Jumat, 10 Februari 2012

Pante Karang Nini Pangandaran


1. Warara Cibening
M

ulabukane ana sawijining warara sulistya ing warni. Rikmane ngemak ngembang bakung ngandhan-andhan manut ombaking narmada. Palarapane anawa cendhani, idepe tumengeng tawang, imbane jalirit lir nanggal sepisan.  Janggane ngolan-olan, pamidhangane hanraju kencana. Waja rata lir miji timun. Pakulitane kuning kadya mas sinangling. Warara ayu kuwi ora liya Nilasari saka desa Cibening.
Nalika samana Nilasari lagi ngumbahi ana kali sinambi nembang minangka panglipuring ati, nambahi sregepe anggone nyambut gawe ngumbahi sandhangan sakranjang. Sanadyan kringete pating dleweran. Tangane mlecet amarga saking akehe kumbahan. Nanging dheweke ora nate sambat. Malah lambene tansah ngatonake eseme sing pahitmadu.
“Nila! Nila!” Keprungu swara petrek-petrek jeluk-jeluk. Prawan sing lagi ngumbahi kuwi ndengangak tumoleh, lan dheweke ngulati ana sawijining warara sing rambute dawa diore mlayu rindhik-rindhik saka sandhuwuring jurang. Kanthi lincah dheweke mudhun ngliwati ereng-erenging kali.
“Nila! Nila!” Prawan kuwi saiki wis ana sangarepe Nilasari ambegane enggos-enggosan.
“Centring ! Ana apa? Kena apa kowe mlayu-mlayu mrene? Pitakone Nilasari sajak kaget.
“Hah,hah,hah!” Centring nata ambegane sing isih sengal-sengol. “Ana rame-rame, ana kana.”
“Ana rame-rame apa?”
“Para pengawal kraton padha nganakake pawe ngubengi negara. Saiki lagi tekan desane dhewe.” Praupane Centring sumunar.
“Terus?”







Gambar 1.1

Prawan ayu Nilasari lagi ngumbahi ana kali
Centring prawan ayu sing rambute dawa diore mlayu nyedhaki.
 
 











“Ah mosok, kowe ora ngerti? Centring nglincipake lambene.
“Pancen aku ora ngerti.” Wangsulane Nilasari kanthi polos.
“Nila, saiki prawan desane dhewe padha nonton pawe kuwi.”
“Lha ngapa, apa ora duwe gawean?”
“Ora amarga ora duwe gawean, nanging pancen ninggalake gaweane, saperlu nonton pawe kuwi.”
Alise nila sari mengkeret, dheweke durung ngerti ancase gunemane centring .
“Nila, dheweke padha nonton pawe kuwi amarga para pengawal kuwi gagah-gagah lan nggantheng-nggantheng.”
“O...” Wangsulane Nila cekak, ora maelu kandhane Centring.
“Nila !” Centring mbengok.
“Ana apa?”
“Kowe kok anteng  wae ta? Apa kowe ora pengin nonton pawe, kaya prawan-prawan liyane?”
Nilasari gedhek.
“Lha ngapa?”
“Akeh alesane.”
“Coba kandhakna!”
“Sing sepisan, gaweanku isih akeh, dadine aku ora mungkin ninggalake. Ping pindhone, aku pekewuh yen nonton pawe kuwi. Dak kira ora pantes manawa prawan nonton rombongan jejaka sing lagi liwat ana ngarepe. Sing katelune, aku pancen ora seneng nonton rame-rame kaya ngono kuwi.”
Centring manthuk-manthuk. Saiki dheweke lagi ngerti alesane kancane kuwi. Dheweke terus dhodhok ana watu kali sacedhake.
“Kowe kuwi pancen prawan  aneh.”
“Prawan aneh? Aneh sing kepiye?” Pitakone Nilasari karo ngangkat alise.”Awaku ora ana sing aneh .”
Centring guyu.”Kowe kuwi aneh Nila, mung kowe ora ngrumangsani.”
“Anehe nggon ngendi?Kandhakna!”
“Kowe ora kaya prawan –prawan liyane. Adat saben sawijining prawan sing wis ngancik diwasa kaya awake dhewe  iki. Bakal jor-joran dandan supaya ketok ayu, kanggo golek kawigatene jejaka sing besuk bakal dadi sisihane.Nanging dak tonton kowe kuwi ora ngono. Kowe sarwa prasaja, isinan, kebangeten sing lugu. Satemene apa kowe ora kepengin ana jejaka sing kepencut karo kowe, nresnani kowe lan ngepek bojo kowe,ta?”
Nilasari meneng sawetara. Tangane sing lagi ngucek sandhangan mandheg. Mripate delengi banyu sing muncrat. Dheweke rumangsa gumun, genea Centring gumun marang sikape sing koyo ngono. Kamangka kanggone Nilasari kaya ngono kuwi mung lumrah. Tindak tanduke wis jumbuh karo sing diandharake karo wong tuwane.
“Centring, mesthi wae aku duwe pengarep-arep, besuk yen wis aku tekan wancine omah-omah, bakal teka sawijining jejaka sing becik atine nglamar aku lan dadi sisihanku salawase urip. Ora mung ana ngalam donya iki nanging uga tekan ngalam kalanggengan. Nanging dakrasa kanggo golek bojo ora kudu kaya prawan-prawan liyane. Aku pengin sarwa prasaja wae kaya sing diandharake saka wong tuwaku. Sawijining prawan sing becik kuwi prawan sing lembah manah, trapsila anoraga, seneng tetulung. Lan bisa njaga pakurmataning kulawarga lan awake dhewe, ora kemayu lan dandan menor sing gawe kepencute jejaka sing seneng sembranan.” Nilasari menthelengi mripate Centring.”Kowe ngerti?”
“Aku ngerti.., nanging aku isih bingung.”
“Bingung sing kepiye?”
“Hm, yen ora kemayu lan nenarik apa bakal ana jejaka sing nggatekake awake dhewe? Adat saben rak jejaka kuwi seneng prawan sing ketok ayu?”
“Ya ora mesthi. Kuwi gumantung saka pribadhine jejaka kuwi. Yen dheweke jejaka sing becik, dheweke ora nonton saka ayune rupa. Nanging sing ditonton ayune ati. Lan aku kepengin calon bojoku mengko jejaka sing kaya ngono kuwi.”
“Lha apa ana jejaka kaya ngono kuwi?”
“Ya mesthi ana, Centring. Bapakku contone. Dhek emben dheweke ngepek bojo emakku amarga emaku sawijining prawan sing budine becik. Lan wusane bebrayane bisa langgeng nganti seprene, nganti kaki-kaki nini-nini.”
“Hm...”Centring kurang percaya.
“Ayuning raga bakal sirna.Ayuning rupa bakal keriput, untu sing temata bakal ompong, rambut sing ireng bakale putih. Nanging ayuning ati saya suwe saya mateng lan ngoyod, ora bakal tuwa nganti tekaning pati.”
Centring meneng mikir,” Ya , yen dak pikir tembung-tembungmu kuwi ana benere, Nila”
Nilasari mesem,”Ya, sokor yen kowe saiki wis mudheng.”
“Aku ngulati sesambungane saperangan kulawarga ing desane dhewe. Mbak Nira tuladhane.Dheweke sawijining wanita sing ayu. Dheweke tansah dandan lan katon ayu, nanging amarga dheweke kuwi kakehan omong lan ngedak-edakake mulane bojone ninggalake dheweke lan ngepek bojo wanita sing lugu kaya Mak Balang.”
“Ya , bener.”Nilasari ngguyu.
“Yen ngono, aku pengin dadi wanita sing ayune kaya kowe.”
“Kaya aku? Atiku durung ayu kaya pangiramu, Centring. Aku isih pengin supaya dadi wanita sing ayune kaya ngono kuwi.”
“Sakarepmu bakune aku pengin dadi wanita sing ayune kaya ngono kuwi mau. Kene dak ewangi.” Centring njupuk saperangan sandhangan sing reget saka kranjang.
“E ora usah. Iki rak uwis dadi ayahanku. Aku emoh yen ngrepoti kowe.”
“Ora,aku ora repot. Karo manehe gaweanku ngomah wis rampung kabeh. Dadine ora apa-apa aku ngewangi kowe.”
“Ya uwis..” Nila sari mung pasrah.”Nanging apa kowe ora pengin nonton para pengawal kraton kuwi?”
“Wah...satemene aku ya pengin. Nanging yen kowe ora mrana aku dadi nglokro.”
“Aja kaya ngono! Aja amarga aku kowe ora sida mrana!”
“Ora ngono.Bakune aku duwe tekad dadi prawan sing becik. Sing ngerti tatakrama kaya kandhamu mau.”
“Ayu..tenan..” Sakarone padha ngguyu.
“Nila, kok akeh banget kumbahanmu iki. Apa kowe ora kesel ngumbahi dhewe? Sedulurmu akeh. Kowe rak bisa njaluk tulung salah sijine supaya ngewangi .”
Nilasari nggedhek.”Aku ora kesel. Aku seneng nandangi kabeh iki. Emakku wis tuwa laran-laranen. Sedulurku tuwa wis padha omah-omah lan repot ngurusi gaweane dhewe-dhewe. Dadine aku pengin ngentheng-enthengi bot-repote kabeh.”
Centring kaget mripate mlorok.”Dadi kowe iki ngumbahi sandhangane sedulurmu tuwa barang?”
Nilasari manthuk.
“O..Gusti, nanging kuwi akeh banget. Dak kira kowe mung ngumbahi sandhanganmu dhewe, utawa sandhangane wong tuwamu. Jebule kabeh.”
“Aja kaget. Iki mung lumrah wae. Yen aku bisa nandangi bakal dak tandangi kanggo ngentheng-enthengi bot-repote wong liya.”
“Nila...” Centring ngulati kancane kuwi. Nilasari pancen sawijining prawan sing ora ana tandhinge. Ora mung ayu rupane nanging uga ayu bebudene. Tekade Centring sing pengin dadi wanita ayu, saya ngoyod ana ing atine.
Sawise rampung olehe ngumbahi sakarone terus padha mulih menyang ngomahe dhewe-dhewe.
Dina candhake, ing wayah sore Nilasari jagongan karo Emake.
“Nila...” Tembunge Emake sareh nalika Nilasari lagi turon ana pangkone wanita sing banget ditresnani  kuwi.
“Inggih Mak.”
“Ora krasa saiki kowe wis gedhe dadi bocah prawan dhiwasa.”
Nilasari mesem.”Mesthi mawon kula empun ageng ,Mak. Umur kula empun meh wolulas tahun.”
“Wolulas tahun. Hm...iki wektu sing pas kanggo rabi.”











Gambar 1.2

Nilasari turu ana pangkone Emake
 
 











 “Rabi?” Nilasari tangi saka paturone. “Mak, kula suwun mboten ngandikake perkawis niku?”
“Lha ngapa ,ndhuk? Kowe dudu bocah cilik maneh. Mbakyumu malah dadine manten luwih enom tinimbang kowe saiki. Apa kowe ora pengin omah-omah kaya dheweke?”
“Mboten ngaten ,Mak. Mboten ateges kula mboten purun emah-emah. Nanging kula kepengin ngetingalaken bekti kula dhateng Emak saha Bapak rumiyin. Emak kalih Bapak sampun sepuh. Mangke manawi kula lajeng emah-emah, sinten ingkang ngupakara Emak kalih Bapak?”
Emak mesem kanthi trenyuh. Rambute Nilasari dielus-elus.
“Nila, kowe duwe bojo ora ateges ora bisa bekti marang wong tuwa. Kowe isih tetep bisa bekti marang wong tuwa.”
“Ewasemanten tetep angel, Mak. Manawi sampun emah-emah, solah tingkah tindak tanduk menika sampun benten kaliyan manawi dereng emah-emah. Mangke sampun repot kalih kabetahan kulawarganipun piyambak. Inggih kados mbakyu-mbakyu menika. Sasampunipun emah-emah, kados-kados sampun supe kalih Emak. Menapa malih ngrencangi, nuweni mawon sampun awis-awis.” Nilasari aweh alesan.
“Nanging Nila beda. Nila ora padha karo anakku liyane. Atimu becik. Duwe bojo apa ora kowe mesthi tansah nggatekake Emak. Emak percaya. Kajaba kuwi, saumpama kowe rabi, aku tambah seneng.”
“Manawi kula emah-emah, Emak remen?”
Emak manthuk. Guyune saya akeh.
“Manawi Emak remen, Inggih kula badhe emah-emah.Nanging rabi kalih sinten,nggih?”
Emak gumuyu. “Kowe kuwi aneh, ngapa isih bingung? Lha rak akeh jejaka sing pengin ngepek bojo kowe ta?”
“Inggih,Mak. Nanging dereng wonten sing kula remeni.”
“Lha ngapa?”
“Sedayanipun . Mboten wonten ingkang nresnani kula kanthi tulus, namung amargai nuruti nafsu kemawon.”
Emak Kaget sanalika.”Ndhuk, kowe ora kena nyubriyani ala.”
“Nila mboten nyubriyani awon, nanging menika kasunyatan. Manawi kula kepanggih piyambakipun sami ngulati plirak-plirik.”
“Plirak-plirik?”
“Inggih. Plirak-plirik lajeng mentheleng kados sima ningali mangsane nika. Iih...” Nilasari mrinding. “ Kula mboten remen kalih jejaka sing kados ngaten wau. Kula pengin jejaka ingkang sae. Ingkang nresnani kula sawetahipun. Mboten kedereng nafsu.”
Emak manthuk-manthuk. Anak wadone iki pancen jebles karo dheweke. Dheweke biyen ya milih-milih golek bojo . Ora mung waton.
“Ya yen wis dadi karepmu, aku mung nyarujuki lan nyengkuyung wae. Sanajan golek jejaka kaya ngono kuwi ora gampang,  nanging aku percaya, sawijining wektu mengko Gusti Kang Maha Kuwasa mesthi nemokake kowe karo bakal bojomu. Aku bakal tansah ndongakake sliramu supaya kabul penyuwunmu.”
“Matur nuwun,Mak. Nilasari ngambung tangane Emake.
Sawise mangkono ing saben dinane Emake Nilasari tansah nyenyuwun marang pangwasane Gusti kang akarya jagad, murih kasembadan gegayuhane anake wadon sing banget ditresnani kuwi.
Ganti kang cinarita ora kaya kang ana ing sawijining desa sing ora adoh saka desa Cibening. Ana sawijining jejaka anake wong tani sing uripe sarwa prasaja. Dheweke urip ijen tanpa rowang. Nom-noman kuwi jenenge Kujang Anom.
Nalika Kujang Anom isih cilik udakara umur telung tahun wong tuwane loro kena lelara budhug sing nalika semono durung  ana tambane . Mulane dheweke digawa menyang ngomahe embahe supaya ora ketularan lelarane wong tuwane.
Sawise umur wolung tahun Kujang Anom oleh kabar saka tanggane manawa wong tuwane loro wis padha mati rong dina kepungkur. Kanthi rasa sedhih Kujang Anom mulih menyang desane. Ing kono dheweke mung nemokake omah suwung lan punthukan lemah ana mburi omah cacah loro. Amarga kesrakat wong tuwane ora ninggali bandha sing akeh. Mung omah siji lan sepathok sawah wae sing bisa diwarisake marang putrane kuwi.
Sanajan isih cilik Kujang Anom dudu bocah sing aleman lan mbok-mboken. Nanging dheweke bocah sing tabah lan sregep tumandang gawe. Sepathok sawah warisane wong tuwane digarap kanthi temen, satemah asil panene akeh lan kwalitase becik. Mulane ora mokal, manawa beras asil panene dadi incerane para nara praja.
Para nara praja padha seneng beras asil panenane Kujang Anom malah dheweke padha tuku kanthi rega sing dhuwur. Dhuwit asil panenane kuwi dilumpukake sethithik mbaka sethithik, lan sawise akeh kanggo tuku sawah.Nganti wusanane dheweke kasil tuku sawah pirang-pirang pathok lan panene saya tambah akeh.
Sanajan dhuwit asile panen kuwi saya akeh nanging dheweke tansah urip sarwa prasaja. Dhuwit sing akeh, sawah sing amba kuwi ora anjalari dheweke urip mubra –mubru. Saperangan asile penen disimpen lan saperangan maneh diedumake marang sapa wae sing mbutuhake. Mulane dheweke kondhang dadi jejaka Dermawan.
Saiki umure wis rong puluh tahun. Dheweke wis cukup mateng kanggo omah-omah. Akeh prawan desa kono sing padha nyoba nyedhaki. Padha mripih-mripih mengku pamrih supaya gelem dadi bojone. Nanging Kujang Anom ora nate nggatekake. Amarga dudu prawan kaya ing desani kuwi sing dadi pepenginane.
Wiwit biyen idham-idhamane Kujang anom duwe bojo sawijining wanita sing becik , andhap asor, ora kemayu, setya, sarwa prasaja. Lan ora ana sawijining prawan ing desa kuwi sing jumbuh  karo pepenginane. Mula nganti saiki dheweke durung omah-omah. Dheweke tansah meminta nugrahaning Gusti Kang Maha Kuwasa.
Ing nalika dheweke ora ana gawean sawah, Kujang Anom duwe kesenengan mbebedhak menyang ngalas. Golek kewan alas kaya ta pitik alas utawa kidang. Paling ora seminggu sepisan dheweke menyang alas nggawa panah lan endhong tinggalane wong tuwane.
Nalika semana Kujang Anom lagi mbebedhag  ana ngalas. Ana ing antarane rerunggutan lan gegrumbulan , dheweke mlaku alon-alon. Dheweke masang mata lan talingane golek kewan sing bakal dipanah ing dina kuwi.
Alase katon sepi ora ana sabawa apa-apa.Kewan-kewan siji-sijia wae ora katon malah ocehing manuk wae uga ora keprungu.Alase sepi nyenyet kaya dene ora ana sing ngenggoni alias suwung.
Kujang Anom kaget banget kebak rasa gumun. “Wah aneh banget alase kok sepi mamring ? Menyang ngendi kewan-kewane, kamangka adat saben kene iki akeh banget kewane.?” Pitakone Kujang Anom sajroning ati.
Jejakakuwi ngulati ing sadhengah papan, noleh ngiwa -nengen, munggah- mudhun ,mangisor-mendhuwur ora ana kewan siji-sijia wae.
Kujang Anom ora pasrah, Dheweke ora percaya manawa alas kuwi ora ana sing ngenggoni. Dheweke mlaku maneh alon-alon kanthi najemake kuping lan mripate kebak pengati-ati.
“Krosak...” Dumadakan keprungu swara sikil ngidak godhong saka gegrumbulan. Kujang Anom mesem. Wusanane ana tandha-tandha panguripan. Atine gumregah kanthi alon dheweke nyedhaki sumber swara kuwi.
“Aumm! Sawenehing swara gemleger gawe horeging jantung lan ngendhegake ilinging getih sarandhuning awak. Kujang Anom mundur pirang-pirang jangkah. Raine pucet napase krenggosan. Ora kanyana ana macan gedhe saka gegrumbulan kuwi.
Macane mentheleng mripate katon tajem. Mripate abang sorote. Siunge dawa mingis-mingis. Owehe pating dalewer. Sajake macan kuwi luwe amarga ora ana kewan alas sing katon. Mulane bareng weruh Kujang Anom katon wengise.
Kujang Anom ngadek mbegagah . Arep mlayu mokal bisane. Mula dheweke nyoba mbela awake. Macan kuwi bakal dilawan nganti tekan tetesing getih kang pungkasan.





Gambar 1.3

.Kujang Anom manah macan
Ana cedhak gegrumbulan
 
 












Macane nyedhak, dheweke terus mlaku ngubengi mangsane. Sawise mengkono karo ngaumm macane mencolot nubruk Kujang Anom. Playune lincah lan gesit banter banget. Kujang Anom mlumpat minggir ngendhani. Nanging bret! Lengen klambine suwek kena cakare macan sisih tengen.
Getih seger mili lon-lonan. Ninggalake rasa perih ing kulite Kujang Anom. Macane mringis ngisis siunge. Siaga nubruk sing kaping pindhone.
Kujang Anom njupuk panah terus menthang gendhewane. Panah lumepas playune ngungkuli kilat jepret ngener mring dhadhane macan.Macane ngendhani panahe mung ngenani sikile tengen.
Augh..!!! Macane sambat kelaran. Getih seger mili saka sikil macan, mripate saya mencorong menthelengi Kujang Anom. Dikantheni auman sing sora nubruk maneh.
Kujang Anom endha, tubrukane luput.Macane balik nubruk maneh. Wektu kuwi Kujang anom kurang waspada satemah ora bisa ngendhani.
Kujang Anom tiba njungkel sikile macan nyengkerem pundhake ,perihe saya krasa . Nanging Kujang Anom ora gelem pasrah. Kanthi rekasa dheweke njupuk  panah terus ditancepake ngenani tutuke macan sing lagi menga amba bakal mangsa.
Singg..cep.!! macane tiba nindhihi Kujang Anom. Sawetara anggone sambat wusanane macan dadi lan tiwase.




2.Thukuling Katresnan
U

dakara tabuh sanga awan  Nilasari weruh Emake bakal menyang ngalas golek kayu obong, mulane dheweke age-age ngendhegake lakune,supaya ora sida lunga menyang ngalas. Dheweke mesakake Emake sing wis tuwa . Saka rasa bektine marang wong tuwa dheweke sing bakal golek kayu obong menyang ngalas.
Emake ngulati lungane Nilasari menyang ngalas kuwi kanthi rasa trenyuh. Nilasari pancen bocah sing puguh marang kabecikan. Pepenginane kuwat angel diendhakake. Mulane Emake mung bisa ndedonga supaya lungane tansah oleh kawilujengan.
Nilasari noleh sawetara karo ngatonake eseme, sabanjure mbacutake laku tumuju menyang ngalas. Kaya adat saben swara tetembangan sarwa endah metu saka tutuke, mlaku sing adoh kuwi karasa mung sadhela kanggone dheweke.
Nilasari nyokleki pang-pang garing cilik-cilik sing rada ngisor sakgaduke tangane. Sawise akeh terus diunting nganggo kulit kayu. Untingan pang cilik-cilik kuwi diselehake ana sangisore uwit gedhe sabanjure dheweke golek maneh lan diunting kaya sing uwis. Sawise oleh sepuluh unting terus dibongkok nganggo kulit kayu sing luwih gedhe lan dawa. Sabanjure bongkokan kayu kuwi bakal digawa mulih.
Prawan ayu kuwi nggendhong  bongkokan kayu bakar  terus mlaku alon-alon ngliwati gegrombolan lan rerunggutan . Dumadakan ana ing dalan dheweke weruh macan sing lagi ndhodhok kaya-kaya ngadhang sadhengah sing padha liwat. Nilasari kaget amarga saumure dheweke menyang ngalas lagi iki weruh macan sing gedhene ora ukuran kuwi. Dheweke wedi banget.









Gambar 2.1

Nilasari mlaku nggendhong kayu obong
Ana macan mengkurep nindhihi Kujang Anom ing sangarepe
 
 












Macan kuwi gedhe banget. Awake dikemuli wulu loreng coklat ireng lan kuning.Kandhane wong-wong macan kuwi mbilaheni sanajan ora gelem mangan manungsa.Nilasasari merinding wulu kalonge.
Prawan ayu kuwi ngadek bregegek ora obah wedi sumelang ditubruk macane.Nanging wis sawetara suwe olehe ngadek parandene macane ora obah lan malah kaya dene ora bakal obah. Nilasari gumun.
“Hmm aneh banget, kena apa macan kuwi mung meneng wae? Babar pisan ora obah kaya reca, kaya-kaya dheweke lagi turu. Yen ngono Aku kudu age-age lunga.Kanthi langkahe sing rindhik-rindhik alon-alon dheweke mlaku liwat ngarepe macan. Saya cedhak saya cetha macane kuwi, lan saya tambah gumune . Dheweke weruh getih garing sing ana ing lemah  sangisore macan. Lan sing luwih gawe kaget maneh ana tangan manungsa sing metu saka sangisore awake macan.
“Oh...Apa kuwi...?” Kanthi rasa wedi lan cubriya Nilasari marani macan kuwi. Kanthi tangan sing gemeter Nilasari nyekel  awake macan. Macane kuwi wis kaku.
Saiki Nilasari lagi mudheng manawa macane kuwi wis mati, mulane kewan alas kuwi ora obah. Sabanjure kayune ing gendhongan diselehake lan age-age ngglimpangake awak macan sak rosane.
“Ah”, Nilasari njerit lirih. Dheweke weruh ana pawongan turu mlumah adus getih ana sangisore bangke macan. “Ohh. Apa wong iki isih urip? Nilasari nempelake kupinge ing dhadhane pawongan kuwi. Pranyata pawongan kuwi isih urip amarga jantunge isih muni dhug-dhug.Awake isih anget. Dheweke mung semaput amarga akeh getih sing metu saka awake.”Wah Pawongan iki kudu enggal ditulung.”
Nilasari ngadek, terus mlayu mlebu alas maneh . Sanajan mung bocah desa lumrah nanging dheweke nate sinau ngenani tanduran obat sing ana ing ngalas. Dheweke kudu golek tanduran obat sing kanggo nambani tatu awak lan nangekake wong sing semaput uga tanduran obat kanggo nambah getih. Sawise ketemu kabeh mau dheweke age-age marani wong sing tatu mau.
Nilasari age-age ngresiki lan ndheplok godhong-godhongan obat kuwi nganggo watu. Ana sing ditemplekake panggonan sing tatu lan ana uga sing diombekake.Sawise kuwi dheweke nyuwek jarike ngisor kanggo naleni tatune ing pundhak.









Gambar 2.2


Nilasari nambani Kujang Anom sing lagi tatu awake lan semaput
Ana dalan tengah alas.
 
 












Sawise rampung kabeh, Nilasari lega atine, sepisan maneh dheweke niliki dhenyute jantung lan dhenyute nadi pranyata kabeh aman. Ateges pawongan kuwi bisa ketulung.
Nilasari ngulati sakiwa tengene papan kono. Ana sawijining guwa cilik ora adoh saka papan kono. Dheweke niliki guwa kuwi kanthi taliti. Guwane cukup amba lan kepenak. Sajake kerep kanggo ngeyup pawongan sing padha menyang ngalas.
Nilasari mlayu menyang jaban guwa, terus nglumpukake godhong-godhong garing lan uga woh-wohan ing ngalas. Godhong garing kuwi bakal kanggo lambaran wong sing lara mau dene woh-wohan supaya bisa dipangan sawise pawongan mau tangi.Lan sesuke dheweke bakal niliki menyang guwa maneh.
Sawise kabeh wis cumepak, Nilasari terus ngendhong wong sing semaput mau menyang jero guwa. Sabanjure diturokake ana sandhuwure godhong-godhongan garing sing wis temata mau. Nilasari lungghuh sadhela kanggo ngulaki kringet sing pating dalewer sarta ngilange krenggosane napas.
Nilasari metu saka Guwa jebul langite wis peteng amarga wancine wis wengi.Age-age dheweke nggendhong kayu obong terus mlaku mulih menyang ngomahe.
Durung sawetara suwe anggone mlaku kedadak kepapak obor sapirang-pirang padha nyedhaki dheweke.Obor kuwi ora liya obore Bapake lan sedulur-sedulure lanang.
“Bapak...” Nilasari mlayu marani obor sing digawa bapake.
“Nila...kowe mau menyang ngendi wae?”
“Nyuwun ngapunten, Pak. Gara-gara Nila, Bapak kalih kakang  kedah ngrekaos dhateng mriki.” Nilasari rumangsa getun.
“Ora ngono, aku babar pisan ora ngrekasa mrene, aku nyemelangake kowe ndhuk. Kowe bocah wadon, mangka wektune wis wengi kok durung tekan ngomah, apa aku ora sumelang?”Bapake nyekel tangane.
“Sepisan malih, kula nyuwun ngapunten,Pak. Kala wau kula kedah nylametne tiyang.”
“Sapa?” Pitakone Bapake lan kakange gumun.
“Kula mboten ngertos, kula mboten tepang.Nanging piyambake sakit tatu awrat, ketingale bibar kerah kalih macan.”
“Apa....? Piye...?”
“Nanging mboten sah kuwatos Pak, Macane sampun pejah, lan piyambake sampun sae, kantun mulihne tenagane mawon.”
“Wah, Iya,Ndhuk.Kowe pancen bocah sing becik.Aku seneng duwe anak kaya kowe ,tansah seneng tetulung marang sapa wae sing mbutuhake.”
“Mboten sah dipun alem, Pak. Menika namung dhapur ngestokake dhawuh panjenengan. Supados remen tetulung.”
“Ya uwis sing penting saiki kowe wis slamet. Ayo mulih. Mesakne Emakmu, sing tansah nyumelangake kowe.”
“Inggih ,Pak mangga.”
Sabanjure terus padha mulih menyang desa Cibening.
Dina esuk candhake nalikane pletheking surya Kujang Anom sing ana jero Guwa wis rada pulih kekuwatane.
“Ugh..”Alon-alon dheweke ngobahake awake lan ngelekake mripate .Mripate sajak sulap amarga kena sorote srengenge sing mlebu menyang jeroning guwa.Suwe-suwe dheweke ngrasakake lara sakujur awake,”Ana ngendi iki?”Dheweke terus ngulati ing sakiwa tengene, ora sawetara suwe dheweke terus ngerti manawa saiki ana sajerone Guwa.Kanthi kebak rasa kaget dheweke terus tangi saka pagulingane. Pundhake sing dibalut nganggo jarik krasa kaya arep sengkleh, “Adhuh...” sambat kelaran.
Dumadakan kumlebat gegambaran nalika wingi dheweke lagi mbebedhak ana ngalas terus ketemu macan gedhe banget. Macane nubruk dheweke, nanging dheweke uga kasil manah. Sawise kuwi ora kelingan apa-apa.
Kena apa saiki wis ana jero guwa. Lan tatune, sajake ana pawongan sing ngobati lan mbalut pundhake. Nangung sapa wonge?Ateges wong  kuwi wong sing becik atine, tansah nggatekake marang sasama.
Kujang Anom lungguh lon-lonan. Sanajan rada lara diampet. Sirahe mumet, wetenge krasa luwe.Dumadakan weruh woh-wohan ana dhuwur watu sacedhake lungguhe.
“Wah, pancen becik tenan wong sing nulung aku iki mau. Kajaba nambani tatune uga nyepakake pangan . Oh,kepiye carane aku males kabecikane?” Pangrintihe Kujang Anom.
Kanthi gloyoran dheweke mlaku nyedhake woh-wohan kuwi terus dipangan.Hmm, enak tenan, legi lan seger. Udakara ana limang werna woh-wohan wis dientekake, dheweke ngelih tenan.
Sawise mangan tenagane Kujang Anom dadi pulih Terus kepengin bali supaya bisa nambani tatune kanthi luwih becik.
Kujang Anom ngadek lan mlaku alon-alon.Bareng metu saka guwa dheweke weruh barang cemlorot kena sorote sengenge. Barang kuwi diparani terus dijupuk.”Anting...anting emas..?” Dheweke gumun. “Duweke sapa iki? Aja-aja iki antinge wong sing nulung aku. Ateges wong sing nulung wingi sawijining wanita?Wah kepiye ya carane nggawa aku menyang jero guwa?Apa mungguhna ana sing ngewangi?”
Kujang anom saya tambah bingung campur gumun. Sabanjure dheweke nyimpen anting kuwi. Sawise mari dheweke kepengin nggoleki wong sing duwe anting saperlu ngaturake panuwun.Kanthi lon-lonan Kujang Anom ningggalake papan kuwi menyang  ngomahe sing ora adoh saka kono.
Durung sawetara suwene Kujang Anom ninggalake papan kuwi ana sawijining wanita ayu mlayu-mlayu nyedhaki guwa. Dheweke kuwi Nilasari.Dheweke nggawa buntelan panganan arep diwenehake wong sing ditulung wingi. Nanging saeba kagete bareng dheweke mlebu sajerone guwa pawongan wingi wis ora ana kono.
“Lho,menyang ngendi wonge wingi? Apa wis lunga?” Nilasari mlaku ngubengi jero guwa. Nanging wis ora ana apa-apa. Lan woh-wohane yawis entek kari kulite sing pating bececer.”Sajake wonge sing mangan woh-wohane, sokor yen ngono ateges wonge wis mari, lan saiki dheweke mesthine mulih menyang ngomahe.”
Amarga wis ora ana sing digoleki mulane Nilasari terus bali mulih. Nalikane mlaku mulih dheweke tansah ketok-ketoken jejaka sing ditulungi. Nalika ditemokake kahanane mrihatinake.
Kira-kira sapa jejaka kuwi lan saka ngendi omahe lan kena apa dheweke nganti tatu awake terus ana macan sing nindhihi awake. Sapirang-pirang pitakon tuwuh ing pikirne Nilasari. Emboh apa sababe dheweke tansah mikirake jejaka kuwi.
Rong minggu candhake Kujang Anom wis pulih tenagane, pundhake wis ora ngrasakake lara, lan saiki wis bisa nyambut gawe kanthi kepenak kaya adat saben.Sawah pekarangan sing ditinggalake wis ngenteni supaya diupakara.Dheweke uga ora bakal kapok menyang ngalas nanging mesthine bakal nambah pengati-atine.
Saben-saben menyang ngalas mesthi dheweke mampir guwa. Emboh kena apa dheweke tansah kepengin menyang guwa kuwi.Rasane kaya ana daya sing nenarik dheweke supaya tansah niliki.
Sawijining dina nalika Kujang Anom mbebedhak, dheweke merlokake mampir menyang guwa. Nalika nyedhaki guwa, dheweke weruh ana sawijining warara sulistiya ing warna lagi metu saka palawanganing guwa.
Praupane warara kuwi katon surem sajak lagi mikirake perkara sing ruwet. Amarga ora kepengin ngganggu mulane Kujang Anom ora wani nyapa aruh lan mung ngulati wae saka gegrumbulan.
Prawan ayu kuwi mandhek sadhela ana palawanganing guwa lungguh terus dengangak. Waspane katon kumembeng katon susah. Antinge sing mung kari siji dicekeli wae.

 Kujang Anom tansah nggatekake solah tingkahe prawan ayu kuwi. Jroning ati dheweke rumangsa kepencut karo prawan ayu kuwi. Sawijining prawan sing aneh.Rupane ayu, nanging sajak sungkawa. Lan ana apa dheweke ana kono ijen. Apa sing wis ditindakake.?





Gambar 2.3


Nilasari lungguh ana lawang guwa
Kujang Anom ngulati saka gegrumbulan
 
 











Sajroning ati tuwuh tandha pitakon “Apa mungguhna warara iki sing wis nulungi aku. Kok antinge padha karo sing dak temokake nalika semana. Wah ayune kaya widadari ndharat.Saeba senenge atiku upama dheweke kuwi isih lamban terus gelem dadi sisihanku. Ayune ora mung rupa nanging tekan atine.”
Kujang Anom siaga metu saka pandhelikane nanging cabar amarga prawan ayu kuwi terus ngadek mlaku ninggalake guwa.
Kujang Anom ngetutake lakune prawan kuwi sanajan mung saka kadohan nanging cetha menyang ngendi lakune.
Bareng tekan desa Cibening, Kujang anom weruh prawan kuwi mlebu ing sawijining omah sing prasaja.Ing desa kuwi Kujang Anom duwe tepungan akeh mulane dheweke percaya bakal oleh keterangan sacukupe ngenani prawan kuwi.
Durung suwe Kujang Anom mlebu desa Cibening dumadakan ana sawijining pawongan jeluk-jeluk saka kadohan.
“Anom...”
“Oh, Lik Arya.Keleresan sanget Lik.”Kujang katon sumringah.
“Apa kabare,Nak? Wis suwe kowe ora dolan mrene.”
“Inggih, Lik , sae. Nyuwun ngapunten nembe repot.Lik piyambak kados pundi, sae-sae mawon ta?”
“Iya, becik sak kulawargaku sehat-sehat.”
Sawise padha bage binage Kujang Anom terus golek keterangan ngenani Prawan ayu sing dietutake kuwi mau.Prawan kuwi jenenge Nilasari anake Pak Wira. Bocahe kuwi lugu becik atine seneng tetulung mring sapadha-padha, tansah bekti mring wong tuwa. Bocahe kuwi anteng ora seneng dandan, ora kemayu lan ora seneng srawung karo wong lanang sing kulina sembrana.
Sawise oleh katerangan ngenani Nilasari Kujang Anom terus mulih kebak rasa kayungun marang Nilasari.


3.Dhaupe Nilasari
L

akune Nilasari ngindhit tenggok isi kumbahan saka kali dadi kawigatene pawongan sing lagi padha lungguh ana warung kopi. Pawongan sing ana warung kopi pingggir dalan kuwi gunggunge ora kurang saka wong papat.
“He delengen kae !  Nilasari” Tudinge jejaka gedhe dhuwur.
Para jejaka sing ana warung kopi kuwi padha noleh.Mripate pating plorok. Tutuke pating pringis.







Gambar 3.1

Nilasari mlaku saka kali ngindhit tenggok isi kumbahan
Pawongan ing warung kopi padha ngulati
 
 











“Heh...heh..heh..wusanane aku bisa weruh prawan kuwi.”
“Bener, dheweke prawan sing ayu, mung emane dheweke isinan, ora nate gelem srawung karo nom-noman kaya awake dhewe.”
“Dheweke prawan aneh. Lha yen tingkahe kaya ngono terus, sanajan ayu suwe-suwe dadi prawan tuwa.”
“Iya, wis makaping-kaping dheweke nampik lamarane jejaka sing teka kanthi alesan sing ora cetha.Kamangka jejaka kuwi dudu jejaka sembarangan. Dheweke bagus, sugih, keturunane wong kajen keringan lan akeh prawan sing pengin dipek bojo”
“Emboh jejaka sing kepiye, sing dikarepke Nilasari?”
“Dheweke ngedak-edakake banget.”
“Ya, atiku wis ditanoni. Dheweke nate nampik tresnanu.!”Kandhane sawijining wong lanang  brewok rada seru.
”Yen kowe ditampik ,lumrah.lha wong rupamu elek. Ireng brewok ora aturan, sapa sing gelem?” Omonge jaka sing awak sedheng resik raine.
Wong sing ana warung kuwi padha guyu. “Ha...ha...ha..”
“Sembarangan kowe.Ngece aku ya?”
“Sapa sing ngece?Aku mung kandha apa anane. Iya ora ca?”
Wong sing ana kono padha guyu maneh. “Ha...ha...ha..”
Raine brewok dadi abang mbranang “Hmm kowe padha nyepelekake aku ya? Tontonen mengko! Aku mesthi bisa ngepek Nilasari!” Wangsulane brewok tegas lan age-age lunga saka kono.
Wong sing ana kono padha guyu maneh. “Ha...ha...ha..”
“Dheweke arep nyoba ngepek Nilasari? Ha...ha...ha..lucu”
“Kepiye carane? Lha wong wis cetha ditampik, e isih nekad.”
“Sangkan pancen ora ngrumangsani.”
“Kudune dheweke ngilo dhisik.”
Jagongan ing warungkopi kuwi terus mili. Sawetara Sangkan sing durung adoh saka papan kuwi, ngrungokake kanthi ati panas. Gethinge karo Nilasari saya ndadi.
Dina esuk candhake Nilasari metu saka ngomah arep menyang kali ngumbahi kaya adat saben.Wancine esuk nanging akeh kabute, amarga mau bengi mentas udan deres.Ana sawijining pawongan sing tansah nggatekake Nilasari. Pawongan kuwi ngetutake lakune Nilasari.
Sawise tekan kali Nilasari golek papan kanggo ngumbahi kaya adat saben. Dheweke ngumbahi karo tetembangan. Dumadakan keprungu swarane wong lagi dhehem.
“Ehm.!” Terus krungu swara sora “Apik tenan tembange.”
Nilasari kaget. Ora ngira ing kali kuwi ana wong liya.Dheweke noleh lan tambah kaget bareng weruh ana jaka dhuwur ireng brewok ora temata wis ana samburine anggone lungguh ngumbahi.
“Sa...Sangkan...”
“Ha...ha...ha..” Pawongan sing jeluk Sangkan kuwi guyu seru. Wulu githoke Nilasari njegrig mrinding.
“Ko...kowe ngapa ana kene?”
“Aku? aku ana kene ngancani kowe, cah ayu. Aku ngerti saben esuk kowe ngumbahi ana kene. Mulane aku teka arep ngewangi.”
“Nge...ngewangi? Ora! Aku emoh diewangi.”
“Aja ngono, cah ayu. Aku ngulati kumbahanmu akeh banget. Dadi aku oleh ngewangi ya?” Sankan nyedhaki Nilasari.
Prawan kuwi wedi banget. Dheweke mundur pirang-pirang jangkah.”Oh Gusti...”
Sangkan gumuyu lakak-lakak.Praupane Nila sing kaweden kuwi nambahi ayune Nilasari tumrap Sangkan. Sangkan saya grengseng nyedhaki Nilasari.







Gambar 3.2

Sangkan Jaka gedhe dhuwur brewok tangani arep ngrangkul
Nilasari ngadek ana pinggir kali
Saking wedine mundur terus kecegur.

 
 











Nilasari saya wedi. Dheweke terus wae mundur ora ngulati kahanan buri. Nganti wusanane dheweke ngidak watu sing lunyu.Lan ora bisa dikendhaleni dheweke tiba kelumah menyang kali.
“Agh!!! Dheweke njerit. “Byur...!” Awake sing ramping kuwi kecegur kali.Untung Nilasari bisa nglangi.
“Nila, ngapa kowe mlayu? Mrene aku ora nglarani kowe!”Sangkan terus nyedhaki.
“Mandheg ! Aja nyedhak! Kowe arep ngapa Sangkan?”
“Aku arep ngapa?...aku ora duwe karep ala.Aku mung pengin kowe dadi bojoku.”
“Apa? Dadi bojomu?Emoh! Aku wegah.”
“Ngapa wegah? Aku wong lanang sing gagah prakosa. Kowe ora bakal kuciwa dadi bojoku.”
“Emoh!  Aku wegah. Kowe ora bisa meksa aku.”
“O, ngono?”Praupane Sangkan malih, guyune ilang , mripate mentheleng. “Kowe pancen bocah sing ngedak-edakake! Apa dumeh rupamu ayu? Kowe babar pisan ora bisa digawe becik.Sakarepmu! Kowe gelem kanthi lila apa dak ruda paripeksa?” Sangkan terus nyegur kali nyedhake Nilasari.
Nilasari saya wedi, dheweke noleh memburi terus nglangi ngedohi sangkan.
“He..he...he...Arep menyang ngendi kowe, cah ayu?Tekan ngendi wae mesthi bisa dak cekel.”
Kelakon uyak-uyakan ana banyu. Nilasari wegah pasrah dheweke terus nglangi sanajan kesel ora dirasakake. Sing penting bisa mlayu saka wong kasar kuwi.
“Kecandhak kowe.!” Sangkan bisa nyekel jarike Nila sing nglewer ana banyu.
Nilasari njerit.”Diuculke ! Uculke!”
“Piye? Nguculke? Enak wae. Sing nguyak wae rekasa terus diuculake.Ora bisa.!” Jarike kecandhak  , digeret terus kecandhak bangkekane.Sabanjure Nilasari digawa nglangi mingggir.
Nilasari jerit-jerit ngroncal-ngroncal wusanane bisa uwal sawise tekan pinggir kali. Dheweke terus mlayu ana pinggir kali, karo bengok-bengok, njaluk tulung “Tulung...tulung..tulung.”
“Kurang ajar! Untune Sangkan kerot.”Awas kowe Nilasari, aku ora bakal nguculake kowe!” Sangkan mlayu maneh nguyak Nilasari, ya mesthi wae kecandhak, lha wong wadon jarikan.
“Lha kecandhak kowe!” Sangkan nyekel Nilasari maneh.
“Emoh! Tulung! Tulung!”
“He, goblok! Meneng! Muspra ora ana sing bakal nulung>Lan saiki kudu dadi bopjoku. Sangkan siaga bakal nguculi sandhangane Nilasari.
“He.Kosik!”
Keprungu swara getakan. Dumadakan wae gegere sangkan diantem sawijining pawongan.
“Adhuh!” Sangkan mbengok kelaran. Rungketane marang Nilasari kedho. Nilasari ucul terus mlayu ngadoh.
“He ,tunggu!” Sangkan arep mlayu nguyak. Nanging sawijining tendhangan seru kenani bangkekane. Sangkan gluyuran sambat kelaran.
Saiki Sngkan ora nggatekake Nilasari naging genti marang jejaka sing wis wani ngganggu kesenengane dheweke.
Jejaka kuwi genti males menthelengi Sangkan. Jejaka kuwi ora seneng marfang tingkahe sangkan sing wis sawenang-wenang marang wanita, sing kudu diayomi lan diajeni.
“He , sapa kowe?” Sakkepenake ngganggu aku?pitakone Sangkan kanthi srengen.
“Ngganggu kowe? Jejaka bagus kuwi ngguyu semu ngece.
“Ya , ngganggu aku. Aku lagi uyak-uyakan karo calon bojoku kowe ngalang-alangi, lan kowe sakkepenake wae nyampuri urusanku.”
“Ngapusi!Dheweke ngapusi!” Nilasari mbengok saka pandhelikane amping-amping uwit gedhe.”Dheweke dudu calon bojoku.Dheweke kurang ajar marang aku! Dhe...dhe...” Nilasari ora bisa mbacutake guneme amarga nangis sesrenggukan.
“Lha, kowe krungu dhewe ngakune wanita kuwi? Dheweke dudu calon bojomu. Kowe pancen wong sing wis bejat!”Jejaka kuwi menthelengi Sangkan .
Sangkan mlorok. Nesune munggah embun-embunan.Jejaka sing ana ngarepe kuwi pancen kurang ajar.”He, bocah lancang, kowe pancen ora aturan ! Sing genah wanita kuwi, ora ana sambung rapete karo kowe. Saiki minggir sadurunge kowe gela!”
“Aku ora bakal gela.”
“Kurang ajar!” Kesabarane Sangkan wis entek.Dheweke terus ngajar jejaka ngarepe. Ngantem lan nendhang sak rosane.
Sang jejaka ngguyu ngece. Dheweke babar pisan ora wedi karo Sangkan. Dheweke ngendhani serangane sangkan. Lan kanthi cepet dheweke genti nyerang. Sakarone padha antem-anteman nganti gayeng. Ora ana sing gelem ngalah.
Nilasari ngulati antem-anteman kuwi karo rasa sumelang. Dheweke sumelang yen jejaka sing nulungi kuwi kalah.Dheweke ngerti satemene sapa Sangkan, Nom-noman kasar kuwi kuwat lan asring kerengan.




Gambar 3.3


Sangkan Jaka dhuwur brewok
kerengan karo
Kujang Anom jaka bagus nggantheng dedeg sedheng
Ana pinggir kali
 
 












Saya suwe kerengane wong loro kuwi saya gayeng, Sanajan wiwitane imbang nanging sajake Sangkan napase luwih cendhak.Wusanane Jejaka kuwi bisa ngasorake Sangkan kanthi jurus-juruse sing anyar.
Sangkan kewalahan. Ora dinyana Jejaka sing katon klemak klemek kuwi duweni kekuwatan sing linuwih.Manawa dibacutake mesthi dheweke bakal saya keseser lan malah bisa uga tatu abot. Sangkan wiwit golek cara kanggo mlayu ninggalake payudan.
Nalika Jejaka kuwi ngglundhung ngendhani tendhangane Sangkan sing ambal-ambalan. Sangkan mlumpat metu payudan mlayu mlebu gegrumbulaning uwit pinggir kali.
“He, mlayu menyang ngendi?”Jejaka nggantheng kuwi bakal nguyak playune sangkan. Dumadakan krungu swarane Prawan ayu kuwi jeluk-jeluk. Jejaka kuwi mandheg nyabarake anggone nguyak.
“Den, Sampun. Ampun diuyak. Piyambake mbebayani.napa malih piyambake apal kawontenan ngriki. Manawi piyambake masang kala, Aden wonten salebeting bebaya.”Nilasari aweh keterangan.
Jejaka kuwi manthuk. Dheweke mlaku nyedhaki Nilasari sing wis metu saka pandhelikane. Sajroning let rong meter pandulune padha tempuk. Lan sakarone padha kaget. Dhadhane Nilasari gemeter.
“A...aden...”
“Ni...nimas.”
Nilasari ndhungkluk, dheweke lagi ngerti manawa Jejaka sing nulungi kuwi pawongan sing dek emben tatu kerah karo macan. Jejaka sing wiwit dhek emben dikangeni sasuwene iki. Mulane bisa ngasorake Sangkan.
Jejaka kuwi uga ndhingkluk,Dheweke lagi ngerti manawa Prawan ayu sing ditulung kuwi Nilasari , prawan desa sing becik atine. Sing wis nylametake dheweke nalika tatu abot, amarga mentas kerengan karo macan ana ngalas.
Kanggo sawetara wektu suwene sakarone padha meneng.. Dheweke rumangsa bagya kanthi patemon sing datan kinira.
“Aden...matur nuwun, Sampeyan wis nylametake aku saka pakartine sangkan sing jahat wau.”Nilasari miwiwiti  guneman.
“Aja ngomong ngono. Sapa wae uwonge, dheweke mesthi nulungi wanita sing bakal diprawasa wong lanang sing kasar kaya ngono mau. Kudune aku sing matur nuwun karo sliramu. Amarga aku rumangsa wis ditulungi nalika aku tatu abot ana ngalas dhek emben.”
“Lho..., saka ngendi sampeyan pirsa?”Pipine Nilasari abang.
“Saka iki...”Jejaka kuwi njupuk barang saka kanthongane. Sawijining buntelan cilik. Buntelan cilik kuwi dibukak isi anting emas, antinge diwenehake Nilasari, “Anting iki duwekmu ta...?”
“Oh...” Nilasari kaget.Jebul dheweke sing nemu antinge. Nilasari nampani anting kuwi kanthi gemeter.Terus ngenggokake maneh menyang kupinge.
“Sliramu pancen wanita sing budine luhur.Nalika aku eling saka semaputku , aku ngerti manawa ana sing nambani tatuku, aku babar pisan ora nyana manawa sing nulung aku sawijining wanita. Nanging syukur Gusti paring pituduh marang aku. Ana anting sangareping lawang guwa , terus dak jupuk lan dak simpen. Lan aku janji bakal nggoleki sing duwe anting kuwi saperlu bakal ngaturake panuwun.”
Nilasari ngrasakake pipine krasa panas. Gheweke ndhungkluk banget ndhelikake pipine sing saya abang kuwi.

“Nanging saka ngendi,Sampeyan pirsa wanita mau aku? Kamangka durung nate ketemu sadurunge.”
Jejaka kuwi mesem.”Sliramu bener. Awake dhewe ora nate ketemu sadurunge , nanging aku nate weruh sliramu.”
“Mirsani aku?”









Gambar 3.4

Kujang Anom jagongan karo Nilasari.
 
 











“Ya, wektu semana aku lagi mbebedhak ana ngalas. Lan aku merlokake niliki guwa sing kanggo ngrawat aku . Ing kana aku ndelengi sliramu. Aku weruh sliramu metu saka guwa sajak sedhih. Mesthi wae aku rumangsa gumun. Aku terus ngulati antingmu jebul padha karo anting sing dak temu. Saka kono aku ngerti manawa sing nulungi aku dhek emben kae sliramu.”
Nilasari meneng, ora ngerti arep guneman apa.
“Wiwit kuwi, aku kepengin ketemu karo sliramu saperlu ngaturake panuwun lan ngaturake pangunek-uneke atiku.”
“Pangunek-unek apa?
“Pangunek-uneke atiku.Wiwit patemon kuwi rasaning atiku ora kepenak, tansah kepengin ketemu. Sajake aku tresna karo sliramu.”
Nilasari kaget, dheweke ora ngira manawa Jejaka kuwi bakal terus terang.Dheweke uga ora nyangka manaw asing dirasake padha karo rasane Nilasari.
“Nimas, wiwit biyen aku duwe gegayuhan pengin duwe sisihan sawijining warara sing becik atine, tresna mring sapadha-padha, sawijining sisihan sing ora mung ayu rupane nanging uga ayu atine.Lan kabeh mau ana ing sliramu,.Nimas sanajam awake dhewe lagi tetepungan nanging aku pengin ngerti, apa sliramu gelem dadi sisihanku? Apa sakirane gelem dadi kanca sejatiku ora mung ana ngalam donya nanging tekan delahan?
Nilasari meneng.Wadanane ndhungkluk saya cendhek. Satemene ana wangsulan sing gumathok tumrap Jejaka kuwi. Mesthi wae dheweke gelem amarga wiwit ketemu sepisanan, dheweke wis kepencut karo Jejaka kuwi. Lan sajake jejaka kuwi nom-noman sing becik, nom-noman sing dadi idham-idhamane sasuwene iki. Nanging arep mangsuli , dheweke isin, isin banget.
Kujang Anom mangerteni karo sikape Nilasari. Dheweke uga ora bakal meksa.
“Ya wis ora perlu diwangsuli saiki. Lann manehi dak kira ora trep manawa aku nakoni perkara iki ana papan kaya ngene. Aku bakal teka ana ngomahe wong tuwamu lan nglamar sliramu kanthi resmi. Saiki ayo dak eterake mulih mundhak diarep-arep wong tuwamu.”
Nilasari manthuk, Dheweke terus mlaku iring-iringan menyang desa Cibening. Sadurunge mulih, Nilasari nggoleki kumbahane. Nanging jebul wis ora ana emboh menyang ngendi ilange.
“Aneh banget, menyang ngendi kumbahanku?genea ora ana?”
Kujang Anom mung ngangkat pundhak tandha ora ngerti.
“Ya wis ta,Mbok manwa kulawargamu ana sing mrene terus njupuk kumbahanmu. Awake dhewe kudu cepet mulih, mesthi dadi pengarep-arepe wong sakulawarga.”
“Bener”. Nilasari dadi sumelang.
“Wis ta , tenang wae. O, iya wiwit mau awake dhewe mlaku bareng,Babar pisan durung tetepung. Jenengku Kujang Anom, aku manggon ana desa Cilincing, ora adoh saka desamu.Lan Sliramu Nilasari, Iya ta? Aku nate nakokake jenengmu marang Lik Arya warga desa Cibening.”
Nilasari gumun, jebul jejaka kuwi wis ngerteni cukup akeh ngenani dheweke. Dene dheweke , jenenga wae lagi ngerti saiki. Menang-meneng Nilasari ngguyu jroning ati.
Sawise tekan ngomah jebul bener pangirane dheweke ngenani kumbahane mau. Sajake Centring sing mau menyang kali nemokake kumbahane sing gumlethak ngono wae a. Centring dadi sumelang terus njupuki kumbahan kuwi mau lan nglapurake kadadean kuwi menyang Emake lan Bapake.
Emak lan Bapake sumelang. Maune dheweke wis padha siaga bakal nusul menyang kali, nanging sing disusul wis mulih malah karo Jejaka sing bagus rupane.
Nilasari sabanjure nyritakake kadadean mau, dheweke diganggu karo Sangkan. Nganti sangkan bisa dikalahake dening Kujang Anom.
Kabeh sing padha teka ana kono manthuk-manthuk.
“Pak Wira...” Dumadakan Kujang Anom matur.
Kabeh sing ana kono padha nyawang Jejaka bagus kuwi.
“Ana apa ,Nak?”
“Kajawi kula ngeteraken Nilasari, wonten perkawis ingkang badhe kula aturaken panjenengan.”
“Mangga , Nak.”
Kujang Anom terus nyritakake  lelakone nalika dheweke tatu awake  amarga kerah karo macan.Ln atine dadi trenyuh nalika ngerti manawa Nilasari sing wis nulungi nylametake uripe, wis nambani tatune. Mula kuwi saiki Kujang Anom nyuwun marang Bapak lan Emak supaya mengestoni anggone bakal ngepek Nilasari minangka sisihane salawase urip nganti salanggenge.
“Dadi sampeyan iki arep ngepek bojo anaku Nilasari?”
“Leres Pak Wira.” Kujang Anom mangsuli kanthi mantep.
Bapak karo Emak padha sawang sinawang. Miturut penemune dheweke. Kujang Anom sawijining Jejaka sing becik. Jejaka sing pantes dadi sisihane anake wadon.
“Nak, Bapak lan Emak babar pisan ora kabotan masrahake Nila marang sampeyan. Aku wong tuwa wenang murba ora wenang wasesane. Mulane sing nemtokake ora liya kajaba Nilasari dhewe.”
Saiki kabeh sing ana kono padha nyawang Nilasari. Warara kuwi mung ndhingkluk. Praupane abang tenanan.
“Pak, miturut adat saben, manawi prawan dipun lamar jaka namung mendel tegesipun purun.” Kandhane Centring bungah.
“Ya yen ngono sesuk golek dina sing prayoga kanggo neningkahane Nilasari Karo Kujang Anom. Sanajan mung sarwa prasaja nanging luwih utama dianakake ing dina sing becik.
Sabanjure Nilasari dhaup karo Kujang Anom. Sanajan mung sarwa prasaja. Nanging katon semuwa.






4. Nilasari Babaran
Y

en wis omah-omah adat lupiya kepengin duwe anak. Anak kuwi mujudake peparinge Gusti , minangka cihna lamun  pinracaya dadi lantaraning tuwuwuh. Dene manawa  ora kaparingan anak, ateges ditresnani dening Pangeran Kang Maha Kuwasa.
Nalika ing sawijining dina para prawan ing desa Cibening padha rame ngandhakake Dhedhaupane Nilasari. Dheweke babar pisan ora duwe pangira, warara sing kurang srawung lan anteng kuwi wusanane bisa dadi manten. Gusti pancen Maha Adil. Gusti bakal paring kanugrahan marang titahe sing tansah gawe kabecikan. Kuwi mau kabukten dening Nilasari sing saiki uripe kebak kabagyan. Gusti paring bojo sawijining Jejaka pilihan. Sawijining Nom-noman sing becik lan tanggung jawab . Sawijining wong lanang sing jujur lan ora jelalatan mripate kaya wong lanang liya akeh-akehe.
Sawise dadi manten Nilasari digawa Kujang Anom menyang desa Cilincing omahe Kujang Anom. Kulawarga anyar kuwi saiki uripe kebak kabagyan.
Sawise rong sasi saka neningkahane , wiwit ana owah-owahan ing awake Nilasari.Dheweeke kerep ngrasakake mules-mules lan muntah-muntah. Mesthi wae bojone dadi bingung.
“Nila wektu kepungkur iki sliramu kerep krasa mules-mules lan muntah-muntah.Apa sliramu lara?”Pitakone Kujang Anom.
“Ora, Kang. Aku ora lara.” Nilasari nggedhek.
“Nanging...”
“Hoekk...” Nilasari nutup tutuke nganggo tangane loro. Dumadakan wetenge krasa mules maneh.
Kujang Anom njupuk wadhah saka lemah lempung.”Muntahna aja diampet, supaya wetengmu lega!” kandhane Kujang Anom karo ngulungake wadhah mau.Sawise kuwi dheweke mijeti githoke bojone.







Gambar 4.1

. Nilasari nyekeli wetenge sing krasa mules
Kujang Anom mijeti githoke Nilasari

 
 












Nilasari terus muntahake rasa mulese. Lan saiki dheweke ngrasakake luwih kepenak. Kujang Anom terus mijeti githoke bojone nganti Nilasari ora kepengin muntah maneh.
“Nyi, awake dhewe kudu mriksakake menyang tabib.”
“Ah, ora perlu,Kang. Mbok manawa aku mung masuk angin.”
“Aja ngono, Nyi. Aku kepengin mriksakake menyang dabib supaya ngerti, apa sing kadadean ana awakmu. Aku sumelang ana kadadean sajroning awakmu.”
“Ana kadadean? Aja sing ora-ora ta!”
Nilasari nggegem tangane Bojone, ngandelake pikire.
“Aku ora cunriya apa-apa. Aku mung ora kepengin kowe lara. Pokoke sesuk kowe bakal dak gawa menyang desa Cimaung. Menyang sawijining tabib Tionghoa sing pinter.”
“Ya ,sakarepmu, aku manut.”
“Thok-thok..thok.” Dumadakan krungu swara thothokan lawang.
“E, ana tamu ta” Nilasari ngadek terus mlayu menyang lawang.
Nalika lawange diwengakake njedhul wong loro sing wis ditepungi yakuwi Emak lan Centring.
“Nila...” Wanita loro kuwi padha gentenan ngrangkul Nilasari.
”Wah wis suwe ora ketemu. Piye kabare?”
“Apik-apik wae , kowe dhewe piye?”
“Nila uga becik, malah kebak kabagyan.”
“Emak, Centring, ayo mlebu!”
“Wah, Emak” Kujang Anom ngambung tangane Emake.
“Kujang piye kabarmu? Apik wae ta?”
“Pangestunipun Mak, Kula sae-sae kemawon.”
“Kados pundi kawontenanipun Bapak?”
“Kahanane Bapakmu saya kendho. Dheweke watuk wae. Kasarasane saya suda.”
“Oh...” Kujang Anom karo Nilasari ngulati Emake prihatin.
“Menapa sampun dibeta dhateng Tabib Mak?”
“Uwis, Nanging kahanane tetep wae. Ya jenenge wis tuwa. Wis ora kuwat kaya jaman semana.”
“Mak, Kula gadhah ramuan obat cekoh.” Kujang Anom mlebu menyang ngomah. Ora let suwe dheweke uwis bali nggawa botol cilik.” Saben –saben watuk kula ngunjuk obat menika. Cobi dipun aturaken Bapak, Sinten ngertos mangke Bapak saged saras.”
“Matur nuwun.” Emak nampa botol kuwi kanthi trenyuh.
“O, Inggih nyuwun ngapunten, kula kedah enggal bidhal dhateng sabin. Kula nyuwun pamit” Kujang Anom pamitan Emake karo ngambung tlapak astane.”Emak kula suwun remen wonten ngriki kalih Centring.Nilasari badhe damelaken Pepes ulam mas.”
“Ya, Kujang . Ngati-ati.”Emake ngguyu.
Sawise ngambung bathuke bojone, Kujang Anom terus budhal menyang sawah.
“Nila, kowe beja tenan.” Kandhane Centring.
“Beja apane?”
“Kowe oleh bojo singb apike kaya ngono. Bener kandhamu, Supaya oleh jodho sing becik ora kudu dandan menor kaya prawan-prawan desane dhewe.”
Nilasari ngguyu.”Jodho kuwi Gusti sing maringi. Manawa awake dhewe becik, mesthi diparingi jodho sing uga becik.”
“Iya.”
“Centring ,kowe dhewe kapan sing arep omah-omah?”
“Aku...?” Praupane Centring dadi saya Abang.
“Iya.kapan kowe arep duwe bojo? Wiwit biyen rak kepengin duwe bojo,ta ?”
“Pancen, Nanging ...aku pengin kaya kowe, duwe bojo sing becik,ora wong lanang sembarangan.Lan nganti saiki aku durung oleh.”
“Sabar, yen wis tekan wancine kowe mesthi bakal oleh jodho kaya sing dikarepake. Tansah nyuwuna marang Gusti.”
“Mesthi.”
“O, iya .Ayo  menyang gandhok yo. Aku direwangi olah-olah. Aku pengin gawe pepes iwak mas kanggo Emak.”
“Ayo.”
“Emak ya melu.” Wanita tuwa kuwi ngadek.
“Emak ora sah melu! Lungguh ana kene wae karo ngombe wedang.!”Pakone Nilasari.
“Iya , apa maneh mau mlakune adoh .Emak mesthi kesel.”
“Emoh.” Wanita tuwa kuwi meksa.” Emak paling ora seneng nganggur nalika kancane padha nyambut gawe.”
Nilasari karo Centring padha ulat-ulatan.” Ya, yen ngono, mangga!”  Wong telu terus padha mlaku menyang gandhok.
Sinambi olah-olah ana gandhok, wong telu kuwi padha jagongan gayeng banget.Ya mesthine, amarga wis sawetara suwe ora padha ketemu. Emak nyritakake ngenani kahanane Bapake sing tansah laran-laranen. Lan Sedulure sing saya luwih bekti marang wong tuwa.
“Mak, ateges omah-omahku akeh mupangate , ya?”
“Iya.”
“E...Mak, kepungur iki wetengku krasa mules-mules. Rasane kepengin muntah.”
“Weteng mules?” Pitakone Emak.
“Pengin muntah?” Tambahe Centring.
“Iya, Kang Kujang semelang banget. Kandhane,sesuk aku diajak menyang tabib mriksakake.”
“Nila , yen ndeleng tandha –tandha kuwi aja....aja..”Centring mloorok mripate.
“Aja-aja apa?” Nilasari nggoyak-hoyak awake kancane kuwi.
“Aja...aja kowe meteng.”
“Meteng?” Nilasari Kaget banget. Dheweke ngulati Emak lan Centring genti- genten.
“Kuwi tandhane meteng. Iya, ta Mak?”Centring nglirik Emak.
Emak manthuk karo ngguyu. “Centring bener, kuwi tandha-tandha wis ngandheg.”
“Apa iya?” Nilasari nggujengi tangane Emak lan Centring kenceng. Nilasari kebak kabagyan.
Wong loro ngarepe kuwi manthuk. Kabeh padha ngguyu seneng.
“Nanging kanggo mesthekake, ana becike kowe menyang tabib utawa dhukun bayi. Adat saben dheweke padha ngerti apa kowe pancen mbobot tenan apa ora.”
“Mesthi aku pengin ngerti sabenere. Aku pengin mbobot tenan. Ah, seneng banget aku...aku arep duwe anak.”Nilasari seneng atine.
Ing dina candhake Kujang Anom ngaturi sawijining dhukun bayi supaya mriksa bojone. Wanita setengah umur kuwi mriksa awake Nilasari kanthi taliti. Ing peranganing awake Nilasari didemok lan dipenet. Sawise sawetara wektu, dhukun bayi kuwi terus ambegan lega.







Gambar 4.2


Nilasari turu mlumah ana ngamben dipriksa wetenge dening dhukun
Kujang anom nunggoni ana sacedhake.
 
 











“Pripun,Bik? Napa bener bojo kula mbobot?”Pitakone Kujang.
Wanita setengah umur kuwi gumuyu,”Leres, Nak. Garwane sampeyan mbobot kirang langkung rong sasi.”Wah...”Mripate Kujang Anom mlorok.Tangane bojone digegem kenceng. Nilasari seneng.
“Wiwit sakniki Nyi Nilasari kudu ngati ati, nggih. Amarga kandhungane durung kuwat. Dados kudu dijaga. Ampun nganti sayah, ampun nganti dhawah, ampun nganti padharane kena barang atos, amarga saget bebayani tumrap kandungane.”
“Inggih, Bik.”
“Saniki kula nyuwun pamit, tasih kathah sing nengga.” Dhukun bayi kuwi terus njaluk pamit.
“O, iya Bik.Matur nuwun.”
“Mangke saben sasi sampeyan kudu mriksakne padharane kersane ngertos kasarasane .”
Sepisan maneh Kujang Anom lan Nilasari ngaturake panuwun marang dhukun bayi kuwi. Kanthi gumuyu, wanita setengah umur kuwi ninggalake omahe Kujang Anom.
“Nyi, sliramu mbobot. Sadhela maneh awake dhewe bakal duwe anak.” Kujang Anom ngekep awake bojone kenceng.
“Kang, sampeyan pengin anak lanang apa wadon?” pitakone Nilasari sajak aleman.
“Nggg..” Kujang Anom mikir.” Dak kira lanang wadon padha wae. Yen lanang, dheweke bisa ngewangi gaweanku ana sawah. Yen wadon bisa ngewangi ibune ana gandhok. Dadine padha wae,ta? Sing penting anake dhewe besuk dadi bocah  sing becik, gawe tentreme wong tuwane. Bisa dadi panglipuring ati nalika susah. Lan dadi tetulunge awake dhewe besuk ing jaman kalanggengan kanthi donga-dongane.”
“Kakang bener, Muga –muga kaya ngono ya ,Kang.”
“Ya, saiki ayo ngaturake panuwun marang Gusti , Nyuwun muga-muga anake dhewe besuk bisa lahir kanthi lancar. Lan dhewasane dadi bocah sing utama.”
Sakarone padha jengkeng ana jogan kayu. Sabanjure ngucapake syukur marang Gusti awit kanugrahan sing wis padha ditampa.
Saben sasi Bik Sulawati dhukun bayi mriksa kahanane bayi sing dikandhut Nilasari , ketemune tansah bagas waras. Nilasari dadi seneng atine semono uga Kujang Anom. Sakarone saya tambah rukune katon bagya mulya uripe.
Sasi sing kaping telune Kujang  nganakake rasa syukur marang Gusti dikantheni dana driyah marang tangga teparone. Miturut penemune wong akeh bayi umur telung sasi kuwi ngancik ing ngalam gondar-gandir. Alam sing gawat kaliwat-liwat amarga rah abang sing saka ibu lan rah putih sing saka bapa wis manunggal bakal salin rupa dadi jabang bayi sing durung gantha. Lha ana ing ngalam mau ibune kudu kebak pengati-ati. Amarga yen kurang pengati –ati bisa anjalari bayi ing guwa garbane dadi ora sida salin wujud ateges cabar.Mulane Kujang Anom tansah ngelingale marang Nilasari supaya tansah kebak ing pengati- ati.
Sasi sing kaping papat Jabang bayi ngancik ing ngalam catur hangga jati. Ing ngalam kuwi jabang bayi bakal pinaringan gana bahu. Gana bahu dumadi saka sari-sarine panganan sing dipangan ibune. Tangan lan sikil wiwit thukul saka awak. Mulane lamun jabang bayi wis ngancik ngalam kuwi akeh bisa lahir.
Sasi sing kaping lima jabang bayi ngancik ing ngalam panca yitma jati. Jabang bayi wis kaparingan gana bahu sing ateges wis ana wewujudan sikil lan tangan komplit.
Dene sasi kaping nenem jabang bayi ngancik ing ngalam sadloka jati ateges jabang bayi wus kaparingan sifat jangkep. Rambute wis ana.
Sasi kaping pitune Kujang Anom nganakake syukuran maneh. Syukuran wektu kuwi katelah sinebut mitone .Kujang Anom tansah meminta sihing Widhi supaya jabang bayine sing dikandhut ibune tetep bisa mapan ana guwa garbane ibu. Kandhane wong akeh yen bayi wis umur pitung sasi ngancik ing ngalam sapta kawasa jati. Nalika ing ngalam kuwi jabang bayi wus kaparingan panca indriya. Jabang bayi wis bisa lahir nanging durung duwe kekuwatan.
Sasi kaping wolu sinebut hastacandra, Jabang bayi ngambah ing ngalam hasta sabda jati. Jabang bayi wis pinaringan kekuwatan. Sarta wis bisa nyinahu pakartining ibu. Mulane nalika ngandhut wolung sasi tindak-tanduke ibu kudu tansah utama amarga jabang bayi sing ana guwa garba bakal tansah nyetitekake. Pangandikane Ibu bakal cinathet ing pengange-angene.
Sasi kaping sanga sinebut nawa candra, jabang bayi ngancik ing ngalam loka nawa purna jati sing ateges jabang bayi wis lulus anggone tapabrata ana ing guwa garbane ibu. Mung kari ngenteni palilahe Hyang Manon.
Sasi sing kaping sepuluh sinebut dasa candra. Dasa sepuluh dene candra tegese sasi.
Nalika semana dinane minggu kliwon kandhutane Nilasari wis ngancik  sasi kang kaping sepuluh adat lupiya sawise Genep sangang sasi sepuluh dina. Jabang bayi wis dikeparengake ngambah ing ngalam loka pana. Sing ateges jagad padhang. Jabang bayi wis oleh idi palilah saka Gusti ngambah ing ngalam donya. Jabang bayi lahir cenger,Kaget amarga  ana ing guwa garba krasa anget bareng wis metu krasa adhem. Jabang bayi mau lahir lanang. Rupane bagus kaya bapake. Lucu lan nggemesake. Atine Nilasari lan Kujang Anom tambah bagya mulya.







Gambar 4.3

Nilasari Babaran nglahirake anak lanang
Ditulungi Bik Sulawati dhukun bayi
Kujang Anom ana sacedhake


 
 











“Oh, Gusti...Wusanane...” Kandhane Nila lirih. Dheweke ngambung bayine sing isih abang kanthi rasa welas asih.
“Nyi,matur nuwun...” Kujang Anom sing lungguh ana sacedhake ngelus –elus bathuke sing wadon kebah rasa tresna.
Nilasari gumuyu. Rasa lara mentas babaran ora dirasa kalah dening rasa kebak kabagyan.
Nilasari saiki wis babaran, mbabar putra kakung sing bakal kaparingan tenger Kujang Panitra.
















5.Katresnan Wurung
A

nak lanange Nilasari lan Kujang Anom saiki wis umur pitung tahun. Dene anak sing nomer loro lahir wadon kaparingan tenger Kujang Sari. Lan anak sing kaping telu lahir lanang maneh diwenehi jeneng Kujang Sakti. Kujang sakti umure lagi patang tahun.
Ing sawijining dina nalika Kujang Anom menyang sawah anake lanang sing jeneng Kujang Panitra matur menyang ibune.







Gambar 5.1

Kujang Panitrabocah lanang umur pitung tahun
Jagongan karo Nilasari Ibune ana ngarep lawang.

 
 











“Bu, aku arep menyang sawah ngewangi Bapak.” Ature panitra.
Nila ngguyu. “ Mesthi wae kowe oleh melu Bapak menyang sawah. Nanging kowe kudu sinau maca luwih dhisik.”
“Maca? Aku emoh! Aku jeleh. Kanggo apa sinau maca? Luwih enak ana sawah. Aku bisa dolanan lendhut samareme.”
Guyune Nilasari saya amba. Panitra, Ibu ora nate ngeleke kowe dolanan lendhut ana sawah. Nanging kowe kudu sinau maca dhisik. Amarga kuwi penting,Nak.”
“Penting?” Panitra ngangkat alise.
“Iya, penting banget. Kanthi sinau maca, kowe bakal pinter. Kowe bisa maca buku akeh banget. Kowe bakal ngerti apa wae.”
“Nanging kanca-kancaku ora ana sing sinau maca. Mung aku wae sing sinau maca.”
Nilasari mikir sawetara.Pancen bener sing diomongke Panitra. Wong-wong desa kono ora ana sing sinau maca. Dheweke nganggep sinau kuwi mung kango wong kutha, lan wong-wong bangsawan wae. mulane kuwi dheweke ora duwe karep sinau maca lan nulis.
Nanging sanajan wong desa,Nilasari lan Kujang Anom duwe tekad bakal ndadekake anake-aneke dadi bocah sing pinter. Bocah sing jembar kawruhe. Bocah-bocah sing besuk bisa majokake dheweke lan desane. Mula kuwi Nilasari ngajari Panitra, maca lan nulis.
“Bu, wangsuli pitakonku! Tembunge Panitra maneh.
Nilasari kelingan. “Oeh...kanca-kancamu pancen ora ana sing sinau maca. Satemah dadi bocah bodho. Lha saiki Ibu pengin takon, Panitra pengin dadi wong pinter kaya Bapak lan Ibu. Apa kepengin bodho kaya wong-wong ing desa kene?”
“Panitra ora kepengin bodho. Panitra pengin pinter kaya Bapak lan Ibu.”
“Wah bagus tenan” Nilasari ngambung bathuke anake.” Yen ngono, ayo saiki awake dhewe sinau. Ora sah suwe-suwe , sawise kuwi kowe bisa dolanan lendhut saksenengmu.”
“Bener Buk?” Bocah kuwi surak seneng.
“Iya.”
“Hore.”
Kanthi kebak semangat, Panitra terus sinau maca.Nilasari dadi seneng atine.Apa maneh Panitra bocah sing cerdhas.Kanthi wektu sadhela dheweke wis bisa ngapalake aksara-aksara sing diwulangake.
“Pinter.Kowe wis apal kabeh. Lha, saiki oleh menyang sawah.”
“Asyik, matur nuwun Buk.” Karo lunjak-lunjak Panitra mlayu menyang sawah.
Nilasari ngulati putrane kuwi karo gumuyu.
“Bu, aku ngelih...” Dumadakan saka njero ngomah njedhul bocah wadon umur limang tahun.
“Kujang Sari,kowe wis tangi?” Nilasari marani bocah kuwi, terus digendhong.
“Iya, aku ngelih banget.”
“Ya, ditunggu kene ya , dak jupukake pangan!”
Bocah cilik kuwi dilungguhake ana dhipan kayu.Nilasari age-age mlebu njupuk panganan.
“Ibu...! Tulung! Ibu...!”Dumadakan krungu swarane Sari.
Nilasari kaget banget.kanthi kesusu dheweke bali metu lan weruh ana jajaka tuwa gedhe dhuwur brewok , rambute ora temata wis ana ngarep omahe.







Gambar 5.2


Sangkan jaka tuwa gedhe dhuwur brewok ana ngarep  ngomahe Nilasari
Kujang Sari bocah wadon umur limang tahun mlayu wedi saka njaba arep mlebu omah marani Nilasari sing mlayu saka njero ngomah.
 
 











Kujang Sari mlayu marani Ibune karo mbengok nangis.
“Ibu,..Sari wedi.”
Nilasari mentheleng weruh Jejaka tuwa kuwi.”Ko...kowe arep ngapa mrene?”
“He...he...he...Nilasari , wis pirang-pirang tahun ora ketemu, pranyata kowe saya ayu wae.” Wong lanang kuwi ngguyu.
“Ibu...Kujang Sari nggoceki tangane Ibune Kenceng.
Nilasari terus nggendhong Kujang Sari sing nangis kuwi.
“Tenang, Sari. Ana Ibu sing jaga kowe.”
“Hmm sajake uripmu tentrem, ya? Duwe bojo, duwe anak sing lucu. Aku meri banget.”
“Sangkan, kowe ora perlu meri.Yen kowe gelem kowe uga bisa urip seneng kaya aku.” Sanajan wedi, Nilasari nyoba tenang.
“Aku...urip tentrem...?” Jaka tuwa kuwi gumuyu. Guyu sing medeni. Meneng-meneng githoke Nila mrinding.
“Nila, aku ora bakal urip tentrem amarga aku isih tresna kowe.”
“Sa...Sangkan.”
“Nila, wiwit biyen aku ora owah, aku...aku tetep tresna kowe.”
“Terserah. Aku wis duwe bojo.”
“Mula kuwi aku ora bisa tentrem.” Sangkan mara nyedhak.
“Aja! Aja nyedhak!”
“Nila aku tresna tenan karo kowe.”Sangkan saya nyedhak.
“Aja nyedhak.Dak celukake bojoku, lho.”
“Celuken ! Bojomu mesthi ora krungu. Menyang sawah,ta?.”
Nilasari terus mundhur atine dadi bingung, kepiye carane nglungakake wong kasar kuwi?
“Kurang ajar!” Dumadakan krungu swara nggetak seru.” He , ngapa kowe ana kene?”
Weruh tekane Kujang Anom sing ora dingerteni kuwi, Sangkan dadi ciut atine. Dheweke terus lunga mlayu ora kumecap apa-apa.
Nilasari terus mlayu marani bojone karo nggendhong anake. Dheweke nangis sesrenggukan.
“Tenang , nyi. Tenang!”
“Kang,Kepiye aku bisa tenang? Yen wong kuwi saiki ngetok maneh?”
“Aku ora ngira, dheweke wani mara mrene, sawise suwe ora ngetok, pranyata dheweke isih nresnani kowe.”
“Kang, dheweke ora nresnani aku, nanging mung nafsu.”
“Ya embuh jenenge, sing genah dheweke isih ngincer kowe.”
“Kang aku wedi.”
“Tenang. Yen aku isih urip ora bakal dheweke bisa ngganggu.”
“Kang...”
“Wiwit saiki yen aku lunga menyang sawah, kudu ngati-ati.Yen ana apa-apa, mbengok wae sing seru supaya aku krungu.”
“Iya,Kang.”
Rong sasi candhake Nalikane Kujang Anom ora lunga menyang sawah, Nilasari kepengin blanja menyang pasar.
“Kang, aku arep blanja menyang pasar, aku titip Kujang Panitra lan Kujang Sari. Aku dak nggawa kujang Sakti wae.”
Kujang Anom manthuk. Pancen dheweke kuwi ngerti banget karo kabutuhane sing wadon. Ora sakarepe dhewe lan tansah nggatekake.
“Nanging kowe kudu ngati-ati.”
“Ya. Pasare rame ,mesthine ora ana sing wani ngganggu gawe.”
Nilasari terus budhal menyang pasar njunjung tenggok karo nggendhong anake ragil,Kujang Sakti. Ing dina iki Nilasari bakal olah-olah sing enk kanggo bojone.
“Bu,arep tuku apa?” Pitakone Kujang Sakti.
Sanajan umur telung tahun nanging bocah kuwi crewet. Dheweke senengane takon. Apa sing diulati ditakokake.
“Daging sapi,sayang.”
“Daging Sapi, kanggo apa?”
“Ya, mesthi dipangan. Daginge sapi arep dimasak dadi gepuk sing enak. Kowe seneng ta?”
“Ya, aku seneng.”
“Lha ngapa seneng?”
”Amarga , rasane enak banget lan empuk. Pokoke enak.” Kandhane bocah kuwi nggemesake banget.
Nilasari ngguyu,terus njiwit pipine Kujang Sakti kanhi gemes.
Ora let suwe lakune Nilasari wis tekan pasar.
“Mangga Bu,badhe mundhut napa?” Pitakone bakul dagingb kanthi semanak.” Mriki daginge komplit.Enten daging sapi, daging ayam,daging menda lan sanes –sanesipun. Pokoke sedaya wonten. Mangga kantun milih mawon.”
“Kula pengin daging sapi kangge damel gepuk.”
“O, inggih pinten kilo?”
“Setunggal kilo mawon.”
“Inggih.” Kanthi cepet bakul daging kuwi ngedoli Nilasari.”
“Pinten regine,Pak?”
“Sedasa kepeng mawon.”
“Menika.”
“Matur nuwun.Manawi ngersakaken daging malih kula suwun mriki mawon. Mesthi mangke panjenengan mboten kuciwa.”
Nilasari manthuk. Dheweke terus lunga. Saiki dheweke terus tuku bumbu kanggo gawe gepuk.Brambang, bawang,laos, asem jawa, lan gula klapa.Sawise oleh kabeh, Nilasari terus mulih menyang desane.
“Ing tengah dalan Nilasari weruh wanita tuwa nggawa blanjan akeh sajak kabotan. Nilasari rumangsa mesakake .Wanita kuwi dicedhaki.
“Mbah, mangga kula rencangi.”
Wanita tuwa kuwi noleh, lan ngguyu weruh wnita ayu sing arep ngewangi.”Ah, ora sah Nak.” Gawanmu wae wis akeh. Kajaba kuwi kowe nggendhong anak.”
“Mboten napa-napa.kula tasih saget ngrencangi.” Nilasari meksa. Dheweke terus njupuk gawane wanita tuwa kuwi.
Simbah-simbah kuwi ngulati kanthi rasa trenyuh.”kowe pancen becik. Matur nuwun,Nak.”
Nilasari ngguyu. “Mbah , griyane pundi?”
“Ana pinggir ngalas.”
“Pinggir ngalas?”Nilasari ngulati wanita tuwa kuwi gumun.
“Iya, ing pinggir ngalas,Nak.”
“Kalih sinten, wonten ngrika?”
“Dhewe, simbah wis ora duwe sapa-sapa maneh. Anak-anakku wis padha omah-omah lan manggone adoh saka kene. Praupane Simbah kuwi katon sedhih. Dheweke mesthi kelingan anak-anake.
Nilasari dadi trenyuh. Mesake banget, wis tuwa kaya ngono ora ana sing ngopeni. Dheweke manggon dhewe ana ngalas. Saupama dheweke wis tuwa besuk apa ya kaya ngono kuwi? Nilasari nggambarake sing ora -ora.
“Nak, iki omahku.”
“O, inggih”. Nilasari mari saka ngalamune.
Simbah kuwi ngguyu ngatonake untune ngarep sing wis ompong. “Awake dhewe wis tekan,Nak.”
“Oh, dadose mriki, griyanipun. Sepi sanget. Mboten enten sanese sing manggen ngriki.Napa mboten kijenan?”
“Mesthi wae aku kijenan. Nanging apa sing bisa dak tindakne, bisa duwe omah ngene wae wis matur nuwun.”
Nilasari nyawang Simbah kuwi kanthi kebak rasa gumun. Wanita tuwa kuwi pancen becik banget. Uwis tuwa nanging tetep tangguh lan bisa urip ijen.
“Mung kadhang kala ana sawijining Jejaka sing mrene. Simbah mesake banget karo dheweke. Satemene dheweke kuwi Jejaka sing becik, nanging amarga kagawa sakiwa tengene dadi kasar, ora ngerti tatakrama. Mulane Simbah seneng menehi mangan lan ngombe. Ngandhani supaya dheweke mareni tingkah lakune sing ora becik.”
“Mbah!” Dumadakan krungu pawongan njeluk.
Nilasari lan wanita tuwa kuwi noleh. Dheweke weruh Jejaka tuwa gedhe dhuwur brewok rambute gondrong ora temata teka kono.
Simbah ngguyu. Sawetara kuwi Nilasari kaget campur gumun.
“Mbah..Wah,.. ana tamu ta?” Pawongan kuwi ngulati Nilasari kanthi gumuyu.
“Sa...Sangkan...”
“Wah, kowe wis padha tepung ta?” Simbah kaget.
Sangkan manthuk. “ Iya Mbah . Aku wis tepung , amarga dhek emben aku manggon sadesa.”
“O, ngono,. Wah, ngepasi. Yen ngono, ayo mlebu ngomah. Dak gawekake teh.”
“Wah, iya ,Mbah.” Sangkan seneng.
“Na...nanging kula kedah wangsul Mbah. Amargi semah kula sampun nengga wonten griya.”
“Nila, ora prayoga nampik  ngono kuwi.apa meneh karo Simbah.” Sangkan mbujuki.
Nilasari dadi bingung.Dheweke sawijining wanita sing becik. Dheweke tansah gawe senenge wong liya. Apa maneh yen wong kuwi luwih tuwa katimbang dheweke.
“Ayo, Nila. Aja sumelang! Aku babar pisan ora bakal ngganggu kowe. Aku saiki wis martobat.”
Nilasari kaget banget krungu kandhane Sangkan. Sangkan wis martobat?Apa bener?.Meneng-meneng dheweke cubriya.
“Inggih.” Wusanane Nilasari mlebu ngomah.
Pranyata sanajan omah kuwi mung cilik katon prasaja nanging, kahan ing njero ngomah nengsemake. Omah kuwi resik banget lan kepenak.Dheweke pada lungguh ana klasa pandhan. Lan Simbah kuwi nyuguhi wedang pahit anget.
“Sangkan, blaka suta wae, aku cubriya karo omonganmu mau.” Nilasari miwiti guneman.
“Omongan sing endi?”
“Kowe mau kandha manawa kowe wis martobat, apa bener?”
Sangkan meneng. Sirahe ndhungkluk. “Mbah, tulung Nila dikandhani!”Sangkan njaluk Simbah supaya ngyakinake Nilasari.
“Nila, apa sing dikandhakake Sangkan kuwi tenan. Dheweke saiki wis ora kaya Sangkan dhek emben. Dheweke saiki wis mari wis martobat, wis nglengganani sakabehing kaluputane, lan janji ora bakal mbaleni tumindake sing ala.”
“Nanging, kengeng menapa saget?”
“Nila ,aku ngerti kena apa kowe durung bisa percaya manawa aku wis martobat. Mesthi wae amarga pakartiku sing ala jaman semana. Nanging manungsa bisa owah , iya ta?”
“O..ora ngono karepku. Mesthi wae saben wong kena owah. Nanging owah sing luwih becik, ora luwih ala.”
“Nila, nalika kowe dadi manten karo Kujang Anom, aku lara ati.  Lara banget atiku. Amarga wiwit biyen aku tresna kowe. Aku meh wae edan , weruh kowe sesandhingan karo wong liya. Malah aku duwe pangrencana bakal ngrayah kowe saka Kujang Anom , emboh wae kepiye carane. Mulane aku menyang ngomahmu wektu kuwi.”
Sangkan meneng sawetara. Mripate sayup.
“Sawise mulih saka ngomahmu, lan weruh kowe urip tentrem, dumadakan rasa aneh thukul ana atiku.”
“Rasa aneh?”
“Iya. Rasa aneh. Dumadakan aku rumangsa getun banget. Kowe urip tentrem dene aku kelunta-lunta. Ora duwe pengarep-arep sing cetha. Mula kuwi aku pengin mati wae. Urip iki kaya-kaya wis ora ana gunane.”
“Ya , dheweke bener ,Nila. Meh wae dheweke nglalu. Tujune wae nalika kuwi aku nemokake.” Simbah nambahi.
“Simbah iki sing wis mitulungi aku. Simah iki sing wis nylametake uripku. Upama ora ana Simbah mbokmanawa aku wis ora ana, ora bisa ketemu kowe maneh.” Sangkan mripate ngetokake eluh.
“Dudu aku sing nylametake kowe, Sangkan. Nanging kabeh mau saka kersane Gusti kanthi lantaran aku.Aku mung sadrema wae.”
Sangkan manthuk-manthuk sajak sarujuk.,”Lha ngono kuwi lelakonku, Nila. Mula aku njaluk pangapuramu amarga aku biyen wis tumindak ala karo kowe. Aku janji ora bakal ngganggu kowe maneh.”
Nilasari ngguyu. “ Ya, sokor aku seneng krungu kandhamu. Wusanane kowe bisa dadi wong becik.”
Sangkan melu ngguyu. Saeba senenge dheweke wektu kuwi. Sawijining rasa sing durung nate dirasakake.
“Sangkan, manawa kowe wis ora kaya dhek emben, mesthine luwih becik dandanmu beda karo biyen,” Nilasari usul.
“Ngowahi dandanku?”
“Iya, coba nganggowa sandhangan sing resik, cukur brengos, cukur rambut lan brewokmu kuwi. Diakehi guyune. Wah mesthi bakal nggantheng banget.”
“Kandhane Nilasari kuwi bener,Nak. Cobanen!” kandhane Simbah gawe bombongan.
“Apa iya?Sasuwene iki aku ora nate mikirake perkara kuwi. Ya, dak cobane.”Sangkan ngadek terus menyang buri omah.
Nilasari lan Simbah padha ulat-ulatan. Sakarone padha ngguyu. Ora let suwe Sangkan wis bali maneh. Lan saiki wis ana owah-owahan akeh tumrap dheweke.
“Sangkan?” Simbah ngulati Jejaka kuwi ngungun banget.Semono uga Nilasari.Jebule sawise Sangkan cukur brengos , rambut lan jenggot dheweke katon bagus warnane dedek pideksa.
Jejaka kuwi ngguyu,.Kepiye ,Mbah? Apa aku katon beda?”
“Mesthi beda . Kowe saiki ketok bagus dedege pideksa.”
‘Wah, Simbah. Aku dadi pekewuh.”
Nilasari lan Simbah kaget bareng Sangkan kandha ngono.
“Sangkan kowe kudu enggal duwe bojo.!” Nilasari usul.
“Duwe bojo?”
“Iya , duwe bojo. Kowe saiki wis dadi wong apik. Wis sapantese lamun kowe oleh sisihan supaya kowe bisa urip tentrem.”
“Kandhane Nilasari kuwi pancen bener tenan.Simbah nambahi.
‘Wah , Simbah. Lha yen duwe bojo, terus  karo sapa?”
“Yen kowe tenanan aku bakal nggolekake.”
“Tenane lho!”
“Aku tenanan, kowe gelem?”
“Nanging sapa bocahe?”
“Sing cetha dheweke sawijining wanita sing becik, ayu tur lucu. Kowe mesthi seneng duwe bojo karo bocah wadon kuwi.”
“Ya, nanging sapa bocah wadon kuwi?”
“Wadi.”
          Sawetara suwe Nilasari mampir ngomahe Simbah. Nilasari terus njaluk pamit mulih menyang ngomahe. Kanthi kesusu Nilasari anggone mlaku amarga kelingan manawa bojone durung diolah-olahake. Owah-owahane sangkan gawe dheweke lali kuwajibane. Mentas tuku daging sapi kanggo gawe gepuk senengane bojone wusanane dadi lali. Bisa –bisa bojone nesu amarga saka telat tekane. Nanging sasuwene iki Kujang Anom durung nate nesu marang dheweke. Mulane dheweke ora pati sumelang.
Ing ngarep lawang omah, dheweke weruh bojone lungguh karo maca kitab. Nilasari ngguyu. Nanging datan kanyana bareng sakarone padha ulat-ulatan.
Kujang Anom menthelengi bojone.Bathuke mengkeret.
“Kang, aku njaluk ngapura , tekaku telat.” Nilasari ngomong karo mlebu omah. Kujang Sakti keturon ana gendhongane. Diturokake ana paturone terus bali menyang ngarep nemoni Kujang Anom.
Kujang Anom isih maca kitab,nanging raine saya ketok nesune.
“Kang...” Panyapane nila kanthi alus.Pundhake dielus-elus.
Kujang Anom meneng ora ngomong apa-apa.
Nilasari nggresah. Dheweke bisa ngerti manawa bojone kuwi lagi nesu. “Kang, sepisan maneh aku njaluk ngapura.”









Gambar 5.3


Kujang Anom maca kitab ana ngemper
Nilasari nggendhong anak karo gawa blanjanane

 
 












“Ngapa telat?” Pitakone Kujang Anom sajak ora nggagas.
”Aku...aku...”
“Kowe mentas ketemu karo Sangkan ,ta?”
Nilasari kaget banget Dheweke ora ngira manawa Bojone ngerti perkara kuwi.
“Ngapa meneng?Wangsulana pitakonku!” Pitakone karo nesu.
“Iya...nanging...”
“Hmmm bojo kepiye ngono kuwi? Bojone ngenteni karo was-was malah dheweke glenak- glenik karo wong lanang liya.” Kandhane Kujang Anom sareh nanging natoni ati.
“Wis , ora sah dicethakake. Yen pancen kowe seneng Sangkan, ya meluwa kana!” Kujang Anom ngadek terus mlebu omah.
”Kang .” Nilasari nguyak. “ Kakang aja cubriya sing ala!”
“Aja ngomong ! Aku lagi ora kepengin ngrungokake.” Kujang Anom mlebu menyang kamare, terus ngunci rapet.
“Kang...”
Panjeluke Nilasari kaya ilang kena saputing angin.





 







6.Pacobaning Urip
N

alikane  Nilasari menyang pasar karo nggendhong anake ragil  si Kujang sakti. Kujang Anom nonton rembulan sing wiwit ketok saka cendhela kamare. Atine was sumelang kebah kebak rasa cubriyane.Wancine wis wayah surup nanging kena apa Nilasari durung mulih. Kamangka adat saben Nilasari teka ngomah sadurunge sengengene gumlewang.
Amarga rasa sumelang. Mulane dheweke nitipake Kujang Panitra lan Kujang Sari marang Bik Imah.Tanggane sisih omahe. Dheweke nggoleki Nilasari menyang pasar.
Nanging ing kana dheweke ora nemokake bojone. Rasa sumelange saya banget. Oh Gusti, menapa kadadosan ingkang tumempuh bojo kula? Apa Sangkan nindakake pakarti sing ala?”
Kujang Anom terus nggoleki. Saben wong sing ditemoni ditakoni ngenani anane Nilasari, nanging kabeh padha mangsuli ora ngerti. Sadalan-dalan dheweke tansah ndedonga muga-muga anak bojone tansah slamet.
Nganti wusanane, suwe olehe mlaku lan nggoleki tanpa kasil, Kujang Anom kekeselen. Wong lanang kuwi nglungguhake bokonge ana pasuketan.
“O, Gusti, enten pundi anak lan bojo kula?” Pitakone lirih. Mripate merem, nglungakake tetesing waspa kang meh tumiba. Dheweke nggresah.
“Den,..!” Dumadakan krungu swra sing njeluk.
Kujang Anom kaget lan ngelekake mripate. Ngulati sawijining wanita setengah umur ing sangarepe.









Gambar 6.1


Kujang anom lungguh ana ngisor uwit pinggir dalan
Wong wadon setengah umur nggendhong tenggok nyedhaki takon
 
 












“Aden niki kenging napa?Praupane kok memelas?”
“Bu, kula nembe madosi anak bojo kula.”
“Madosi kanca estri lan putrane?” Wanita kuwi nyawang kebak rasa gumun.”Pancenipun dhateng pundi garwa lan putrane Aden? Napa piyambake kesah?napa bibar karengon?”Pitakone wanita kuwi.
Kujang Anom nggedhek “Mboten ngaten Bu.”
“Lajeng?”
“Enjang, wau bojo lan anak kula dhateng peken, blanja.Nenging  dumugi sapriki dereng wangsul. Kula sampun madosi dhateng pundi-pundi, ewa semanten mboten manggihaken. Kula kuwatos.”
Wanita setengah umur kuwi manthuk-manthuk.
“Menapa panjengengan pirsa ,Bu?” Pitakone Kujang Anom kebak pengarep-arep.
“Kula mboten ngertos. Kula kepanggih tiyang kathah dinten niki wau.kados pundi ciri-cirinipun?”
“Piyambake ayu, praupane lonjong.Kulitipun resik.Mbeta  anak umur tigang tahun.”
Wanita kuwi ngeling-eling.
“Wanita ayu nggawa bocah cilik. Emm ...menapa ngangge tusuk kondhe perak?”
Mripate Kujang Anom mblalak.”Leres ,Bu.”
“Piyambake ngangge kebaya motif lembayung?”
“Inggih.” Kujang Anom saya seneng.
“Manawi ngaten kula kinten...”
“Samenika wonten pundi,Buk?”
“Kula mboten ngertos saleresipun.Ingkang cetha, kala wau kaliyan Mak Kuntala.”
“mak Kuntala?”
“Inggih, Mak Kuntala niku griyane Pinggir ngalas.”
“Cobi kemawon tindak mrika!”
“O, Inggih. Matur nuwun.”
Kujang Anom age-age ngadek saka lungguhe terus menyang pinggir ngalas nggoleki omahe Mak Kuntala, kanthi seneng atine.
Bareng tekan pinggir ngalas ana omah cilik digawe saka kayu.Dheweke arepnothok lawang, nanging dumadakan krungu swarane wong lanang sing lagi jagongan.Kujang Anom apal banget karo swara kuwi , genah swarane Sangkan sing banget digethingi.Lan sing luwih ngagetake maneh,ana swra guyune wong wadon ora liya swarane Nilasari Bojone sing banget ditresnani .









Gambar 6.2

Kujang Anom nginjen omahe Mak Kuntala Ing pinggir alas
Dheweke weruh Nilasari Jagongan karo Sangkan lan Mak kuntala



 
 











Mesthi wae Kujang Anom raine dadi abang ngampet nesune. Atine kobong.Sangkan karo Nilasari? Lagi gapa dheweke ana papan kuwi?
Urubing rasa cubriya mubal ing atine, kaya mbengkah-mbengkahna dhadha. Kujang Anom nginjen liwat sela selaning gedhek lan saya cetha manawa sing lagi jagongan kuwi Nilasari karo Sangkan, lan uga sawijining wong  tuwa wadon sing jenenge Mak kuntala.Atine saya kobar. Tangane ngepel, kaya arep ngantem-ngantema kae.Rasane kaya wis ora kuwat nonton kahanan sing kaya ngono kuwi. Lan age-age dheweke mlayu mulih menyang ngomahe.Sasuwene mlaku ana ing dalan rasane Kujang Anom kaya dene ana sing lagi peperangan. Dheweke  banget olehe nresnani lan banget percayane.Bojone sawijining wanita sing becik bebudene. Nanging , Geneya  sing diweruhi ing omah kuwi jebul bojone karo Sangkan. Pikirane sing ngrambyang ora cetha marga rasa Cemburu wis nguwasani atine.
“O, Gusti, Kenging menapa kadadosan menika tumempuh dhateng kawula?” Panggresulane Kujang Anom makaping-kaping.
Pandulune tansah ngulati ing langit. Rasaning ngati kepengin nesu banget.Dheweke pengin ngutahake rasa mangkele kuwi menyang Nilasari.Nanging dheweke ora gelem.Rasaning ati ora tega, ora mentala, lan ora kuwawa.Dheweke pengin Nilasari sing ngrumangsani dhewe. Dheweke ora kepengin ngandhakake perkara iki nganti pirang-pirang dina. Manawa perasaane wis lega lagi bakal dirembuk karo dheweke.
“Kang,...”Nilasari jelukj-jeluk saka njaban Kamar.
Atine Kujang Anom kaya diiris-iris.Dheweke meneng.
“Kang...” Panjeluke Nilasari karo nangis. “ Kang, manawa sampeyan ora gelem metu nemoni aku ya uwis. Aku ora meksa. Nanging rungokna dhisik keteranganku!”
Kujang Anom ngunjal ambegan terus diwetokake alon.
“Kang, sepisan maneh aku njaluk pangapura. Aku ngakoni salah. Ora mulih ngepasi wektune, lan ora masakake gepuk kanggo Sampeyan. Nanging apa sing kadadean dina iki  mau kaya dene banyu muli ngono wae.Aku babar pisan ora kuwawa nanggulangi.”
Bareng ngono krungu swara “Hah...” saka njero kamar . Nila saya keranta-ranta.Nanging kanthi tabah dheweke mbacutake critane.
“Kang, nalika mulih saka pasar.Aku ketemu karo wong tuwa thuyuk-thuyuk sing jenenge Mak Kunatala. Dheweke lagi nggawa gawan blanjanan kabotan.Atiku obah, lan terus nulungi dheweke dak gawakake gawane nganti tekan ngomahe pinggir ngalas.Ora dinyana, aku ketemu karo Sangkan. Jebul Sangkan kuwi saiki dadi anak pupone Mak Kuntala. Wektu kuwi Sangkan kandha karo aku manawa dheweke wis martobat. Dheweke ora bakal ngganggu aku  maneh.Aku seneng banget ngrungokake. Ateges awake dhewe ora perlu duwe rasa sumelang maneh. Lha yakuwi alesanku kena apa mulihku telat.”
Kujang Anom mung meneng. Ora mangsuli apa-apa.Nanging wis ora keprungu panggresahe  saka jero kamar maneh.
Nilasari mung dhungkluk. Atine kelara-lara.Genea Kujang duwe sikap kaya ngono? Genea Kujang Anom babar pisan ora gelem ngrungokake kandhane Bojone.Genea Kujang ora percaya marang dheweke? Nilasari terus mlebu kamare anake, kanthi rasa sedhih keranta-ranta.
Sawise sawetara wektu Nilasari wis turu. Kanthi sesidheman Kujang Anom metu saka kamare lan mlayu menyang ngomahe Mak Kuntala. Dheweke bakal nakokkake ngenani critane Nilasari bener lan orane.Apa pancen Sangkan wis martobat lan ora bakal ngganggu gawe bebarayane dheweke. Lan kepiye sesambungane Nilasari karo Sankan?
Ora let suwe mlayune kujang Anom wis tekan ngomahe Mak Kuntala. Dheweke terus thothok-thothok lawang.
“Thok-thok...thok. Kula nuwun.”
“Sapa ya?”
“Kula ,Mbah.”
“Kula , sinten?”
“Kula ,Kujang Anom.”
“Kujang Anom?” Mak Kuntala dadi gumun. Sasuwene iki dheweke ora nate tepung karo sing jenenge Kujang Anom.
“Mbah, tulung diwengani kori, Kula sanes tiyang awon.Kula bojone Nilasari.”
“Bojone Nilasari?” Mak Kuntala kelingan lelakon mau awan.Nilasari kuwi wanita sing mau nggawakake blanjane saka pasar.
“O, iya ditunggu sadhela!” Mk Kuntala terus ngengakake kori.
“Kriet.” Lawange menga amba.
“Ayo mlebu!” Saka tingkahe Kujang Anom, Mak Kuntala wis duwe gagasan manawa Kujang kuwi dudu wong ala.
Kujang Anom gumuyu,”Matur nuwun, Mbah.”
“Ditunggu sadhela, dak gawekake teh anget!”
“Mboten sah repot-repot, Mbah.”
“Ora, aku ora repot. Dikepenakke lungguhe!”
Kujang Anom bareng ngerti manawa  Mak Kuntala wis tuwa banget ,lan pranyata sawijining wong tyuwa sing lembah manah lan becik atine kuwi, rumangsa trenyuh. Ateges bener sing dikandhakake Nilasari. Lan ora bener sing dipikirake dheweke.









Gambar 6.3

Kujang Anom anaomahe Mak Kuntala Ing pinggir alas
Dheweke jagongann karo Mak Kuntala



 
 











“Ayo, diombe,Nak!” Sawetara suwe Mak Kuntala mlebu terus nggawa wedang teh loro.
“Matur nuwun ,Mbah.” Kujang Anom jupuk cangkire. Teh anget kuwi diombe sethithik-mbaka sethithik.”Wah, kenthel lan eca, Mbah. Jumbuh sanget kaliyan swasana ingkang asrep kados ngaten.”
“Satemene ana apa ? Sliramu wengi-wengi teka kene,Nak?”
“Ku...kula..”Kujang Anom kurang pengandel.
“Aja ngono!” Mak Kuntala aweh pamrayoga.
Wusanane Kujang Anomm nyritakake kabeh ora tedheng aling-aling , blaka suta terus terang apa anane. Ngenani anggone dheweke  nggoleki Nilasari ora ketemu , nganti tekan nemokake Nilasari ana ngomahe Mak Kuntala.
“Amarga Nila ketemu karo anak angkatku, Sangkan?” Mak Kuntala bisa nyandhaki kadadean apa sing kelakon.
Kujang Anom manthuk.”Nalika Nilasari wangsul kula nesu sanget. Kula kinten piyambake sampun nyidrani kula,Mbah.”
Mak Kuntala mung gedhek-gedhek. Bathuke mengkerut. “Kowe kebangeten,Nak. Bojomu sawijining wanita sing luhur bebudene. Dheweke uga njaga pakurmatane kulawarga.”
“Kula ngertos, Kula ngertos sanget ,Mbah. Mila menika kula pundhut garwa.Nanging kula cubriya sanget. Netra batin kula sampun kadamel peteng.”
“Simbah ngerti,Cubriya kuwi pratandha tresna. Nanging ora adil manawa kowe duwe pandakwa sing ora –ora, sawetara kuwi b ojomu durung menehi keterangan apa-apa.”
Kujang Anom dhingkluk.Dheweke rumangsa nalangsa banget.
“Ya uwis, sing uwis ya uwis.Becike kowe enggal mulih. Temonana bojomu. Njaluka ngapura. Lan liya wektu yen kowe cemburu digoleki dhisik sebabe, lagi nentokake sikape.”
“Inggih mbah.”
“Ya ngono kuwi jenenge bebrayatan, akeh godhane. Nanging kabeh mau nambahi endhah lan mundhak katresnane. Malah yen kasil ngadhepi samubarang panggodha kanthi becik, bakal bisa aweh pangeling-eling temahan ora sida mbaleni sing kurang p[rayoga.”
“Inggih,Mbah matur nuwun.Simbah sampun maringi pangertosan kula.”
Simbah ngguyu.”Aku seneng bisa ngewani kowe lan Nilasari. Aku seneng karo bojomu. Ddheweke sawijining wanita sing luhur bebudene. Ora ana tunggale.Pesenku, reksanen sesambungnmu karo dheweke.Aja nganti mung perkara sepele lan salah tampa, kowe padha karengon.”
“Inggih,Mbah.Kula janji mboten badhe mbangsuli malih. Ketingalipun kul selak kepengin manggihi kanca estri kula ,kula sampun kangen sanget.”
“Ya, ngati-ati.”
Kujang Anom age-age mulih menyang ngomahe ing desa Cilincing.Dheweke mlayu lonjong mimis. Kebak ati seneng.
Nlika tekan ngomah, Kujang Anom nemokake bojone sing wis turu. Praupane nuduhake manawa lagi susah atine.Dheweke ngullatibojone trenyuh.
“Nilasari, Aku njaluk ngapura...”Kujang Anom ngelus-elus rikmane bojone kebak asih sutresna. Aku mesake kowe amarga sikapku mau.Kujang Anom njunjung bojone digawa menyang kamare.
“Auhg..agh...” Nilasari ngolet sedhih.
“Tenang, tenang. Wong ayu.” Kanthi alon Kujang Anom nurokake bojone ana paturone.
“Kang...” Nilasari eling saka turu. Dheweke kaget genea bojone wis ana sacedhake.
“Nyi,” Kujang Anom ngekep bojone kanthi kenceng kebak tresna.”Nyi aku njaluk pangapura.”
“Ngapura..?”
“Aku ngrumangsani, Sliramu ora salah. Aku sing luput.Aku wis cubriya sing ora-ora.Sing gedhe pangapuramu.”
“Kang, sampeyan ora salah.Aku sing luput,njaluk ngapura.”
“Nyi, liya wektu aku janji, aku ora bakal nesu sing tanpa waton.Yen ana perkara, bakal dak goleki dhisik sing anjalari.”
“Kang,..” Nilasari nangis kebak kabagyan.
Sabanjure wong loro kuwi padha ngesokake katresnane nganti sawengi muput. Nganti lali karo anakke. Emboh padha ngapa?
Genti kang cinarita ora kaya kang ana tengahing dalan saka omahe Kujang Anom sing tumuju menyang pasar.
Nalika samana Kujang Anom lagi arep budhal saka ngomah nggawa asil panenane menyang pasar.Dumadakan ana sawijining wanita ayu kang nyedhaki sakpantaran karo dheweke.
“Kujang Anom,apa bener kowe Kujang Anom?”
Kujang Anom sing lagi nggawa asil panenane kuwi kaget.”Kok ana wanita ayu nakoni aku iki sapa ya?,kok dheweke wis tepung aku?”Sajroning ati dheweke tuwuh tandha pitakon, ngeling eling sapa pawongan kuwi.
Wanita ayu kuwi mesem katon manise.”Bener aku ora salah.kowe Kujang Anom.Caramu ngulati persis kaya dhek emben.”
Kujang Anom isih ngerutake bathuke, ngeling eling sapa pawongan kuwi. Dheweke durung kelingan.









Gambar 6.4


Kujang Anom nggawa asil panene menyang pasar
Ana dalan ketemu wanita ayu kancane isih cilik dheweke lali
 
 











“Kowe kuwi isih enom kok wis pikun, ta?”Wanita kuwi nakoni karo mencep.
“Nyuwun pangapunten, Nimas. Kula kesupen.Sinten,Nggih? Menapa sampun  nate kepanggih saderengipun?”
“Hik...hik...hik.” Wanita kuwi nggeguyu.”Lho, kowe kuwi piye ta? Kok malah basa ?Apa pancen lali tenan ta?Ora mung ketemu nanging malah dolan saben dina karo kowe.”
“Dolanan bareng?” Kujang Anom njabel basane. Pikirane Kujang Anom terus kelingan nalika dheweke isih seneng dolanan. Ya ing nalika isih cilik.Dheweke kerep dolanan karo kancane wadon.”
“Kanti...? O. Iya kanti ta?”Kujang Anom gumuyu.
“Bener, aku Kanti kancamu dolan dhek emben.”Wanita kuwi guyu maneh.” Lha , wis kelingan saiki.Sokur.”
“Kanti, mesthi wae aku kelingan , nanging saiki kowe beda adoh banget karo kanthi sing dhek emben.”
“Apa bedane?”
“Wah, akeh banget. Dhek emben kowe lucu, lincah, cengeng. Nanging saiki...” Kujang Anom ndelengi wanita ing sangarepe.
“Saiki piye?”Kanti ngguyu kenes.
‘Saiki kowe ...kowe ayu banget lan dewasa.”
“Ah, kowe kuwi.” Kanti guyu ngakak.
“Kepiye kabare Bapak karo ibumu, rak ya sehat-sehat wae ta?”
Bareng ditakoni ngenani Bapak lanIbune dumadakan raine kanthi dadi suntrut.”Wong tuwaku wis seda kabeh.”
“Ah,” Kujang Anom kaget.”Aku melu prihatin.”
Sawetara padha meneng sabanjure kanthi wiwit ngomong. Ya wis kabeh wis kelakon. Kajaba kuwi Bapak lan Ibuku wis tentrem ana ngalam kana. Ora perlu sedhih maneh.”
“Y , kuwi bener. Lha saiki kowe manggon ana ngendi?Kowe mesthine wis omah-omah ta?”
Kanti ndhungkluk.Praupane suntrut maneh.
“O,..Aku njaluk ngapura.Apa pitakonku gawe larane atimu?”
Kanti nggedhek.”Ora , mung dumadakan aku kelingan karo swargi bojoku.”
“Swargi bojomu?”
“Ya,bojoku wis mati setahun kepungkur, amarga wabah lelara.”
“Oh...” Kujang Anom trenyuh. “Lha terus putra-putramu?”
“Aku durung diparingi momongan. Aku urip ijen.”
“Kanti, kowe tabah tenan.”
“Amarga mung kuwi wae sing kudu dak lakoni,mati apa tetep urip. Lan aku milih tetep urip.Aku wegah mati ngenes”
Kujang Anom ngulati kancane kuwi gumun banget. “Lha terus kowe saiki nyambut gawe apa?”
“Aku dagang sandhangan. Njupuk saka pedagang Palembang lan terus dak iderake ana wewengkon kene iki. Ya saka dodolankuwi aku sih uri nganti seprene.”
“Lha, terus kowe manggon ana ngendi?”
“Aku ora duwe panggonan sing mesthi.Nanging ngene iki luwih kepenak kangoku. Ana ngendi aku manggon ,ya kono kuwi omahku.Yen aku wis kesel lan pengin  turu, aku terus golek panginepan lan nginep ana kono.”
“Wah , kowe nggegirisi. Yen aku dadi awakmu, durung mesthi bisa kaya ngono.”
Kanti mesem.”Uwis ta , aja ngalem aku terus.Saiki critakna ngenni awakmu.Kowe saiki mesthi wis kulawarga, omah-omah karo wanita sing ayu, lan duwe anak sing pinter,Iya ta?”
Kujang Anom manthuk.
“Aku  meriu karo kowe.”
“Kowe ora kena meri karo aku.Malah aku kudu nulad semangatmu kuwi.Kowe sawijining wanita sing nggegirisi.Yen kowe gelem omah-omah mesthi kowe bakal tentrem karo bojomu.”
“Omah-omah?” Kanti njengkerutake alise.
“Ya, omah-omah. Kowe isih enom, ayu. Mesthi akeh wong lanang sing ngarepake kowe.”
Kanti meneng. Atine kandha.”Kujang saumpama kowe ngerti jerone atiku. Aku isih tresna karo kowe.Wiwit cilik aku uwis seneng karo kowe. Nanging amarga pepisahan, akun ora nate ketemu, mulane aku nikah. Nanging saiki bojoku wis ora ana. Lan aku ngubengi desa mung pengin nggoleki kowe. Aku pengin ngetokake isine atiku lan duwe pengarep-arep bisa dadi bojomu. Nanging kowe wis omah-omah.Apa maneh sing bisa dak lakoni?”
“Kanti...kanti...”
“Ah...” Kanti eling saka ngalamune.
“Kowe ngalamun?”
“Ora...aku ming mikirake usulanmu mau.”
“Dak rasa usulanku mau luwih prayoga. Kowe kudu nyoba.Omah-omah maneh.Duwe bojo sing tanggung jawab ngayomi lan menehi nafkah lahir batin.Dadi kowe ora perlu nyambut gawe abot kaya ngono.”
“Aku ngerti, aku bakal mikirake luwih njlimet.”
“Ya.”
“Saiki kowe manggon ana ngendi?Apa aku oleh dolan menyang ngomahmu?”
“Ya, genah oleh. Kowe perangane kulawargaku. Kapan wae kowe gelem. Kowe bisa teka ngomahku.Omahku ing desa Cilicing.”
“Desa Cilincing?”
“Ya, ora adoh saka kene. Mlaku udakara rong kilo meter mangetan kowe bakal nemokake omahku.”
“Ya.”
“Dak tunggu.Mengko dak tepungake karo bojoku. Bojoku jenenge Nilasari. Bojoku wanita sing becik semanak.”
Kanti mesem.
“Ya, wis”Ngono dhisik aku dak mbacutake laku menyang pasar ngedol asil panenku iki.”
Kanti manthuk tandha sarujuk.Sabanjure wong loro kuwi padha budhal menyang ancase dhewe-dhewe.


 





7.Katresnan Sejati
A

na ing dalan mau nalika Kujang Anom jagongan karo Kanti. Ana sawijining pawongan sing weruh. Pawongan kuwi ora liya Sangkan. Sangkan  sing saiki wis martobat nglereni tumindake sing ora becik. Bareng ngerti kahanan kuwi Sangkan tuwuh rasa cubriyane marang Kujang Anom. Mulane dheweke terus kepengin ngandhani Nilasari. Age-age dheweke mlayu menyang ngomahe Nilasari.
Nalika tekan ngomahe Nilasari. Dheweke weruh Nilasari lagi mepe kumbahan ana nglatar.






Gambar 7.1

Nilasari lagi mepe kumbahan ana nglatar
Sangkan teka ngandhani
 
 













“Sangkan. Ana apa?”
“Nila...”Sangkan nata ambegane sing ngangsek.
Nilasari ngguyu. “Sangkan ditenangke dhisik pikirmu. Kowe kena apa? Genea mlayu-mlayu kaya ngono?”
“Ya...aku mau weruh bojomu ana dalan...”
“Oh, dadine kowe mau ketemu karo bojoku. Dheweke lagi menyang pasar adol asil panenane.”
“Ya. Aku ngerti.Nanging...”
“Nanging kepiye? ”Nilasari ora ngerti.
“Bojomu mau jagongan ngglenik karo wanita ayu banget.”
“Wanita...? Sapa?”
“Aku ora ngerti. Nanging wanita kuwi isih enom. Saumur karo kowe. Dheweke ayu banget. Lan sajake dheweke wis tepung becik. Dheweke padha jagongan ngglenik.”
“Apa iya?” Nilasari setengah ora ngandel. Sasuwene iki sing dingerteni, bojone kuwi sawijining wong lanang sing anteng arang srawung, apa maneh karo wanita.Dadi...
“Nggg...Aku ngandhani iki ora pengin manasi atimu, Mung pengin menehi ngerti. Sabanjure kowe dhewe sing kudu golek ngerti dhewe, kepiye satemene sesambungane wanita kuwi karo bojomu. Saiki aku njaluk pamit. Isih akeh gawean sing kudu dak tindakake.” Sangkan age-age arep lunga.
“Kosik.!”Nilasari nyandhet olehe arep lunga.
“Ana apa?”Sangkan mandhek mbalik.
“Ng...” Nilasari dadi bingung.Dheweke dhewe satenane ora ngerti apa ing bakal dikandhakake.”Ora...ora sida.”
Sangkan bisa ngerti, Nilasari mesthine nggresah amarga kabar sing digawa kuwi.
“Nila , kowe ora usah nggresah amarga kabar kuwi. Amarga iki durung genah. Supaya kowe luwih cetha, mengko ditakokake marang bojomu dhewe. Uwis ya aku pamit.”
Nilasari manthuk. Ana mendhung nggenteyong ana praupane Nilasari.
Nalika Kujang Anom mulih saka pasar, Nilasari ngatonake praupane sing mbesengut. Kujang Anom rumangsa gumun ndeleng sikape bojone kuwi.
“Nyi, Sliramu kuwi kena apa?” Pitakone arih karo ngelus-elus rambute bojone.
Satemene Nilasari kepengin nakokake kabeh sing dikandhakake Sangkan. Nanging emboh kepiye, ilate rumangsa kaku. Wusanane mung gedhek-gedhek wae.
“Kowe aja ngapusi,Nyi. Aku bisa ngerti, mesthi ana perkara sing ruwet sing lagi dipikir.”
“Ora...”
“Nyi...”
“Ora...yen aku ngomong, ora. Ya ora!” Nilasari sengol.
Mesthi wae Kujang Anom kaget ngrungokake. Bojo sing adat saben  sareh saiki kok rada ngoso.
“Ya uwis yen ora apa-apa. Nanging dak jaluk blaka suta karo aku. Aja di ampet dhewe.”
Nilasari meneng.
Kujang Anom nglirik bojone nggresah.”O, Gusti,wonten napa saleresipun? Kenging menapa Nilasari sikapipun aneh kados ngaten?” Kujang Anom ora bakal meksa bojone supaya crita. Nanging dheweke mung kepengin gawe Nilasari seneng wae. Dheweke bakal ngalembana masakane bojone utawa ngenani ayune wae. Mesthine wae samubarang sing bisa dilakoni bakal dilakoni kanggo kabagyane bojone kuwi.
“Wadhuh wetengku ngelih banget.Aku pengin mangan olah-olahane bojoku.” Kujang Anom menyang meja pangan .Dheweke lungguh lan mbukak tutup panganan,  nanging...”Lho kok ora ana apa-apane?Apa durung masak Nyi?”
Nilasari gedhek.” Dina iki aku lagi ora karep. Dadi aku ora olah-olah. Sing gedhe ngapuramu,ya Kang.”
Kujang Anom rada mangkel. Wetenge krasa ngelih banget. Nanging dheweke mbudidaya mesem nyabarake rasane.
“Ya uwis , yen ora ana panganan.” Kujang Anom ngadek saka lungguhe.
“Arep nyandi?”Pitakone Nilasari.
“Aku sing arep olah-olah. Aku pengin gawe senengmu.”  Kandhane karo ngguyu.
Nilasari kamitenggengen. Dheweke rumangsa ora kepenak atine. Dheweke wis nyubriyani ala nanging kok malah nuduhake kabecikan marang dheweke. Aja-aja dheweke pancen salah. Nilasari cemburu banget.
“Wanita kuwi isih enom. Saumur karo kowe...” Dumadakan omongane sangkan mau esuk kumandhang ana pikirane.”Dheweke ayu banget. Lan sajake wis padha tepung becik. Dheweke padha jagongan ngglenik.”
Genining asmara ngubal rasa cubriya. Lan tanpa guneman dheweke mlebu kamar.
Kujang Anom njengkerutake bathuke. Nanging dheweke duwe tekad , ora bakal nesoni bojone. Kareben meneng wae, manawa pancen kuwi sing dikarepake bojone. Mengko yen bojone wis tenang lagi diajak rembugan.
Ing dina  candhake nalika Kuajng Anom lan Nilasari padha ana ngomah. Ana tamu sing teka . Tamu kuwi sawijining wanita sing ayu. Tamune kuwi mau ora liya Kanti.
“Kula nuwun.” Keprungu swaraning pawongan sing teka ngomahe. Nilasari sing lagi ndulang Kujang Sakti, age-age nggendhong anake terus ngengakake kori.
“Oh...” Nilasari kaget. Dheweke weruh sawijining wanita ayu ngadek ana ngarepe.
Wanita kuwi mesem, eseme pahit madu.”Nyuwun panganpunten. Menapa leres mriki griyanipun Kujang Anom?”
Bathuke Nilasari njengkerut. “Sapa wanita iki? Dheweke babar pisan ora tepung. Terus , kena apa dheweke nakokake Kujang Anom bojone?” Nilasari takon sajroning batin.
“Leres pancen menika griyanipun Kujang Anom, Semah kula. Nyai menika sinten? Lan kenging menapa madosi semah kula?” Pitakone nilasari rada mangkel.









Gambar 7.2

Kanthi merdhayoh ana ngomahe kujang Anom
Nilasari metu saka ngomah.
 
 











Wanita kuwi mesem maneh.” Nyuwun pangapunten menapa leres nyai menika Nilasari.?”
Nilasari saya gumun. Kena apa wanita kuwi bisa tepung karo aku?” Inggih kula menika Nilasari.Lajeng Nyai piyambak?”
“Nami kula Kanti. Kula rencangipun Kujang Anom nalika tasih alit. Kala wingi kula kepanggih piyambake nalika badhe dhateng peken. Lan kula kasuwun dhateng griyanipun.”
Wadanane Nilasari kedadak dadi abang amarga ngampet nesune. Dadine wong iki sing wingi dikandhakake karo Sangkan? Nilasari ngulati Kanti kanthi taliti.Pancen bener pawongann iki ayu rupane. Kulite rai alus ora ana cacade. Nanging dheweke uga genit. Benges lan abang-abang pipi ngriasi wadanane. Nilasari dadi males.
“Kanti..!” Keprungu wong jeluk-jeluk.
Wanita loro kuwi noleh. Lan dhewehe weruh Kujang Anom mlayu marani dheweke sakloron.
“Kanti wusanane kowe teka ngomahku. Kandhane Kujang Anom karo seneng. Amarga saka senenge dheweke ora nggatekake bojone. Kawigatene mung tumuju marang tamune sing lagi teka.
Kanti guyu seneng.”Iya pancen dina iki aku wis ngrancang bakal mrene .”
“Tenane?”
“Ya, aku pengin ngerti omahmu. Aku uga kepengin weruh bojomu lan anak-anakmu.Tetepungan karo dheweke. Dadi sedulure.
“Ah, Kanti. Kowe pancen wanita sing becik.”
“Ya , mesthi .Kowe kelingan ta nalika aku nulungi kowe tiba ana blumbang cilik terus gluprut lendhut kae?”
“Ya, aku kelingan.”
Kanti guyu.” Wektu kuwi...”
Nilasari wis ora kuwat ngampet maneh rasa cemburune weruh guneman sing semanak banget kuwi. Dheweke mlayu menyang kamar karo nangis.
Ana ing amben kamare, Nilasari ngutahake kabeh panalangsane. Dheweke nangis mbeguguk.
“Ibu kena apa?”Pitakone Kujang Sari. Bocah cilik kuwi tangi amarga krungu tangise Ibune.
Nilasari ora mangsuli. Dheweke terus nangis wae.Atine lara, lara banget. Kanyata  bener sing dikandhakake Sangkan. Kujang Anom lan wanita kuwi.









Gambar 7.3

Nilsari ana kamare nangis.
Kujang Sari uga melu nangis
 
 












“Ibu...” Kujang Sari melu-melu nangis. Atine bocah kuwi pancen gambang kesenggol.
“Sari kena apa kowe nangis?Aja nangis,Nak. Nilasari ngekep putrane kenceng.
“Bu...huk...huk...huk....Sari  Sedhih amarga Ibu nangis. Ibu aja nangis.! Aja sedhih bu.!”
“Sari...”Ora malah mandhek anggone nangis nanging malah saya sedhih krungu omongane anake kuwi. Dumadakan Nilasari kelingan. Kepiye upamane Kujang Anom lan wanita kuwi mlebu? Dheweke mesthi bakal ngerti kahanan kuwi mau.Ora kena,Dheweke sakloron ora kena ngerti. Wong sakloron ora kena seneng ancik-ancik kasengsarane dheweke.
Nilasari gadek saka lungguhe. Dheweke mlayu menyang lawange terus ngunci.
“Uwis,Sari aja nangis. Sari ora kena nangis.”
“Ibu, kepiye aku ora nangis .Lha wong Ibu dhewe nangis.”
“Kowe bener.” Nilasari meneng olehe nangis. Dheweke ngunjal ambegan.” Awake dhewe ora kena nangis.Awake dhewe ora kena sedhih.”Saiki tangise Nilasari mung kari pisan-pisan.
Weruh Ibune leren olehe nangis,Kujang Sari uga terus meneng. Nilasari ngusapi eluh ing pipine anake.Kujang Sari gumuyu.Tangane kiwa ngusapi eluhe Ibune.
Nilasari mesem.”Sari apa kowe nresnani Ibu?”
Kujang Sari ngulati Ibune.”Bu, mesthi wae aku tresna Ibu.Aku sayang Ibu. Ibu ,wanita sing paling dak sayang sakdonya iki.”
“Sari..” Nilasari atine trenyuh banget. Dheweke terus ngekep anake kuwi. ”Sari Ibu uga nresnani kowe.Sayang banget...”
“Nyi,Nyi!” Keprungu panjeluke Kujang Anom lan thothokan lawang. Nilasari mung meneng. Dheweke ora gelem mangsuli ,lan uga ora gelem ngulaki lawange.
“Nyi...”Kujang Anom njeluk maneh.
Nilasari tetep meneng.
“Ibu,ngapa Ibu ora mbukak lawange? Kuwi rak Bapak ta? Pitakone Kujang Sari .
“Ora, Sari. Wektu iki Ibu ora kepengin ketemu Bapak dhisik.”
“Lha ngapa? Bapak rak wong becik. Apa Ibu karo Bapak lagi padu?” Pitakone bocah kuwi polos. Amarga saben dheweke padu karo Kujang Panitra sikape kaya ibune. Ngambek ora gelem ketemu karo Kujang Panitra.
“Sari...”Atine Nilasari kaya kecocok, kepiye anggone menehi keterangan karo Kujang Sari.
“Nyi..Nyi,Ayo metu, Kanti pengin ngomong karo kowe,Nyi.”
Nilasari krungu kandhane sing ngono kuwi dadi saya gemes. Kanthi kapeksa karo ngapet tangise, Nilasari ngapusi.”Ngapurane , Kang, dumadakan sirahku cekot-cekot.Aku pengin turu.”
“Oh, kowe mumet. Kena apa? Apa lara?, bukaken lawange aku pengin ngerti kahananmu.”
“Uwis Kang ,aku ora apa-apa. Kakang ora perlu kuwatir.  Wektu iki aku lagi pengin dhewekan. Dak jaluk pangertenmu.”
Praupane Kujang Anom aclum. Pranyata nganti saiki Nilasari isih nesu. Lan dheweke babar pisan ora ngerti apa perkarane. Kahanan sing banget ora ngepenaki ati. Dheweke terus bali menyang kamar tamu kanthi wadana surem.
“Kowe ana apa,kok katon sedhih?” Pitakone Kanti.
Kujang Anom nggedhek.”Ora, aku ora apa-apa.”
“Aja ngapusi, cetha banget yen kowe lagi ana perkara.”
“Ora,Mung wae aku sedhih, amarga bojoku lagi lara.”
“Lara? Lara apa?”Kanti gumun. Sakngertine dheweke. Nilasari mau ora ngatonake yen lagi lara.Awake seger .
“Kandhane mumet.Dheweke njaluk ngapura ora bisa nemoni.”
Kanti mesem.”Ora apa-apa.Mbok manawa lara ati.”
“Lara ati?”
“Iya. Lara ati karo aku.”
“Karo kowe? Kujang Anom ora ngerti.
“Perasaane wanita kuwi luwih alus. Amarga aku bisa ngrasakake manawa bojomu duwe sikap aneh marang aku. Sikape kurang semanak.”
“Ora mungkin. Nilasari sawijining wanita sing grapyak. Dheweke gampang srawung karo sapa wae. Apa maneh karo kowe.”
Kanti gedhek.”Bojomu pancen bisa grapyak  lan semanak karo sapa wae ,nanging ora karo aku.”
“Lha ngapa? Apa kowe wis nate cecongkrahan sadurunge?”
“Ora, ketemu wae lagi saiki, kepiye bisane conghkrah?”
“Lha terus?”
“Dheweke mung cemburu karo aku.”
“Cemburu...?Ah. Kena apa dheweke cemburu karo kowe? Ora ana sambungan apa-apa ing antarane awake dhewe.Awake dhewe mung kanca nalika cilik.”
“Pancen, dheweke wanita sing wis duwe bojo, dheweke bakal nganggep wanita sing nyedhaki bojone dadi saingane.”
“Ah ,ngono kuwi kebangeten.” Kujang Anom setengah ngguyu.
“Nanging kuwi bener. Saumpama aku dadi bojomu, mbok manawa aku uga duwe sikap kaya ngono. Kowe dhewe, apa ora nate cemburu?”
“Aku...ng...”Kujang Anom ngeling-eling. Mesthi wae dheweke nate cemburu. Manawa ana wong lanang liya sing nggatekake Nilasari, mesthi wae dheweke cemburu.Apa maneh nalika Nilasari jagongan karo Sangkan wektu kuwi. Dheweke nesu banget.  Dadi..mbok manawa Nilasari duwe rasa kaya ngono kuwi.
“Nate ora?” Kanti ora sabar.
“Ya, nate.” Kujang Anom guyu.”Malah aku luwih kerep cemburu katimbang bojoku.”
“Lan saka panemumu, apa Nilasari cemburu karo aku?”
“Mbok manawa , amarga wiwit wingi sikape aneh marang aku. Dhek wingi awake dhewe rak ketemu ana dalan. Lan saiki maneh, nalika kowe teka ngomah dheweke duwe sikap kaya ngono.”
“Ya, ngono kuwi wong wadon. Terkadhang aku dadi randha ngene iki , rumangsa uripku kurang tentrem.”
“Lha ngapa?”
“Akeh wong sing nyubriyani aku. Ing saben papan para wanita ngulati aku jijik, kuwatir yen aku ngrayu bojone. Lan ing kene wae ana nggone kancaku akrab , aku oleh kelakuan sing padha. Pancene apa salahku? Aku ora nate pengin ngrebut bojone wong. Nanging genea sikape padha kaya ngono?Ora adil tenan.”
“Pancen ora adil, nanging kuwatire kuwi ana alesane.”
“Kowe kuwi.” Kanti mencep.”Dadi dianggep aku wanita lelemeran, ngono?”
Kujang Anom ngguyu.”Ora . Aku ngerti ngenani kowe .Kowe wis dak anggep kaya sedulurku dhewe.”
“Lha terus?”
“Karepku .Sanajan kowe kuwi randha nanging kowe kuwi isih enom. Becike kowe kuwi omah-omah maneh.”
“A..apa?”
“Duwe bojo maneh bakal gawe uripmu luwih tentrem lan luwih kepenak. Wong liya mesthi ora sakepenake nganggep kowe.”
Kanti meneng wae krungu swara kaya ngono kuwi.Tembung-tembunge Kujang Anom ana bebere. Nanging ...saiki Kujang Anom wis duwe bojo. Lha terus arep omah-omah karo sapa? Mung Kujang Anom siji-sijine priya sing ditresanani.
“Kanti, yen kowe gelem. Aku bisa nggolekake wong lanang sing becik kanggo sisihanmu.”
“Na...nanging...”
“Kanti .usulku iki mau kudu dilelimbang.”
Kanti ngunjal ambegan. “Kowe bener. Aku kudu duwe bojo kanggo ngedhem fitnah iki. Nanging, sapa sing gelem dadi bojoku?”
“Aj kuwatir, mesthi akeh wong lanangv sing gelem. Lan aku bakal mbudidya nggolekake.Bakal dak golekake sing luwih becik.”
Gelem-ora gelem Kanti manthuk amarga sarujuk, terus mulih.
Nalika Nilasari lungguh mikirake nasibe ing ngarep cendhela.Dheweke durung bisa ngilangi rasa cemburune karo tyamune sing jeneng Kanti. Lawange kamar isih tutupan.Dheweke durung nglilani Kujang Anom mlebu.Dheweke durung bisa aweh pangapura. Dheweke durung bisa nampa kelakuane Kujang Anom marang Kanti. M<anut panemune wong lanang sing wis duwe bojo kuwi ora kena cedhak-cedhak karo wong wadon liya. Aja-aja Kujang Anom nresnani wanita kuwi. Mesthi wae, wanita kuwi ayu, isih enom, pinter dandan.Wong lanang ngendi sing ora kepencut karo dheweke.
Dumadakan nalika Nilasari ngengakake lawang kamare , Kujang Anom ana ngarep lawang kluwi. Nilasari kaget sanalika.
“Ihh!.” Nilasari ngranggeh lawang arep ditutup maneh.
“Kosik!” Kujang Anom ngelekake.”Aja ditutup sayang.Aku pengen mlebu.”
“Emoh ,aku wegah.”Nilasari ngeyel.”
Nanging tenagane Kujang Anom luwih rosa, dheweke kasil mbukak lawang lan mlebu kamar. Nilasari mrengut karo ngedohi.
“Sayang...” kujang Anom, ngrayu bojone sing lagi nesu. Dheweke nyedhak lan ngrangkul pundhake.
“Uculna!”Nilasari mberot.
“Ora dak uculake.”
“Uculna , Aku emoh digawe kaya ngene.”
“Nyi, kowe kuwi bojoku. Lan aku nresnani banget, mulane aku wegah nguculake.”
Nilasari mentheleng. Mripate abang “Sayang? Kowe ngomong sayang?. Kudune kuwi diomongake karo Kanti.”
“Karo Kanti?”
“Iya, dheweke rak sing ta sayang lan sing ta tresnani.”
“Nyi,...apa kowe cemburu?” Kujang Anom saiki percaya kandhane Kanti mau. Manawa bojone cemburu.Dheweke ngguyu.
“Cemburu, sapa sing cemburu?Aku babar pisan ora cemburu.Gunane apa cemburu barang?”
Kujang Anom ngguyu kemekelen. Wis cetha manawa dheweke kuwi cemburu karo Kanti, nanging nyelaki, emoh  ngakoni.
“Ngapa ngguyu?”
“Ya , mesthi wae ngguyu.”
“Nyebeli !”
“Nyi, antarane aku lan Kanti ora ana sesambungan katresnan. Aku mung kanca akrab nalika isih cilik. Kanti wiwit biyen wis dak anggep kaya adhiku dhewe. Ora luwih lan ora kurang.”
“Ngapusi.”
“Nyi, yen ora ngandel, kowe bisa takon dhewe karo Kanti.
“Ora sudi.”
“Sakarepmu, kowe percaya apa ora. Sing cetha aku tresna banget karo kowe. Lan ora ana wanita liya sing bisa ngganti panggonanmu ana jero atiku.”
Swarane Kujang Anom kuwi alus , banget gawe getere atine Nilasari. Sanajan saiki dheweke sebel marang bojone. Nanging ing sajroning ati banget tresnane.









Gambar 7.4

Nilasari Dikekep Kujang Anom

 
 











“Nyi, aku njaluk ngapura, manawa sapatemonku karo Kanti gawe larane atimu.”
Nilasari mung meneng.
“Nyi, Kanti sawijining wanita sing kudune dimesakake. Wiwit cilik, tansah nandhang sengsara. Nalika umur limang tahun, Ibue kandhung mati. Terus dheweke diemong karo Bapak lan ibu tirine. Nanging kasunyatane Ibu tirine kuwi kejem. Dheweke kerep dipilara. Wektu cilik aku siji-sijine kanca sing bis aweh  panglipur kalane lagi susah. Nalika umur wolung tahun aku pisah. Lan aku lagi ketemu maneh dhek wingi awan.Wong tuwane saiki wis mati. Dheweke duwe bojo, bojone ya wis mati. Dheweke saiki urip ijen. Ora duwe kulawarga, ora duwe sanak sedulur. Mula kuwi aku kepengin kowe gelem dadi kancane. Nganggep perangan kulawargane dhewe iki. Nganggep kaya adhimu dhewe.”
Nilasari mung meneng. Dheweke ngetokake eluh. Dheweke rumangsa trenyuh krungu critane bojone kuwi mau. Saumpama dheweke dadi Kanti mesthi wae ya sedhih.
Kujang Anom mesem. Dheweke ngerti manawa bojone kuwi wanita sing alus atine. Dheweke gampang trenyuh. Perasaane luwih tajem. Dheweke percaya manawa bakal gelem nampa Kanti.
“Nyi, kowe gelem ngapura aku,ta?” Panjaluke Kujang Anom maneh,karo nggegem tangane Nilasari .
“Kang, yen ngono dudu sampeyan sing salah. Nanging aku.”
“Ora,” Kujang Anom ngrangkul pundhake bojone terus ngekep menyang dhadhane.”Sliramu babar pisan ora luput,Nyi. Yen sliramu cemburu kuwi,cihna manawa  tresna banget aku. Kaya aku biyen, nalika sliramu jagongan karo Sangkan. Aku cemburu amarga aku tresna banget.”
Nilasari misek-misek.
“Iki mung salah tampa sing kudu dibenerake. Lan saiki sliramu wis mudheng perkarane ,ta?”
Nilasari manthuk tandha sarujuk.
“Ya, sokur, yen ngono.”Kujang Anom ngekep bojone kenceng.
“Kang aku tresna banget.”
“Aku iya.”
“Kang, dak jaluk, katresnane awake dhewe iki langgeng.”
“Ya, iki sing diarani Katresnan sejati.”
Sakarone terus padha ngesokake rasa kangene ana pagulingane.


 














8.Kanca Dadi Besan
P

utra –putrane Kujang Anom lan Nilasari saiki wis dhewasa. Sing lanang bagus-bagus lan sing wadon ayu rupane. Kujang Anom anggone omah-omah wis selawe tahun lawase. Bungah susah wis padha diliwati bebarengan. Kabagyan lan pacobaning urip teka silih gumanti, saya nyantosakake talining katresnan ing antarane dheweke.






Gambar 8.1

Kujang Panitra (24 th) nemoni Ibune ( Nilasari)sig lagi masak ana gandhok

 
 












Ing sawijining dina nalika Putrane barep Kujang Panitra lagi teka ngomah, Nilasari lagi olah-olah ana gandhok.
”Bu,” Kandhane Kujang Panitra.
“Kowe wis mulih Panitra?”
“Inggih, Bu.”
“Praupanmu katon padhang dina iki.Mesthi kowe lagi seneng.”
“Bedhekane Ibu leres.” Kandhane pemudha sing awake tegap lan dhuwur kuwi.
“Kabagyan apa sing lagi ko rasakake, Apa sakirane gelem nyritakake marang Ibu?”
“Temtu.Boten namung kaliyan Ibu nanging ugi kaliyan Bapak.”
“Kandhakna.!” Panjaluke Nilasari.
“Ibu, napa sakintene Ibu kersa nglamaraken Intan Kemuning kangge kula?”
“Apa ?” Nilasari ngulati putrane.
“Bu kula kepengin emah-emah.Umur kula sampun cekap. Sampun 24 tahun.”Kujang Panitra mesem.
“Panitra...” Nilasari nyedhaki anake. Tangane digegem. Dheweke ngulati wiwit saka ubun-ubun nganti tekan dlamakan sikil.
“Ibu,wonten menapa,ta?”
Nilasari gedhek. “Ibu ora apa-apa. Ibu ora krasa manawa kowe saiki wis dhiwasa. Kowe wis arep duwe bojo? Pangrasaku kaya lagi wingi anggonku nglairake kowe.”
Kujang Panitra mesem krungu ngendikane Ibune kuwi. “ Ibu ...Mesthi kemawon kula sampun mboten lare alit malih.”
“Kowe matur pengin nglamar sapa mau?”
“Intan Kemuning ,Bu. Putrane Bibi Centring. Ibu pirsa ta manawi piyambake lare ingkang sae. Kula tresna sanget.”
“Mesthi, Ibu uga seneng karo bocah kuwi. Dheweke  grapyak, sopan, subasita , ambeg welas. Aku percaya, kowe sakloron bakal dadi pasangan sing cocok banget.”
“Manawi ngaten , Ibu kersa nglamaraken kangge kula?”
“Ya,, mesthi wae.” Nilasari mesem. Dumadakan eseme ganti njengkerute bathuk.
“O, Gusti,Gawat!” Nilasari mbalikake awak,dheweke lagi kelingan manawa sega sing dimasak kobong amarga kesuwen olehe jagongan karo Kujang Panitra.Age-age matine kompore.
“Bu, nyuwun ngapunten,gara-gara kula sekulipun gosong.”
“Ora apa-apa, wong ora saben dina.”
Kujang Panitra dadi lega atine.” Manawi ngaten, benjang awakipun piyambak dhateng griyanipun Bibi Centring nggih, Bu?”
“Iya.”
“Matur nuwun ,Bu.” Kujang Panitra ngrangkul Ibune.
Sesasi candhake, neningkahan antarane Kujang Panitra lan Intan Kemuning ditindakake. Pahargyan kanthi prasaja, nanging nggawa makna sing luwih jero tumrap kulawarga loro kuwi. Saiki ora mung sesambungan kekancan wae nanging dadi bebesanan antarane kulawargane Nilasari lan kulawargane Centring.
Sawise neningkahan, Kujang Panitra gawe omah ing desa Cibening. Ing kana Kujang Panitra nggarap sawah sing jembar tinggalane Embahe.
Genti kang kinocap. Nlika samana Nilasari ana ngomahe lagi ana tamu sawijining bocah enom sing jenenge Pananjung.
“Sari!,...sari!” Nilasari jeluk-jeluk anake wadon.Nanging ora ana wangsulan.gumun, menyang ngendi anake wadon sing ditresnani kuwi?Jero ngomah ora ana, jaba ngomah ya ora ana.Emboh menyng ngendi bocahe saiki?
“Sampun, Bu . Manawi Kujang Sari mboten wonten, kula nyuwun pamit rumiyin.” Ature nom-noman sing jenenge Pananjung.
“Wadhuh, Pananjung, Sing gedhe pangapuramu,ya. Kujang Sari lagi ora ana ngomah.”
Pananjung mesem.”Inggih,Bu.Mboten dados menapa.Sanes wekdal kula sowan malih.”
“Ya , yen ngono.”
“Mangga ,Bu.”Pananjung ninggalake Nilasari.
Nilasari ngulati gegere Pananjung nganti ilang ing enggokane dalan. Nilasari nurokake awake ana dingklik dawa. Pikirane nerawang marang Kujang Sari. Anake wadon saiki wis umur 21 tahun. Dheweke dadi sawijining prawan sing ayu , lincah,sumringah lan rada ugungan.
Akeh jejaka ing desane sing padha teka ngomahe saperlu nglamar Kujang Sari, utawa mung dolan wae lan ngajak jagongan. Nanging anake wadon kuwi ora maelu wong lanang sing teka ana ngomahe.
Menang-meneng Nilasari dadi  was sumelang.Kanggo wong ing desane, umur 21 tahun dudu umur sing pantes kanggo prawan sing durung omah-omah. Kudune umur limalas tekan pitulas tahun, prawan kuwi wis diomah-omahake.
Nanging apa sing bisa ditindakne? Saben dheweke nawakake sawijining Jejaka marang Kujang Sari, tansah ditampik. Dheweke kandha manawa bakal omah-omah karo wong sing ditresnani. Sawijining Jejaka sing tanggung jawab lan becik kanggo kulawarga. Lan saka antarane Jejaka sing padha teka , ora ana sing trep tumrap katetepane Kujang Sari.
“Ibu,!” Krungu bengokan.
Nilasari eling saka ngalamune. Dheweke weruh Kujang Sari lagi mlayu nyedhaki. Pipine prawan kuwi duren sajuring.Kringet nelesi ing bathuke. Napase ngangsek.
“Sari, kowe kuwi saka ngendi?Ngapa mlayyu-mlayu kaya ngono?Panyapane Nilasari.
“Bu. Bu aku seneng. Seneng banget.” Kujang Sari nggegem tlapak tangane Ibune kenceng.
“Tenane?”Nilasari melu seneng krungu omongane anake kuwi.”Nanging genea kowe seneng,sayang?”
“Aku wis nemokake bojo sing dak idham-idhamake.Bu.”
“Apa?’ Nilasari kaget ngrungokake.
“Iya, Bu. Dheweke nggantheng banget, apikan, tanggung jawab, dhiwasa. Aku seneng banget,Bu.”
Alise Nilasari njengkerut.Apa karepe anake wadon? Ana ngendi dheweke tetepungan karo Jejaka kuwi?Lan kena apa dheweke tete[ungan ana njaba?, Kok ora ana ngomah? Nilasari dhegdhegan. Dheweke kuwatir banget. Apa maneh Kujang Sari sawijining prawan.







Gambar 8.2


Kujang Sari (bocah wadon ayu umur 21 tahun)
mlayu nemoni Ibune ( Nilasari)
 
 












“Sari, critakna marang Ibu, Sapa Jejaka kuwi?Ana ngendi kowe tepung? Lan kena apa kowe tetepungan ana dalan? Kok ora diajak ana ngomah?” Pitakone Nilasari nreces.
“Wadhuh, Bu.Tenang wae.Ayo lungguh. Sari bakal nyritakake kabeh.” Kujang Sari nggeret Ibune menyang dingklik dawa.
“Lha,saiki critakna sing kanthi cetha!”
“Ya.” Kujang sari gumuyu. Mripate hanerawang nalika nyritakake pengalamane sing endah sing mentas dirasakake.
“Wis seminggu iki Sari menyang pelabuhan. Sari seneng weruh karamean sing ana kana. Para saudagar saka ngendi-endi padha nglumpuk ana kana, dheweke padha gawa dagangan sing kene durung ana. Ana porselin, keramik , sutra, perhiasan emas lan perak, lan isih akeh banget. Sasuwene limang sasi kepungkur iki, Sari mesthi nyelengi dhuwit sing maringi Ibu. Saiki celenganku wis nglumpuk akeh, lan Sari pengin nyaosi bebungah marang Ibu. Amarga Ibu sawijining wanita sing paling dak sayang ing donya iki.”
Nilasari gumuyu krungu tuture anake wadon kuwi.
“Telung dina kepungkur Sari mecah celengan kuwi lan kabeh dhuwite dak gawa menyang pelabuhan. Sari terus milih barang sing apik banget kanggo Ibu. Nalika arep mbayar barang kuwi, dumadakan dhuwit sing dak gawa ilang kabeh. Sari sedhih banget. Wis suwe olehe nyelengi, nanging wektu bakal dak gunakake, dhuwit kuwi malah ilang ngono wae.”
“Oh, Gusti, apa ana maling sing nyolong?”
“Sari ora ngerti. Sing genah dhuwit kuwi ilang.”
“Saking susahku aku nangis. Dumadakan ana wong sing dhodhok ana cedhakku.”
‘Kowe kena apa?’ Pitakone pawongan kuwi.
Aku ora mangsuli. Aku terus nangis.
Wong kuwi ya meneng wae. Ora takon apa-apa karo aku. Nanging dheweke iya ora lunga. Dheweke malah sila ana cedhaku. Suwe-suwe aku pekewuh. Lan terus meneng . Aku gumun ngulati pawongan kuwi.
‘Satemene kowe kuwi sapa?kena apa kowe nunggoni aku? Pitakonku marang dheweke.
Wong kuwi gumuyu. Pranyata dheweke kuwi Jaka sing bagus Bu.Apa maneh manawa lagi ngguyu.









Gambar 8.3


Kujang sari nangis ana pelabuhan
Sinar Panjang sila ana sacedhake
Wong akeh padha repot dhewe-dhewe
 
 












‘Aku mesakake kowe’ Kandhane lirih.
‘Mesakne’ Sari ora duwe pangira manawa Jejaka kuwi bakal kandha kaya ngono. Pancene sapa dheweke? Tepung wae ora.
‘Iya, aku mesake kowe. Ana papan sing rame kaya ngene kowe nangis dhewekan. Mesthi kakadean sing ala tumempuh kowe.iya ta?’
Aku mung dhingkluk.
‘Wong –wong ora ana sing maelu kowe, kabeh padha repot dhewe-dhewe. Mulane kuwi aku pengin ngancani lan nglipur kowe.’
Aku mung meneng wae ,Bu.
‘ Satemene apa sing kelakon?Sanajan aku lagi ketemu. Nanging kowe bisa mercaya aku. Sapa ngerti aku bisa aweh pitulungan.’
Aku terus nyawangi wong kuwi.Aku pengin ngerti dheweke kuwi tulus apa ora.Lan saka panyawangku wong kuwi mau tulus tenan.
Aku terus netepake lan aku terus ngomong ‘ya ‘ ngono,Bu.
Jejaka kuwi manthuk lan siaga ngrungokake critaku. Panyawange dhungkluk ngulati lemah.
‘Aku nggawa dhuwit sing akeh bakal dak tukokake sawijining barang sing dak pengini. Barang kuwi bakal dak aturake marang Ibu, wanita sing banget dak tresnani sak donya iki.Nanging...’
‘Nanging kena apa?’
‘Dumadakan dhuwit kuwi ilang’
‘Ilang?’
‘Ya, ilang ngono wae.’
‘Apa ana wong sing njupuk? Ing pelabuhan iki pancen akeh copete. Dadi yen ora ngati-ati, bisa-bisa kecopetan.’
‘Aku ora ngerti. Emboh kecopetan ,emboh niba .Sing genah, aku wis ngubengi pelabuahan iki dak goleki ora ketemu.’Aku terus dhingkluk sedhih, Bu.
‘Lha terus karepmu piye?’
‘Emboh?”Aku nangis maneh.
‘Uwis, aja susah.’ Nom-noman kuwi nyoba aweh panglipur.’Pancene apa ta barang sing arep dituku?’
‘Kalung saka kulit kerang. Dak rasa Ibu bakal katon ayu yen ngagem kalung kuwi.’
‘Ya, tunggunen sawetara!’jejaka kuwi lunga ninggalake aku.
Ora let suwe dheweke terus bali.
‘Apa kaya ngene iki sing bakal dituku?’Pitakone jejaka kuwi karo nuduhake kalung saka kulit kerang marang aku.
‘Ya, ngene iki sing bakal dak tuku.’
‘Yen ngono iki kanggo kowe.’Wong kuwi ngguyu karo ngulungake kalung kuwi mau menyang aku.
Kalung kuwi terus dak tampani , tanganku gemeter.
Bareng kalunge wis dak tampani Jejaka kuwi terus age-age arep lunga. Nanging terus dak candhet.
‘Kosik.’
‘Ana apa?’Pitakone Jejaka kuwi.
‘Ma...matur nuwun.’
‘Ya, padha-padha.’
‘Yen oleh ngerti , sapa jenengmu?’
‘Jenengku Sinar Panjang.’
‘Sinar Panjang, ? Mesthi kowe dudu wong kene?’
‘Ya, aku saka negara manca. Bapakku saudagar. Lan aku ngewangi dagang ana kene. Lha terus kowe dhewe sapa?’
‘Aku Kujang Sari, omahku ora adoh saka kene.’
‘Panjang!’ Dumadakan ana swara sing njeluk. Terus aku weruh ana wong lanang setengah umur nyedhaki dheweke.
‘Aku dijeluk.Aku kudu lunga saiki.Nganti ketemu maneh Sari.’
‘Ya, nganti ketemu maneh, Panjang.’
Aku terus pepisahan. Aku ndelengi lungane Jejaka kuwi kanthi sedhih. Sari kaya kelangan barang, emboh apa?
“Dadi kalung iki sing menehi Jejaka kuwi?” Pitakone Nilasari karo nyekeli kalunge.
“Iya, Bu.”
“Sari, jejaka kuwi apikan.”
“Iya Bu.”
“Lan kowe seneng?”
Kujang Sari ndhungkluk.
“Nanging wong kuwi saka tanah sabrang,Sari. Kepiye bisane kowe omah-omah karo dheweke?”
“Genea ora bisa, Bu? Sanajan dheweke wong saka tanah sabrang.Nanging dheweke Jejaka sing becik atine.”
“Nak, nganti tekan saiki durung ana sing duwe bojo karo wong manca. Bisa-bisa iki mengko dianggep sawijining bab sing ala.”
“Ibu, ora susah maelu penemune wong liya.Sing paling penting awake dhewe ora tumindak salah.Lan manehe apa bedane wong saka desane dhewe karo wong manca?Awake dhewe padha-padha titahe Gusti .Derajade padha kabeh.Mung bektine wae sing mbedakake.”
Nilasari meneng.




 
















9. Mantu Saka Manca
C

Andhik ala katon ing jagad kulon mratandani lamun bagaskara wus wancine angslup akarya petenging rahina. Kujang sari sajrone telung dina tansah menyang pelabuhan saperlu jagongan karo Sinar Panjang bocah saka manca. Sawise cukup anggone padha tetepungan ora let suwe tuwuh rasa katresnane terus dadi ngrembaka. Pasarujukane sakloron satemah Sinar Panjang bakal nglamar Kujang Sari menyang ngomahe.
 “Ibu,mengko sore Sinar Panjang karo bapake arep teka mrene. Aku nyuwun , Bapak karo Ibu nampa kanthi becik.” Kujang Sari terus ngadek lan ninggalake Ibune sing isih kami tenggengen.
Apa sing dikandhakake Kujang Sari bener. Sawise surup ngomahe ana tamu loro wong manca sing durung ditepungi Kujang Anom lan Nilasari. Wong loro kuwi age-age diaturi mlebu ngomah lan lungguh ana sandhuwuring klasa pandhan.
“Dipun tepangaken kula Suling Sakti,Lan menika anak kula tunggal, Sinar Panjang. Kula kekalih menika Saudagar saking manca.” Kandhane tamu setengah tuwa kuwi nepungake.
Kujang Anom nampa salamane tamu loro kuwi.Dene Nilasari mung mesem karo ngulati tamune kebak panaliten.
“Kula Kujang Anom, lan menika kanca estri kula Nilasari. Ketingalipun nembe sepisan menika kula pinanggih.”
Suling Sakti manthuk.”Panjenengan leres. Nanging putra kula lan putri panjenengan sampun tetepungan sae.”
”Putra lan putri...?”
“Inggih,putra kula Sinar Panjang kaliyan putri panjenengan Kujang Sari.”







Gambar 9.1

Kujang Anom lan Nilasari lungguh ana klasa pandhan
nampa tamu wong manca cacah loro
Suling Sakti (50 th)  lan Sinar Panjang(25 th)
 
 












“O...” Kujang Anom kaget banget. Dheweke babar pisan ora ngerti perkara iki.
“Dheweke bener,Kang. Dhek wingi Kujang Sari nyritakake marang aku.” Klesikane Nilasari.
Kujang Anom manthuk-manthuk.”Dados putri kula kalih putra panjenengan sampun tepang sae.?”
“Inggih.”
“Lajeng ,kersanipun rawuh mriki wonten menapa?”
“Kula pengin nglamar putri panjenengan badhe dipun ajak emah-emah kalihan anak kula Sinar Panjang.”
“Menapa...?” Kujang Anom kaget banget. Dheweke babar pisan ora duwe pangira. Dheweke ngulati bojone maneh.
“Sing gedhe ngapuramu Kang.Aku lali ngandhakake iki mau kabeh.” Kandhane Nilasari.
Kujang Anom ambegan dawa. Satemene dheweke rada mangkel karo kadadean sing sarwa dumadakan iki.Nanging dheweke nyoba kanthi sikap sing luwih prayoga.
“Nyuwun pangapunten Ki sanak.Menawi kepareng kula badhe rembagan rumiyin kaliyan Kujangsari.”
“Inggih, mangga.Ingkang sakeca mawon ,mboten sisah kesesa.”
Sawise manthuk Kujang Anom lan Nilasari padha mlebu menyang kamare Kujang Sari. Ing Jero kamar Kujang Sari lungguh timpuh ana jogan.Dheweke lagi komat-kamit maca donga supaya oleh bojo sing becik tumrap dheweke. Manawa Sinar Panjang pancen dadi jodhone muga-muga diparingi dalan lan gangsaring laku.
“Sari...” Keprungu panjelukan sing alus.”Apa wis rampung olehe ndonga?” Kujang Sari age-age ngrampungake olehe donga.” Bapak,Ibu..”
“Mrenea ! Ana perkara sing bakal dak rembug karo kowe.”
“Iya, apa iki perkara Sinar Panjang?Apa Bapak Ibu wis menehi wangsulan?” Mripate Kujang Sari mbrabak.
Kujang Anom lan Nilasari padha ulat-ulatan. Dheweke padha ngerti rasa tresna sumunar ing mripate Kujang Sari.
“Sari, blaka suta aku kaget banget, krungu lamaran iki. Kowe ora nate matur Bapak ngenani perkara iki.” Kandhane Kujang Anom.
“Ibu...Aku rak wis matur Ibu ta?.” Kujang Sari nglirik Ibune.
“Eh...”.Nilasari ora bisa mangsuli.
“Kena apa Ibu ora matur Bapak. Dak kira kabeh wis pirsa?”
Nilasari ngulati Kujang Anom kanthi sedhih.
“Nyi, satemene ana apa? Kena apa kowe ora ngandhakake perkara sing wigati kaya ngene karo aku?”









Gambar 9.2


Kujang Sari lungguh timpuh ana jogan kamare
Kujang Anom lan Nilasari marani
 
 











Nilasari mung meneng.Mripate kembeng-kembeng waspa.
Kujang Sari lan Kujang Anom dadi gumun.
“Ibu, satemene Ibu kepiye?”Kujang Sari ngrangkul Ibune.
“Sari,aku njaluk ngapura.Satemene Ibu....”
“Satemene Ibu kepiye, Bu? Kandhakna karo Sari!”
“Satemene Ibu tresna banget karo Sari. Lan Ibu emoh kelangan Sari.”Nilasari ngrangkul Kujang Sari kenceng.
“Ibu...” Kujang Sari ora ngira Ibune bakal ngendika kaya ngono.
“Sari,kowe siji-sijine anakku wadon.Yen kowe omah-omah karo dheweke mesthi kowe digawa menyang manca. Lha terus Ibu ana kene karo sapa? Ibu bakal kelangan kowe Ndhuk.” Nilasari terus nangis.
“Ibu...” Kujang sari lagi bisa mangerteni karepe Ibune. Lha terus dheweke kudu kepiye?
Kujang Anom mesem. Dheweke bisa mangerteni apa sing dipikir lan dirasakake Nilasari. Kuwi lumrah. Nanging kepiye maneh Kujang Sari duweni urip dhewe. Lan jodho kuwi ana karsane Gusti. Ora nyawang papan panggonan ,drajad pangkat,suku,warna kulit lan liya liyane.Dadi saumpama Jejaka kuwi pancen pinasthi dadi jodhone Kujang Sari kena apa kudu ditampik?
“Nyi...”Kujang Anom nyekel pundhake Bojone kebak asih.”Aku ngerti rasamu.Nanging manawa Kujang Sari nresnani Jejaka kuwi, apa maneh sing bisa ditindakne?Dheweke jejaka sing budine becik. Ora ana pawadan awake dhewe nampik.”
“Aku ngerti,nanging aku wegah kelangan Kujang Sari. Dheweke anakku wadon siji-sijine.”
“Ibu, sanajan aku digawa menyang manca karo bojoku.Nanging aku janji ora bakal nglalekake Ibu.Aku bakal tansah ndongakake ibu ana ngendi wae papane. Lan aku bakal mbudidaya bisa niliki Ibu sawanci-wanci.”Kujang Sari nglipur Ibune sing sedhih.
“Kandhane anake dhewe kuwi bener. Lan ora ana sing langgeng ing donya iki. Sawanci-wanci mengko awake dhewe bakal pepisahan, emboh kuwi pisah merga panggonan apa amarga ditimbali Gusti. Manawa awake dhewe duwe tekad kang becik muga-muga awake dhewe bisa terus bebarengan tekan ing ngalam kalanggengan.”
Nilasari mung meneng. Dheweke nyoba nggatekake tembung-tembunge sing lanang kuwi.
“Bu,aku nyuwun idi palilah ya,Bu. Aku dak omah-omah karo Sinar Panjang.”Kujang Sari nggegem tangane Ibune kenceng.
“Ya, yen ngono...” Nilasari wusanane kandha kanthi lirih. Sanajan atine ngomong beda nanging dheweke ora pengin ngrusak kabagyane anak wadone kuwi.
“Bu...”Kujang Sari terus mara menyang rangkulane Ibune.” Matur nuwun ,Bu.”
Sabanjure Kujang Anom lan Nilasari terus bali menyang kamar tamu, nemone tamune loro sing wiwit mau ngenteni .
“Ki sanak Suling Sakti, nyuwun pangapunten mbok bilih anggenipun nyrantos radi sawetawis.Inggih amargi kula nembe ngertos ngengingi perkawis menika.”
“Inggih mboten dados menapa.”
“Kala wau sampun kula rembag kaliyan anak kula Kujang Sari ingkang badhe nglamapahi?”
“Lajeng katetepanipun kados pundi,Ki Kujang Anom?”Pitakone Sinar Panjang selak kepengin ngerti wangsulane.
“Kula jejeripun tiyang sepuh wenang murba ,nanging mboten wenang wasesanipun.”
 “Cethanipun kados pundi Ki ? Kok kula dereng mangertos?”
“Sinaosa Ibunipun kirang rena amargi rumaos kecalan anak wadon ingkang namung setunggal, ewa semanten wusananipun namung sumangga.”
“O, ngaten.”
“Lha kenging menapa kirang rena?”
“Kuwatos manawi mangke manggen wonten griya panjenengan, tebih saking ngriki. Manawi kangen mboten saged pinanggih.”
“O, prekawis menika gampil Ki.Kula kalih anak kula asring dhateng ngriki. Mangke saged sowan mriki.”
“O. Inggih matur nuwun.”
“Lajeng mbenjang menapa lare kekalih dipun dhaupaken?”
“Manawi minggu ngajeng kados pundi?”
“Inggih kula sarujuk sanget.”
Sabanjure Suling Sakti lan Sinar Panjang age-age nyuwun pamit.
Ing dina pasarujukake antarane kulawargane Kujang Anom lan Nilasari lan kulawargane Suling Sakti wis tekan wektune. Bocah sakarone didhaupake. Dhaupe Kujang Sari karo Sinar Panjang dianakake mung prasaja nanging kebak kawigaten tumrap tangga teparone. Apa maneh dina sesuke Kujang Sari bakal melu bojone menyang manca.







Gambar 9.3

Kujang Sari dhaup(Dadi manten)  karo Sinar Panjang
Kulawargane padha nunggoni

 
 











 “Nak, dak dongakake supaya Gusti tansah paring berkah marang kowe lan kulawargamu.”Kandhane Nilasari karo ngrangkul Kujang Sari. Dina sepisanan tumrap pepisahane dheweke.
“Matur nuwun ,Bu. Muga Gusti ngabulake dongane Ibu.”
Nilasari manthuk.
“Lan sliramu,Nak” Kandhane Nilasari menyang Sinar Panjang.”Jaganen bojomu kanthi becik. Tresnanana kaya sira nresnani awakmu dhewe.Dheweke bakal ngetutake sliramu menyang manca, papan sing beda banget karo kene.Ing kana dheweke ora duwe sapa –sapa saliyane awakmu. Dadi kowe kudu bisa ngayomi dheweke.”
“Inggih, Bu. Sampun kuwatos. Kula badhe jagi Kujang Sari kanthi sae. Piyambakaipun mujudaken kencana ingkang awis sanget tumrap gesang kula. Ingkang tansah kula tresnani lan kula asihi.”
“He.Kapale wis teka...! Kandhane wong-wong ing pelabuhan.
Dheweke padha genti ngulati kapal sing wis teka rumaket ing pinggir segara kanthi alon-alon nanging mesthi.
“Sari, kapale wis teka. Ayo enggal tata-tata!” Kandhane Sinar Panjang marang Kujang Sari.
“Iya, Bapak Ibu lan sedulurku kabeh. Sari nyuwun pamit.”
Nilasari ngrangkul putrane kenceng dikantheni mijiling waspa. “Sari jaganen awakmu kanthi becik!”
“Iya, Bu. Semono uga Ibu kudu njaga kasarasane Ibu.”
“Kowe kudu kerep ngabari Ibu. Sokur bisa kerep tilik mrene.”
“Iya , Bu.”
“Uwis, Kujang Sari kudu enggal lunga.” Kanthi alus Kujang Anom ngelingake Nilasari.
Kanthi abot sajroning ati  Nilasari nguculi rangkulane menyang Kujang Sari. Saiki genti Kujang Anom sing ngrangkul Nilasari. Wusanane Kujang Sari sarombongan padha budhal menyang negara manca.


 




10.Pante Karang Nini
M

anungsa urip kudu tansah setya tuhu. Setya tuhu mring prajanji mbutuhake pangorbanan kang ora kena disangga lamba. Pangorbanan amarga setya tuhu adat lupiya bisa nguwohake kanugrahan  saka Kang Maha kawasa.
Ora let suwe sawise neningkahane Kujang Sari,kulawargane Kujang Anom lan Nilasari bakal nganakake pahargyan maneh.Wektu iki dhaupe Putrane sing wuragil, Kujang Sakti.
Kujang Sakti omah-omah karo prawan ayu lan kenes, Sekar Arum putrine Kanti lan Sangkan.
“Wah aku babar pisan ora duwe pangira, manawa anak-anake dhewe padha jejodhohan.” Kandhane Kanti nalika mertamu menyang ngomahe Kujang Anom lan Nilasari.
“Bener. Sadurunge padha neningkahan, awake dhewe wis dadi kanca raket. Lan saiki sesambungan kuwi saya rumaket. Ora ngemungake kanca kenthel , nanging malah dadi bebesanan.”Kandhane Kujang Anom.
“Naging kena apa Nilasari katon sedhih.?” Pitakone Sangkan.”Apa dheweke kurang seneng ngenani pahargyan iki?”
Nilasari kaget. “Ah.,..aku seneng.”
“Nanging kena apa katon sedhih?”
“Aku...”
Kujang Anom mesem.” Nilasari ora sedhih mung trenyuh karo pahragyan iki.”
“Trenyuh...? Oh., Kowe wanita sing alus bebudenmu Nilasari.” Kanti ngalembana.
Nilasari mung mesem.
Dheweke terus padha jagongan kanthi kepenak.
“Wadhuh, ketungkul jagongan nganti aku ora krasa yen wancine wis surup.” Kandhane Kanti karo ngulati srengengene sing meh angslup.
“Wah iya, Awake dhewe kudu enggal mulih ,sayang.”
“Ah, ora sah kesusu, iki isih sore.”
“Iya, saiki rak wis dadi besan, padha nginep wae ana kene.” Kandhane Kujang Anom.
“Nginep?” Kanti lan Sangkan padha ulat-ulatan.Kanti gedhek.
“Sing gedhe ngapurane, Ora ateges aku ora gelem nginep. Nanging ana sing kudu daka rampungake ana ngomah.” Sangkan nampik kanthi alus.
Kujang Anom lan Nilasari mesem. ”Ya, uwis ora apa-apa.”
“Yen ngono aku njaluk pamit.” Kabeh padha ngadek.
Kanti ngrangkul Nilasari.”Aku seneng bisa dadi besanmu.”
“Aku iya.”
“Ayo mulih,Nyi.  Sangkan nyekel lengene bojone ngajak enggal mulih. Sakarone terus padha ninggalake omahe Kujang Anom.
Sawise dheweke padha ilang saka pandulu, Kujang Anom ngajak bojone mlebu ngomah. Lawang omahe ditutup rapet. Swasana dadi nyamum.
Ing dina candhake nalika Kujang Anom menyang sawah dumadakan Kujang Panitra teka ngomahe Nilasari.
“Bu, kula mbeta kabar kabingahan.”Ature kujang Panitra.
Nilasari mesem. Lagi teka wae, putra pambayune kuwi wis bengok-bengok  seneng.
“Ana apa ,Panitra? Kabar kabungahan apa ?”
“Bu, samenika Ibu sampun dados Nini.” Kujang Panitra nyekeli astane Ibune.
“Piye kandhamu? Ibu wis dadi Nini?”
“Inggih,Bu. Kalawingi estri kula sampun babaran.”
“Tenane?” Mripate Nilasari sing maune sayu katon sumunar.
“Leres,Bu. Piyambakipun nglairaken bayi ayu tur lucu.”
“Ah, Panitra!” Nilasari ngrangkul putrane.”Iki sawijining kagetan sing  nyenengake.”
“Inggih,Bu.”
“Ayo menyang ngomahmu, Ibu wis ora sabar pengin ngerti.”
“Nanging, kula kedah nyaosi kabar Bapak rumiyin.”
“Wa, iya. Saking senengku, terus nglalekake Bapakmu. Dheweke ana sawah. Cepet enggal diparani.”
Kujang Panitra age-age menyang sawah nusul Bapake. Nilasari kebak rasa seneng dheweke terus ganti sandhangan sing luwih apik. Atine wektu kuwi kaya kajugrugan wukir kencana, sawise kelangan anak-anake saka ngomahe.
Sawise Kujang Anom tekan ngomah lan wis ganti sandhangan sing sarwa pantes, Kaki Nini kuwi terus menyang ngomahe Kujang Putra ing desa Cibening. Dene kujang Panitra mulih luwih dhisik.
Bareng tekan ngomahe Kujang Panitra, Kaki Nini kuwi terus wijik lan enggal niliki lan nggendhong putune sing lagi lahir.
“Nyi, ora krasa ya. Saiki awake dhewe wis tuwa.”Kandhane Kujang Anom.
Nilasari manthuk lan gumuyu. Dheweke ngayun putune sing ana gendhongane. Rasane lagi wingi dadi manten, jebule wis duwe putu sing nggemesake.”
“Yen ngono awake dhewe kudu ngowahi jelukane dhewe.”
“Iya, kowe wis pantes dijeluk Kaki,Kang.”
“Lan kowe dijeluk, Nini.”
“Aki...”
“Nini...”
Sakarone padha ngguyu cekakakan, ngagetake bayi sing lagi digendhong. Bayi kuwi ngolet lan nangis alon.
“Cup...cup...cup..meneng.tu..”Nilasari ngepuk-puk bokonge bayi kuwi alon-alon.
“Ah,awake dhewe keseron sajake.” Kujang Anom mesem.
“Cup..cup...cup.Ah Bayine turu maneh.”
“Iya, bocah sing apik iki”
“Bener, beda banget karo Panitra dhek emben. Panitra akeh rewele lan yen nangis banter banget.”
“Mbok manawa bayi iki turun Ibune.”
“Wah, aku seneng banget,Ki. Tekane putuku iki gawe uripku luwih endah.”
“Ya sokur. Wektu kepungkur iki kowe tansah katon sedhih, muga –muga saiki ora maneh.”
Nilasari manthuk.”Apa maneh manawa Panitra duwe anak sing kaping pindho, ping telu,ping papat. Wah nyenengake banget.”
“Durung maneh manawa ditambah bayine Kujang Sari.”
“Lan Kujang Sakti.”
“Awake dhewe ora bakal kijenan.”
“Ha...ha...ha.” Dhweke padha gumuyu maneh.
Genti kang dicaritakake nalika samana putune Ki Kujang Anom lan Nini Nilasari wis ana cacah telu. Loro saka Kujang Panitra lan siji saka Kujang Sakti. Dene Kujang Sari dheweke ora mangerti.Uwis suwe banget anak wadon kuwi ora aweh kabar.
Wiwit lungane menyang negara manca, Kujang Sari lagi  kaping pindho menehi kabar. Sepisan, dheweke crita manawa uripe tansah kebak kabagyan. Bojone sawijining pria sing apik banget, pangerten,kabeh sing dipengini mesthi diwujudi. Kujang Sari banget diugung. Layang kapindho nyritakake manawa Kujang Sari lagi mbobot patang sasi, nanging kadadean sing ora becik tumempuh ing dheweke.Nalika ngumbahi ana kali Kujang Sari kepleset lan tiba. Wusanane bayi ing kandhungane miskram. Kujang Sari lan Bojone sedhih banget. Lan dheweke nampa kanthi lila legawa. Kabeh mau mung dipasrahake ana ngarsane Gusti.
Nilasari lan Kujang Anom melu ngrasakake susah nalika kuwi. Nanging sing banget gawe susahe Nilasari yakuwi, nganti tekan saiki durung nate mulih. Kamangka dhek emben Kujang Sari nate janji manawa bakal budidaya nglonggarake wektu kanggo mulih.
Nilasari banget anggone ngarep-arep tekane anak wadone kuwi. Wewayangane Kujang Sari tansah ketok-ketoken wae ana ing pandulune. Dheweke pengin banget ketemu karo Kujang Sari. Dheweke kepenging ngelus-elus maneh rambute. Kangen karo solah tingkahe Kujang Sari sing tansah katon seneng polatane.
Sanajan saiki Nilasari wis urip seneng amarga tekane putu-putune, nanging isih krasa kurang amarga ora anane Kujang Sari.
“Ni...” Kujang Anom nyekel pundhake nilasari.
Nilasari eling saka ngalamune. “Ah , Aki.”
Kujang Anom mesem weruh kumembenging waspa kang mijil saka mripate Nilasari.”Ni, Ana apa? Kowe nangis?”
Guyune Kujang Anom saya seru. “Nini, kowe kuwi  lucu banget, kandhane ora nangis, nanging kena apa eluhe metu?”
“Ki,...Nini Mung...”
“Mung apa?”
“Nini kangen Kujang Sari.”
“Kujang Sari?” Kujang Anom manthuk-manthuk.
“Wis sepuluh tahun dheweke lunga saka kene. Nanging ngantin saiki ora ana kabar ngenani dheweke.”
“Nini, Bener. Menyang ngendi wae bocah kuwi? Kandhane dheweke bakal tilik ngomah. Nanging buktine, nganti saiki dheweke durung mulih. Malah kabar wae ora ana wiwit dheweke miskram.”
“Ki aku dadi sumelang, aja –aja ana kadadean sing ora becik sing tumempuh marang Kujang Sari.
“Hus..” Aki nempelake drijine menyang tutuke Nilasari.”Kowe ora kena duwe pikiran ala,Ni. Pikirane awake dhewe kuwi padha karo donga. Mikira mung sing becik-becik wae.”
“Nanging,Ki. Saben-saben aku kelingan Kujang Sari atiku mung sedhih. Ora bisa tumindak apa-apa.”
“Susah kuwi barang sing lumrah, sing wigati awake dhewe ora kena kebacut-bacut olehe sedhih. Rasa sedhih kuwi ora bisa ngrampungake perkara.”
“Lha terus awake dhewe kudu piye ,Ki?”
“Awake dhewe kudu dedonga.”
“Ki, awake dhewe pancen kudu dedonga , nanging kudu dikantheni pambudidaya.”
“Iya.”
“Lha terus kepiye pambudidayane awake dhewe, supaya ketemu Kujang Sari?Aku wis kangen banget.”
Kujang Anom ngalamun.
“Ki. Kepiye saumpama awake dhewe menyang negara manca, niliki Kujang Sari?”
“Apa? Lunga menyang negara manca?”
“Iya, Ki.kuwi salah sijine cara.”
“Nanging saumurku aku durung nate mrana.”
“Pancen, nanging awake dhewe rak bisa takon karo para saudagar ing pelabuhan. Dheweke mesthi wis padha tepung karo Suling Sakti lan Sinar Panjang.”
“Iya, ya.Nanging aku dak budhal dhewe wae.
“Iya, Ki. Enggala menyang pelabuhan. Nakokake Kujang Sari.”
Kujang Anom ora tega nampik panjaluke bojone kuwi. Mulane Dheweke terus ngiyani.
Nilasari gumuyu seneng atine.
Esuk-esuk Kujang Anom wis budhal menyang pelabuhan. Dheweke bakal nakokake ngenani Suling Sakti lan Sinar Panjang marang para saudagar.
“Dadi Aki pengin mrana?” Pitakone salah sijijne saudagar saka negara manca.”Bener, Tuan. Apa Tuan ngerti omahe Tuan Suling Sakti lan Tuan Sinar Panjang?”
“Ya  methi wae ngerti, Dheweke kabeh kuwi kanca saperjuanganku.”
“Oh, Aki rumangsa seneng atine.”
“Dheweke manggon ing desa Langkap.Sacedhake desaku.”
“Apa Tuan ngerti Kujang Sari mantune Tuan Suling Sakti?”
“Kujang Sari...?Hmm..Apa dheweke bojone Sinar Panjang.?”
“Iya , bener.”
“Aku ngerti, dheweke wanita sing budine luhur.”
“Kepiye kahanane kulawargane? Apa apik-apik wae?”
“Mesthi.Dheweke kulawarga sing becik, uripe katon tentrem.”
“Apa dheweke uwis duwe keturunan?”
“Ya.”
“Oh, sokurlah.”Kujang Anom seneng banget ngrungokake.
Saudagar saka negara manca kuwi ngulati Kujang Anom.”Apa Aki duwe sesambungan kulawarga karo dheweke?”
Aki manthuk.”Tuan Suling Sakti kuwi besanku.”
“O. Dadi Kujang Sari kuwi putrane Aki?”
“Iya. Wis suwe banget dheweke ora niliki aku. Aku lan bojoku wis kangen banget. Mula kuwi aku duwe gagasan bakal niliki lan nggawa dheweke mrene.”
“O. Ngono kersane.”
“Iya , Tuan. Lan yen Tuan ora kabotan aku bakal nunut kapale Tuan tekan kana.”
“Mesthi,Ki. Aku babar pisan ora kabotan. Malah aku seneng manawa bisa nulungi Aki.”
“Matur nuwun.” Kandhane Kujang Anom seneng.”Lha terus kapan budhale?”
“Kurang luwih seminggu maneh. Yen Aki arep melu tekaa mrene sadurunge tengah awan.”
“Iya , aku sesuk bakal teka. Ngapunten aku wis nganggu wektune Tuan.”
“Ah, Ora. Aki ora susah pekewuh.”
“Sepisan maneh aku matur nuwun.”
“Iya padha-padha Ki.”
Kanthi ati bungah, Kujang Anom ninggalake pelabuhan. Rasa kangene marang Kujang Sari saya banget.
Nalika tekan ngomah Kujang Anom age-age nemoni bojone kanthi kebak kabungahan.
“Nini...Nini...!”
Nilasari sing lagi dondom-dondom kaget mlayu nyedhaki. “Aki, kowe wis kondur?Kepiye kasile? Apa wis krungu kabar  ngenani Kujang Sari?”
Aki manthuk-manthuk.” Uwis. Mau Aku wis oleh kabar ngenani Kujang Sari. Lan Aki uga wis oleh cara kanggo niliki.”
“Oh. Ya sokur.” Wadanane Nilasari katon sumringah.
“Mau Aki ketemu karo saudagar saka negara manca. Jebul dheweke tepung karo Suling Sakti lan Sinar Panjang. Dheweke uga tepung karo Kujang Sari. Dadi Aki ngrencana bakal nunut kapale saudagar kuwi tekan panggonane Kujang Sari.”
“Ki, Aku seneng banget. Kepiye kabare Kujang Sari saiki? Apa dheweke apik-apik wae.?”
“Apik banget. Malah dheweke saiki uwis duwe anak.”
“Duwe anak?..Ateges..”
“Ateges putune tambah maneh.”
“Oh, Ki. Aku wis ora sabar maneh pengin ketemu karo Kujang Sari lan weruh putune dhewe.”
“Kapan Aki arep mrana?”
“Saudagar kuwi ngandhakake minggu ngarep.”
“Minggu ngarep?” Nilasari sajak gela.”Apa ora kesuwen?”
“Ya mesthi ora.Sing wigati rak awake dhewe bisa nggawa kujang Sari mrene.”
“Ki, apa ora bisa dicepetne? Sesuk wae awake dhewe mrana. Minggu ngarep kesuwen.” Nilasari ngrayu.
”Ora bisa kaya ngono ,Ni.”Kujang Anom mesem.
“Lha ngapa ora bisa?”
“Amarga awake dhewe mung nunut kapale saudagar. Mesthi wae dheweke sing nemtokake kapan dheweke mulih menyang desane.”
Nilasari dhingkluk. Krungu kaya ngono  kuwi dadi gela.
“Ni, aja sedhih kaya ngono. Sing baku awake dhewe bisa niliki Kujang Sari, Emboh kapan wektune.
“Ya wis aku manut,Ki.Sakarepmu.”
Bareng tekan wektune saudagar kuwi bakal bali menyang manca Ki Kujang Anom dikandhane supaya tata-tata.Nanging sinbg diajak mung Ki Kujang Anom  wae amarga kapale kebak.
“Ki. Sesuk awake dhewe arep menyang negara manca mula saiki ayo tata-tata dhisik.”Kandhane Nilasari kebak semangat.
Kujang Anom mung mesem.
“Awake dhewe kudu nyepakake sandhangan, panganan lan oleh-oleh kanggo Kujang Sari.Terus apa amaneh,ya?” Kandhane Nilasari karo nglebokake sandhangan menyang koper.
“Lho,lho..lho.” Kujang Anom kaget.
“Ana apa ,Ki?” Nilasari ngulati karo banthuke njengkerut.
“Kanggo apa Nini nglebokake sandhanganmu kuwi?”
“Ya, mesthi wae kanggo ganti ana kana.”
“Salin sandhangan?” Kujang Anom saya gumun.
“Iya , salin. Lha kena apa? Apa aku ora oleh  salin?”
“Ora kok ora oleh. Nanging Nini ora melu mrana.”
“Apa Ki? Aku ora arep mrana?Nilasari genti kaget.
“Iya.”
“Ki, apa karepmu? Lha rak bakal tilik Kujang Sari, sesuk ta?.”
“Bener. Nanging mung Aki dhewe sing arep mrana.”
“Mung Aki?, Lha terus Aku?”
“Nini nunggu ana ngomah wae.”
“Nunggu ana ngomah?”Nilasari kaget.”Lha ngapa Nini nunggu ana ngomah wae? Iki ora adil. Nini uga pengin menyang negara manca. Nini pengin niliki Kujang Sari.”
“Aki ngerti. Nini kangen banget karo Kujang Sari. Nanging negara manca kuwi dudu papan sing cedhak. Kuwi adoh banget.Butuh wektu pirang-pirang dina. Aku dhewe wae sing lunga.”
“Ora kena ngono.Nini uga pengin melu.”
“Ni, mangertia. Saiki awake dhewe wis ora enom maneh. Saya mundhak dina awake saya ringkih. Nini ora bakal kuwat mlaku sing adohe semono kuwi.”
“Ki, nini percaya , Nini bakal kuwat.”
“Ni..”
“Kanggo anak kesayanganku. Kabeh cara bakal dak lakoni.”
“Aki ngerti.Nanging tetep wae Nini ora oleh melu.Aki ora pengin kadadean sing ora becik tumempuh menyang Nini.”Kujang Anom ngrangkul pundhake bojone kanthi asih.
Sanajan kekejera kaya manuk branjangan paribasane. Panjaluke Nini Nilasari anggone bakal melu menyang negara manca. Nanging tetep ora oleh. Kabeh mau saka rasa ngemane Kujang Anom menyang Nini Nilasari.









Gambar 10.1


Kujang Anom numpak Kapal ing pelabuhan

Nilasari, Kujang Pantitra lan Kujang sakti nguntapake
Wong akeh lan para saudagar padha ana kono


 
 











Ing dina esuke Nini Nilasari lan anake Kujang Panitra lan Kujang sakti  padha menyang pelabuhan saperlu nguntapake lungane Kujang Anom menyang negara manca.
Saudagar sing ditakoni ngandhakake manawa dheweke bakal teka kono maneh udakara rong minggu.Ngerti kabar kuwi Nilasari tambah sedhih atine, amarga tumrape wong kangen wektu rong minggu kuwi katon suwe banget.
Sawise Kujang Anom numpak kapal Nilasari lan anak-anake padha mulih Menyang ngomahe dhewe-dhewe. Dene Nilasari bakal mulih menyang ngomahe Kujang Panitra supaya ora kijenan.
Bareng kapale kuwi wis mlaku udakara ana tengahing samodra dumadakan ana udan angin bledhek nyamber-nyember. Lesus sindhung riwut anempuh kapale para saudagar. Ngerti kahanan kaya ngono kuwi Kujang Anom mung pasrah marang Gusti Kang Nguwasani urip. Pranyata angin gedhe kuwi suwe banget. Temahan kapale kelem ana tengahing samodra. Emboh kepiye, nasibe Kujang Anom lan para saudagar sing lagi ana njero kapal. Kabeh ora ana sing ngerti.
Rong minggu candhake nalikane tekan wayahe Kujang Anom mulih saka negara manca. Nilasari  mulih saka ngomahe Kujang Panitra menyang ngomahe dhewe . Dheweke olah-olah panganan sing dadi kasenengane Kujang Anom lan Kujang Sari. Panganan kuwi kabeh wis cumepak ana sandhuwuring meja.
Sawise kabeh wis cumepak Nini Nilasari terus nganggo sandhangan kang sarwa becik. Lan dheweke age-age menyang pante.
Pante katon sepi. Aneh banget. Lha rak kudune para saudagar saka manca wis padha nglumpuk ana pelabuhan ing dina iki? Apa iki isih esuk? Apa dheweke isih padha ana kapal ing tengah segara lan durung tekan pelabuhan.?
Nilasari ngulati laut adoh. “Aki lan Kujang Sari cepet muliha!. Aku wis kangen banget karo kowe kabeh. Rong minggu ngenteni, suwene kaya rong tahun.”
Sawise suwe anggone ngenteni, srengengene saya dhuwur. Durung ana kapal siji-siji wae sing teka. Nilasari krasa kesel sikile amarga wis kesuwen anggone ngadek. Dheweke terus ngulati sakiwa tengene golek panggonan kanggo lungguh.
Bareng weruh ana karang sing katon rata dheweke terus marani lan lungguh ana sandhuwuring karang kuwi.
Sajam, rong jam, telung jam lan malah nganti sore kapeksa durung ana kapal sing teka. Atine Nilasari saya was sumelang.
“Oh, Gusti . Wonten pundi semah kula lan anak kula? Kenging menapa piyambake dereng wangsul?”Pangajabe.
Dina esuke kadadean ngono kuwi dibaleni maneh. Ora ana kapal sing teka. Nilasari saya sedhih. Nanging dheweke wanita sing tansah setya. Sanajan dina dina terus gumanti, nanging dheweke tetep ngenteni ing sandhuwuring karang kuwi.
Seminggu wis kepungkur, kabar ngenani anane Angin gedhe lagi tekan tlatah sundha. Wong–wong desa padha was sumelang. Luwih –luwih kulawargane sing padha melu lelayaran.
“Awake dhewe kudu nyaosi pirsa perkara anane  angin gedhe iki marang Ibu.” Kandhane Kujang Panitra marang Kujang Sakti.
“Bener. Oh Gusti, ateges bapake dhewe wis...”
Wong lanang loro kuwi rumangsa sedhih.Tanpa bisa disuwak waspane mijil tumetes ing pipine.
“Mesake Ibu. Apa panjenengane wis pirsa ngenani kabar iki?”
“Emboh. Dak jaluk ,ibu apik-apik wae.Ayo cepet mrana!”
Sakarone padha terus menyang ngomahe Ibune. Omah kuwi katon sepi. Alon –alon Kujang Panitra ngengakake lawang. Lawange ora dikunci.Dheweke padha jeluk-jeluk Ibune nanging ora nemokake apa –apa. Malah dheweke weruh panganan sing wis cumepak ana dhuwur meja. Panganan kuwi kabeh wis padha wayu lan mambu.
Age-age dheweke padha mlayu menyang pante nggoleki Ibune. Bareng tekan pante Kujang Panitra lan Kujang Sakti terus mubeng nlusuri pante. Dheweke bengok-bengok nyeluki Ibune.
“Kang!” Dumadakan Kujang Sakti njerit karo nuding pernahe karang kang wujud manungsa.
Kujang Panitra noleh lan kaget sanalika. Dheweke terus mlayu marani adhine.
‘Sakti, wiwit kapan ana karang sing wujud manungsa ing papan iki?” Pitakone Kujang Panitra gumun.
Kujang Sakti nggedhek, dheweke ora ngerti.
“Sakti, aja-aja karang iki...”Dumadakan sikile Kujang Panitra lemes lan tiba lungguh ana pasir cedhak karang kuwi.
“Karang iki, punarpane Ibu...” Omonge Panitra karo nangis.
“Apa...?” Kujang Sakti durung mangerti.
“Sakti, coba gatekna karang kuwi, kanthi cetha! Rak jebles banget karo awake Ibu, ta?”
Kujang Sakti terus ndelengi karang kuwi kanthi taliti. Bener kandhane Kakange manawa karang kuwi persis Ibune, Nini Nilasari.
“Da...dadi...kuwi ibu...?” Kujang Sakti terus nangis.
Kujang Panitra manthuk.” Bener, seminggu kepungkur Ibu ngenteni Bapak ana kene. Ibu ngenteni kanthi setya. Nanging Bapak ora kondur. Ibu mesthi sedhih banget. Ibu mesthi kuwatir. Mbok manawa Ibu terus nangis ana dhuwur karang kuwi.”
“Ibu..”
“Ibu sawijining wanita sing becik lan tansah setya. Lan Gusti pirsa kabeh pengabdine Ibu kuwi. Mulane Gusti kersa ngurangi sesanggane Ibu lan nemokake Ibu karo Bapak ing alam kalanggengan.” Tembung-tembunge Kujang Panitra mandhek sanalika, amarga ora kuwat ngampet tangise.
Swasana sungkawa kuwi lumaku nganti wayah tengah awan.
“Kang, Awake dhewe ora kena terus nangis.Ditangisana nganti entek eluhe mesthi Ibu ora bakal bali. Malah awake dhewe kudune seneng amarga Ibu wis bisa urip mulya ana ing ngalam kalanggengan ketemu karo Bapak.”
“Bener kandhamu Sakti.”
“Awake dhewe kudune rumangsa seneng amarga Ibu wis keturutan sing disuwun, bisa ketemu karo Bapak lan urip bebarengan ing alam kalanggengan.”
“Kang , saiki ayo dedonga nyenyuwun marang panguwasaning Gusti, muga –muga Bapak lan Ibu diapura sakabehing kaluputane lan kapapanake ing swarga tundha sanga.”







Gambar 10.2

Karang wujud wong wadon tuwa gelugan lungguh timpuh madhep laut

Wong akeh padha dedonga ana sangisore.

 
         










Sabanjure Wong-wong desa padha rame-rame menyang papan kuwi saperlu pengin ngerti karang sing wujude manungsa Nini-nini. Lan wiwit kuwi papan kono sinebut Pante Karang Nini.
Tamat