipun Pak RT punika radio kula ingkang ical.” Abah nandhesake ature.
“Cobi, sepisan malih dipun taliti!”
“Kasinggihan, Pak. Radio kula inggih kados ngaten punika.”
“Sae. Manawi ngaten gampil dipun padosi.”
 “Pak RT sampun ngantos gegujengan, kula estu-estu kecalan.”
“Leres, Pak RT.” Saiki Gemi sing matur.Nalika kula tangi tilem radio menika sampun ical.Lan mboten namung radionipun ingkang ical, ewa semanten lawang kamar tamu ugi sampun menga wiyar,kados nembe kemawon dipun tinggal pandumipun.”
Pak RT lan Kabayan ngguyu , semono uga Pak Hansip.
“Lho... panjenengan punika, kok  kados sampun sekuthon?”
“Nyuwun pangapunten Mbok, kula mboten sekuthon.”
“Lajeng menapa sababipun kok namung mesam-mesem?”
“Inggih, supados sami cetha, kula badhe ngandharaken.”
“Mangga dipun andharaken!”
“Abah, Simbok lan Nyai Gemi. Menapa sampeyan mangertos, kagunganipun sinten radio menika?” Pitakone Pak RT.
“Mbok bilih kagunganipun Pak RT” Wangsulane Abah.
 “Babar pisan, sanes. Ewa semanten pancen kagunganipun kulawarga Abah. Amargi ingkang mbeta radio menika wau Kabayan.”
“Ha....ha...ha.” Abah ora kuwat mangerteni kasunyatan kuwi.
“Supados Bapak lan kulawarga mboten gadhah panginten awon, badhe kula cariosaken kanthi ringkes.Ngaten kala wau dalu kula nembe mirengaken siaran radio piyambakan. E. Jebul radionipun macet. Satemah kula mboten saget mirengaken wayang golek ingkang kula remeni. Wusanipun kula mboten saget tilen lan mlampah-mlampah ngubengi dusun kepanggih kaliyan Pak Hansip. Dadosipun kula rondha tiyang kalih. Sasampunipun dumugi ngajeng griya panjenengan, Ing ngriku kula mireng swanten radio ingkang nembe nggiyaraken wayang golek kala wau. Kula lajeng thothok-thothok kori, lan nyatanipun ingkang mbikaki kori pun Kabayan. Ketingalipun Kabayan nembe mirengaken radio piyambakan, Ketingalipun Bapak Simbok lan Nyai Gemi sampun tilem kepati.Wusananipun kula ngajak Kabayan supados mbeta radionipun dhateng Griya mriki supados sami-sami mirengaken wayang golek. Kabayan sarujuk lan menika kadadosanipun. Kabayan medal saking griya. Mbok bilih menika ingkang ndadosaken Bapak,Simbok lan Gemi nginten manawi wonten pandum ingkang mendhet radio. Kula inggih nyuwun pangapunten, amargi awit saking tindak-tanduk kula Abah lan simbok repot-repot damel palapuran kados mekaten punika”
“Dhasar Si Klanthung!”Panggresahe Bapak marang Kabayan sing mung mesem wae.
“Kula nyuwun pangapunten, Abah.”Wusanane ya mung kuwi sing bisa diaturake Kabayan.
“Untung, ora ana maling sing sabenere. Manawa bener-bener ana maling, cilaka tenan, awake dhewe kabeh.”Panggresahe Simbok.
“Iki kabeh gara-gara Kang Kabayan.” Ucape Gemi karo njiwit lengene Kabayan.
“Adhuh.” Pangucape Kabayan ngrasake lara. Kabeh wong sing ana kono padha nyawang karo nggeguyu.
“Kuwi ora mung salahe Kabayan, mbokne. Nanging uga salahe Pak RT.”Ngendikane Abah.“Amarga Pak RT ora ngelingake Kabayan, Geneya ora ngunci lawang maneh.”
“ Bener, Nyi Gemi, apuranen Kabayan, Aku sing salah.”
“Ah...” Gemi dadi lingsem.
          Sawise prekarane karampungan Abah sakulawargane padha pamitan.



3.Blantik Wedhus
L

atar mburi papan sing kanggo nyancang ingon-ingine, nalikane wayah sore, Abah lagi nggatekake wedhus loro kuru- kuru. Wedhus kuru lanang kuwi paringane Pak Sabarna karo paringane Pak Darwis.









Gambar 3.1

Bapak Abah lan Kabayan nggatekake wedhus loro kuru-kuru
Ana latar mburi omah
 
 













“Kabayan, delengen wedhus sing maringi Pak Sabarna iki. Lan sing sijine maneh wedhus kuru paringane Pak Darwis!”
          “Inggih , Abah.”Wangsulane Kabayan karo nyawang wedhuse.
          “Lha...iki sing ulese coklat duwekku, terus sing ireng anggep wae duweke Gemi.”
          “Inggih, sakersane Abah mawon.”
          “Karepku ngene, wedhus weh-wehan iki didol wae.”
          “O...leres Abah. Seminggu malih riaya Idul Adha . Sinten ngertos pajeng inggil.”
          “Ya, ngono. Cobanen wedhus iki gawanen menyang pasar!”
          “Ah, kecurut, Abah. Namung kalih, kera-kera sisan.”
          “E...aja ngece. Kuru-kuru ya wedhus. Ana regane.”
          “Kinten-kinten pinten regine, Abah?”
          “Ya kurang luwihe telungatusewu.”
          “Mboten kawisen, Abah?”
          “ya ora, Thung.”
          Saiki Kabayan ora wani mangsuli. Manawa ndeleng wedhus loro kuwi dheweke ora ngandel manawa bisa payu telung atus ewu.
          Wektu iku ing njaban pager jumedhul sawijhining pawongan sing ngaruh-aruhi dheweke.
          “Kula nuwun, lagi ngapa iki?” Sekirane pawongan sing lagi teka kuwi tanggane Bapak sing jenenge Ocid.
          “Mangga, Ocid. Ayo mlebu!” Wangsulane Abah.
          “Matur nuwun,” Ature Ocid karo nyeraki Abah lan Kabayan.”E... iki ana wedhus loro.”
          “Bener, Cid. Karepku wedhus loro iki dak kon ngedol Kabayan menyang pasar.”
          “Lha...yen ngono kebeneran, Kula saged titip.Wonten menda setunggal gadhahan kula , pareng ta?”
          “Oleh wae, Ocid.” Wangsulane Kabayan.”saya akeh saya apik. Sing arep tuku isoh milih luwih akeh.”
          “Kapan arep didol?Kabayan”
“Sesuk” wangsulane Kabayan.”Wedhusmu gawanen mrene!”
“Iya.”
Ocid age-age mulih jupuk wedhuse.Nalika Kabayan weruh wedhuse ocid dheweke uga gela amarga wedhuse padha kurune.
“Ah, eman. Wedhuse padha karo duwekku,”omonge Kabayan.
“Apane sing padha? Lha rak ulese beda ?” wangsulane Ocid.
“Dudu ulese, nanging awake padha-padha kuru.”
“O...ngono, ta.”
“Lha ditawake pira Cid?” Pitakone Abah.
“Inggih, sami mawon, Abah. Mugi-mugi pajeng.”
“Ya Cid.Seminggu maneh dina Idul Adha, mbok menawa ana sing duwe niat tuku kanggo kurban.”
“Mugi-mugi, Abah.”
Dina esuke Kabayan nggiring wedhus telu mau menyang pasar. Cucuk lakune. Sejatine dheweke rada males nggiring wedhus telu kuwi. Luwih –luwih yen ndeleng kahanane wedhus sing kuru-kuru kuwi, dheweke saya nglokro.
Nanging amarga dhawuhe Abah, kepiye maneh. Dhewekke kudu nindakake, amarga manawa wegah, mesthi labrakan ora mung saka Abah, nanging uga Simbok lan Gemi.
Ya, kepiye wae dheweke ora kepengin rame karo wong saomah mau. “Rapapa, alon-alon wton kelakon” Ngoni kuwi pangudarasane Kabayan karo nuntun wedhus telu kuru-kuru ngliwati dalan gedhe tumuju menyang pasar Kecamatan.









Gambar 3.2

Kabayan nuntun wedhus telu ana dalan gedhe
 
 











Dumadakan ana sawijining mobil pickup sing mndheg ora adoh saka dheweke , sajake mobil kuwi nggawa wedhus pirang- pirang , Sopire age-age mudhun.
“He, Kabayan, arep nyandi?” Pitakone Oman sopir pickup kuwi
“Arep nggawa wedhus-wedhus iki menyang pasar.”
“Arep didol?”
“Iya, Man.”
“Pira regane?”
“Abah njaluk telungatus ewu.”
“Wah, wedhus kaya ngene mokal payu semono.”
“Lha... terus pira, Man?”
“Paling dhuwur rongatusewu.”
“Ah, ora oleh, isoh-isoh aku mengko diomeli Bapak .”
“O...ngono? nanging yen arep menyang pasar mung mlaku ngono kuwi kapan tekane ?” Pitakone Oman.
“Ya, kapan wae.”
“E...isoh-isoh bar Idul Adhya lagi tekan,lho.”
“Ah, aja ngece.!”
“Tenan, kuwi. Ngene wae, piye upamane wedhusmu kuwi kabeh dak gawa sisan . Aku sing adol terus  kowe ngertine beres wae.”
“Ah,, ya ra apa-apa, nanging apa ora ngrepoti kowe Man?”
“Ora, aku wong loro karo Sukra,”
 “Ora ngono, karepku. Apa regane cocok?”
“Muga-muga.”
“Yen ora payu?”
“Ya bali menyang nggone sing duwe, Mung...”
“Mung Piye?”
“Aku njaluk dhuwit bensin wae.”
“Ah...”
“Piye Kabayan? Katimbang kowe mlaku menyang pasar adoh banget merloake wektu pirang-pirang jam.”
“Hm...usulmu apik. Ya, aku nampa usulmu.”
“Ya , yen ngono aku diewangi ngunggahke menyang mobil.”
Kabayan seneng atine krungu pamrayogane Oman kuwi mau. Usul sing luwih ngenthengake sesanggane , dhasare dheweke ya males nggawa wedhus telu kuru-kuru kuwi.
Kabayan wusanane mulih, teka ngomah sadurunge luhur. Bapak rada kaget weruh tekane Kabayan.
“Lho...ngapa kok wis mulih?”
“Inggih, pancen ngaten Pak.”
“Piye critane kok kowe wis tekan ngomah? Mesthi kowe mau durung tekan pasar, iya ta?”
“Inggih, Pak. Kula wau kepanggih Oman wonten margi, piyambakipun ugi badhe nyade wedhus dhateng peken ngangge mobil pickup.”Kabayan nyaritakake Oman sing  saiki dadi blantik wedhus.
“Ya, prayoga yen ngono.”
Wektu kuwi Simbok lan Gemi metu saka ngomah. Dheweke wis padha ngerti manawa Kabayan arep adol wedhus.
“Piye Kang, wis payu wedhuse?.Pitakone Gemi karo lungguh sacedhake Kabayan.
Kabayan kukur-kukur sirah sing ora gatel.
“Yen wis payu aku kepengen tuku kalung.,” sambunge Simbok.
“Ah...boro-boro payu. Lha wong wedhuse lagi wae digawa.”
“Digawa sapa?” pitakone Gemi.
Kabayan mbaleni nyritakake ketemune karo Oman ana dalan.
“O...ngono critane.muga-muga wae cepet payu. Yen wis payu aku arep tuku jarik sing apik.”tumanggape Gemi.
“E..aja ngandhakake prekara kuwi. Mengko wae yen wis payu.” Rembuge Kabayan “Supaya ora kuciwa.”
Simbok, Gemi lan Bapak  katon gedhe pengareparepe supaya wedhuse enggal payu,pamrihe supaya bisa enggal blanja.
Telung dina candhake Kabayan menyang omahe Oman. Wektu kuwi Oman lagi lungguhan ana kursi dawa emperan omahe.
“Oh...Kabayan. Ayo mrene,”pangajake Oman , supaya Kabayan lungguh ana kursi dawa sacedhake.
“Piye titipanku,Man?”
“Sabar, lungguh dhisik. Awake dhewe ngombe-ngombe dhisik. Sih...Asih..., Gawe kopi kanggo Kabayan!”
“Iya, Kang,” wangsulane Asih.
“Iya, aku kepengen ngerti kabare anggone adol wedhus.”
“Ya, mesthi aku bakal laporan kowe.”
“Piye ? Apa ana sing wis payu?”
“Ya, blak kotang terus terang,nganti saiki durung ana sing payu.”
“Adhuh...kamangka dina riaya mung kari rong dina maneh.”
“Ya...jenenge wong dodolan. Kudu Sabar dhisik.”
“Nanging prekarane, Bapak lan Gemi tansah nakokake wae.”
“Ya, diwenehi pangerten wae.Wong dodolan pancen ora segampang kaya wong mbalikake telapan tangan. Kuwi kudu pinter-pinter nawakake.”
“Aku , ngerti,Man.”
“Ya wis, dilalekake wae prekara wedhus-wedhus kuwi. Iki Asih wis nyepakake sakcangkir kopi kanggo kowe.”
“Ayo.., Kang . Diombe kopine,”ujare Asih.
“Matur nuwun, Sih.”









Gambar 3.2

Oman lan Kabayan padha jagongan lungguh kursi dawa
Ing emperan omahe Oman
 
 











 “Lha terus kancane endi, Sih?”
 “Mengko dhisik, Kang. Nampane ora amot.”
“Walah...ora susah repot-repot, Sih.” Kabayan rada isin.
“Ora , apa-apa, Kang. Wis ana gedhang goreng,.”
“Yen pancen ana ,ya digawa mrene kabeh wae.”
Wong sakloron padha mbacutake anggone jagongan nganti wektune ndungkap surup.Oman uga nyritakake manawa saperangan wedhuse wis diborong panitia qurban, mulane mung kari sithik.
“Wah...beja banget kowe ,Man.”
“Ya pamujimu, mung kari wedhus telu duwekmu kuwi sing durung ana sing nganyang.”
“Dadine, dianyang wae durung?”
“Ya piye ya,kamangka regane paling murah, Malah wedhus-wedhus sing regane luwih larang wis payu kabeh.”
“Ya, mbok manawa amarga wedhus telu kuwi kuru-kuru.”
Ora let suwe keprungun adzan magrib, Kabayan pamitan. Oman ngeterake nganti tekan njaban pager.
Sawise tekan ngomah Kabayan terus dirubyung .
“Apa bener, wedhuse dhewe durung payu?”Pitakone Bapak sawise nyelehake sacangkir kopine.
“Panci mekaten, Pak.”
“Apa mungguhna, Kang Oman ngapusi, Kang?”
“Apa karepmu,Mi?”
“Satenane wis payu,nanging dhuwite dienggo dhisik.”
“Ah...aja ngono,Mi. kuwi jenenge nyubriyani,ora becik kuwi.”
“Nanging prekara ngono kuwi akeh kadadeane ,Kang.”
“Nanging aja digebyah uyah. Awake dhewe wis tepung Kang Oman wiwit biyen. Lan nyatane dheweke kuwi jujur.”
“Ya, becike awake dhewe ora duwe panyangka sing ora-ora,” sambunge Simbok.”sing penting wedhuse payu,terus awake dhewe duwe dhuwit akeh.”
“Ya ngono kuwi, Mbok. Paling ora, awake dhewe bisa tuku sarung lan peci anyar,”Tambahe Abah.
“Ya wis lah...awake dhewe ora susah kakehan pengathik, sesuk dak takon maneh menyang omahe Oman. Dina sesuk kuwi rak dina pungkasan kanggo dodolan wedhus kurban.”
“Bener, sesuk kuwi rak wis sholat Idul Adha.”Ngendikane Abah.
“Nanging, kurban kuwi rak nganti tekan telung dina sawise shalat Id, ta?”Pitakone Simbok.
“Pancen bener. Nanging adat saben tukune kewan kurban kuwi paling telat sedina sadurunge shalat Id.”Wangsulane Abah.
“Inggih., Bah. Mbenjang kula dhateng griyanipun Oman.”
Wayah sore dina candhake Kabayan menyang omahe Oman. Oman uga wis mulih saka pasar.
Gelising carita oman kepengin kandha dhewe karo kulawargane Kabayan ,manawa anggone dodolan wedhuse ora payu amarga kuru-kuru. Mulane Kabayan dikongkon nuntun wedhuse telu kabeh digawa mulih, terus Oman dhisiki laku menyang omahe Abah.
Nalikane Oman tekan omahe Kabayan, Abah lagi lunggguhan.
“Ayo, Oman.Mlebu omah supaya iso crita sing kepenak!”
“Inggih ,Pak.Matur nuwun.”
“Lha endi, Kabayan?”
“Wonten wingking, Bah.”
“Piye , wedhusku wis payu ta ?”
“Pancen kula mriki badhe ngrampungaken prekawis menika.”
“Ya, saya cepet saya apik.”
“Sejatosipun anggen kula sadean ing wekdal punika lumayan,
“Lha...kuwi apik. Ora mung kowe dhewe sing bathi,nanging tangga-teparomu kaya aku ya melu ngrasakake.”
“Pikajeng kula mboten ngaten, Bah.”
“”Ya, yen dhuwite wis ta gunakake. Kandhowa terus terang, kuwi bisa dianggep utangan sing bisa disaur mburi.”
“Mboten ngaten, Bah.”
“Ya, aku ngerti. Mbok manawa kowe okeh urusane, satemah ngulur-ulur mbayar wedhusku.”
“Ewasemanten,Bah.”
“Ah, ora apa-apa sing penting di ijoli dhuwite. Sanadyan sithik ora apa-apa, Aku sakulawarga wis ngantu-antu.”
“Saenipun nengga Kabayan rumiyin, Bah.”
“Ora susah nunggu Kabayan, aku wis ngerti.”
“Lha...menika Kabayan sampun dhateng. Piyambakipun mangke ingkang badhe njlentrehaken.”
Dumadakan Kabayan teka nuntun wedhus telu kuru-kuru, sing wingine dititipake Oman. Saiki Abah  dadi bingung setahun jimbleng serendheng amarga weruh Kabayan nuntun wedhuse.










Gambar 3.3

Bapak Abah jagongan karo Oman
Kabayan teka nuntun wedhus telu dipasrahake Abah

 
 












“Kula kala wau mireng manawi Bapak nyuwun lintu,...”Ature Kabayan karo masrahake dhadhung –dhadhung wedhuse marang Abah. “Lha...menika gantosipun,Bah.”
“Apa ? Piye iki?”
“Leres , Bah. Pamitran kula Oman sampun mbudidaya nyade menda-menda menika. Ewasemanten mbok bilih dereng rejekinipun. Menda-menda menika mboten pajeng.”
“Kepiye, Kabayan?  Apa alesanmu Oman?”
“Inggih, nyuwun pangapunten. Amargi menda-menda menika dereng dipun openi kanthi sae pramila tasih kera-kera satemah mboten pajeng dipun sade.” Ature Oman.”Lan malih kula nyuwun pangapunten manawi kula mboten kuwawi nyade menda-menda menika.”
“Ya wis, Man. Ora apa-apa.” Wangsulane Bapak karo rada gela lan menehake dhadhung wedhus marang Kabayan.”Kana Thung wedhuse diopeni dhisik.”
Sawetara wektu Gemi ngetokake suguhan kanggo tamune. Bapak lan Oman jagongan ngglenik nyritakake kasile Oman nggone dadi Blantik wedhus. Wancine meh surup Oman arep pamitan , sadurunge pamitan matur Bapak prekara wedhus mau.
“Ngaten Bah. Kula kala wingi rak wongsal-wangsul dhateng peken mbeta kagunganipun menda, samenika kula nyuwun lintunipun pakan saha bensin.”
“Lho...tega temen kowe Man.”
“Inggih, nyuwun pangapunten, mendanipun mboten saged dumugi peken piyambak, ngombene mobil niku bensin, sanes toya.”
“Ya, ora apa-apa, etungen enteke pira sesuk dak ijoli!”
“Inggih, Bah. Matur nuwun.Samenika kula nyuwun pamit”
“Ya, ngati-ati.”
Oman mulih , Abah ngadeg saka lungguhe.
 “Kabayan...Kabayan...” Abah jeluk-jeluk Kabayan.
“Wonten menapa,Pak?”Sing mangsuli Gemi.
“Endi bojomu,Mi ?”
“Lho... Abah wau Ndhawuhi Kang Kabayan ta?”
“Ngongkon apa?”
“Menapa mboten didhawuhi ngopeni menda?” Supados pajeng manawi dipun sade.
“Oh...Iya Mi. Lali aku. Apa merga saya tuwa iki ya ,kok aku saya lalen?”
“Inggih, Bah.Sampun samenthinipun saya sepuh saya lalen.”
“Iya ,kowe kudu melu ngopeni wedhuse lho. Ya karo uwong sisan.Mi. Dipakani kareben wareg.”
“Inggih..inggih”. Gemi mundur karo ngampet guyu.














4. Bolandho Ajaib
Y

a  ing wanci sadurunge budhal menyang sawah , pakulinane Abah lan Kabayan padha jagongan ana cedhak pager . Sakloron padha kulina ngono kuwi karo nyamektakake ubarampe kanggo nyambut gawe. Kajaba ubarampe. Gemi uga nyepakake sangu kanggo mangan mengko awan. Kanthi mangkono Gemi ora perlu ngirim menyang sawah.







Gambar 4.1

Sadurunge menyang sawah Pak Abah jagongan karo Kabayan ana ngarepan omah,
Ngulati  wong lanang tuwa nganggo peci ireng liwat ing dalan.
 
 











Nalika samana  pawongan lanang tuwa  nganggo peci ireng liwat dalan ngarepe omah, Manthuk  aweh salam marang  Abah lan Kabayan.  Sakarone uga males atur salam kanthi manthuk.
Ora ana Guneman ing antarane dheweke, amarga wong lanang tuwa kuwi terus liwat lan wis menggok ing enggokane dalan. Kabayan gumun amarga durung nate weruh wog lanang tuwa kuwi.
“Sinten nika wau, Bah?”
“O...kae mau, Mbah Bolandho.Dheweke kae asli wong kene.”
“Lha kok kula mboten nate ngertos,Bah?”
“Ya, mesthi wae , Lha wong wis suwe dheweke kuwi manggon omahe anake ing desa liya.”
“Lha kok naminipun Mbah Bolandho?”
“Ya, merga dheweke biyen duwe walulang bolandho ajaib.”
“Piyambakipun gadhah walulang bolandho ajaib?”
“Bener, Kabayan.”
“Walulang bolandho menika menapa ,Bah?”
“Ya, lulang saka kebo bule lanang sing mati ngurak.”
“Ajaib kados pundi,Bah?”
“Kabare bolandho duweke Mbah Bolandho kuwi pancen duwe kasekten sing ampuh banget.”
“Menapa wujudipun ugi benten kaliyan sanesipun?”
“Ya ,ora. Nanging ...ayo dak critani karo menyang sawah.!”
“O..Inggih, mangga Bah.Mumpung wekdalipun tasih enjing.”
Sakarone nuli budhal menyang sawah. Ing dalan , Abah isih crita ngenani bolandho ajaib duweke Mbah Wira .
“Yen nonton wujude , bolandhone Mbah Wira kuwi ya mung biasa wae kaya salumrahe walulang liyane. Malah yen ditonton saka wernane wis luntur dipangan umur, regede akeh, ambune ora karuhan.”
“Menapanipun, Bah?”
“Ambune..”
“Aneh.kenging menapa bolandho taksih dipun simpen?”
“Nanging ,kepiye wae wujud lan gandane, Mbah Wira isih ngopeni lan ngurmati kaya dene sawijining pusaka wae , amarga dheweke rumangsa manawa barang kuwi tinggalan leluhure. Lan kabare bolandho kuwi wis marambah-rambah mbuktekake kasektene.”
“Ah, kula maiben, Bah.”
“Lho..aja ngono. Nate Pak sunu lara weteng. Bojone mlayu-mlayu nyang nggone Mbah Wira nyilih bolandho mau.”
“Kangge menapa bolandho wau dipun ampil?”
“Bolandho mau dikum ana banyu sedhela mung pirang menit ngono, terus banyu sing dienggo ngekum mau diombekake Pak Sunu. Ajaib. Pak Sunu terus dadi mari sanalika.”
“Wah...Aneh banget.”
“Dhek emben nate, Pak Basri. Kusir andhong kena lara dhemam, awake adhem panas. Panase dhuwur banget kaya cacing kepanasen kae. Wis digawa menyang Puskesmas  ora mari. Terus sing wadon menyang omahe Mbah Wira nyilih bolandhone. Bareng tekan ngomah, bolandhone mau dikum, terus banyune diombekake Pak Basri. Aneh banget, Pak Basri terus mari sanalika.”...









Gambar 4.2

Abah lan Kabayan matuni Uwit Jagung (nyempali posol) sing ora piguna
Ana sawah
 
 












Critane bolandho dibacutake karo disambi nyambut gawe matun jagung, mbubuti posol sing sakirane ora pikoleh, dheweke terus ngandhakake bolandhone Mbah wira. Miturut penemune Abah , nalika biyen akeh sing padha nggeguyu lan maido, padha ora percaya. Nanging bareng wis bisa marasake wong pirang-pirang jenenge Mbah Wira terus kawentar , mula dijenengi Mbah Bolandho.
“Kadadean ngono kuwi nate dialami Tami, wong dodol lothek pojok desa kae. Tami dumadakan lara weteng lan mencret. Wis diwenehi oralit saka Bu RT nanging tetep ora mari. Wusanane Tami kongkonan nyilih bolandho Mbah Wira. Lan, Tami terus mari.”
“Ah, kados dongeng mawon, Bah.”
“Kuwi kasunyatane. Amarga khasiate sing kaya mengkono kuwi, mulane bolandho ajaib kuwi di kurmati kaya dene pusaka leluhur. Malah saben sasi Sura, bolandho kuwi dikumbah nganggo kembang setaman. Mung emane gandane sing ora enak kuwi ora bisa di ilangi.”
“Sasampunipun dipun resiki ngangge sekar setaman?”
“Bolandho ajaib kuwi terus disimpen primpen banget diwadhahi kothak saka kayu jati. Sawise kuwi ora nate dibukak maneh, nganti ana sing mbutuhake.”
“Bah ketingalipun anggenipun matun sampun rampung..”
“Iya bener, Kabayan. Apa awake dhewe arep mulih?”
“Prayoginipun nedha riyin , Bah.”
“Iya, ayo golek panggonan sing kepenak . Nggon ngisor uwit gedhe ngrembuyung kae lho.”
“Leres, Abah. Ketingalipun mrika langkung sekeca.”
Wong loro maratuwa karo mantune kuwi terus mangan sangu sing digawa saka ngomah.Sanadyan mung sakanane nanging panganan kuwi bisa maregi lan nyarasake awak. Sinambi mangan Abah isih nyritakake bolandho ajaibe Pak wira.
“Saben ana parepatan lan pasamuwan ing desa, ora lali Pak Wira mesthi nyritakake prekara katiyasan lan keanehane bolandho ajaib kuwi.”
“Abah, kula dados radi kepencut mirengaken cariosipun ngengingi bolandho ajaib menika. Menapa kepareng ? kula sowan dhateng griyanipun Mbah Wira?”
“Aku ngerti, pepenginanmu kuwi lumrah . Nanging apa Pak Wira isih migunakake bolandho ajaib apa ora, aku ora ngerti.”
“Dipun cobi, Bah. Mangke sonten kula sowan Mbah Wira.”
“Ya, kena wae. Mengko bakda ashar.
“Inggih, Bah.”
Bareng gawean ing sawah wis rampung, Kabayan tata-tata  piranti sing arep digawa mulih. Srengenge bedhuk tengange panase semelet. Mangsa ketiga wektu iki rada dawa beda karo sing kepungkur.
Uda kara jam telu sore, Abah lan Kabayan tumuju menyang omahe Mbah Bolandho alias Mbah Wira. Nanging, sakarone padha kuciwa amarga Bu Wira kandha manawa Pak Wira lagi lunga lan mbok manawa mulihe rong dina maneh.
“Ana apa ya, Abah karo Kabayan kok teka mrene? Yen aku oleh ngerti , mbok manawa aku bisa ngaturake marang Pak Wira yen wis kondur.” Ujare Bu Wira.
“Piye ...ya, Bu?  Aku pengin nuduhake marang Kabayan manawa critane ngenani bolandho ajaib kagungane Pak Wira ora mung ngayawara.”
“Ah, manawa ngenani bolandho ajaib kuwi aku ora pati mudheng. Aku ora wani crita apa-apa amarga wedi yen diarani umuk. Nanging sampeyan sakloron bisa omong-omong karo Pak Waru, adhine Pak Wira sing kebeneran ana kamar tamu.”
“Ya, aku ya wis suwe ora ketemu karo Pak Waru.”Ngendikane Abah karo mlebu menyang omahe Pak Wira. Bu Wira ngaturi lenggah ana kamar tamu.
Pancen bener ing kamar tamu ana Pak Waru, adhine kandhung Pak Wira. Pak Waru nyalami Abah kanthi kebak rasa semanak.
“Piye Kabare Bah?”
“Apik, lha piye kahananmu?”
“Gusti Allah isih mayungi aku. Ayo lungguh kene. Awake dhewe bisa omong-omong ngenani jaman ndhek emben.”
“Matur nuwun, Pak Waru.”
 “Lha, iki sapa Bah?”
“O, iya iki mantuku bojone anaku Gemi.”
“Ditepungke, Kabayan . Aku iki kancane Abahmu dhek biyen, aku adhine Pak Wira.
“Inggih ,Pak.”
“Oh. Iya . Mumpung isih ana kene. Kabayan pengen ngerti bolandho ajaib duweke Kang Wira?.”
“O.. crita ngenani bolandho ajaib kuwi digedheg-gedhegake, kuwi perangan jaman kepungkur.”
“Apa karepe Pak Waru?” Pitakone Abah bingung.
“Ngene Bah. Bolandho ajaib kuwi wis suwe ora dadi piandele masyarakat jroning nambani lelara. Saiki jamane wis maju, obat-obatan wis akeh, dhokter pating tlecek sumebar ana ngendi-endi”
“Lha terus, apa isih digunakake?”
“Ketoke wis arang, malah bolandho kuwi isih disimpen ana panggonane sing primpen.”
“Kados pundi daya kekiatanipun,Pak?”Pitakone Kabayan.
“Embuh ya.Kabayan.’
“Apa kira-kira aku oleh migunakake kanggo ngobati lara weteng kaya dhekben?”Pitakone Abah.
“Yen ana sing nyilih, ya mangga wae.”
“Ah...”Kabayan rada gela saka keterangane Pak Waru sing ora ngegung-agungake bolandho ajaib kuwi.
Wusanane sakarone padha pamitan marang Pak Waru lan Bu Wira sing ngeterake nganti tekan ngarep kori, Abah mung meneng semono uga Kabayan.
Telung dina candhake Kabayan didhawuhi Abah sowan menyang omahe Pak Wira supaya nyilih bolandho ajaib amarga dumadakan Simbok lara weteng.
Kabayan duwe pengarep arep supaya Pak Wira ana ngomah. Lakune dicepetake supaya bisa ngirit wektu.Sawise tekan latar omahe Pak Wira. Kebeneran banget dheweke weruh Pak Wira lagi ngelus-elus manuk kutute ing emperan omahe.
“Kula nuwun,” uluk salame Kabayan.
“Mangga,” wangsulane sing duwe omah karo nglebokake kutute menyang kurungan.
“Wah, nembe ngopeni peksi, Pak?”
“O..iya, ana apa Kabayan? lungguh dhisik!”
“Ngaten, Pak. Kula sowan mriki dipun utus Abah supados ngampil kagunganipun bolandho ajib panjenengan.”
“Arep kanggo apa?”
“Pangangkah kangge jampeni simbok ingkang sakit padharan.”
“Apa kowe ya isih percaya marang critane wong akeh kuwi?”
“Mesthi kemawon, Pak. Kula sampun mireng saking tiyang kathah ngengingi bolandho ajaib punika.”
“Nanging aku rada ragu, amarga bolandho ajaib wis telung tahun iki ora adus kembang setaman.”
“Lha rak, saben warsa dipun siram mawi sekar setaman?, menapa leres anggenipun njamasi ing wulan Sura?”
“Bener, Kabayan, nanging mbok manawa wis ora nate digunakake kanggo nambani wong lara, mula bolandho ajaib kurang dak gatekake maneh.”
 “Lajeng menapa tasih wonten, Pak?”    
“O...isih Kabayan. Tunggunen sedhela . Dak jupukake kanggo kowe. Kowe ngerti ora manawa bolandho ajaib kuwi tinggalane para leluhurku biyen? Manawa kowe gelem ngrungokake, wah ampuhe pancen nggegirisi. Biyen bolandho kuwi ora mung kanggo nambani wong lara weteng, nanging ya digunakake kanggo perang mungsuh walanda. Malah nalika digunakake kakek moyangku , mimise walanda ora kuwawa natoni awake.”
“Wah, ampuh sanget, Pak Wira.” 
“Ya, saiki dak jupukake, entenana sadhela!”
Pak Wira ninggalake Kabayan dhewekan ana ngemper. Samenit , tekan sepuluh menit, Pak Wira durung njedhul. Malah nganti setengah jam sing duwe omah durung ngetok. Kabayan dadi was sumelang.
Udakara sakjam candhake, nalika kringet adhem nelesi awake Kabayan, Pak Wira lagi metu saka njero omah karo nggawa pethi kuna. Praupane Pak Wira rada pucet.
“wusanane dak temokake uga, Kabayan. Sing gedhe pangapuramu  rada sawetara suwe iki mau.”
“Mboten menapa-menapa,Pak.”
“Lha, ana njero pethi iki, bolandho ajaib dak simpen primpen.”
“Wonten pundi kepanggihipun,Pak?”
“Ana gudhang, mbok manawa Bu Wira sing mindhah ana kana, amarga dianggep barang rongsokan sing wis ora piguna.”
“Inggih...mangga dipun bikak. Lho...! kok ing pojokan pethi wonten bolanganipun?”
“Dibolong....”
“Tikus...Pak.”Kabayan nyaut rembuge Pak Wira.
“Lha...terus piye ya? Nasibe bolandho sing ana njero pethi?”Rembuge Pak Wira karo alon-alon mbukak kothak kayu jati.
Mripate Kabayan uga tumuju marang njero pethi kayu jati sing dibukak ana ndhuwur meja kuwi. Kabayan lan Pak Wira ora nampa gambaran wutuh kaya ngapa wujude walulang bolandho sing diaji-aji kuwi.Tinemune mung suwekan kain putih sing biyen kanggo ngadhahi.









Gambar 4.3

Pak Wira lan Kabayan Mbukak Pethi jati kuno cilik wadhah bolandho
kaget amarga isine mung suwekan kain putih.
 
 












 “Wadhuh...”Guneme Kabayan. “Wadhuh...Lulange bolandho wis diremuk-remuk utawa malah dipangan tikus.”
Pak Wira katon lemes lan praupane dadi saya pucet. Mbok manawa pancen wis tamat riwayate bolandho ajaibsing kawentar kuwi.
Sadurunge Pak Wira eling saka kagete kuwi. Kabayan wis pamitan mulih.
“Nyuwun pangapunten,Pak. Kula mboten sios ngampil bolandho ajaib gadhahanipun Bapak.”
Kabayan terus lunga saka ngomahe Pak Wira. Gegambaran ngenani kasektene bolandho ajaib sirna sanalika. Bolandho ajaib kuwi pranyata dudu bolandho sing ajaib temenan kabukten dipangan tikus.
Nalika Kabayan meh tekan ngomahe. Dumadakan ana pawongan nusul saka mburi, ora liya pawongan kuwi Pak Waru adhine Pak Wira.
“Wonten menapa,Pak?”
“Apuranen sedulurku ,Pak Wira!”
“Kenging menapa,Pak?ngengingi bolandho ajaib menika?”
“Ya...kuwi salah sijine. Perlu ta sumurupi sabenere crita ngenani kasektene bolandho kuwi banget digedheg-gedhegake.Lan manehe swasana jaman wis beda karo biyen. Kasektene bolandho luntur. Dhek wingi aku wis kandha karo kowe sakloron, manawa bolandho ajaib wis diganti dening dokter lan obat-obatan. Kanggo lara weteng wis ora perlu ngombe banyu bolandho maneh. Awake dhewe kudu bisa mikir kanthi nalar sing genep, apa gegayutane bolandho karo lelara?”
“Leres, Pak. Nanging Simbok pancen mbetahaken obat.”
“Sabenere yen mung lara weteng, ora perlu repot-repot menyang dokter, cukup ngremus bawang putih sasiung. mesthi bakal mari.”
“Manawi mekaten kula badhe kengkenan Gemi pados bawang pethak sasiung. Mangga pinarak mlebet rumiyin,Pak! Supados saget ngandharaken ngengingi bolandho ajaib ingkang sampun mboten ajaib”
Tekane Kabayan tanpa gawa bolandho ajaib kuwi dadi kumesare Abah, ewa semono rawuhe Pak Waru dadi tambane ati kumesar mau.
Gemi wi ngaturake bawang putih sasiung marang Simbok. Pak Waru mrayogagake supaya ambal kaping telu sedina, insya Allah bakal mari larane weteng Simbok.
“Abah, lan kulawarga kene kabeh wae, sepisan maneh aku njaluk pangapura, mungguh sumebare pawarta ngenani bolandho ajaib kuwi. Lan saiki bolandho ajaib utawa bolandho sakti kuwi, wis ora ajaib maneh.Awake dhewe ngerti prekara sing gegayutan karo keyakinane awake dhewe kudu di gondheli kanthi kukuh. Bolandho mung mujudake walulang kebo bule sing mati ngurak . Manawa ana wong nganggep duwe keajaiban utawa kasekten bisa marasake wong lara kuwi wajib digenahake pengandele marang Allah Kang Maha Kuwasa.









5.Kurungan Manuk
A

na lapangan sacedhake  pekarangan mburi omah. Kabayan thenguk-thenguk ngulati wedhuse sing lagi padha mangan suket. Sukete ijo royo-royo gawe ngemele wedhus –wedhus kuru. Ing akasa katon  manuk-manuk padha miber kebak suka.









Gambar 5.1

Kabayan lungguh dhelog – dhelog ana lapangan
angon wedhus telu sing lagi mangan suket
weruh manuk- manuk sing padha mabur.
 
 











Ing wayah sore lan esuk nalikane angon wedhus-wedhuse, ing lapangan, Kabayan kerep ngulati manuk-manuk sing padha mabur ing akasa. Ana manuk prenjak, grija, dara, podhang, glathik,kutut ,malah kadhang –kadhang ana manuk elang sing mabur ana kono.
“Ah, saeba bungahe atiku manawa manuk-manuk sing padha mabur kae padha mencok ana pekarangan mburi omahku iki ora ketang sadhela lan aku bisa nyawang nalikane padha mangan. Yen ngono aku kudu gawe kurungan sing bukaan kanggo papan pencokan tumrap manuk-manuk kuwi. Ya papan sing dhuwur, supaya dheweke bisa leren sawatara. Saka kono aku bisa nyawang manuk-manuk kuwi.”
Saiki Kabayan njupuk piranti tukang saka gudhang. Ana gerji, palu,paku sikon lan potlot. Mung kari golek kayu karo pring sing disimpen akeh ana mburi omah. Mulane ibut anggone Kabayan ngukur ,nugel nganggo gerji, lan maku. Swarane pating klothek keprungu saka dhapur. Ing dhapur Simbok lan Gemi lagi padha masak.
“E...e..sapa sing lagi nyambut gawe ana mburi omah,Mi?” Pitakone Simbok karo ngiris sayuran.
“Embuh ya, Mbok, aku ora ngerti.”Wangsulane Gemi karo ngonceki kenthang..
“Apa Abah, lagi ndandani pager?”
“Mesthine dudu Mbok. Lha wong abah lagi lunga.”
“O, iya..ya. Lha mungguhna sapa?”
“Mbok manawa, Kang Kabayan.”
“Ah, masa?”
“Lha terus sapa Mbok?”
“Coba tinggalen sadhela gaweyanmu! Inguken sapa kae!” Simbok rada penasaran.
Tanpa guneman Gemi menyang mburi omah, dheweke weruh Kabayan lagi makarya gawe sawenehing barang.Ana gerji, palu, kayu,pring lan piranti liyane gumlethak ana kono.
“O...Kang Kabayan, ta...Dak kira sapa iki mau.”
“Ah, Gemi. Aja ngganggu aku, aku lagi tenanan iki.”
“Gawe apa ta ,Kang?”
“Gawe kurungan manuk,”Wangsulane Kabayan .
“Kurungan manuk? Pancene arep duwe manuk?”
“Ora duwe, nanging aku gawe kurungan kanggo manuk saba.”
“Manuk saba?” aneh –aneh wae ta, Kang. Lha terus piye carane?” Apa Kang Kabayan arep nyekel manuk saka alas?”
“Aku ora pengin nyekel lan nglebokake ana kurungan iki.”
“Lha, terus kanggo apa kurungan kuwi?”
“Ya kanggo pencokan lan palerenan. Lan aku bisa makani.”
“Ah, Kang Kabayan kaya wong sugih wae. Lan manehe apa gelem manuk-manuk kuwi mencok papan sing ora kulinane?”
“Tontonen wae, sesuk.!”
Wusanane Gemi ninggalake bojone sing lagi nyambut gawe lan nglapurake ngenani bojone kuwi marang Simbok.
“Ya, apik kuwi tinimbang turu awan.”
“Bener Mbok.”
Sabanjure Simbok lan Gemi mbacutake anggone masak ana gandhok nganti rampung.
Sawatara wektu anggone Kabayan gawe kurungan manuk-manuk sing saba, temahan bisa rampung kaya sing dikarepake. Kurungan kuwi satemene dudu salumrahe kurungan. Luwih prayoga manawa kurungan sing digawe Kabayan kuwi dijenengi Terminal manuk, amarga ora ana rujene sarta ora kanggo ngurung manuk. Sing ana mung payon lan dhasaran sarta pencokan. Terminal kuwi diselehake ana jagak papat sing dhuwur. Satemah wong-wong bisa nonton sasolahe manuk sing mapan ing kono saka kadohan kanthi cetha. Manuk-manuk bisa teka lunga sasenenge dhewe.
“Wis dadi kurungane ,Kang?” Pitakone Gemi.
“Uwis ,Mi,. Ya iki kurungann terminale dheweke. Kareben padha mencok sakarepe dhewe kanthi mardika.Apa kowe seneng ngulati manuk-manuk sing padha teka lunga kuwi?”
“Mesthi wae ta, Kang. Ora perlu ngopeni manuk-manuk kuwi. Kareben teka lunga sakarepe.Awake dhewe cukup nyawang solah tingkahe saka kadohan tanpa ngganggu dheweke.”
“Lha , saiki wis wektune nyelehake pakan ana dhuwur kana,” guneme Kabayan karo nggawa gabah sagegem.
“Awake dhewe kudu nyebar pakan ana dhuwur terminal , Mi. Yen manuk kuwi nganggep aman, mesthi teka lan notholi pakan.”
Wong loro kuwi terus mundur rada adoh saka papan kono. Pandulune padha ndengangak nyawang kurungan terminal kuwi. Ora let suwe pancen bener ana manuk peking sing mencok lan noleh ngiwa nengen terus nuthuli pakan.
Banget nengsemake nonton manuk-manuk saba sing padha mencok ana kono teka lunga. Ati sing susah bisa oleh panglipur kanthi ngulati tontonan kuwi. Kaya ngono kuwi saben dina esuk sadurunge menyang sawah, Kabayan lan Gemi tansah nonton manuk-manuk saba sing padha mampir ana kono.







Gambar 5.2

Kabayan lagi nyebar pakan manuk
ana kurungan manuk bukaan (Kurungan ora ana rujene mung payon karo lantai) sing dhuwur cagake papat
Mang Ajun teka nesu-nesu.
 
Pakulinan anyar sing ditindakake Kabayan kuwi pranyata dadi kawigaten tangga sacedhake. Mang Ajun, jenenge. Mang Ajun uga kepengin gawe terminal manuk kaya duweke Kabayan. Dheweke miwiti anggone gawe terminal manuk kaya sing digawe Kabayan. Dina cndhake terminale wis dadi. Nanging anehe, ora ana manuk siji-siji wae sing gelem mencok ana kono amarga  mung ana jagak dhuwur siji lan salembar papan wae.











Ing sawijining dina, nalika Kabayan nyebar pakan ana terminale manuk, Mang Ajun nyedhaki.
“He,Kabayan. Luwih becik rubuhna wae kurungan terminalmu!” Pakone Mang Ajun rada srengen.
“Lho, ana apa iki, Mang?”Pitakone Kabayan rada gumun amarga dumadakan disrengeni tanggane.
“Aku, ewa nonton gaweanmu nyeluk manuk-manuk. Tontonen kae aku gawe terminal kaya gaweanmu , nanging ora ana manuk siji wae sing teka gelem mencok.”
          “Nanging, kena apa aku sing disalahake?” mbok manawa kurungan terminale kurang becik, terus manuke ora gelem teka.”
“Mangertia ya, sadurunge kowe gawe kurungan terminal kuwi, manuk-manuke padha seneng mencok ana pange wit jambuku.Nanging sawise kowe gawe terus padha ngalih ana kurunganmu.”
“Ya, sasenenge dheweke ,Mang Ajun,”
“Ora bisa, Kabayan. Yen manuk-manuk kuwi kerep teka ngomahku ya mesthi kuwi duwekku. Gara-gara kowe gawe kurungan terminal manukku padha ngalih kabeh menyang kurunganmu.”
“He, Mang Ajun, kowe kandha yen manuk-manuk kuwi duwekmu. Wiwit kapan manuk-manuk kuwi dadi duwekmu. Lan manehe manuk-manuk kuwi manuk saba, dudu manukmu. Ora ana sing duwe kajaba Gusti Allah.”
“Hm..”
“Lan manehe, kowi kuwi mung ewa karo aku, amarga kurunganmu mung salembar papan, mulane manuke ora gelem mencok.”
“Kurang ajar.”
“Yen kowe pengin manuk-manuke padha mencokn gawea kurungan kaya sing dak gawe iki.”
“Brengsek! Balekke manukku apa irungmu sing dak ilangi!” Pangancame Mang Ajun sing uga dadi hansip desa.
“He, Mang Ajun aja kasar. Kuwi ora ngampungake prekara.Yen pengin panggonanmu dipencoki manuk gawenen kaya panggonanku iki!”
“O...ngono karepmu. Ya tantanganmu dak turuti. Wiwit sesuk aku arep gawe kurungan sing luwih elok katimbang kurunganmu.”
“Ya, mangga.”
Kanthi ati sar-saran Mang Ajun mulih, lan dheweke wis ngrancang arep gawe kurungan terminal sing luwih apik tinimbang sing wingi.Lan manuk sing teka bakal luwih akeh.Aku rak luwih pinter katimbang si klanthung kuwi.Mang Ajun terus grenang-greneng.
Mang Ajun wiwit gawe kurungan terminal sing luwih gedhe lan luwih apik tinimbang gaweyane Kabayan. Meh rong dina dheweke gawe kurungan kuwi. Gedhene lan ambane lipet loro katimbang kurungane Kabayan. Dina kaping telune Mang Ajun ngedegake kurungane nganggo cagak sing luwih bakoh lan luwih apik. Sawise mangkono age-age dheweke njeluk Kabayan.
“Saiki delengen kurungan gaweyanku!. Luwih gedhe lan luwih apik. Aku mesthekake manuk-manuk saba kuwi bakal mencok ana kurunganku. Wilujeng tindak  kurungan buntut damelanipun Kabayan.”
“E, mengko dhisik. Kowe rak ora ngerti apa sing dak tindakake sajroning rong dina iki , ta?”
“Ora, paling-paling kowe mung turu ngorok kaya adate.”
“Mengko dhisik, lur. Sedulur.Ayo awake dhewe menyang latar mburi omahku!.”
Mang Ajun sing maune ngumukake kurungan gaweyane saiki kapeksa nuruti pangajake Kabayan. Lan mripate mlongo ngulati kurungan terminal sing luwih gedhe lan luwih apik katimbang sing wingi.
“Aku ngerti, kowe mesthi gawe kurungan sing luwih gedhe lan luwih apik katimbang duwekku. Mula aku cepet nanggapi lan gawe sing luwih gedhe maneh.”
“Hm...” Mang Ajun mung meneng wae , atine mbedhokol lan panas. Luwih –luwih nalika weruh kurungan mau ditekani manuk –manuk sing langka.Ora omongan Mang Ajun terus mulih . Kabayan duwe pangira yen Mang Ajun bakal gawe kurungan sing luwih gedhe lan apik maneh.Sajake perang gawe kurungan manuk durung rampung.
Perang gawe kurungan manuk kuwi ndadekake  Abah lan Simbok dadi neson, amarga kabayan ora nyambut gawe mung ketungkul gawe kurungan karo menehi pakan manuk.
“Kabayan, apa sing ta tindakne saben dina?”
“Kados adat saben,Bah. Dhateng sabin lan ngopeni manuk saba”
“Lan gawe kurungan ta?”
“Leres,Bah.”
“Geneya  kowe jor-joran  gawe kurungan manuk karo Ajun? Apa wis edan, kowe ?”
Kabayan ora mangsuli.
“Ngertia ya, saiki gaweyan sawah kether amarga kowe ketungkul gawe kurungan manuk sing ora ana pigunane kuwi, terus piye karo pakane manuk- manuk kuwi, coba?”
“Lha rak mboten patos kathah, Bah.” Protese Kabayan.
“Iya, nanging rak wis nyuda beras jatah mangane dhewe.”
“Ah, mboten sapintena, kok Bah. Lha rak menika damel ngamal sae kangge manuk-manuk saba.”
“Ah, kowe kuwi pinter golek alesan. Wiwit sesuk kowe golek pakan manuk dhewe ya!”
“Ah, Abah tega sanget.”
“Gaweanmun kuwi ora migunani, pokoke sesuk kowe kudu golek pakan dhewe kanggo manuk-manuk kuwi , ora kena njupuk beras utawa gabah saka ngomah.”
Kabayan mung meneng lan bingung.
“Ora susah bingung Kabayan. Aku sing arep makani manuk-manuk kuwi.”Dumadakan keprungu swara pawongan loro sing lagi teka. Abah lan Kabayan padha ndeleng kori, jebul Pak Kades karo Pak Bayan sing rawuh.










Gambar 5.2

Kabayan didukani Abah ana ngemper dumadakan
Pak Kades karo Pak Bayan Rawuh

 
 












“O...Pak Kades, Mangga pinarak mlebet.”
“Ora susah, Bah, Aku kepengin jagongan ana kene wae.”
Wusanane Pak Kades ditampa ana lincak emperan omah.
“Apa bener, Kabayan gawe kurungan manuk sing bukaan?” Pitakone Pak Kades.
“Inggih, Pak.”Wangsulane kabayan.
“Apa Mang Ajun ya gawe kurungan, kaya gaweanmu?”
“Leres,Pak”
 “Aku seneng ana warga desa sing nggatekake menyang lingkungane, Lha terus ana ngendi kurungane?”
“Wonten wingking griya, Pak.”
“Aku pengin nonton, coba kaya ngapa wujude?”
“Manawi mekaten mangga Pak Kula dherekaken dhateng pekarangan wingking, ewasemanten panggenanipun mboten sae lho Pak” Kabayan ngadeg ngajak Pak Kades menyang pekarangan mburi.
“Ora, apa-apa,”Ngendikane Pak Kades karo ngetutake Kabayan tumuju pekarangan mburi omah .
Nalika wong papat tekan kurungan terminal ing pekarangan mburi omah, kabeh padha kaget amarga ing dhuwur kurungan ana manuk blekok sing lagi leren ana kono.
“Delengen, kae manuk gedhe sing wis langka!”ngendikane Pak Kades.”Kabayan kowe wis melu ngayomi satwa langka, lan menehi panginepan kanggo dheweke.”
“Ah , menika kesangeten,Pak Kades.”
“Lha terus, apa tujuanmu sabenere gawe kurungan terminal?”
“Kangge ningali endahipun saha solah tingkahipun peksi-peksi menik Pak.  Ngiras pantes ngawuningani keagunganipun Gusti Allah.”
“Lha kuwi tujuan sing utama. Aku kabeh nyengkuyung pambudidayamu. Lha , jare Mang Ajun uga gawe kurungan kaya kurunganmu, ngendi mapane?”
“Mangga Pak kula dherekaken ,Pak.”Pangajake Kabayan . Saiki kabeh padha menyang papan kurungane Mang Ajun.Ndilalah Mang Ajun ana kono.
“Aku seneng, mang Ajun ya duwe kawigaten marang satwa langka  lan lingkungane.”

“Menika namung ngleresi, Pak.”Wangsulane Ajun semu isin, amargi sewaunipun namung jor-joran damel kurungan terminal kaliyan Kabayan.”











Gambar 5.3

Pak Kades, Pak Bayan, Abah lan Kabayan nonton kurungan terminal
Manuk blekok cacah lima ana kono
Manuk-manuk liyane akeh sing mabur ana dhuwure
 
 







 “Nanging semangatmu gawe kurungan iki dak acungi jempol. Muga-muga akeh sing padha nulad lekasmu sing prayoga kuwi.”
“ Inggih,Pak .Matur nuwun.”
 “Lan ngertenana kanthi gawe papan terminal terbang iki , kowe lan Kabayan wis melu nglestarekake manuk-manuk sing wis langka.”
“Bener awake dhewe ora perlu ngingu manuk-manuk liar ana kurungan. Nanging cukup nyedhiakake papan-papan kurungan terminal kaya gaweanmu iki.”Ngendikane Pak Bayan.
Wusanane Pak Kades, Pak Bayan kondur, sawise  mirsani endahing manuk-manuk sing padha mencok ana kurungan terminale kabayan lan Mang Ajun.
Kabayan lan Mang Ajun bisa dadi rukun .Wong-wong ing desa kono saben dina akeh sing padha nonton manuk satemah pekarangan mburi omahe Abah dadi reja.



 















6.Ngirit Gawe Rekasa
N

alikane  petugas desa wis pamitan mulih karo Abah lan terus nyetater motore Kabayan teka saka sawah nggawa pacul .kabayan uga weruh sepedha motor sing lagi wae lunga ninggalake latar omahe. Kabayan ora terus nemoni Abah nanging menyang mburi nyelehake pacule. Bareng wis ngresiki sikilo lan tangane lagi nemoni Abah ana emperan omahe.









Gambar 6.1

Abah ana latar omahe
Petugas Desa mulih nyetater sepedha motor ana dalan ngarepe
Kabayan teka saka sawah mikul pacul nyangking arit.
 
 












          “Sinten tamune,Bah?” Pitakone Kabayan karo lungguh.
“Kuwi, lho.Petugas saka kantor desa.”
“Wonten prekawis menapa?”
“Kuwi lho, ngenani PBB, ana klerune sithik. Ora cocok antarane ukuran lemah karo pajeke.”
“O...ngaten ta,? Dados Abah mbenjang tindak kantor desa?”
“Iya, mula terusna gaweanmu ana sawah!”
“Inggih, Bah.”
“Ya, wektu iki Abah ora bisa ngewangi.”
“Mboten dados menapa, panci kedahipun Abah wonten griya.”
“Wah, sajake kowe wis saya mundhak.”
“Inggih, amargi piwucalipun,Abah.”
Dina esuke, Abah wis siaga menyang kantor desa. Dheweke wis nganggo ageman necis beda karo adat saben.
“Yen menyang kantor desa numpak angkutan apa, ya?”pitakone Abah marang Kabayan.
“Angkutan umum mboten wonten ingkang miyos mrika,Bah.” Setunggalipun angkutan namung ojek.”
“Pira ongkose Kabayan?”
“Adat saben selangkung ewu,Bah.”
“Wah , lha kok larang.”
“Inggih pancen semanten, Sinaosa awis ewasemanten inggal dumugi,Bah. Dhateng kantor desa kirang langkung kalih dasa menit”
“Satenane aku ora pati kesusu, yen mlaku pirang menit?”
“Inggih watawis kalih jam. Bah. Menika manawi alon-alon, manawi santer kirang langkung setunggal setengah jam”
“Ya, pancen murah,nanging ya mesthi kesel.”
“Inggih naminipun mlampah, tentu sayah.”
“Wah, yen ngono luwih becik ngepit wae.”
“Inggih sakersane Abah, mawon.”
“Ya, dak nyepedha wae sesuk, supaya ngirit lan nyarasake awak, idhep-idhep olah raga.”
Wusanane Abah menyang kantor desa numpak sepedha. Kabayan mung dongakake supaya Abah slamet ana dalan ora ana alangan apa-apa. 
Ora let suwe anggone Abah budhal menyang kantor desa Simbok lan Gemi lagi mulih saka pasar.
“Piye,Kang? Abah sida tindak menyang kantor desa?”Pitakone Gemi karo nyelehake blanjane.”Nitih apa Kang?”
“Sepedha.”
“Wah...apa ora kleru? Kamangka Abah wis suwe banget ora nitih sepedha. Apa ora mbilaheni ?”Simbok was sumelang.
“Kala wau sampun kula engetaken,sakeca nitih ojek.”
“Adhuh...piye ta, Kabayan?”
“Inggih dipun dongakaken mawon,Mbok. Supados wilujeng.”
“Ngapa ta ya, Dheweke numpak sepedha tuwa kuwi?”
“Kersane Abah, pengin ngirit, aman lan wilujeng.”
“Kamangka yen numpak ojek, sanajan rada larang sithik nanging rak mlakune luwih cepet lan slamet” kandhane Gemi.”
“Ya uwis lah, ora susah padha was sumelang. Dipasrahake wae karo sing gawe urip supaya wilujeng. O..Iya aku arep menyang sawah,” Rembuge Kabayan karo nyaut caping sing cumenthel ana gedhek.
          Ganti sing dicritakake ana ing dalan Abah nitih sepedha tuwa. Sepedha tuwa kuwi digenjot kanthi kepenak lan manehe dalane apik mula lakune sepedha dadi lancar.









Gambar 6.2
Abah nyepedha mandheg
 Ing Pangkalan ojek
Tukang ojek nakoni Abah
 
 











Sawise tekan ing pangkalan ojek, nom-noman sing padha dadi tukang ojek padha gumun, ing atase Abah kuwi wis sepuh nanging isih gelem lan kuat numpak sepedha. Sawijining nom-noman sing wis tepung nyedhaki lan takon marang Abah.
“Badhe tindak pundi,Bah? Pitakone kebak kurmat.
“Arep menyang kantor desa.”
“Wah... kantor desa menika tebih sanget,Bah.  Manawi nyepedha alon-alon ngaten saged-saged ngantos sedinten nembe dugi. Lho Bah”
“Ya, wis ben. Aku ora kesusu.”
“Langkung sekeca ngojek,Bah.
“Lha aku lagi pengin nyepedha, kok.”
 “Inggih sakersane Abah mawon.Ngatos-atos.”
“Ya , matur nuwun.”
Abah mbacutake anggone nyepedha yumuju menyang kantor desa. Nalika kuwi angin esuk krasa seger nambahi semangate Abah anggone nyepedha nerusake laku.
Sepedhane Abah wis suwe mlakune ninggalake padhukuhane, saiki dalane wiwit menggak-menggok , munggah-mudhun. Tenagane Abah wis suda genjotane sepedha alon. Sedhela-sedhela mudhun saka sepedhane amarga dalane munggah. Yen nuju dalane medhun Abah numpak sepedha maneh.
Saiki Abah wis tekan dalan sing rata lan alus, lumayan wis ora munggah mudhun maneh. Dumadakan keprungu swara bekus saka mburi bareng ditoleh jebul kebo mbedhal. Sajake kebo kuwi ucul saka kandhange mberot saka dhadhunge.
Weruh kebo sing lagi mbedhal kuwi Abah terus nyepetake genjotanesepedha. Dhasare dalane rata mula lakune sepedha dadi banter banget. Ing sajroning rasa trataban kuwi Abah kurang waspada manawa ing sangarepe ana watu cilik. Watu cilik ketendhang roda ngarepe njalari sepedhane kebanting, Abah tiba glasaran, brug.









Gambar 6.3
Abah tiba saka sepedhane
Abah tiba ana suketan
Sepedhane ana tengah dalan
 
 












Abah tiba, untunge tibane ana suketan pinggir dalan. Sepedhane mlayu menyang tengah dalan , rahayune ora ngepasi ana kendharaan liya sing liwat. Abah krasa lara lan njarem awake. Alon-alon Abah tangi saka tibane noleh buri wis ora ana kebo sing ngoyak. Abah ilang rasa was sumelange ganti rasa lara lan nggresula.
Abah age-age ninggalake papan kuwi. Kanthi ngrekasa Abah nangekake sepedhane. Nanging,  bareng sepedha ditumpaki jebul ban ngarepe gembos. Abah nggresula maneh, menyang ngendi sing arep golek tukang tambal. Gelem ora gelem Abah kudu nuntun sepedhane sing gembos kuwi alon-alon.Ya, muga-muga panggonan tukang tambal ban ora adoh saka papan kene.









Gambar 6.4
Panggonan tukang tambal ban
Sepedhane Abah ditambal ban ngarepe
Abah nunggoni
 
 












Udakara sekilo meter anggone nuntun sepedha, Abah nemokake tukang tambal ban ing pinggir dalan. Ngepasi tukang tambale sela ora ana sing di tambal mulane sepedhane Abah terus digarap. Dhisik dhewe ngetokake ban jero, dipompa terus dirambang lagi ketemu endi sing bocor. Sabanjure dikerok pas sing bocor nuli diwenehi lim karet terus dipres lan dipanasi nganti mateng.
Pancen wektu iki abah lagi diuji kesabarane. Amarga sawise diuyak-uyak kebo terus tiba durung mari larane kudu nuntun sepedha marga bane bocor, kamangka isih adoh papan sing dituju.
Sawise tambalane ban rampung, Abah terus mbayar lan mbacutake laku. Dheweke kudu mbanterake lakune amarga selak kentekan wektu, muga –muga kantore desa durung tutup.
Bareng wis tekan dalan cawang loro Abah dadi bingung pikire, ora bisa milih endi dalan sing anjok kantor desa. Abah wis lali dalane amarga ya wis sawatara suwe ora menyang kantor desa. Dhasare ing dalan mau ora ana pituduh apa-apa.Abah milih dalan sing mangiwa, kanthi pangajab muga-muga ora kleru anggone milih. Suwe banget anggone nyepedha Abah ora nemokake kantos desa. Rasa kuwatire anjalatri Abah medhun saka sepedhane nemoni pawongan sing lagi mlaku ana pinggir dalan. Abah nakokake endi dalan sing ngener menyang kantor desa.
“Nyuwun panganpunten Mas, menapa kantor desa tasih tebih?”
“O...menika sanes mergi dhateng kantor desa, Pak.”
“Lha...terus pundi dalane sing leres, nggih?”
“Anu pak, panjenengan wangsul malih mawon,mangke wonten pratigan panjenengan mendhet ingkang lurus mawon.”
“Adhuh...kleru aku. Inggih matur nuwun Mas.”
Abah cengkelak bali muter sepedhane manut arah sing dituduhake pawongan nom-noman mau.Muga-muga iki ora kleru.
Ganti sing dicritakake lakune abah kapunggel semene dhisik nonton kahanan ing omahe Abah.
Wancine bedhug tengange Kabayan wis mulih saka sawah. Lagi wae nyelehake pacule dumadakan krungu wong petrek –petrek.
 “Kabayan Abahmu kuwi kepiye?”
“Abah kenging menapa?”
“Piye ta kowe kuwi? Abah nganti saiki durung bali, kamangka wis patang jam anggone budhal saka ngomah menyang kantor desa.Mengko gek ana apa-apa Abahmu?. Atiku kok ora kepenak.”
“Lha kula, kedah kados pundi, mbok?”
“Ya, susulen menyang kantor desa, mbok manawa ana apa-apa!”
“Inggih, lajeng kula mangke numpak menapa? Lha wong sepedhane mpun dibeta  Abah.”
“Ya sakarepmu, bakune kowe kudu mapag Abah, Mbok manawa nemu alangan ana dalan.”
“Inggih,mbok.”
Sawise ganti klambi lan kathok Kabayan age-age nusul Abah menyang kantor desa. Sawatara anggone mlaku wis tekan pangkalan tukang ojek . Karepe arep numpak ojek dumadakan ana mobil pickup liwat. Sabrebetan sopire kaya Oman.
Kabayan ngawe –awe supaya mobil kuwi mandheg. Oman ngerti manawa sing ngawe mau Kabayan mulane age-age dheweke ngidak rem mobile lan nyuda porsnelinge tekan netral . Oman mandheg ana ngarepe Kabayan.
“Ana apa Kabayan?”
“Kowe arep menyang ngendi?”
“Arep menyang ngomahe sabar, urusan wedhus.”
“Sing omahe cedhak kantor kepala desa kuwi?”
“Iya.”
“Yen ngono maku melu.”
“Ya, ayo . Arep menyang ngendi?”
“Menyang  kantor desa Nusul Abah. Kabayan munggah mobil”
 “Piye critane ,kok nusul Abah menyang kantor desa?”
Kabayan terus nyritakake wiwitane ana tamu petugas desa , Abah diaturi numpak ojek ora gelem amarga pengin ngirit nganti tekan Kabayan dikongkon nusul.
Udakara limalas menit anggone padha jagongan ana njero mobil pickup dumadakan weruh pawongan tuwa numpak sepedha.
“Lho... lha kae rak Abah,ta Man. Mandheg dhisik!” Pakone Kabayan karo nuding wong tuwa sing katon ana ngarep rada adoh.
Bareng wis tekan sangarepe Abah, Oman ngendhegake mobile.Kabayan age-age mudhun saka mobil, terus nyedhaki Abah.
          “Abah, sampun dhateng kantor desa dereng?
          “Wah...Bener kowe, Kabayan. Ngertiya aku mau numpak ojek.”
“Wonten menapa ta ,Bah?”
“Mau ana dalan sing rata kae aku diuyak kebo edan. Terus aku kesusu gugup, sepedhane dak genjot banter jebul ngarepan ana watu cilik. Dak singkiri ora nyandhak terus dak terak ngono  wae. Ngertiya sepedhane mlumpat aku ora bisa ngendhaleni terus tiba. Lha iki ta bokongku lara. “
“Lajeng...”
“Aku tangi krengkengan arep nyepedha, jebul banku ngarep bocor, Lha... kapeksa dak tuntun sepedhane. Nganti sekilo dohe lagi ana tukang tambal. Bareng wis rampung terus aku numpak sepedha maneh, dak banterake nyepedhaku. Tekan pratelon aku lali dalane, kudune nengen aku njupuk dalan sing ngiwa. Untung mau ana cah enom sing ngandhani , aku terus cengkelak balik ketemu kowe iki.”
“Dados Abah dereng dumugi kantor desa?”Pitakone Kabayan mesake nanging ngguyu jroning batin.
“Ya durung,”
“Lajeng napa sios tindak kantor desa?”
“Lha piye ta? Ya kudu. Wis tekan kene , masa arep mulih.”
“Piye, Man?” Pitakone Kabayan marang Oman.”
“Unggahna sepedhane menyang bak mburi, terus kowe munggaha kono!, Abah kareben ana ngarep karo aku.”
“Iya, dak uruse sepedhane.”
Sajak rada pekewuh Abah numpak mobil lan lungguh ana sisihe Oman, dene Kabayan nyekel sepedha ana bak mburi. Mobil terus mlaku uda kara limang menit wis tekan kantor desa.
Bareng urusane Abah wis rampung, Oman ngajak menyang omahe Sabar kancane blantik wedhus. Oman ana omahe Sabar mung sawatara wektu wis rampung urusane. Wong telu terus padha mulih. Abah banget matur nuwune marang Oman.


 


7.Pakaryan Ijol Gawean
A

na ing saben mangsa udan, among tani padha nampa kanthi senenging  atine , amarga ya ing mangsa udan kuwi among tani wiwit duwe pengarep arep bisa nggarap sawah lan nenandur. Akeh pakaryan sing kudu ditandangi, wiwit macul, mluku lan nggaru terus ngelepi sawah satemah lemah sawahe bisa ditanduri kanthi becik.









Gambar 7.1

Pacul gumlethak ana sawah sing isih akeh damine
Kabayan thenguk-thenguk ana gubuk.
 
 












Esuk umun-umun  Kabayan wis budhal menyang sawah nggawa pacul. Wektu iki Abah ora bisa ngewangi, amarga wis lunga wiwit bangun. Kandhane Abah arep tindak pasar. Ateges Kabayan kudu macul dhewekan. Satekane ing sawah, lara mbelere Kabayan kumat. Sanajan sawahe mung patang pathok, nanging panggarape bisa pirang-pirang dina. Apa maneh mung dhewekan, mbok manawa digarap seminggu lagi bisa rampung.
          “Ah...”Kabayan awang-awangen nyawang sawah jembar kuwi. Pacul sing digawa krasa abot. “Piye ya iki? sida macul apa ora?” Kabayan bingung dhewe, durung sida macul dheweke wis lemes. Pacul sing digawa diglethakake ana sawah terus dheweke menyang gubuk arep lungguhan karo ngulati bebek saba.
          “Beja banget bebek-bebek kuwi. Gaweane mung mangan karo dolan. Beda karo aku, butuh mangan wae kudu macul dhisik.”
          Bagaskara wis mijil saka jagad wetan wiwit ngatonake sunare. Mratandhani wayahe wiwit nyambut gawe . Kabayan ngalamun ana gubuk pinggir sawah, embuh apa sing lagi dipikir. Kamangka pakaryan wis nunggu ana ngarepe. Dumadakan keprungu swara mesin.
          Swara gumuruh saya suwe saya banter nanging dudu swara mobil. Kabayan noleh kiwa tengen nggoleki sumbere swara kuwi. Wusanane Kabayan weruh ana traktor sing bakal liwat sacedhake. Kabayan saya kaget bareng weruh sing nglakokake jebul Ade tangga ing ngarep omahe.
          Ade ngawe-awe tangane saka dhuwur traktore nalika wis tekan cedhak gubuge Kabayan. Nuli mudhun nyedhaki Kabayan.
          “He...lagi ngapa kowe ,Kabayan?’
          “Ya, biasa . Arep nyambut gawe.”
          “Arep macul, ta?”
          “Ya bener, lha kowe arep ngapa?”
          “Lha piye ta kowe kuwi?”
          “Arep nggarap sawahku nganggo traktor.”
          “O..ngono,ta.”
          “Kabayan, yen kowe nggarap sawah nganggo paculmu kuwi mbok manawa wektune suwe banget tur ngeselake awak, nanging yen nggarap sawah nganggo traktor iki bisa cepet. Kajaba kuwi kapan majune yen mung nganggo pacul, tekan tuwa ora bakal kelakon.”
 “Kepiye sing ta karepake, Ade?’
“Ya, yen nggarap sawah nganggoa traktor kaya ngene iki.!”
“Saka ngendi, duwe traktor ngono kuwi, kebo wae ora duwe.”
“E. Ora kudu tuku, Kabayan.”
“Lha terus saka ngendi? Nyolong? Ora mungkin ,De.”
“Bener ora perlu tuku. Mung nyewa menyang Dinas Pertanian.”
“O...ngono.”
“Apa asile luwih apik, De?’
“E, aja ngremehake. Traktor iki bisa nggarap puluhan pathok sawah sajrone sedina.”
“Wah, hebat, yen ngono.bisa dibuktekake?”
“Kena apa ora, etungen sawhku kae, limang pathok ta, kae mengko dak garap suwene rong jam, mesthi wis rampung.”
“Wah elok kuwi, aku oleh melu?”
“Oleh wae, ayo.!”
Bareng wis rampung anggone nerangake Ade terus miwiti nggarap sawahe sing gunggunge limang pathok. Kabayan melu ngamping-ampingi Ade nyetir traktor.Saeba gumune kabayan bareng weruh tandang gawene traktor kuwi sing pranyata pancen cepet. Cepete traktor anggone mluku ngungkuli kebo sepuluh pasang. Apa maneh manawa dibandhingake karo tenagane manungsa.
Ora uwis –uwis Kabayan ngalem tandang gawene traktor kuwi nganti ora krasa wektune wis rong jam. Sawah limang pathok wis rampung diluku.
“Ade, apa oleh aku njaluk tulung kowe?”
“Apa? Kon nggarap sawahmu sisan?”
“Lha iya, lah.”
“Ya, ora apa-apa, wong sawahku ya wis rampung. Saiki giliran sawahmu, paling siji setengah jam wae wis rampung.”
“Bener, Ade?”
“Iya ayo. Traktore digawa mrana.”
Ora let suwe traktor kuwi wis tekan sawahe Kabayan, nuli miwiti nggarap . Sepathok mbaka sepathok sawah kuwi diluku ngganggo traktor, lan asile luwih rapi katimbang nganggo kebo utawa dipaculi. Kabayan dadi saya nggumun.
Watara siji setengah jam sawahe Abah wis digarap kabeh kanthi luwih apik. Kabayan atine seneng marga ora sida kesel maculi sawah.
“Lha, saiki wis rampung gaweyane, Kabayan.”
”Adhuh matur nuwun Kang Ade.”
“E, ora cukup mung matur nuwun.”
“Lha piye ta, Kang?”
 “Tukone bensin karo sewane traktor rongatus ewu  endi?”
“Adhuh, kepiye iki, aku ora duwe dhuwit semono akehe.”
“Hm...pancen kowe wiwit beyen ora








Gambar 7.2

Kang Ade nggarap sawah patang pathok nganggo traktor
Kabayan nunggoni ana sacedhake
 
 





nate duwe dhuwit.” Kandhane Kang Ade karo ngguyu.
“Ya, pancen ngono, Kang.”
“Ngene wae, Kabayan. Mengko yen wis tekan ngomah bubarf mangan awan kowe menyanga omahku, Aku ewangana masang gendheng.!”

“Iya, Kang. Apa wae sing ta prentahne dak tandangane.”
“Ya, wis ngono wae, Aku saiki dak mbalekake traktor menyang Dinas Pertanian. Aja lali piwelingku.
Ade terus nyetir traktor tumujun menyang Dinas Pertanian, dene Kabayan bali lungguh menyang gubuke. Kabayan rumangsa sneng atine amarga wis karampungan gaweyane tanpa nganggo ngetokake kringet. Ora krasa jebul wektune wis bedhug tengange. Dumadakan Gemi bojone nusul menyang sawah, gawa rantang isi sega lan lawuhe.
Gemi bareng weruh sawahe wis rampung diluku gumun atine njibleng sarendheng amarga lagi iki sawahe digarap ora nganti sedina wis karampungan. Ora mung sepathok sing digarap nanging  patang pathok kabeh wis diluku kanthi tumata rapi. Pancen elok tenan tandang gawene Kabayan bojone kuwi.
“Wah, elok, Kang Kabayan.Wis dhewekan bisa maculi sawah , ora mung sepathok wae malah patang pathok rampung kabeh wektune mung setengah dina, Wah bagus tenan kowe ,Kang.”
“Sapa? aku, kok. Kabayan bojone Gemi.” wangsulane Kabayan karo ndhodhogi dhadhane kebak mongkoke.
“Ya , ora rugi aku repot-repot ngirim panganan mrene.”
“Mula aja nyepelekake Kabayan. Mbelgedhes, klathung.”
“Ah, sapa sing kandha ngono? Aku durung nate kandha ngono.”
“Tenane, genah saben dina kowe karo Simbok kerep ngece aku.”
“Ah, aja dileboke ati, kuwi mung srana aku nresnani Kakang.”
“Nresnani kok mung nesu-nesu wae.”
“Ya wis. Aja di kandhakake maneh, saiki ayo mangan dhisik.”
“Ya, ayo, mangan wong loro.!”
Kabayan mangan karo bojone katon enake. Dhasare segane pulen lawuhe enak  atine seneng, Nambahi katon sayuke Kabayan karo bojone.Sabubare mangan Gemi terus tata-tata arep mulih.
“Apa sing arep digarap maneh, Kang?”
“Ah,kareben sawahe keleban banyu dhisik supaya luwih subur.”
“Yen ngono...?
”Aku arep mulih dhisik, ana gaweyan ngomah sing nunggu.”
“Gaweyan apa?”
“Uwis ta, mengko rak ngerti dhewe.”
Kabayan karo Gemi bojone nuli mulih bebarengan. Gemi nyangking rantang dne Kabayan mikul pacul lan nyangking arite.
Sawetara wektu sakloron wis tekan ngomah kanthi slamet. Kabayan nyelehake pacul lan arite dene Gemi nyelehake rantang ana gandhoke. Bareng wis jagongan sawetara Kabayan pamitan arep menyang ngomahe Ade, tangga sangarepe omah.
“arep ngapa menyang omahe Kang Ade, Kang?”
“Arep ngewangi masang gendheng anyar.”
“E, ora salah kuwi?”
“ Ora wong ayu. Endi capingku? Aku arep mangkat.”
“Wah... Hebat. Ya dak jupukake.”
“Matur nuwun, ya.”
“Nganti tekan jam pira?”
“Ya mesthine tekan surup.”
Ora ngemungake aaagemi sing gumun,nanging uga Abah lan Simbok. Abah sing lagi rawuh saka pasar dicaoasi pirsa owah-owahane Kabayan age-age nginguk saka cendhela.
“Panjenengan pirsani Bah! Kang Kabayan sampun benten sanget kaliyan kala emben.” Ature Gemi karo nuding Kabayan sing lagi masang gendheng ana ngomahe Ade ngarepe.









Gambar 7.3

Kabayan masang gendheng ana payon omahe Ade
Abah karo Gemi nonton saka kadohan karo tudang tuding.
 
 












“Wah...ya bener. Mbok . Saiki mantumu wis sregep ora kaya dhek emben sing mbeler.”Ngendikane Abah karo nuding Kabayan.
“Abah, mbok manawa sing ngandhani mau bengi.”
“Ora.Aku mung ngandhakake sawah karo udan sing meh teka.”
“Ingkang elok malih, Bah. Setengah dinten kala wau Kang Kabayanh sampun ngrampungaken anggenipun nggarap sabin sekawan pathok,”Ature Gemi mongkok.
“Iya,..terus.”
“Samenika, piyambakipun tasih gadhah wekdal kangge ngrencangi tanggi. Menika elok snget, Bah.Dereng nate ngaten sadangunipun menika”
“Nanging aku rada crubiya.”Ngendikane Abah.
“Lho , kok ngaten Bah.”
“Kuwi ora nalar ,Mi.”
“Mboten nalar kados pundi Abah?”
“Adat saben sawah patang pathok kuwi yen digarap wong loro, patang dina lagi rampung terkadhang malah seminggu.”
“Ateges menika satunggaling keajaiban?”
“Embuh ya, sesuk aku dak takon Kabayan.”
“Manawi mboten pitados, saged mbuktekaken tindak sabin.”
“Ora ngono, Mi. Abah iki wis puluhan tahun nggarap sawah. Lan wis ngerti kekuatan Abah karo kekuatane Kabayan. Durung nate aku wong loro bisa ngrampungake sawah patang pathok kae sajrone rong dina, apa maneh mung setugel ari.
“Inggih, kula inggih mboten ngertos, Bah.”
“Kareben Kabayan njelasake prekara iki.”
“Inggih dipun tengga manawi sampun wangsul.”
Bareng Kabayan mulih , Kabayan terus adus mangan lan lunga maneh menyang ngomahe Ade dadine durung ana wektu jagongan. Malahan Gemi uga durung bisa takon apa bengi-bengi arep masang gendheng? Gemi mung bisa gedheg-gedheg. Nganti tekan jam pitu Kabayan durung mulih.
“Apa maneh ya sing tandangi Kabayan?”Pitakone Abah.
“Kirangan,Bah. Mbok manawi pakaryan sanesipun.”
 “Aku gumun karo semangate Kabayan saiki, elok tenan. Kaya ngapa mbelere dhekemben. Nyambut gawe sadhela, nyebut ngelih, ngelak,ngelu kesel.”
“Naminipun tiyang menika tansah ewah gingsir, Bah. Panjenengan pirsani, dinten menika mboten tansah siang nanging lajeng gantos dalu.Dalu gantos injing salajengipun.”
“Ya, aku ngerti. Mung owah-owahan iki apa sababe?”
“Leres menika ingkang dereng mangertos.”
Sakarone terus padha meneng ora ana guneman apa-apa.dheweke kepengin ngerti apa sing njalari Kabayan dina iki ana owah-owahan. Jagongane wong loro ganti ngrembug prekara liyane.
Sawetara wektune ora krasa jarum jam wis mlaku nganti jam sepuluh. Katon kesusu Kabayan mlebu omah liwat kori ngarep.
“Wah..durung padha turu, ta?”pitakone Kabayan sajak loyo.
“Apa sing digarap ana omahe Ade, Kabayan? Pitakone Abah.
“Ngrancangi Kang Ade, Bah.”Wangsulane Kabayan karo lungguh.”Mi, tulung aku jupukna wedang!”
“Iya, Kang.”Wangsulane Gemi karo ngadeg njupuk wedang menyang mburi kanggo bojone.
“Cekap kathak damelan ing griyanipun Kang Ade.”Wangsulane Kabayan sawise ngombe wedang anget sacangkir saka Gemi.
“Kenging menapa Abah mundhut pirsa ngaten, Lha rak gesang menika kedah tulung tinulung ? Tanggi mbetahaken pitulungan ,mesthi kemawon kula rencangi kanthi remen.”
“Coba terangna kena apa kowe nyambut gawe nggone Ade!”
“Ya, aku ngerti. Nanging kowe mesthi duwe alesan sing gumathok geneya kowe gelem ngewangi masang gendheng lan isih ngapa-apa maneh.”
“Nata kamar ngajeng ,Bah?”
“Ya becik lah, yen kowe wis owah ora kaya dhekeben. Awake dhewe pancen kudu tulung tinulung karo tangga.”
“Inggih, kula wiwit sinau, Bah.”
“Ya, becik, nanging aku rada cubriya.”
“Cubriya menapa,Bah?”
“Jarene sawah patang pathok kae wis ta garap mung butuh wektu setengah ari. Apa bener?”
“Inggih, Bah. Kula suwun mirsani piyambak.”
“Aku dudu bocah cilik, Kabayan. Kekuatanmu wae aku ngerti, ora mungkin kowe bisa ngrampungake nggarap sawah patang pathok mung wektu setengah dina. Ora nalar.”
“O...Abah mboten pitados?”
“Pancen ora percaya.”
“Inggih, kapeksa kula mbikak wadi.”
“Wadi apa Kang?”Pitakone Gemi.
“Ngaten, Bah. Supados sedayanipun mboten gadha panginten neka-neka. Kula ngrencangi Kang Ade kangge lintu damelan.”
“Ijol gaweyan piye ta, Kang?”
 “Kang Ade wis ngewangi aku nggarap sawah. Lha aku genti ngewangi masang gendheng, ngecet tembok , kusen lan kori.”
“Nggarap sawah piye ta, Kang?”
“Karepku ora ngewangi macul nanging nggarap sawah nganggo traktor. Lha kanthi traktor kuwi anggone nggarap sawah mung sedhela wae bisa karampungan. Lan kanggo ijole bensin , sewane traktor karo opahe sopir aku kudu mbayar Kang Ade. Ngerti dhewe ta , aku ora duwe dhuwit kanggo mbayar. Lha pinangka bayare kabeh mau aku kudu ngewangi Kang Ade sajrone telung dina urut-urutan.”
“O...ngono,ta. Ujare Abah, simbok lan Gemi meh bebarengan.
“Lha ngaten menika ,Bah. Kula kaliyan Kang Ade sami Ijol Pakaryan nganggo gawean ingkang nguntungaken.


 





8.Gara-gara Pager
P

Ekarangan antarane omahe Abah lan Ajun ora ana pager  watese. Mulane pitike Ajun bisa mlebu metu menyang pekarangane Abah. Semono uga wedhuse Abah uga asring nyelonong menyang pekarangane Ajun.
          Kebeneran wedhuse Abah wis didol, satemah sing kerep mlebu metupekarangane Abah ora liya mung pitike Ajun. Dhasare pitik ora duwe tatakrama. Saben menyang pekarange Abah mesthi notholi sarta ngorak arik tandurane Simbok lan Gemi arupa  sayuran  lombok lan liya liyane. Mulane kerep dadi jengkele Simbok lan Gemi.
          Ing sawijining dina nuju arep ramban ing pekarangan , gemi kaget amarga sing dirambani ora ana, wis ludhes kabeh diorak-arik lan dipangani pitike Ajun. Ora saranta Gemi nglabrak Ajun.
          “He, Kang Ajun. Sampeyan  kudu tanggung jawab!” Pakone Gemi ana ngarepe Ajun.
“Tanggung jawab apa nyi?”
“Delengen, pitikmu mlebu menyang pekaranganku!”
“Lha terus piye?”
“Pitik-pitik kuwi wis ngrusak tanduranku. Dadi sampeyan kudu tanggung jawab ngijole tanduranku.”
“E..e. mengko dhisik, Mi” Kuwi dudu salahku, nanging salahe pitike, dudu uwonge”
“Ora bisa, Kang. Sampeyan sing duwe pitik kuwi, mula Sampeyan sing kudu tanggung jawab.”
          “E..Nyi. Aja nyalahke sapa-sapa salahna bojomu dhewe sing ora gelem gawe pager pekarangan. Coba yen gelem gawe pager, aku jamin pitikku ora bakal mlebu pekarangmu.”
          Dhasar wong ora tanggung jawab, Awas yen pitikmu mlebu pekaranganku dak beleh mengko.”
“Coba yen wani. Dak laporke menyang Pak RT, mengko.”







Gambar 8.1

Ajun thenguk –thenguk ana ngemper omahe
Gemi teka ana ngarepe nesu-nesu
 
 











          Wusanane Gemi mulih menyang omahe kanthi rasa mangkel. wiwit biyen pancen Ajun kerep pasulayan karo kulawargane Abah. Ana wae prekarane, malah perkara sing sepele wae bisa dadi pasulayan.
          Udakara jam telu awan Abah lan Kabayan wis padha mulih saka sawah. Kabayan gumun ngulati polatane  bojone rada  mbesengut, kaya ana perkara sing gawe mangkel atine.
          “Ana apa, Mi? Ora ana udan kok ana mendhung?”
          “Iki kabeh gara-gara Kakang.”
          “Lho, kok. Gara-gara aku?”
          “Iya , amarga Kakang ora gelem gawe pager wates.”
          “Pager wates sing endi?”
          “Antarane pekarange Kang Ajun karo pekarangane dhewe.”
          “Lha terus apa, gandheng cenenge antarane praupamu sing mbesengut karo pager?”
          “Ngene Kang , aku mau bubar padu karo Kang Ajun. Critane ngene...”Gemi nyritakake mulabukane padu karo Ajun.
          Kabayan manthuk-manthuk sajak mangerteni mangkele Gemi.
          “Ah...Sebel aku. Kakng mung manthuk-manthuk wae.”
          “O...Lha aku kudu piye , wong ayu?”
          “Ya prekara kuwi kudu dirampungake.Gaweya pager wates!”
          “Apa kudu aku sing gawe?”
          “Ya, mesthi wae, Kang. Masa kongkon Abah.”
          “Aku duwe penemu liya , Mi.”
          “Penemu sing kepiye?”
          “Sapa sing salah dhisik? Lha rak pitike Kang Ajun , ta?”
          “Bener, terus.”
          “Mula,kudune Kang Ajun sing gawe pager, dudu awake dhewe.”
          “Carane, kepiye, wong genah dheweke ora gelem?”
          “Ya dipeksa supaya dheweke gelem gawe pager. Coba pikiren, gara-gara dheweke kok awake dhewe sing diplekotho gawe pager?”
          “Nanging apa awake dhewe kudu padudon karo Kang Ajun?”
          “Ora perlu. Ngene wae , aku tukokna endhok pitik cacahe loro!”
          “Kanggo apa?”
“Uwis ta , tukuwa endhok dhisik.Aku duwe rancangan dhewe.”
“Apa Kakang arep merdhukun?”
“Ora.”
“Lha terus?”
“Pokoke tukuwa endhok pitik cacah loro.”
“Iya, Kang. Anggere prekara iki bisa dirampungake.”
Gemi age-age tuku endhok pitik cacah loro menyang warung sacedhake. Sabanjure endhok kuwi diwenehake Kabayan. Kabayan nampa endhok kuwi terus disimpen ana kamare.Gemi ora takon maneh, dheweke pengin ngerti apa sing arep ditindakake Kabayan.
Dina kuwi ora ana pasulayan antarane kulawargane Abah lan Ajun , amarga Kabayan wis ngelekake Gemi.
“Kabayan, pancene awake dhewe kudu gawe pager.” Pamrayogane Abah nalika padha jagongan ana kamar tamu.
“Menapa pemanggih menika sampun dipun penggalih lebet?”
“Dipikir piye?”
“Lha rak ingkang damel prekawis rumiyin Kang Ajun?”
“Terus?”
“Inggih piyambakipun ingkang kedah damel pager.”
“Lha, katimbang bojomu terus padu prekara pager.”
“Inggih, manawi Abah ngersakaken damel pager,mangk ekula damel, nanging cobi dipun tengga sadangunipun kalih dinten malih.”
“Lho. Ngapa ndadak nunggu rong dina maneh, Lha rak, luwih cepet luwih prayoga?”
“Ngaten, Bah. Kangge damel pager mbetahake deling kalihan paku tuwin kajeng ingkang mboten sakedhik, kamangka awakipun piyambak mboten gadhah arta kangge tumbas.Pramila kula nyuwun wekdal kalih dinten malih.Supados saget nyade jagung kangge tumbas pirantosipun kala wau”
“O, ngono ta. Ya aku sarujuk”
Wengi iku sawise Abah, Simbok lan Gemi padha turu, kanthi sesidheman Kabayan metu saka ngomah menyang wates pekarangane. Katon omahe Ajun wis sepi sajake sing duwe omah wis padha turu. Lingak –linguk Kabayan golek papan kanggo nyelehake endhok pitik sing wiwit mau wis digawa.
Wusanane Kabayan nemokake panggonan sing pener, yakuwi ing sangisore kunir tandurane Gemi. Endhok siji diselehake ana kono alon-alon. Sepisan maneh dheweke ngulati ngiwa nengen ora ana wong siji-siji wae sing  ngerti . Untung wektu kuwi ngepasi wulan purnama anjalari  kahanan ing jaba omah ora peteng banget.
Sawise kabeh rampung lan aman, Kabayan alon-alon mlebu ngomah maneh. Sawise nutup lan ngancing kori dheweke bali menyang kamar paturone. Ngulati bojone sajak angler turune mula dheweke terus mapan turu alon-alon ana sisihe Gemi bojone.
Ing wayah esuk wancine budhal menyang sawah Kabayan matur marang Abah.”Bah, kula bidhal kentun mawon.”
“Lha arep ngapa ta?”
“Kula badhe pirembagan kaliyan Kang Ajun rumiyin.”
“Ngati-ati ya, aja gawe pasulayan sing ora migunani!”
“Inggih, Bah.”
Sabanjure Abah budhal menyang sawah dhewekan nggawa golok babat. Sawetara kuwi Kabayan mlaku menyang pekarangan sisih omah. Pranyata bener kandhane Gemi. Tandurane sayuran ketok pating blasak morak-marik dicekeri pitik pirang pirang, pitike Kang Ajun. Dheweke weruh endhok sing mau bengi diselehake isih ana kono. Mripate noleh menyang omahe Ajun jebul durung ana sing metu.
Lha saiki wis tekan titimangsane Kabayan njupuk endhok pasangane mau bengi. Dheweke celuk-celuk Gemi kapara rada seru , pamrihe supaya kulawargane Ajun padha krungu.
“Mi, Gemi....Kowe ana ngendi?”
“Ana apa ,Kang,”Wangsulane Gemi karo metu saka gandhoke.
“Mrenea, aku nemu endhok!”
“Endhok apa, Kang?”
“Endhok pitik.”
“Walaaah, iya ta. Endhok pitik.”
“Awake dhewe untung  dina iki,Mi, ora ngingu pitik nanging oleh endhok.Wah ,, lumayan. Bisa kanggo gawe endhok ceplok.”
“Bener, Kang. Endi dak ceplokne.”









Gambar 8.2

Kabayan Ing pekarangane sisih kiwa, Ajun teka nyedhaki Kabayan
Gemi mlebu gandhok gawa endhok siji

 
 












Gemi terus gawa endhok menyang dhapur arep gawe lawuh endhok ceplok. Lagi wae Gemi mlebu gandhok , saka ngomahe Ajun metu sawijining pawongan. Pawongan kuwi ora liya Ajun, dheweke krungu kanthi cetha kabeh sing di omongake Kabayan karo bojone.
Mlakune Ajun sajak kesusu nyedhaki Kabayan.
          “He, Kabayan. Aku krungu kowe mau nemu endhok ?”
          “O..Iya bener Kang. Aku mau nemu endhok ana ngisor kunir tandurane Gemi kene iki. Saiki wis dak wenehake Gemi supaya diceplok.”
          “Ora  isoh, kuwi endhokku!”
          “He, wiwit kapan Kang Ajun isoh ngendhok?”
          “Dudu aku sing ngendhok, Belgedhes. Nanging pitikku.”
          “Mengko dhisik, ngendhoke iki mau ana pekaranganku”
          “Terus..?”
          “Ya mesthi wae dadi duweku.”
          “Sialan.”
          “Aturane ngono, ta. Tanduran sing mrambat menyang pekarangane wong liya yen awoh dadi duweke sing duwe pekarangan, dudu sing duwe tanduran, semono uga pitik?”
          “Kurang ajar!”
          “Dak laporke Pak RT Kowe.”
          “Ya , mangga, sakarepmu.”
          “Huh...” Rembuge Ajun karo ninggalake Kabayan.
          Wengi candhake Kabayan uga nindakake pakarya kaya wengi wingine. Dheweke nyelehake endhok sing kapindho ana panggonan sing beda karo wingine. Endhok sing kapindho diselehake ngisor tales.
Wayah esuk umun-umun Kabayan wis tangi saka turune tumuju menyang pekarangan marani endhok pasangane. Dheweke ora kepengin kedhisikan mungsuhe. Bareng wis tekan pekarangan Kabayan nyeluk Gemi kanthi sora. “Mi, Gemi. Iki lho aku oleh rejeki, nemu endhok maneh , ana pekarangane dhewe.” Ora let suwe Gemi nyedhaki Kabayan sing lagi nyekel endhok.
“Iya Kang, kaya sing wingi. Didadar wae ya, Kang.”
“Iya , kana ndang dadaren!”
“Iya, Kang.”
Bareng Gemi mlebu gandhoke genti Ajun sing nyedhaki Kabayan. Ajun katon mlorok mripate mloroki Kabayan kaya macan ngincer panganane.
“Ana apa, Kang Ajun?”
“Kabayan, delengen amarga ora ana pagere aku sing dirugekake. Amarga pitik-pitikku padha saba menyang pekaranganmu terus ningggalake endhok-endhoke.
“Lha piye karepmu?”
“Gaweya pager supaya ora ana sing dirugekake!”
“Lho. aja kleru. Sapa sing dirugekake lan sapa sing ngrugekake. Aku rumangsa ora rugi apa-apa. Malah enak pekarangan tanpa pager. Pitike sapa wae bisa mlebu-metu sakarepe dhewe. Aku diwenehi endhok saben esuk, bisa didadar kanggo lawuh, lumayan, ta?”
“Aja ngarep-arep endhok maneh kowe sesuk,Kabayan!”
“Lha ngapa, pancene?”
“Wiwit sesuk aku arep gawe pager. Pager sing rapet, supaya pitikku ora ninggali endhok kowe.”
“Ya terserah, Kang Ajun.”
Ajun ora maelu omongane Kabayan. Dheweke age-age ninggalake papan kono. Sawetara kuwi Kabayan uga ninggalake pekarangane saperlu arep budhal menyang sawah.
Dina esuke Ajun karo saperangan tukang kayu wiwit gawe pager saka kayu lan pring. Pagere digawe banget rapete supaya ora ana pitik sing bisa mbrojol menyang pekarangane Kabayan.









Gambar 8.3

Ajun karo tukang cacah telu gawe pager wates pekarangan
Saka kayu lan pring
 
 












Wayah sore Bagaskara ndungkap mlebu menyang kandhange , Abah lan Kabayan mulih saka sawah. Pager wates antarane pekarangane Abah lan Ajun wis dadi ngadeg kandthi bakohe. Sanadyan mung digawe saka kayu lan pring, nanging kekuatane lumayan. Paling ora bisa kanggo sasuwene rong tahun tekan telung tahun.
“He, Kabayan. Bengokane Ajun saka sisih pager pekarangane. Wiwit dina iki pitikku ora saba menyang pekaranganmu.”
“Iya kang Ajun. Aku percaya.”
“Kowe ora bakal nemu endhok maneh.”
“Ya, mesthi ora, Kang. Pagermu kuat lan apik banget.”
Ajun gumuyu kebak  seneng ngulati Kabayan sing dianggep tansah ngrugekake dheweke.Kabayan dhewe ora omong banter, mung manthuk –manthuk nyetujoni.
Nalika kuwi Abah uga melu nonton pager wates sing mentas digawe Ajun. Abah dadi gumun geneya Ajun sing maune ora gelem gawe pager pekarangan saiki malah semangat gawe pager sing bakoh.Nanging Abah emoh rembugan ana ngarepe Ajun supaya ora dadi pasulayan maneh. Abah kepengin ngerti apa sing diomongake Kabayan karo Ajun sing dadekake Ajun malik grembyang.
“He, Kabayan, ayo mlebu ngomah!”
“Wonten napa ,Bah?”
“Kowe ngomong apa karo Ajun, kok terus gelem gawe pager ?”
“Namung satunggaling strategi, Bah.”
“Strategi piye, wingi rak Ajun sing nuntut awake dhewe supaya gawe pager, lha kok malah dheweke sing gawe dhewe?”
“Leres, Bah. Kala wingi awake piyambak sing dirugekne amargi ayame ngrusak tanemane Gemi.”
“Lha apa ta , rugine dheweke wingi kuwi?”
“Kala wingi kalih wingine rak kula nemu tigan ping kalih wonten pekarangan.”
“Pitike Ajun sing ngendhok?”
“Mboten, Bah. Kula sing masangi. Lha piyambake rak rumaos rugi dipun kinten manawi ingkang ngendhok ayame piyambake.”
“O...Ngono,ta. Ateges dheweke kapusan.”
“Mboten, Bah. Namung kula akali.”
“Wah, hebat kowe. Sepisan bisa ngakali Ajun, ping pindho gawe supaya dheweke kapeksa gawe pager.Ping telu awake dhewe ora perlu ngetokake wragat kanggo gawe pager.Pancen ora duwe dhuwit. Ha..ha..ha. Apik kuwi. Ana –ana wae kowe kuwi Kabayan.”
Wusanane sawetara wektu kulawargane Abah lan Ajun ora ana pasulayan.



 















9.Sayembara Kreasi
C

Andhik ayu katon ing jagad wetan mratandani lamun bagaskara wus wancine jumedhul akarya padhanging rahina. Nuju wulan Agustus dina kamardikan Negara Republik Indonesia bakal dipahargya dening kabeh manungsa sing rumangsa handarbeni.







Gambar 9.1

Gemi njahit kebayak ana ngomahe
 
         











Wis pirang-pirang dina kepungkur iki Gemi tansah nandangi pakaryan anyar gawe kebayak. Pakaryan iku ditindakake kanggo ngadhepi sayembara kreasi ing tataran desa. Sayembara kuwi nyakup kabeh kegiatan sing ana ing masyarakat.
          Saben tahun Gemi mesthi melu sayembara kreasi sing dianakake dening Pamong Dina tanggap warsa Republik Indonesia (Panitia HUTRI) ing tataran desa. Pancen sayembara kuwi dianakake kanggo mahargya dina kamardikan Negara Republik Indonesia.
          Wektu iki Simbok ora bisa ngewangi Gemi, amarga tindak karo Abah niliki sedulure ing desa liya sing lagi lara. Ngerteni kahanan mengkono kuwi Kabayan rada was sumelang atine, wedi yen Gemi ora bisa ngrampungake anggone gawe kebayak ngepasi wektune. Manawa kadadean mangkono, andadekake sebutan gelar juara ucul saka tangane Gemi ing tahun iki.
          Saben-saben dianakake sayembara , Gemi tansah menang ,kanthi oleh pakurmatan mirunggan saka pamong. Kreasine tansah menangake sayembara tataran desa.Prekara iki bisa ndadekake mongkoke Kabayan lan kulawargane. Amarga kepengin bojone menangake sayembara ing tahun iki, mulane gaweyan gandhok ditandangi dheweke.
          Gemi ribut ngrampungake kebayak , sawetara Kabayan ngrampungake pakaryan ngomah. Nanging ing wektu kuwi nganti wayah awan kabayan durung nata omah kedadak ana tamu sing teka.Ora liya tamune mau Si Arjo.
          “Wah...kebeneran kowe ana ngomah , Kabayan.”
          “Ana apata, Jo?”
          “Ngene lho, aku arep nguras blumbang iwak. Wis wektune panen. Mrana mrene golek uwong kabeh padha repot. Akeh sing padha repot gotong royong  kanggo pitulasan.
          “Wah , lumayan yen ngono.”
          “Ya mesthi. Yen kowe ora ana gaweyan ayo aku diewangi.”
          “Ya, dak pamit bojoku dhisik.” Kabayan ngomong karo mlayu nemoni Gemi sing lagi njahit kebayak.
          “Mi, aku ora bisa ngewangi lho. Arjo njaluk tulung aku”
          “Lha, ngapa Kang karo Kang Arjo ?”
          “Arjo arep nguras blumbang iwak.”
          “O...Panen iwak ta , ya mangkata, aja lali mulih nggawa iwak?”
          “Ya, muga-muga ora lali.”
          Nalikane Kabayan lan Arjo ninggalake omahe, Gemi isih bisa nyawang sak lungane. Saiki dhewekan mbacutake anggone njahit.Apa bisa rampung dina iki?rasa-rasane abot kelakone.Adate Simbok sing ngesom, saiki kudu ditandangi dhewe. Pakaryan kuwi merlokake kataliten mula digarap kanthi alon-alon waton kelakon.
          Sawetara anggone padha lumaku nalika samana wis tekan njaban desa.”Ana ngendi blumbange,Jo?” pitakone kabayan.
          “Ana cedhak kali. Yen pengin cepet ya kudu nrabas.”
          “Lewat ngendi?”
          “Dalan iki menggok kiwa terus mbener.”
          “E..kono kuwi kayane ora ana dalane ta?”
          “Yen dalan gedhe pancen ora ana. Nanging isih ana dalan setapak.Medhun, tekan pinggir kali terus nyabrang. Udakara satus meter wis tekan panggonane.
          “Wah, adoh tenan, ya.”
          “Ya lumayan, Ayo mlaku  kareben cepet tekan.!”
          Sakarone padha mbacutake lakune. Wiwitane padha ngliwati lapangan jembar terus ngliwati dalan sing akeh watune .
          “Wah, piye carane medhun,Jo?”
          “Ya, terus wae mudhun alon-alon!”
          “Aku wedi,Jo.”
          “Yen wedi aja noleh mburi!”
          “Ya.”Kabayan terus medhun alon-alon rada wedi, dene Arjo wis tekan ngisor amarga dheweke wis kulina liwat kono.
          “Ayo, Kabayan cepet , ora sah wedi paling tiba!”
          “Aja ngono, Jo.”
          “Mulane cepet.”
          “Ora, jo. Aku wedi tenan, delengen sikilku gemeter.”
”Lha, apa perlu dak gendhong?”
“Aku wedi tenan iki,Jo.”
“Ora apa-apa, Anjloka wae, mung kari cedhak ,paling semeter.”
“Ora...nanging tak cobane.”kabayan ngulati ngisor jebul ya kari semeter jerone, tekan lemah miring kuwi.
“Wadhuh, kapusan  aku. Jebul kari semeter”
“Mula dadi uwong kuwi aja jirih.”
“Dasar jirih, ngene wae ora wani.”
“Ya wis, saiki ayo nyabrang kali iki!”
“Lha apa ora jero, kaline?”
“Ya jero jero, Ya golek sing cethek ta ya.”
Arjo terus golek papan sing cethek lan ngajak Kabayan.
“Lha kok ora ana kreteke , Jo?”
          “Lha ngapa, ta?”
          “Aku wedi, gek-gek iline banyu mengko banter, aku keseret.”
          “Wis dak kandani ,aja wedi.”
          “Ora, Jo, kowe dhisika!”
          “Lha mengko yen aku dhisik kowe malah dadi wedi.”
          “Ya wis aku tuntunen wae. Supaya ora wedi.”
          “Duwe bojo wae ora wedi, kok nyabrang kali wedi ki piye?”
          “Aja ngono ta, lha wong wedi tenan kok.”
          “Ya wis, saiki aku ana ngarep kowe ana mburi.”
          Bareng Arjo ana ngarep lakune dibanterake nganti let adoh karo Kabayan. Kabayan bengok-bengok karo mlaku sikile krasa gemeter, sumelang yen arep rubuh awake. Age-age Arjo golek akal.
          “Kabayan , kowe wedi ora, karo ula?”
          “Ya wedi, lha yen nyakot piye?”
“Kabayan, mburimu ana ula gedhe banget arep nyakot kowe!
” “Apa iya?”
          “Yen ora percaya noleha mburi!”
          “Emoooh...Aku wedi.” Bengoke Kabayan karo mlayu nututi Arjo. Mung sawetara wektu dheweke wis tekan tanggul.
          “Ha..ha...ha. “Arjo nggeguyu Kabayan.
          “Lha kok ngguyu, endi ulane?”
          “Ya wis mlayu, banter banget. Dhasare wong  jirih”
          “Aku mau diapuse, ta?”
          “Yen ora ngono ora tekan-tekan.ayo mlaku maneh”
          Ora let suwe anggone mlaku sakarone wis tekan blumbang iwake Arjo. Age-age dalane banyu dibukak miwiti nguras blumbang iwak. Banyune mili mlebu kali. Saya suwe banyune saya sethithik.Arjo wis nyepakake wadhah kanggo ngadhai iwak emase. Arjo ngisi wadhah –wadhah mau ngango banyu ilen-ilenan. Banyune mung kari sethithik Arjo lan Kabayan wiwit nyekeli iwak emas diwadhahi nganggo wadhah sing mau diisi banyu.









Gambar 9.2

Arjo lan Kabayan nyabrang kali
Kaline ana banyune tanggule dhuwur
Arjo ana ngarep adoh Kabayan ana mburi mlayu nututi
 
 











          Sarampunge anggone padha nguras blumbang iwak , Kabayan lan Arjo terus mulih liwat dalan gedhe amarga sakarone padha nggawa gawan iwak sing abot, manawa liwat dalan kuwi maneh mesthi ngrekasa banget . Bareng wis tekan ngomahe Arjo gawane padha diselehake. Kabayan terus pamitan mulih. Kabayan mulih digawani iwak emas udakara bobote telung kilogram.
          Wancine wis sore srengengene ana dhuwur gunung sisih kulon. Kabayan tekan ngomah dipapag bojone karo sajak rada gela atine.
          “Ana apa , wong ayu, kok rada gela?”
          “Awake dhewe wurung, Kang.”
          “Apane sing wurung?”
          “Delengen jahitan kebayak iki!”
          Kabayan gumun ndeleng jahitan kebayak sing semrawut.
          “Lho, kena apa jahitane semrawut, kaya ngene?”
          “Anu, Kang. Mau Lik umi mrene, nonton jahitanku iki. Bareng aku menyang mburi sawetara wektu. Lik umi sajake iseng pengin ngrampungake. Dadine kaya ngene iki.”
“Lha terus apa arep di bredheli?”
“Ya, wis ora ana wektu. Mbredheli iki butuh wektu sewengi, durung njahite maneh.”
          “Ya , wis ora apa-apa. Tahun ngarep wae melu maneh. Iki mau dak gawakake iwak emas telung kilo”
          “Kok akeh banget ,Kang?”
          “Ya, kuwi mau sing njupukne Arjo.”
          “Dak gawene pepes, ya Kang?”
          “Iya, kowe rak pinter gawe pepes ta?”
          “Yen ngono akau jupukna godhong gedhang ana mburi omah!”
          “Ya.” Jawabe Kabayan karo mlaku menyang buri omah.
          Saiki Gemi wis bisa nglalekake karo kebayake. Kawigatene tumuju marang gawe pepes iwak emas sing empuk enak lan mirasa. Pancen Gemi pinter masak apa maneh gawe pepes iwak emas, mesthi bakal gawe kangene sing padha mangan.
          Ing wayah  esuk adat saben Abah lan Kabayan budhal menyang sawah. Nanging amarga iki tanggal pitulas Agustus mulane Kabayan ora budhal menyang sawah, Abah ya durung bali saka omahe sedulure.
          Wancine Jam pitu esuk, Kabayan wis siaga bakal nonton perayaan pitulasan ana ngarep bale desa.
          “Mi, wis siap durung?”
          “Wah, isih suwe Kang. Durung adus lan durung dandan barang”
          “Yen ngono, aku dhisik ya? Kowe mengko bareng ibu-ibu.”
          “Ya, ora apa-apa. Nanging sarapan dhisik. Pepes iwak emase wis dak cepake ana meja, cobanen!”
          “Ya, aku sarapan dhisik.”
          Kabayan mangan dhewekan ana kamar tengah. Pranyata bojone gawe pepes iwak emas kanthi sampurna. Rasane enak mirasa, empuke temenan. “Wah...enak banget iwak iki.” Beja banget aku, duwe bojo pinter masak.
Sajroning sarapan kuwi dumadakan thukul penemune Kabayan sing pancen cemerlang. Dheweke age-age njupuk pepes telung linthing, diwadhahi nampan terus ditutup nganggo serbet. Nampan kuwi age-age digawa menyang latar kantor desa nguyak wektu.
          Udakara sejam, Gemi wis rampung anggone adus lan dandan , saiki wis siaga budhal menyang kantor desa. Sanadyan ora melu sayembara, nanging dheweke kepengin ngerti , sapa sing menang tahun iki. Gemi metu saka ngomah, durung tekan dalan wis ana Ibu-ibu sing padha bebarengan arep budhal sapa aruh.







Gambar 9.3

Kabayan dhewekan, rampung sarapan, ana kamar tengah
Njupuk pepes telung linthing diwadhahi nampan
 
         











          “Lho,Mi,durung mangkat ta?”Pitakone Bu Onah tangga cedhake.
          “Ya, aku saiki arep mangkat.”
          “Ayo bareng wae.!”
          “Ya ayo. Lha kuwi nggawa kembang kertas,Kanggo apa Nah?”
          “Iki arep melu sayembara, sapa ngerti mengko oleh juwara.”
          “Lha Saidah karo Dedeh nggawa apa kuwi?”
          “Iki, sulaman, yen Dedeh nggawa srabi ”Wangsulane Saidah.
          “Ateges wong papat iki sing ora melu, aku dhewe, ya?”
          “Lha ngapa, ta. Kadingaren?Paitakone Saidah.
          “Ya , amarga repot banget akeh gawean ngomah. Simbok ora ana ngomah, dadine ora ana sing ngewangi”
          “Wah, eman. Adat saben kowe rak mesthi oleh juwara siji.”Kandhane Dedeh.
          Saya suwe wong papat kuwi saya cedhak panggonan kanggo nganakake sayembara kreasi. Sawise dheweke padha masrahake asil karyane marang panitia terus padha nonton upacara ngerek gendera. Upacara ngerek genderane rampung terus dibacutake biwara pemenang sayembara kreasi.
          Sawijining pawongan maju menyang panggung terus macakake asile sayembara kreasi. Pawongan sing bakal mbiwarakake asil sayembara kuwi diarani Pambiwara.
          “....para sedherek , ingkang pikantuk juwara tiga, kanthi kreasi sekar rinonce inggih punika, Ibu Onah. Kasuwun pinarak majeng.”
          Onah maju rada kaget kanthi biwara kuwi amarga ora ngira manawa dheweke bakal menang.
          “Salajengipun, ingkang pikantuk juwara kalih , kanthi kreasinipun srabi rasa keju, inggih punika Ibu Dedeh. Ibu Dedeh kasuwun pinarak majeng nampi pakurmatan saking panitia.”
          “Melu bungah ,Dedeh, kowe oleh juwara. Kandhane si Gemi .
          “Salajengipun, ingkang pikantuk  juwara setunggal kanthi pepes ulam emas. Para sedherek ulam emas menika saget dipun tedha ngantos balung lan erinipun.Ingkang damel inggih punika satunggaling ibu. Ibu ingkang tansah pikantuk juwara ing saben tahun. Mboten sanes inggih punika Ibu Gemi. Ibu Gemi kasuwun majeng, saperlu nampi bebungah saking panitia”
          Saeba kagete Gemi bareng krungu biwara kuwi ,amarga dheweke ora rumangsa melu sayembara.
          “Jarene kowe ora melu sayembara,Mi. Lha kok oleh juwara?Pitakone Pitakone Saidah rada gumun.
          “Ya, pancen ngono.”
          “Nanging nyatane jenengmu dijeluk.”
          Saka panggung keprungu swara pambiwara ,”Sepisan malih kula aturi majeng ingkang kinurmatan Ibu Gemi sang juwara.”
          “Ayo cepet dang majuwa ,Mi. Galo kae dijeluk maneh!”
          Wusanane kanthi rasa sing ora karuwan Gemi maju menyang panggung. Dheweke bener bener bingung kena apa dheweke bisa dadi juwara, kanmangka ora melu sayembara. Kebayake wurung, nanging malah iwak pepese sing oleh juwara, bener-bener aneh.
          Keplokan tangan ambata rubuh , Gemi nampa pakurmatan lan bebungah saka panitia wujude piala lan piagam penghargaan. Keploke sing banter dhewe keploke Kabayan dhewe, amarga pancen dheweke sing masrahake pepese dhek esuk marang panitia.
          Nalika samono Abah lan Simbok lagi wae teka ana kono. Sakarone uga padha krungu ngenani biwara kemenangane Gemi.
          “Abah, kok aneh ya?” Pitakone Simbok marang Abah.
          “Apane sing aneh. Lha rak saben tahun Gemi oleh juwara?”
          “Ora ngono, Bah.”
          “Dhek wingi nalika awake dhewe budhal, Gemi gawe kebayak arep kanggo melu sayembara kreasi iki. Nanging dheweke kok malah oleh juwara masak pepes iwak mas? Aku dadi bingung, Bah.”
          “O...ngono. ta...? Wa... lha aku dadi melu bingung .”
          Dumadakan Kabayan nyedhaki Abah lan Simbok.
          “Abah lan Simbok mboten perlu bingung.”
          “Lha sing ora bingung kepiye ta, Kabayan...”
          “Ngaten cariosipun, Abah lan Simbok. Pancen sewaunipun Gemi badhe nderek sayembara damel Kebayak. Ewasemanten dumugi wekdal pungkasan pandamelipun, Lik Umi rekanipun ngrencangi njahit malah awon. Wusanane kebayake mboten saged dados.”
“Terus...”
“Lha , kala wingi sonten kula pikantuk iwak emas ingkang maringi Kang Arjo. Lajeng dipun damel pepes. Panci Gemi mboten badhe dherek sayembara menapa-menapa sasampunipunn kebayake gagal. Kula ingkang mbeta tuwin ngaturaken dhateng panitia.”
“Lan wusanane menang.”
“Inggih punika kasunyatanipun, Gemi mimpang.”
“Juwara sing ora nyana.”


 



10.Ajar Ngilang
M

Anungsa urip wajibe mbudidaya dene pepesthene gumantung marang karsaning Kang Maha Kawasa. Sugih mlarat mujudake pikolehe pambudidaya. Bandha donya satemene mujudake sarana kinarya ngundhakake syukur mring kang peparing. Paringan anak mujudake cihna lamun pinracaya dening Kang Nguwasani Loka.
Sawijining dina Kabayan dolan sanja menyang ngomahe kancane lawas, Jamin sawijining among tani sugih sing duwe pekarangan lan sawah amba. Jamin duwe anak siji umur sepuluh tahun jenenge Agum. Bocah lanang kuwi lucu lan ugungan, ndadekake Kabayan rada kepranan.
Sawise tekan mburi omahe Jamin , Kabayan weruh kandhang pitik sing gedhe, lan lumbung pari sing isi pari, asile panen wingi. Sugih tenam Kang Jamin iki, sanajan sugih nanging ora uthil malah kapara blaba karo kanca, kabukten wis akeh kanca-kancane sing padha dibantu dheweke.
Dumadakan Kabayan krungu swarane wong wadon sing jeluk-jeluk. “Agum....agum...kowe ana ngendi? Pranyata dheweke kuwi bojone Jamin. Sajake dheweke lagi nggoleki anake lanang. Agum.
Kabayan terus melu nggoleki , ana ngendi bocahe kuwi. Bareng tekan lumbung pari kabayan weruh ana sawijining bocah cilik udakara umur sepuluh tahun , lingguh thenguk-thenguk sakepenake.
“Apa kowe jenenge Agum?” Pitakone Kabayan.”
“Iya, lik. Lha Pak Lik sapa?”
“Aku , kancane bapakmu, jenengku Kabayan”
“O.. Iya, kanca sekolah, Lik?”
“Iya. Kowe apa ora krungu dijeluk ibumu,Gum?”
“Krungu nanging aku wegah ketemu Emak.”
“Lha, ngapa?”
“Paling-paling arep dikongkon nyambut gawe.”
“Nyambut gawe apa?”
“Ya , nata kamar karo amben.”
“Lha kuwi gawean entheng ta,Gum.”
“Ah, bosen. Enak yen dhelik terus mengko .....”
“Dolan.”
“Iya , Lik.”
“Katimbang ndhelik, mbok ngilang wae, Gum.”
“Ngilang piye, Lik.”
“Ngilang kuwi, ora weruh.”
“Dadine yen aku ngilang , digoleki ora bakal ketemu?”
“Iya ngono, Gum.”
“Apa Pak Lik bisa ngilang?”
“Pinter, aku.Apa pengin dak ajari?”
“Iya, Lik. Aku ajarana.”
“Ya , saiki goleka karung terigu sing resik.”
“O..ya, dak jupukne menyang gandhok.”
“Cepet, mengko dak wenehi mantra sing bisa ngilang.”
“Wah...seneng aku, “Omongane Agum karo mlayu menyang gandhok. Sajake Kabayan arep menehi pelajaran karo Agum. Bocah  watake meh padha karo Kabayan, Mbeler, malesan, seneng turu.
“Iki karung terigune, Lik.” Karung diwenehake Kabayan. Sajake karung kuwi wis dikumbah arep kanggo wadhah.
“Ya, saiki sadurunge digunakake diwenehi mantra dhisik.
“Piye mantrane,Lik?”
“Gampang, coba rungokna.! Bim salabim abragadaba, niyatingsun nganggo karung, supaya ora weruh. Terus nggedrug lemah ping telu”
“O.. ya. Gampang banget, Lik.”
“Coba balenana!”
“Bim salabim, Abraga...da..da.ka..bra.”
“salah, coba dibaleni sing bener!”
“Abragadaba.”
“Ya bener, terus piye?”
“Niyatingsun nganggo karung supaya ora weruh.”
“Saiki wis apal durung, Gum?”
          “Uwis lik.”
          “Ayo ndang dicakne kanggo ngilang!”
          “Ya, lik.”Agum terus njupuk karung. Sirahe dikrukubi karung , ya, mesthi wae ora weruh apa-apa.
          “Anu, lik. Aku ora weruh apa-apa.”
          “Ya mesthi wae. Kowe ora weruh wong liya ya ora weruh.”
          “Saiki dicoba kanggo njupuk panganan apa wae. Digawa mrene terus dipangan karo aku ana kene.”
          “Iya...lik”









Gambar 10.1

Kabayan ngajari ngilang 
Agum bocah lanang cilik umur 10 tahun
sirahe ditutupi karung terigu ana cedhak lumbung pari.

 
 








         



          Agum terus menyang dhapur arep njupuk panganan. Gandhoke lagi sepi ora ana sapa-sapa. Dheweke clilang cliling  nggoleki panganan, weruh lodhong isi emping terus dicedhaki.
          Ora sranta Agum maca mantra saka Kabayan lan nganggo karung ing sirahe nggawa emping sak lodhonge. Mripate ora weruh apa-apa. Mula dheweke mlaku alon-alon metu saka gandhok gawa lodhong isi emping tumuju lumbung pari.
          “Wah , gampang banget jebule.” Guneme Agum karo mlaku seneng atine.”Saiki Ibu mesthi ora weruh aku.”
          Ibune sing wiwit mau nggatekake dheweke tansah ngetutake saka mburine alon-alon.  “Mesthi kuwi Agum, lagi ngapa dheweke kok nggawa lodhong isi emping. Sirahe ditutupi nganggo karung?”
          “Mak, sapa sing nganggo karung kuwi? apa Agum?.”Pitakone Jamin marang bojone.
          “Sss.t aja seru –seru! Ayo ditutake wae, arep menyang ngendi kok nggawa emping salodhong.!”
          “O..ngono, ya ayo.”
          “Ngati-ati aja cedhak-cedhak, mengko ndhak dheweke ngerti!”
                   Dheweke padha ngetutake tumuju menyang lumbung pari. Ing kono wis ana Kabayan. Apa maneh gaweane Kabayan ana kono.
          Kabayan ngulati Jamin karo bojone terus weneh sasmita supaya padha nyedhaki  Agum saka sisih kiwa lan tengen.Agum saya cedhak karo lumbung pari. Sawetara wong tuwanee sakeloron ndelik ana kiwa tengene kanthi ora sabawa. Agum terus nyelehake lodhong emping lan nguculi karung saka sirahe alon-alon.
          “Lik Kabayan, Karung iki khasiate ampuh tenan. Aku bisa ngilang. Buktine aku njupuk lodhong emping iki mau ora ana sing padha weruh.Aku kudu matur nuwun banget karo Lik Kabayan sing wis menehi mantra ampuh.”
          Kabayan mung ngguyu tanpa kandha apa-apa. Dumadakaan saka kiwa lan tengene Agum jumedhul bapak lan ibune.
          “Lho kene kok ana Emak, lan kono ana... Bapak...saka ngendi?
          “Ya sawetara mau aku ngetutake kowe, Agum.wiwit njupuk lodhong lan nganggo karung ana sirah. Lan aku pengin ngerti menyang ngendi lungane karung mlaku mau. Ora ngertia menyang lumbung pari”keterangan ibune.
          “Aku ngerti karepmu pengin ndelik lan seneng-seneng karo Lik Kabayan,ta?Kandhane bapake.
          “Nanging ora bisa, yen pengin  mangan emping , apike dipangan bareng rame-rame, kuwi luwih enak. Iya ora?”
          “Kabeh padha gumuyu lan lungguh ana sacedhake lumbung pari karo mangan emping sing nggawa Agum. Agum dhewe rumangsa isin.
          Sawise empinge entek dipangan wong papat Agum takon karo Kabayan. “Kena apa Lik Kabayan mau ngapusi aku?”
          “Ngapusi piye, ta?”
          “Jarene yen aku nganggo karung kuwi, bisa ngilang.”
          “wis ta gatekke mantrane?”
          “Uwis.”
          “Coba piye unine?”
          “Bim salabim abragadhaba niyat ingsun nganggo karung supaya ora weruh.”
          “Ya bener ta ora weruh.”
          ”Lha kok bapak karo emak isih weruh?”
          “Gatekna ukara ora weruh. Sing ora weruh kowe kuwi.Amarga mripatmu ketutupan karung"
          “Apa ngono?”
          “Gatekna maneh ukarane nggon tembung ora weruh.”
          “O..iya, ya. mantrane salah, kudune ora padha weruh aku
          “Kowe diakali Agum.” Kandhane Jamin.
          “Lik Kabayan iki wong cerdik Gum.”Sambung ibune.
          “Wah...Lik Kabayan mau ngapusi aku.”
          “Gum, jaman saiki wis ora ana wong sing bisa ngilang kaya sing ta karepne kuwi. Aja percaya karo bangsane gaib ngono kuwi. Bisa-bisa kowe diapusi uwong.”Kandhane Jamin.”
          “Bener, le cah bagus. Awake dhewe ora bisa ngilang mung merga mantra satembung karo karung salembar. Kandhane Kabayan”
          “Ah, wegah aku kapusan maneh.”Omongane Agum karo mlayu ninggalake bapak ibune lan Kabayan.Wong telu kuwi padha gumuyu.
          Sawise sawetara wektu wis kecukup anggone Kabayan dolan sanja menyang ngomahe kancane kuwi. Kabayan terus pamitan. Sing duwe omah terus padha nguntapake Kabayan nganti tekan njaban omah, semono uga si Agum. Bocah cilik lanang kuwi malah pesen karo Kabayan.”Ngati-ati lik, aja turu ana dalan, mengko bisa ilang, lho.”
          “Ah, kowe ana –ana wae Gum.” Ya aku pamit dhisik.
          Kabayan tumuli mulih, lagi metu saka pekarangane jamin , wis ana angkutan umum sing liwat .Angutan umume mandhek terus Kabayan numpak angkutan umum kuwi. Kebeneran penumpange sithik mulane kabayan bisa numpak  kanthi kepenak. Saking kepenake anjalari Kabayan dadi keturon.
          Bareng wis suwe angkutane mlaku nganti tekan pentoge trayek, satemah angkutane mandheg , age-age keneke nggugah anggone turu. Kabayan kaget terus tangi saka turune sing angler.  Lingak linguk noleh ngiwa nengen jebul dheweke wis kliwat adoh.
          “Wadhuh aku wis kliwat adoh iki.”Kandhane Kabayan karo menehake dhuwit ongkose marang keneke.
          “Wis ora sah mbayar wae Kang. Dhuwite gawanen kanggo mbayar mengko.”
          “Ya matur nuwun.”      
          Kabayan terus golek kendharan sing tumuju menyang omahe. Ora let suwe ana kenek sing marani. “Ayo kang dang budhal , angkutan iki mengko liwat dalan cedhak omahmu!” Age-age Kabayan numpak angkutane kenek mau, jebul penumpange lagi sethithik. Kaya adate manawa penumpange durung kebak angkutane durung mlaku. Kapeksa Kabayan ngenteni karo nggresula.
          Sawetara anggone nunggu kabayan ngajak sopire supaya enggal budhal ”Ayo dang budhal, Kang.”
          “Sabar Kang. Ngenteni penumpang dhisik, sedhela maneh mesthi wis kebak penumpange.”
          Kabayan mung manthuk. Pancen suwe nunggu penumpange kebak. Rasane wis mangkel nanging tanpa daya. Nganti tekan wektune angkutane kebak penumpang. Kabayan lega atine amarga angkutane bakal mlaku. Angin sumilir sing mlebu liwat cendhela anjalari Kabayan kepenaken anggone numpak angkutan kuwi. Mulane Kabayan dadi turu angler.Kadadean kaya sing uwis kelakon maneh.
Sawetara wektu angkutan kuwi wis tekan pangkalan ojek sacedhake omahe . Nanging Kabayan ora medhun saka angkutan, Dhasare sopir lan keneke uga durung tepung karo dheweke, mulane angkutane ya ora mandheg.
          Bareng wis sajam saka pangkalan ojek , ana penumpang lima sing nyegat. Penumpang lima padha munggah angkutane dadi kebak, mulane sing padha turu digugah keneke. Kabayan tangi saka turune. Noleh ngiwa nengen  dadi bingung amarga dheweke wis kebablasen. Age-age Kabayan jaluk mudhun karo mbayar ongkose.
          Wis sawetara wektu Kabayan ngenteni durung ana angkutan sing liwat tumuju menyang pangkalan ojek mau. Dumadakan ana mobil pickaup liwat. Age-age Kabayan ngendheg mobil mau. Bareng mobile mandheg jebul sopire Oman.
“Lho kok kowe, Oman, saka ngendi?”
“Saka golek barang. Nanging ora oleh. Saiki aku arep mulih.Lha kowe dhewe arep nyandi?
“Arep mulih.”
“Yen ngono bareng aku wae.”
“Ya ayo.”
Kabayan mlebu menyang mobile Oman. Oman terus nyopir.
“Saka ngendi kowe?”
“Saka ngomahe Kang Jamin.”
“Piye Kabare Kang Jamin? Saya tambah maju, ta?Jampira sing budhal saka ngomah?”
“Iya, Jam pitu esuk.”
“Lha kok yah mene lagi tekan kene?”
“Ya, amarga aku lagi nampa musibah.”
“Musibah apa?”
“Nalika aku mulih saka omahe Kang Jamin aku numpak angkutan tekan pentoge trayek.”
“Lha kok bisa?”
“Lha aku turu.”
“Terus.”
“Aku golek angkutan sing liwat pangkalan ojek cedhak omah. Ana angkutan, aku terus numpak. Bareng numpak aku kebablasen maneh tekan kene mau.”
“Amarga keturon maneh?”
“Iya, Man.  Kuwi pancen amarga saka bodhoku.”
“Kuwi kabeh pancen musibah lan ora perlu digetuni, mula kuwi aku diutus nulungi kowe.”
“Matur nuwun, Oman.Tanpa pitulunganmu, embuh kepiye.”
“Uwis ta, Kabeh mau ana hikmahe kanggo kowe lan aku.”
Kabayan mung meneng. Mobile Oman terus mlaku kanthi lancar, amarga ora ngunggahake lan ngedhunake penumpang, dhasare dalane alus sisan.







Gambar 10.2

Abah, Simbok, Gemi,Jamin, bojone Jamin lan anake
Padha jagongan ana kamar tamu
Kabayan teka  kaget banget.
 
 











Wancine jam telu sore Oman lan Kabayan wis tekan ngomahe Kabayan. Nanging Kabayan kaget amarga ing ngarepan omah ana mobil kijang. Embuh sapa tamune Abah. Kanthi rasa ragu-ragu Kabayan medhun saka mobile Oman terus mlebu omah. Saya kaget maneh bareng dheweke weruh tamune  .
“Iki kepiye? Sing mangkat dhisik kok tekane keri, yah mene sisan?”Pitakonje Kang Ajun karo ngguyu.
“Ya...ka...beh pancen salah...ku.” Kabayan plekak-plekuk..
Kabeh pandulu padha tumuju marang Kabayan. Abah , Simbok, Gemi lan tamune telu.
“Salah kepiye, Kabayan?”Pitakone Abah.
“Gara –gara aku keturon ana dalan.”
“Kepiye critane?”Pitakone Kang Jamin.
“Ngene critane...” Kabayan nyritakake kabeh lelakone saanane.
          Bareng wis rampung olehe crita, Sing padha ana kamar tamu kuwi ora mesakake, nanging malah padha ngguyu kabeh. Agum bocah lanang kuwi nambahi tembunge, “Lha mau aku rak wis kandha ta Lik. Ngati-ati lik, aja turu ana dalan, mengko bisa ilang . E, malah tenan.”
          “Ya, omonganmu kuwi dadi kasunyatan, Agum. Iki gara –gara aku ngapusi kowe nganggo mantra bisa ngilang.”
          “Mulane, Lik. Aja seneng ngapusi aku. Upama Lik Kabayan menehi mantra sing bener . Ora ngene dadine.”
          “Wah...ana-ana wae kowe. Gum.”
Kabeh sing ana kono padha nggeguyu maneh.






Tamat