Jumat, 10 Februari 2012

Prabu Geusan Ulun


1. Kraton Sumedhanglarang
M

ulabukane Kraton Sumedhanglarang kuwi mujudake perangane Kraton Sundha sing kuthagarane mapan ing Kawali. Kraton kuwi yasane Prabu Resi Tajimalela.Nalika samana sing dadi ratu ing Kraton Sundha Prabu Ragamulya. Kuthagara Kraton Sumedhanglarang  mapan ing Gunung Tembong Agung.





Gambar 1.1

Wewangunan Kraton Sumedhanglarang
 
 











Kraton Sumedhanglarang mujudake kraton sing duwe wates karo Kraton Galuh ing sisih kidul. Kraton Cirebon ing sisih lor wetan lan Kraton Pajajaran ing sisih kulon.

Sawise Prabu Resi Tajimalela seda , sing gumanti nata putrane sing asma Gajah Agung. Gajah Agung jumeneng nata jejuluk Prabu Gajah Agung. Nalika Prabu Gajah Agung ngemban pusaraning praja, punjering kraton dipindhah saka Gunung Tembong Agung menyang Cicanting.
Sawise Prabu Gajah Agung Seda sing dadi ratu ing Kraton Sumedhanglarang, putrane sing asma Prabu Wiraraja. Nalika samana kuthagara dipindhahake saka Cicanting menyang Cipameungpeuk. Prabu Wiraraja sabanjure kondhang minangka Sunan Pagulingan.
Prabu wiraraja utawa Sunan Pagulingan duwe putra cacah loro. Sing mbarep mijil putri asma Raden Ayu Raja Mantri utawa Ratu Ratnasih lan sing kakung Asma Raden Mertalaya.
Sawise Prabu wiraraja utawa Sunan Pagulingan seda sing gumanti ratu Raden Mertalaya kanthi gelar Sunan Guling. Dene raden Ayu raja Mantri utawa Ratu Ratnasih kapundhut garwa Sripadhuka Maharaja saka Pakuan Pajajaran.
Raja Sumedhanglarang sing kaping papat iki, sawise seda diganti putrane sing asma Raden Tirta Kusuma. Kanthi gelar Sunan Patuakan.
Sunan Patuakan sawise surut diganti putrane pambayun sing mijil putri asma Raden Ayu Sintawati. Raden Ayu Sintawati kapundhut garwa Sunan Corendha.
Raden Ayu Sintawati karo Sunan corendha patutan siji asmane Raden Ayu Satyasih.
Raden Ayu satyasih kaangkat pinangka panguwasa ing Medhanglarang kanthi Sesebutan  Pucuk Umum. Nalika jamane Pucuk Umum iki agama Islam sumebar ing kraton Sumedhanglarang. Mligine sing disebarake dening Pangeran Santri.
Pucuk Umum wusanane kapundhut garwa Pangeran Santri, satemah Pucuk Umum ngrasuk agama Islam. Wiwit kuwi Pangeran Santri diwisudha minangka panguwasa Sumedhanglarang. Kanthi jejuluk Ki Gedheng Sumedhanglarang. Panjenengane kuwi panguwasa Sumedhanglarang sepisanan sing ngrasuk agama islam. Lan nalika samana Sumedhanglarang kebawah kraton Islam Cirebon.
Ki Gedheng Sumedhang kagungan putra kakung sing asmane Raden Angka Wijaya. Nalika Raden Angka Wijaya umur 19 tahun, dheweke kautus Ramane supaya menyang Pajang, saperlu ngangsu kawruh kanuragan,pamarintahan lan kawruh agama.
Ing jaman samana Kraton Pajajaran wus meh runtuh amarga serangan saka Kraton Surasowan Banten sing dipandhegani Sultan Hasanudin. Nalika samana  Kraton Pajajaran sing ngasta pusara Prabu Nilakendra, ngalami jaman sing ngrekasa. Pamarintahan saya ringkih, Ratune malah mung seneng-seneng, sarta mabuk-mabukan, satemah dheweke ora kuwawa nanggulangi serangan-serangan saka Banten sing terus-terusan.
Bregada gecak  kuwi terus ngrabasa kuthagara ing Kraton Pajajaran. Ing kahanan tanpa daya kuwi, Sang Prabu Nilakendra ngoncati pabaratan ninggalake Kraton Pajajaran.
Sabanjure Prabu Nilakendra ilang emboh menyang ngendi parane. Mbok manawa dheweke seda ana tengahing wana amarga nandhang raga.
Kuthagara Pakuan isih dikuwasani para penggedhe Kraton Pajajaran. Lan dheweke padha mbudidaya kanthi tohing nyawa kanggo mbelani Kraton. Untung wae kanthi anane kali lan benteng pertahanan, Kraton isih bisa dislametake.
Emane wiwit Prabu Nilakendra ninggalake Kraton, Pakuan ora dadi punjering Kraton maneh. Saperangan kawula ana sing ngungsi menyang wewengkon pante kidul, gawe desa anyar ing Cisolok lan Bayah.
Sawetara kuwi, ubarampe lan tandha-tandha keagungan Pajajaran dipasrahake marang Senapati Jaya Prakosa lan adhi-adhine yakuwi Wirajaya, Kondhang Hapa, lan Pancarbuwana. Dheweke terus ngungsi menyang pernah wetan nganti tekan Sumedhanglarang.
Lan saperangan kawula ana sing ngungsi mengalor ngulon sing dipangarsani Sang Ragamulya Suryakencana sing sabanjure kaangkat dadi Raja Pajajaran ana ing pangungsen. Dheweke padha ngedekake punjering kraton ing Gunung Pulosari, Pandeglang, ing kampung Kaduheja, Kecamatan Menes,Kabupaten Pandeglang.
Ganti kang kinocap. Ora kaya lakune Raden Angka Wijaya sing kautus ramane Ki Gedheng Sumedhang, supaya menyang Kraton Pajang. Saperlu ngangsu kawruh kanuragan, pamarentahan lan kawruh agama Islam.
Nalika samana Raden Angka Wijaya lakune saka Kraton Sumedhanglarang wis tekan Pelabuhan Cirebon. Dheweke ngagem sandhangan khas Parahyangan. Iket latar biru tuwa corek bathik ireng putih, clana pangsi lan rasukan takwa ireng. Dheweke sawijining nom-noman sing udakara umure 19 tahun lan wis ngancik dhiwasa. Wadanane sumringah, netrane sumunar solahe cukat trengginas.







Gambar 1.2

Raden Angka Wijaya tekan Pelabuhan Cirebon. Dheweke ngagem sandhangan khas Parahyangan. Iket latar biru tuwa corek bathik ireng putih, clana pangsi lan rasukan takwa ireng
 
 











Wis rong dina rong wengi olehe ngenteni tekane kapal saka Banten sing arep padha labuhan ana dermaga. Sabanjure dheweke bakal mbacutake laku menyang Demak.
Sawise Sawetara anggone ngenteni kapal saka Banten durung teka, dheweke mlaku-mlaku ing gisiking laut. Dheweke mlaku karo ngulati sesawangan kang endah aneng sapinggiring samodra.Nalika samana dheweke leren sawetara ana sangisoring wit klapa.
Swasana pante wis sepi nyenyet datan ana sabawaning manungsa. Sing ana mung manuk camar sing mabur ngideri unthuking banyu, sadhela maneh bakal mulih menyang susuhe. Saka kadohan katon wit bakau sing njaga pante saka kikisaning samodra. Katon saklebatan ubur-ubur padha nglangi sarimbitan runtung-runtung rerentengan. Angin sumilir tumempuh ing daratan mlaku munggah aneng pucaking haldaka. Bagaskara wancine wus angslup ninggalake rahina lumebu ing pagulingan.
Sawetara anggone leren ana sangisore wit klapa, ngulati endahing sesawangan wayah sore nuli dheweke lumebu ing padunungane juru labuh  pante. Durung sawetara suwe dheweke ketemu karo sawijining pawongan setengah umur , pawongan kuwi ora liya Ki Juru Labuh. Ki juru Labuh kuwi pawongan sing tunggu pelabuhan lan gawene njaluki pajek ing pelabuhan utawa sinebut juru mupu bea.
“Kula nuwun Pak.”
“O,Mangga, Nak. Yen ora kleru panduluku, sampeyan kuwi rak wis rong dina ana kene. Napa nunggu kapal saka Banten,Nak?”
“Leres,Pak. Kok Bapak pirsa?”
“Ya, mesthi. Kula rak juru mupu bea ing pelabuhan.Dadine saben dina kula mesthi ana.O, iya ditepungake wae aku Ki juru Labuh. Lha , sampeyan sapa?”
“Nami kula, Angka Wijaya,Ki.”
“Angka Wijaya?Napa sampeyan saking Sumedhanglarang?”
“Inggih,Ki.”
“Menawi ngaten panjenengan menika Pangeran Angka Wijaya.” Ki Juru terus kebak urmat marang Angka Wijaya.”Kula nyuwun pangapunten Raden. Kula mboten mangertos manawi panjenengan punika Putra Sumedhanglarang.”
 “Mboten , napa-napa,Ki. Mboten sah pekewet. Manawi nimbali kula cekap Angka Wijaya ,ngaten mawon.”
“O, Inggih, matur nuwun.Panjenengan saestu turuning priyantun ingkang luhuring budi, kados ingkang Rama,ingkang  tansah lembah manah.”
“Ampun kesangeten ngalembana,Ki.!Mbok bilih mbenjang utawi mbenjangipun malih, kula sampun benten.”
“Kula pitados, panjenengan tansah sae, Raden.”
“Kok raden ta Ki?”
“O, inggih ,Nak Angka Wijaya.”
“Nyuwun ngapunten Ki, kula badhe nyipeng wonten papan bangsal ngriki napa kepareng?”
“Nyuwun panganpunten, kados pundi upami wonten griya kula kemawon. Mriki kirang prayogi, lha namung kados ngaten kawontenanipun.”
“Mboten, mangke malah ngrepoti Ki Juru. Kula wonten bangsal ngriki mawon kalih ngentosi rencang.”
“Sinten rencangipun, Nak.?”
“Ki Srengga, kalih Ki Pawang.”
“O, pengawal panjenengan?”
“Inggih, Ki.”
“Lha badhe tindak pundi ta Nak?”
“Badhe dhateng Pajang, ngemban dhawuh saking Rama.”
“Badhe sowan Kanjeng Sultan Hadi Wijaya?”
“Inggih,Ki.Badhe ngangsu kawruh kanuragan, pamarentahan lan agami, dhumateng panguwasa Pajang.”
“O, inggih, mumpung tasih anem, sae manawi ngangsu kawruh, Mugi-mugi panjenengan mbenjang saget gumantos kalenggahanipun ingkang Rama. Dados nalendra Sumedhanglarang ingkang wicaksana.”
“Amin. Pangestunipun mawon Ki.”
”Inggih,Nak.”
Lagi wae rampung olehe guneman kedadak ana pawongan loro sing padha mlaku nyedhaki papan kuwi.
“Nyuwun ngapunten,Nak. Napa priyantun kalih menika rencang panjenengan, Ki Srengga, kaliyan Ki Pawang ?”
“Inggih leres ,Ki Juru.”
Bareng pawongan loro kuwi weruh Raden Angka Wijaya ana kono age-age dheweke mlebu bangsal labuhan.
“Kula nuwun...”Uluk salame Ki Srengga lan Ki Pawang.
“Mangga.”Wangsulane Ki Juru lan Raden Angka Wijaya.
“Wadhuh,Raden. Panjenengan wau tindak pundi ,kok kula padosi mboten pinanggih?”Ature Ki Srengga.

“Sing gedhe pangapurane Paman. Aku mau ngrasakake jeleh ana pelabuhan, Terus mlaku-mlaku ana gisiking samodra, bareng wis peteng terus mrene, menyang bangsal iki, ketemu Ki Juru Labuh.”
 “Lajeng menika mangke awake piyambak nyipeng wonten pundi,Den?” Pitakone Ki Pawang.”










Gambar 1.3

R Angka Wijaya jagongan karo Ki Juru Labuhan Ana bangsal pelabuhan
Bature Ki pawang lan Ki Srengga teka

 
 











 “Manawi kepareng nyipeng wonten griya kula mawon,Den.”Ki Juru Labuh nawakake omahe maneh.
“O, inggih prayogi ngaten Raden.”kandhane Ki Srengga.
“Menapa mboten damel repot panjenengan ,Ki Juru?” Pitakone Raden Angka Wijaya.
“Mboten,manawi kersa malah kula matur nuwun sanget.”
Sabanjure Raden Angka Wijaya lan pengawale loro Ki Srengga lan Ki Pawang padha nginep ana ngomahe Ki Juru Labuh.
Ki Juru labuh seneng banget nampa tamune telu kuwi, prasasat kajugrugan gunung madu. Bombong mongkok ditamoni anak ratu.
Dina esuke ana kapal sing wis tekan dermaga Cirebon.Pranyata kapal kuwi sing dienteni. Lan ing dina candhake kapal kuwi wis mlaku ninggalake Pelabuhan Cirebon tumuju Menyang pelabuhan Demak.
Rasa sedhih rumasuk menyang atine Angka Wijaya amarga pancen lagi sepisan iki dheweke ninggalake tanah kelahirane. Dheweke ninggalake kabeh kasenengane ing Kraton Sumedhanglarang.
Sajroning pengangen –angene kumlebat wewayangane Ramane Ki Gedheng Sumedhang sing wis katon ringkih nanging tetep semangat lan Ibune sing tansah nguja apa sing dikarepake.
‘Putraningsun Angka Wijaya.’ Ngendikane Ki Gedheng Sumedhang. ‘Begja sira, amarga sira ingsun pilih ing antarane kadangira. Ingsun keparengake, sira besuk kang gumanti kalenggahaningsun ngasta pangwasa ing Praja Sumedhanglarang. Mulanira kalodhangan iki pigunakna kanggo ngudi undhaking ngilmu ing Karaton Pajang!’
‘Ya ing kana sira bakal antuk wewarah lan wewuruk saka Kanjeng Sultan Hadi Wijaya. Sawijining Sultan kang duking nguni kaprah sinebut Jaka Tingkir. Nawala ingsun aturna Panjenengane. Muga-muga karsa ngangkat sira dadi putra siswane.’
‘Sembah nuwun Rama Prabu, Kawula badhe tansah ngestokaken dhawuh timbalan Dalem.’Wangsulane Raden Angka Wijaya.
‘Lan iki pesen ibumu,ngger,’ Ngendikane Dewi Sintawati.’Haywa limput kuwajibanira bekti mring kang Maha Kuwasa. Jejegna niat lan tindakna samubarang kanthi tulusing nala. Undhakna pambudidaya dimen sira kasil ing pamulangan. Tindak-tanduk tansah dijaga, ngelingana ana prajane liyan. Amarga sepisan sira tumindak kurang prayoga , salawase urip bakal didakwa tansah tumindak ala. Tan sira wae kang antuk duraka , nanging kabeh kulawarga lan kawulamu bakal nampa piala. Awit satemene sira iku dhuta nagara Sumedhanglarang. Elinga mring piwelinge Ibu, Mung pamujiku wae kang ngrowangi tindakmu.’
Kaya ngono kuwi, genti genten wong tuwane loro tansah aweh piweling kang migunani banget tumraping Angka Wijaya. Lakon iki dudu golek seneng, nanging lakune wong golek ngilmu. Lan satemene mujudake laku sawijining Pangeran tumuju pucuking pangwasa minangka Nalendra.
Sumedhanglarang saya adoh ditinggalake ing tanah Parahyangan. Saeba endahe Kuthamaya, kuthagara sing sisih elore ngadek Gunung Tampomas sing katon gagah, prasasat sawijining prajurit tumbuk kemit sing tansah njaga negarane. Kaapit-apit gunung cilik loro minangka bebetenge kuthagara. Lan kali Cipeles sing mili ing tengah-tengahing kuthagara amewahi endhaing swasana.
“Kanjeng Pangeran, wonten menapa panjenengan ketingal  sajak menggalihaken samukawis?” Ature Ki Pawang lan Ki Srengga.
“Ora, Paman. Mung aku kelingan Sumedhanglarang.”
“O, Mboten dados menapa Pangeran.”
“Inggih sampun limrah, priyantun ingkang  nembe tindak tebih tansah dipun godha kaliyan sesawangan ing griyanipun.  Lngkung-langkung Pangeran nembe yuswa 17 tahun. Yuswa ingkang tasih kebak grenjolan lan perjuangan madosi jati dhiri. Kawula kala emben nalika ninggalaken griya kula ing lerenging redi Tampomas, awrat sanget raosipun. Langkung-langkung sareng dumugi Kuthamaya mboten gadhah sanak sedherek. Raosipun kados wonten ing papan sanes.”
“Leres Pangeran Anem, Mboten sah menggalihaken Kuthagara Kuthamaya. Ewasemanten cobi, mangga dipun gatosaken kaeandahaning alam sakiwa tengen menika. Kanthi mekaten saget ngaturaken suka sukur ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Cobi dipun pirsani sakiwa tengenipun Kapal. Samenika sampun wonten tengahing laut Jawa.  Mrika wonten layar ingkang sampun megrok pethak-pethak, kados nyempyok tepining jalanidhi. Ombak ingkang tumempuh tetep dipun liwati.”
Pangeran Angka Wijaya wiwit ngulati sakiwa tengene. Pancen bener mendah apike alam ing sakiwa tengene. Sakiwa tengen kapal mung banyu wae, prasasat kapale mung sak tabon klapa kang sinurung banyu mrana–mrene. Mung  juru mudhi sing tansah mratitiske supaya kapale mlaku menyang arah mangetan.
Manuk-manuk ing laut kadhangkala padha nyamber menyang banyu , nyaut iwak pinangka mangsane. Saka kadohan katon iwak lumba-lumba sing katon sajak nenuntun lakuning kapal tumuju enere.
Ing sikile langit biru, laute ketemu karo langite satemah kayadene bunderaning garis. Pancen kudune dheweke enggal ngilangake wewayangan ing sajroning Kraton. Gumanti mirsani endahing swasana pinangka panglipuring ati. Mesthi wae para punakawane padha seneng atine lamun bendarane wis lejar penggalihe.
Prahu layar terus maju menyang pernah sisih wetan. Nalika prahu kuwi menggok ngidul , dheweke weruh ana sawijining kali, sajake prahune bakal ngliwati kono. Kanthi alon prahune nyedhaki kali kuwi jebul ing kono papan panggonane pelabuhan Muara Demak.
“Ngajeng menika Pelabuhan Muara Demak, Den.”Kandhane juru Nahkodha nalika ngulati Raden Angka Wijaya nggatekake pelabuhan kuwi.
“O, inggih,Pak.”
“Menapa badhe tindak Demak?”
“Mboten, namung liwat mawon.”
“Lajeng, badhe tindak pundi?
“Dhateng Kuthagara Pajang.”
“O, manawi makaten tasih tebih, watawis kalih dinten malih.”
Angka Wijaya manthuk.Ora let suwe prahune wis nyedhak pelabuhan lan siji mbaka siji penumpange padha mudhun saka kapal. Semono uga Raden Angka Wijaya lan bature loro. Pranyata Pelabuhan Demak rame banget. Akeh para saudagar sing padha mlebu metu pelabuahan. Ana sing arep menyang Surabaya nggawa dagangane, ana sing arep menyang Banten utawa menyang papan liya ing nuswantara.
Mung kabare wae ora ana sing padha wani menyang selat Malaka amarga saiki dijeki wong Portugis.
Pangeran Angka Wijaya ngulati akeh rawa-rawa kang adoh saka sakiwa tengene kali. Sawetara kuwi kaline uga jembar satemah kapal-kapal bisa mlebu metu kanthi kepenak.
“Kenging menapa lepen menika wiyar sanget, ewasemanten kathah rawa-rawa ingkang ugi wiyar.?”Pitakone Angka Wijaya marang sawijining saudagar sing lagi lungguh ana pinggir pelabuhan.
“O, Ketingalipun, Tuan-Tuan sanes piyayi mriki nggih?” Wong kuwi malah genti takon.
“Pancen leres, kula saking tatar kilen.”
“O, saking Cirebon?”
“Mboten. Saking Sumedhanglarang.”
“O, ngaten?”
“Kenging menapa mriki lepene wiyar-wiyar. Sawetawis mrika kathah rawa-rawa ingkang ugi wiyar?”
“Puluhan tahun kepengker malah lepen menika langkung wiyar malih. Lan malah rawa-rawa menika kala emben perangan saking lepen menika.Satemah langkung kathah malih kapa-kapal ingkang saged mlebet ngriki.”
“Menawi ngaten kala emben mriki menika seganten?”
“Leres.Daratan sasampunipun rawa menika rak mujudaken pulo ingkang winastan pulo Muria.
“O, ngaten”
“Lajeng lepen menika kala emben perangan saking seganten alit ingkang misahake Pulo muria kaliyan pulo Jawa. Tiyang-tiyang mastani Selat Muria.”
“Lha kenging menapa samenika dados lepen?”
“O, inggih amargi laut menika kenging lemi saking dharatan , dangu-dangu dados cethek lan wusananipun dados daratan.”
“O, inggih  sampun cetha kula.”
“Sedasa tahun kepengker Demak menika mujudaken kutha pelabuhan ingkang mapan wonten ing Selat Muria.Samenika namung wonten pinggiring lepen Tuntang . Mbok bilih puluhan tahun malih lepen menika badhe dados lepen limrah kemawon.”
“Matur nuwun,nyuwun pangapunten singten asmanipun,Pak?” Pitakone Angka Wijaya.
”Sebat mawon Ki Tanu, lajeng dika sinten?”
”Kula Angka Wijaya, lan menika paman kula.”
 “Lha niku wonten kapal ingkang badhe dhateng ngrika.”
“O, matur nuwun awit pitulunganipun, Ki Tanu.”
“Sami-sami.”
Dheweke terus padha pepisahan, Angka Wijaya karo pengawale loro tumuju menyang kapal sing bakal budhal menyang hulu. Enere menyang kutha Demak lan sakbanjure bakal tumuju menyang Kuthagara Ing Pajang.
2.Meguru Ing Pajang
U

dakara rong dina sawengine wektu kanggo lakuning Kapal layar saka Demak nganti tekan Pajang. Pajang mapan ana ing sawetane Gunung Merapi. Ingkang minangka Panguwasa Kraton Pajang ora liya Sultan Hadi Wijaya. Ingkang ngesahake minangka Raja nalika samana Sunan Giri, Sunan Giri kuwi sawijining wali sanga. Kanthi cepet jumenengane Sultan  Hadi Wijaya oleh pengakune saka sakabehing adipati ing wewengkon Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Sawetara kuwi Demak kadadekake sawijining Kadipaten kanthi adipati Arya Pangiri, Putrane Pangeran Prawoto, ya mantune Sultan Hadi Wijaya dhewe.
Kutha Pajang pranyata ora kalah gedhene karo Kutha Demak, lan luwih gedhe katimbang Kuthamaya. Kawulane cukup akeh. Dagang layare rame banget, kuthagarane mapan ing panggonan sing jembar kanthi pager tembok sing bakoh ngubengi saindhenging kuthagara.
Kraton diperang dadi pirang-pirang perangan, Perangan sepisan Kedhaton, Sangarepe ana sasana sumewa. Satengene ana sasana kaputren lan ing sisih kiwane ana sasana kaputran. Ya ing kono kuwi cumondhoke para putra raja lan sentananing Ratu.

Nalika Pangeran Angka Wijaya tekan ing Kutha Pajang ,age-age dheweke lan pengawale loro padha sowan Sultan Hadi Wijaya ing sasana Sumewa . Sawijing Prajurit jaga ngeterake tamune telu saka Sumedhanglarang kuwi. Nalika samana Sang Prabu lagi nampa pisowane para tamu saka tlatah liya. Bareng Prajurit mau matur manawa tamune kuwi saka Sumedhanglarang,panjenenagane age-age paring sasmita supaya tamune kuwi mau enggal diaturi sowan.
“Tuan-tuan begja kemayangan, pikantuk kepareng Dalem supados enggal sowan.”Ature Prajurit mau.”Mangga Tuan-Tuan, Sang Prabu nengga panjenengan sadaya.”
“Matur nuwun paman,” Ature Raden Angka Wijaya karo mlaku menyang sasana sumewa.
Angka Wijaya sabanjure mlebu menyang sasana sumewa sing apik banget lan bawera.Katon ing tengah-tengah ana kursi pinangka palenggahane ratu. Ing kono Sultan Hadi Wijaya lenggah kaadhep para nayaka lan para tamu saka manca.
Nalika Raden Angka Wijaya lungguh ana sawurine para nayaka, Sang Prabu sung sasmita supaya tamune telu mau sowan rada cedhak panjenengane.
“Sugeng rawuh, para sedulur saka Sumedhanglarang” Ngendikane Sang Prabu menyang para tamu saka Sumedhanglarang.
“Wilujeng, Sinuwun.” Wangsulane para tamu bareng.
“Piye pawartane Ki Gedheng Sumedhanglarang.?”

“Pangestu Dalem, Sinuwun. Rama ing Sumedhanglarang  manggih yuwana.”Wangsulane Angka Wijaya kebah subasita.
“Apa sira ngasta warta saka panjenengane?”
“Kasinggihan Sinuwun, Kawula ngasta nawala saking Rama.”
“Lamun mangkono caosna kintaka kuwi. Ingsun kepareng pirsa wosing nawala.”
Sabanjure kanthi kebak kurmat Raden Angka Wijaya ngaturake nawala kuwi marang Sang Prabu Sultan Hadi Wijaya.
Layang sabanjure dibukak dening Sang Prabu. Layang kuwi digawe saka walulang wedhus sing ditipisake. Ana cap kraton Sumedhanglarang ing sandhuwure.Sultan Hadi Wijaya wiwit maca.







Gambar 2.1

Ing Sasana Sumewa Sang Prabu Sultan Hadiwijaya lenggah dhampar
Maca layang saka Sumedhanglarang
Raden Angka Wijaya lan kancane loro ana sangarepe
Sentana lan tamu padha sowan.
 
 













Katur Ingkang Minulya
Sri Sultan Hadi Wijaya
Panguwasa Kraton Pajang.

Kula nuwun,
Ingkang minulya Sri Sultan Hadiwijaya, kula panguwasa Sumedhanglarang, keparengna kula nitipaken anak kula supados kaparingan piwucal ngengingi kanuragan , kapamarentahan saha kawruh agami Islam. Supados anak kula ingkang nami Angka Wijaya menika, mbenjang saged nggantos kalenggahan kula manawi sampun dumugi wekdalipun.
Awit kepareng Dalem ingkang  minulya, kula sarta sadaya kawula Sumedhanglarang ngaturaken agunging panuwun. Mugi Gusti Ingkang Maha Agung kepareng paring piwales ingkang matikel-tikel.
Nuwun.
Kurmat kula

Ki Gedheng Sumedhanglarang
Panguwasa Sumedhanglarang.

Katon pasuryane Sang Prabu sumunar bingar. Panyuwunan kang kaya mangkono dudu kang sepisanan. Pirang-pirang dina kepungkur buyute Sunan Gunung Jati, Pangeran Emas uga nate meguru menyang Pajang.
Lan uga putra-putra Pangeran Sampang,  saka Madura ngentun Putri Harisbaya lan Raden Suryaningrat.
Perkara iki ora apa-apa tumrap Panguwasa Pajang, amarga kanthi mulang muruk marang putra-putra raja kuwi ateges nyusun kekuwatan kanggo nyengkuyung Pajang.
Besuk lamun para putra-putri kuwi wis jumeneng ratu ing kratone dhewe-dhewe. Dheweke bakal kelingan karo wulangane biyen. Lan kanthi  mengkono gawe rasa ngajeni marang Sri Sultan Hadi Wijaya.
“Praptamu Ing Bumi Pajang, Ingsun tampa kanthi gambira.”
“Sembah nuwun ,Sinuwun.”
“Ingsun dhawuhaken dhumateng  Paman Patih Wanakerti, supados ngladosi para tamu saking Sumedhanglarang menika.”
“Sendika, Sinuwun.”Wangsulane Patih Wanakerti terus ngaturi tamune telu mau menyang sasana Kaputran.
Sawise tekan sasana Kaputran Raden Angka Wijaya ditepungake marang Gurune cacah telu.
“Pangeran Angka Wijaya, mangga kula tepangaken kaliyan para dwija ingkang badhe paring piwucal dhumateng panjenengan.”
“Sendika, Eyang Patih.”
“Ingkang sepisan menika Kyai Sepuh, ingkang badhe mucal ngengingi kawruh agami Islam. Kaping kalih Senapati Liman Seta, ingkang badhe nggegulang ngengingi kanuragan tuwin kaprajuritan.
“Inggih Eyang Patih.”
“Lajeng kaping tiga menika, Jeksa Pepitu ingkang badhe memulang ngengingi pamarentahan lan pengadilan.
“Sembah nuwun, Eyang Patih Wanakerti.”
“Ing mriki mangke panjenenagan badhe makempal kaliyan para putra Raja saha pengageng kraton saking nagri sanes.”
Sawise kuwi Patih Wanakerti ninggalake sasana Kaputran. Bali menyang sasana sumewa. Lan sabanjure tamu telu kuwi diaturi menyang bangsale para taruna. Lan wiwit dina kuwi wong telu kuwi terus diwulang sakehing ngilmu.
Ing sajrone Bangsal pamulangan, Angka Wijaya tetepungan karo Pangeran Suryaningrat,putra Adipati Sampang Madura.Dheweke sawijining pangeran gagah lan jujur sing ora nate dora.
Suryaningrat lagi sesasi ana ing sasana kaputran. Bebarengan karo dheweke ana saperangan putra para adipati lan penggedhe liyane. Ana sing saka Kadipaten Tuban,Kadipaten Madiun,Kadipaten Pathi malah ana uga sing saka Banten lan Cirebon.
Kyai sepuh mulang para taruna kuwi kanthi temata. Saben taruna kudu bisa maca lan nulis aksara arab.kudu apal Alquran, saora-orane 8 Juz. Perangan Aqidah ngandhakake ngenani kuwajibane sawijining wong Islam sing magepokan karo kawruh agama. Uga pengandele wong Muslim marang Agama. Perangan syariah ngandharake kepiye sawijining wong Muslim padha nindakake pangibadah sing temata kaya dene shalat, zakat ,pasa lan liya –liyane.

Sawetara kuwi Senapati Pepitu nggembleng olah kanuragan, kaya dene beladhiri utawa silat, lan uga kasekten. Gemblengan jasmani lan rokhani, terus ditindakake satemah besuk manawa dheweke dadi penggedhe , wis ora ngutawatiri maneh dadi pangarsa sing kendel, trampil, nanging ora umuk.
Piwulang saka Jeksa Pepitu, ngenani kepiye carane ngatur negara lan pamarentahan. Kepiye carane nata negara supaya kemakmuran bisa maujud. Kepiye dadi sawijining  pangarsa sing jujur lan adil.
Kabeh piwulang mau ditindakake genti-genten ing saben dinane. Preine mung ing dina Jumat, lan ing dina kuwi mung mligi kanggo ngundhakake ilmu agama lan pakartine.
Kanggone Angka Wijaya, mligine wulangan agama , wis dadi perangane uripe ing Kuthamaya. Kangggo dheweke piwulang mau dilalap kanthi cepet, satemah dheweke dadi siswa sing pinunjul ing babagan kawruh agama.
Kanggo wulangan beladhiri lan tata negara, Angka Wijaya isih kudu akeh sinau. Perkara iki bisa dingerteni dening para dwijane. Nganti tekan sawijining wektu kudu diadhepake karo praktek langsung ing lapangan.
Sawijining dina, Angka Wijaya, nindakake ayahan naliti kahanan desa ing lerenging Gunung Merapi. Amarga sawijining perkara raden Angka wijaya pisah karo Suryaningrat. Angka Wijaya dumadakan wis tekan ing Desa Jatinom.
Nalika kuwi mangsane ketiga , arang udan. Angka Wijaya ngulati ing desa sing katon gersang. Pring-pring wis padha gogrok godhonge katon kuning. Suket lan alang-alang wis padha garing. Malah nalika ngliwati sawijining kali, banyune wis wiwit asat.
Angin midit saka arah wetan, lan lebu-lebu padha mabur tekan dhuwur payon omah. Wusanane gendhenge katon reget werna abu-abu.
Nalika kuwi Angka Wijaya sing nyamur laku dadi Panglembara, mlebu ing punjering Desa Jatinom. Begja wae dalan kuwi wis ditatani krikil. Sawetara kuwi ing sakiwa tengene dalan akeh wit-witan sing padha alum.
Saka kadohan dheweke weruh sawijining jejaka sing nganggo sarwa ireng. Jejaka kuwi sajake uga sawijining panglebara kaya dheweke, katitik dheweke uga nggawa wungkusan sarung ing pundhake.
Saka dhuwur katon ana bocah angon sing  mlayu-mlayu meh wae nabrak Angka Wijaya. “ He mandhek dhisik, ngapa kowe mlayu-mlayu?”
“Kana ana perampokan.”Omongane bocah angon kuwi karo arep mlayu mlebu tengah desa.
“Perampokan? Awan-awan kaya ngene? Nekad tenan rampok kuwi.” Kandhane Angka Wijaya sajak gumun.
“Iya, grombolan Gagak Ireng nyerbu desa kene.” Kandhane bocah angon kuwi karo wedi.
“Apa wae sing dijarah?”
“Dheweke wis njarah bandhane warga, malah ana sing dianiaya lan dipilara.”
“Kurang ajar, kendel tenan dheweke, kamangka papan iki ora adoh saka Pajang. O, Iya dhik. Aku bakal ngewangi warga kene ngusir dheweke.”





Gambar 2.2


Angka Wijaya sing memba Panglembara
nakoni Bocah angon sing lagi mlayu-mlayu

 
 











Bocah angon kuwi meh ora ngandel karo omongane Angka Wijaya.”Nanging.... sampeyan rak ijen, ta?”
“Percaya wae mengko ana kancaku sing teka mrene.”
Sabanjure Angka Wijaya terus ninggalake bocah kuwi tumuju menyang tengahing desa sumusul nom-noman sing nganggo sarwa ireng mau.
Pancen nom-noman kuwi wis tekan tengah desa. Dheweke ngulati para perampok padha njarah bandha donyane warga .
Nom-noman kuwi weruh sawijining rampok sing nggedhor lawang sawijining omah sing tutupan. “ He, pasrahna bandha donyamu! Apa omahmu dak obong!”
Katon lawange menga, sajake sing metu wong tuwa lanang. Rampoke terus nyekel lan nglarak sing duwe omah kuwi.
“He, Pak Tuwa, pasrahke bondha donyamu sing aji.!”
“Adhuh den. Kula mboten gadhah barang sing aji. Namung pantun sekedhik kalih jagung.”
“Ya, yen ora duwe apa-apa. Jagunge karo parine gawa mrene!”
“Nanging, Den. Kula nedha napa? Niki nembe paceklik”
“Ora urusan. Endi Jagung lan parimu?”
“Ampun, Den.”
“Dak ajar kowe Pak Tuwa.”
Nalika kuwi dumadakan sawijining pukulan ngantem gegere. Perampok kuwi gluyuran lan nguculi pithingane marang wong tuwa kuwi.Lan nalika noleh dheweke weruh sawijining nomo-noman menganggo sarwa ireng sing lagi capeng malang kerik.
“Sapa kowe ? Melu nyampuri urusanku?”
“Urusan sing endi?” Sindhirane nomo-noman kuwi karo ngguyu.
“Urusan njupuk pari karo jagung.”
“Apa jagung lan parine mbahmu piye?”
Perampok kuwi terus nyerang nomo-noman mau sakrosane. Kanthi endha sethithik. Nom noman kuwi wis uwal saka anteman. Malah tendhangane sikile kasil ngrubuhake perampok.
 Kanca-kancane sing weruh kadadean kuwi age-age ngroyok nom-noman kuwi. Ngulati kahanan kuwi Angka Wijaya kuwatir manawa nom-noman kuwi kasoran lan dadi tatu awake.
Nanging Angka Wijaya kaget maneh, amarga nomo-noman kuwi kanthi trengginas ngendhani serangane perampok. Malah kadhangkala anteman lan tendhangane bisa ngenani sirah utawa wetenge perampok. Wusanane sawijining wong sing ngroyok ambruk ora bisa tangi maneh.







Gambar 2.3


Perang antanare gagak Ireng mungsuh Angka Wijaya, Bango Thonthong mungsuh Nom-noman sarwa ireng. Ki Srengga , Ki Pawang lan Suryaningrat mungsuh rombogan rampk liyane.

 
 












Saperangan perampok liyane melu ngepung nomo-noman kuwi. Angka Wijaya age-age tumandang, Dheweke melu menyang tengah pabaratan.
Kanti mangkono tetandhingan ngadhepi perampok tambah kuwat. Saperangan perampok padha ambruk .
Weruh kahanan kaya ngono kuwi Gagak Ireng, sing mandhegani dadi ora sabar maneh. Apa maneh dheweke ngulati manawa andhahane bakal nemahi bilahi. Nalika semana uga ana wong loro sing jumedhul saka wetan, lan sijine maneh saka lor desa. Wong loro sing saka wetan  Ki Srengga lan Ki Pawang sing nusul bendarane. Sing siji maneh saka lor desa Pangeran Suryaningrat saka Pamekasan.
“He , bakule sega . Mundur! Dak adhepane wae coro loro kuwi.” Bengokane Gagak Ireng karo nggawa pedhange. Andhahane Gagak Ireng mundur bareng, amarga dheweke rumangsa kuwalahan ngadhepi nom-noman loro kuwi.
“Apa kowe, sing jenenge Gagak Ireng?” Pitakone Angka Wijaya sing lagi adhep-adhepan karo wong sing  gawa pedhang.
“Ya,aku Gagak Ireng, panguwasa lereng wetan Gunung Merapi.”
“Genea kowe ngrampok desa sing mlarat iki gagak Ireng?” Pitakone nom-noman sing menganggo sarwa ireng.
“Apa urusanmu? “
Nom-noman loro kuwi saiki bebarengan ngadhepi Gagak Ireng sing dumadakan nyerang dheweke.Nanging sabetane pedhang kuwi bisa diendhani kanthi gampang.
Sawise pirang-pirang jurus lumaku Gagak Ireng durung bisa ngalahake ,amarga nom-noman kuwi trengginas. Malah nom-noman kuwi bisa nendhang lan ngantem awake Gagak Ireng.
Saiki Gagak Ireng nyerang kanthi sakuwat tenagane. Nom-noman loro kuwi satemah mlumpat mundur ngedohi Gagak Ireng.
Sabanjure dheweke padha ngunus gamane dhewe-dhewe. Ngulati kahanan kaya ngono kuwi salah sijine kancane gagak Ireng nrambul melu nyerang, sing diserang nom-noman sing nganggo sarwa ireng. Saiki padha oleh mungsuh dhewe-dhewe.Peperangan kuwi wusanane pecah dadi rong perangan. Angka Wijaya ngadhepi Gagak Ireng dene nom-noman sing sarwa ireng kuwi ngadhepi Bango Thonthong. Sawetara kuwi wong telu saka Pajang ngadhepi grombolane Gagak Ireng. Wong telu kuwi Ki Srengga , Ki Pawang lan Suryaningrat.
Gagak Ireng nalika kuwi durung nate ngadhepi mungsuh sing tandhing, mulane kesabarane saya entek. Kamangka kanggone wong sing lagi perang ora prayoga manawa ora sabar lan tenang. Amarga nesune Gagak Ireng andadekake dheweke kurang kawaspadan. Nalika samana Gagak Ireng nyabetake pedhang menyang gulune Angka Wijaya kanthi nafsu gedhe. Kalodhangan kuwi dimupangatake dening Angka Wijaya. Age –age dheweke ngendhani ngiwa dibarengi karo sikile nendhang dhadhane Gagak Ireng sing ora ana tamenge. Gagak Ireng kelaran lan malah dheweke mundur pirang-pirang jangkah amarga dhadhane kena tendhangane Angka Wijaya. Sanalika Gagak Ireng ambruk mental mundur.Dene pedhange embuh mencolot menyang ngedi. Nalika kuwi Angka Wijaya mencolot lan terus numpangake pedhange ana gulune Gagak Ireng. Gagak Ireng tanpa daya. Pedhange wis ucul saka tangane , dadi wis ora bisa nglawan maneh. Kapeksa dheweke pasrah.
Bebarengan kuwi Bango thonthong kasil dikalahake karo nom-noman sing nganggo sarwa ireng kanthi kasabet pedhang ing sirahe. Sanalika dheweke semaput ambruk depani bantala.
Warga desa Jatinom age-age ngewangi ngringkus para perampok kuwi. Nalika dheweke bakal nyiksa para perampok, Angka Wijaya ngelekake. Kareben para rampok kuwi diadili ana Pajang wae.
Semono uga Ki Srengga , Ki Pawang lan Suryaningrat wis kasil ngalahake para grombolan perampok. Dheweke kabeh padha dibanda lan sing lara diobati.
“Matur nuwun, awit pambiyantu panjenengan sadaya Ki sanak.” Kandhane lurah desa Jatinom.”Tanpa pitulungan dika , kula kinten warga Jatinom sampun mboten kantenan.”
“Sampun kesangeten ingkang ngalembana Pak Lurah. Menika wau ngepasi kemawon, kula mampir mriki. Sampun mesthinipun menawi kula kedah tetulung sinten kemawon.”
“Oh, Inggih matur nuwun.”
“Gandheng menika sampun cekap,kula sadaya nyuwun pamit. Lan para rampok menika badhe kula glandhang dhateng Pajang.”
“O, Inggih mangga . Namung mbok inggiha kepareng kendel rumiyin wonten ngriya kula.”
“Matur nuwun,Pak. Nyuwun pangapunten sanes wedal mawon kula sowan Pak Lurah.”
“O,Manawi mekaten kula namung dherekaken wilujeng tindak.”

Sabanjure para taruna lan Ki srengga sarta Ki Pawang terus padha pamitan. Mung sing dadi gumune Angka wijaya, geneya nom-noman sing nganggo sarwa ireng kuwi uga melu rombongan kuwi.
“He, kanca. Satemene kowe sapa ta? Kok aku durung tepung?”
Nom-noman kuwi mung mesem lan ngomong. “Apa perlu?”
“Lho, mesthi wae. Lha rak wiwit mau awake dhewe ngadhepi gerombolan Gagak Ireng bebarengan?”
“Kowe rak Angka Wijaya, saka Sumedhanglarang ,ta?”
“Lho kok wis ngerti aku? Kamangka durung nate tetepungan.”
“Ya durung, nanging aku wis ngerti ngenani sampeyan.Lan uga pengawalmu loro kuwi.Dheweke Ki Srengga karo Ki Pawang ta?”
Angka wijaya saya tambah bingunge. Suryaningrat mung ngguyu.” Angka Wijaya, ngertiya kuwi adhiku.”
“Wiwit kapan ana Pajang?”
“Ya wiwit aku ana Pajang.”
“Nanging aku ora nate weruh ana kaputran.”
“Ya , mesthi wae, amarga panggonane dudu kaputran.”
“Lha terus?”
“Dheweke sawijining wanita.”
“Wanita....?”
“Iya, iki adhikku Putri Harisbaya, sing meguru ana pajang bareng karo aku.”
“Wah , ora nyana aku perang mau diewangi sawijining wanita. Nyuwun pangapunten ,diajeng  Putri Harisbaya.”
“Ora sah ngono Kang Mas.” Wangsulane Putri Harisbaya sing lagi nyamar kuwi. Praupane katon semu abang amarga lingsem. Sanajan nyamar nanging tetep katon ayune.
 “Saiki enggal ganti wae, Dhiajeng.!” Pakone Suryaningrat.
“O, Iya. Kangmas Suryaningrat.Pancen wis wayahe aku ganti sandhangan.”
Sabanjure nom-noman sarwa ireng kuwi age-age njaluk palilah warga desa supaya disilihi papan kanggo ganti sandhangan.Ora let suwe dheweke wis manjalma dadi sawijining wanita sing ayu banget.
Angka Wijaya ora ngira manawa sing wiwit mau ngewangi dheweke jebul sawijining wanita sing ayune tumpuk undhung. Atine krasa dhegdhegan, ana rasa aneh sing dumadakan thukul emboh saka ngendi asale.Dheweke wiwit ngendhem rasa tresna. Rasa ing antarane sawijining pria marang sawijining wanita. Sabanjure padha mbacutake anggone meguru ana ing Pajang.







3.Kumembenging Waspa
L

amun ditonton saka wektune Raden Angka Wijaya anggone meguru ana ing Pajang wis meh telung tahun, nanging kanggone dheweke isih kaanggep kurang. Amarga sanajan dheweke wis nguwasani ilmu agama ,ngilmu pamarentahan lan kanuragan. Ewasemono  dheweke isih kepengin ngundhakake ngilmu kadigdayan.
Lan manehe dheweke saiki wis nemokake wanita sing dadi katresnane . Mulane dheweke ana Pajang saya krasan atine.Semono uga Putri Harisbaya uga nrisnani Angka Wijaya.
Ing Sawijining dina, nalika manuk-manuk padha ngoceh ing panging uwit .Katon ana wong loro padha leren sawise gladhen ngilmu kanuragan. Wong loro kuwi ora liya Angka Wijaya lan Putri Harisbaya sing ngagem cara priya.
Ya mung ing kalodhangan kaya ngono kuwi dheweke bisa sapatemon. Amarga sawise bali menyang bangsale dhewe-dhewe , dheweke ora oleh padha sapatemon.
“Delengen manuk-manuk ing sandhuwuring uwit kuwi, Kang Mas! Kandhane Putri Harisbaya.
“Ya aku uga ngulati,Dhi Ajeng.”
“Kapan awake dhewe bisa kaya dheweke?”
“Ya, mesthi wae sawise palakrama.”
“Kapan kira-kira kuwi bisa ditindakake?”
“Ya sawise aku dadi Raja ing Sumedhanglarang,Dhi Ajeng.”
“Tenane lho ,Kang Mas? Apa wis kanthi gumolonging tekad?”








Gambar 3.1

Putri Harisbaya mengagem priya jagongan karo Angka Wijaya
Ana sangisoring wit. Dhuwur uwit ana manuk loro lagi pepasihan.
 
 









 “Ya mesthi ta Dhi Ajeng. Sabar dhisik ngenteni wektune.”
Bareng Putri Harisbaya krungu Angka Wijaya janji kaya mangkono, dheweke terus netesake waspa. Dheweke trenyuh banget.
Durung sawetara suwe anggone padha jagongan dumadakan Ki Srengga lan Ki Pawang aweh sasmita supaya dheweke enggal bali menyang bangsale dhewe-dhewe.
“Awake dhewe pisah dhisik. Dhi Ajeng. Wis wektune bali menyang bangsale dhewe-dhewe.”
“Ya, Kang Mas. Saka pangrasaku lagi sadhela sapatemon iki mau.” Putri Harisbaya katon kuciwa.
“Sabara nganti wektu sing dienteni kuwi teka, Dhi Ajeng!” Angka Wijaya aweh panglipur.
Dina esuk candhake Angka Wijaya ,Ki Srengga lan Ki Pawang katimbalan dening kyai Sepuh. Wong telu terus padha ngadhep.
“Kula nuwun,Kyai Guru.”
“Mangga, Nak Mas ,Ki Srengga lan Ki Pawang.”
“Nyuwun pangapunten Kyai Guru. Wonten dhawuh menapa?”
“Matur nuwun, sampeyan kabeh enggal padha mrene. Wruhanira Iki ana nawala saka Sumedhanglarang. Yen dak pirsani saka tandha-tandhane iki saka Kedhaton Kuthamaya. Lha iki nawalane, wacanen kanthi ati kang wening!”
Kyai sepuh sabanjure ngulungake gulungan nawala sing digawe saka kulit wedhus kuwi menyang Angka Wijaya. Kanthi rasa gemeter Angka Wijaya nampani kintaka kuwi. Alon-alon nawala kuwi dibukak. Katon ana sisih dhuwur ana cap kraton Sumedhanglarang. Angka Wijaya wis bisa mesthekake manawa layang kuwi digawe saka Ramane, Ki Gedheng Sumedhanglarang.

Kanggo
Putraningsun Angka Wijaya
Ing Pajang.

Kanthi kebaking katresnan,
Putraningsun Angka Wijaya, abot rasaningsun nulis kintaka iki. Ramanira ya ingsun wektu iki lagi nampa cobaning Gusti Kang Maha Kuwasa. Wus meh sawarsa iki Ramanira nandhang raga.
Ingsun pengin paring dhawuh sing akeh tumrap jeneng sira. Saka pangrasaningsun akeh perkara sing kudu sira tindakake, manawa sawanci-wanci Ingsun kapundhut Gusti Kang Akarya Gesang.
Mula saka kuwi, kondura dhisik menyang Sumedhanglarang karo punakawanira sakarone. Muga-muga Ingsun isih bisa nunggu praptanira.
Cukup semene dhawuh Ingsun, muga Gusti tansah memayungi sira kabeh ing Pajang.

Ramanira

Ki Gedheng Sumedhang.
Angka Wijaya sawise maca layang kuwi dadi pucet raine, cetha kaya ngapa susahing ati oleh warta sing kurang becik kuwi.
Dheweke ngulati Kyai Sepuh kanthi sedhih, lan terus nyawang marang punakawane loro.
“Ana kadadean apa Nak Mas?”Pitakone Kyai Sepuh.
“Leres, Pangeran. Wonten pawartos menapa?” Ki Srengga takon.


“Nawala saking Rama Prabu, lan sakintenipun nembe gerah ingkang awrat. Panejenganipun nimbali kula sadaya kedah wangsul dhateng Sumedhanglarang.”
“O,...” Kandhane ki Srengga lan Ki Pawang meh bebarengan.
“Ya , yen kaya mangkono kudu kundur, Nak Mas. Manawa bisa sacepete, mbok manawa iki dina-dina sing pungkasan tumrap Panjenengane. Mula kuwi, sampeyan kabeh wong telu kudu enggal age tata-tata kundur menyang Sumedhanglarang.”







Gambar 3.2

Ing bangsal pamulangan kawruh Agama
Kyai Sepuh menehake gulungan layang marang
Angka Wijaya, Ki Srengga lan Ki Pawangsing lagi padha
ngadhep ana ngarsane Kyai Sepuh

 
 











 “Awit palilah Kyai guru, kula matur nuwun sanget.”
“Uwis Nak Mas. Enggal kundura, mundhak kentekan wektu!”
Sawise kuwi wong telu terus padha ninggalake bangsal pamulangan kawruh agama lan age-age tata-tata sacukupe.

Angka Wijaya uga ora lali nulis layang kanggo Putri Harisbaya lan dititipake karo Kangmase, Pangeran Suryaningrat.
“Tulung Raden Suryaningrat, wenehna layangku iki menyang Dhi Ajengmu Putri Harisbaya. Kandhakna ,kanthi nalangsa banget aku ora bisa nemoni amarga wektune rupek. Kandhakna marang dheweke muga-muga awake dhewe bisa ketemu maneh.”
“Ya mesthi, Raden Angka Wijaya. Muga-muga awake dhewe bisa ketemu maneh.”
Sabanjure wong loro kuwi padha rerangkulan.
“Muga-muga  Ramamu bisa mari maneh.”
Kanthi alon Aknga Wijaya nguculi rangkulane mau lan kanthi alon dheweke dheweke terus ninggalake sasana Kaputran. Ing jaba ana kudha cacah telu sing gagah, sing bakal ngeterake tekan pelabuhan.
Ganti kang cinarita ora kaya kang ana ing Kedhaton kuthamaya. Nalika samana kedhaton kebak rasa kaprihatinan. Wis meh setahun Ki Gedheng Sumedhanglarang nandhang raga. Kanggo sawetara wektu panguwasa diasta maneh dening Sang Prameswari kang tumindak minangka Pucuk Umum Sumedhanglarang.
Wektu iki kahanane Sang Parbu saya gawat. Malah panjenengane wis ora bisa tangi saka pagulingane.
Wis akeh tabib saka saindhenging nagara dilumpukake , parandene durung bisa maluyakake Sang Prabu. Ana ing swasana sing saya mrihatinake kuwi Sang Prabu ngersakake nulis nawala kanggo Putrane sing lagi meguru ing Pajang supaya enggal bali.
Pirang-pirang sasi sadurunge gerah panjenengane wis miyarsa manawa Kraton Pajajaran wis ambruk dening serangan gedhen-gedhen saka Kraton Islam ing Banten. Malah raja pungkasan ing Pajajaran Prabu Surya Kencana wis gugur mbelani negara.
Sadurunge kadadean kuwi, para penggedhe Pajajaran sing dipangarsani Eyang Jaya Prakosa uwis ngungsi menyang Sumedhanglarang karo ngasta makutha Kraton lan tadha keagungan kraton Pajajaran. Eyang Jaya Prakosa dhek biyene sawijining senapati Pajajaran. Nanging ngulati kahanan sing ora ngepenakake dheweke pilih ngungsi menyang ngetan. Dene Ragamulya Surya Kencana  mindhakake kuthagara menyang Pulosari, Banten.Panjenengane minangka Raja pungkasan Pejajaran sing ora ngagem makutha. Jaya Prakosa dikancani adhi-adhine kayata Wiradijaya utawa kaprah sinebut Eyang Nanganan utawa Eyang Bathara Wiyati Wiradijaya, Kondhang Hapa utawa Sang Hyang Hapa, lan Pancar Buwana utawa Eyang Bathara Pancar Buwana utawa Eyang Terong Peot.
Penggedhe Pajajaran cacah papat kuwi ditampa dening Ki Gedheng Sumedhanglarang kanthi becik.
Malah wong papat iki terus mlebu menyang agama Islam. Mesthi wae perkara iki gawe senenge Ki Gedheng Sumedhanglarang.
 Dheweke padha mrayogakake supaya Sumedhanglarang ngadek dhewe, aja kebawah ing Kraton Cirebon. Kepiye wae dhek emben Sumedhnglarang kuwi mujudake perangan saka Kraton Pajajaran. Lan saiki luwih becik nguwasani wewengkon Pejajaran ing sisih wetan.
Nanging nalika wong papat kuwi lagi nglumpukake kekuwatan kanggo nindakake gegayuhan kasebut, kanthi dumadakan Sang Prabu wiwit nandhang lara-laranen. Lan saya suwe larane saya santer. Yakuwi sababe Sang Prabu age-age nglayangi Putrane.
Jaya Prakosa wis diangkat pinangka Senopati, dene rancangan nglumpukake kekuwatan durung komplit.
Miturut Jaya Prakosa wewengkon tilas sing dikuwasani Pajajaran, mligine ing sisih wetan kali Ciliwung, prayogane dikuwasani dening Sumedhanglarang. Wewengkon kuwi tilas Kraton Galuh nganti saperangan tlatah Tatar Wetan perangan kidul. Senapati jaya Prakosa isih kelingan, nalika dheweke sakanca padha ngungsi tekan Kuthamaya. Panampane Ki Gedheng Sumedhanglarang lan Prameswarine gawe senenge atine. Dheweke ditampa kanthi kebak urmat lan paseduluran. Nganti Jaya Prakosa kandha, ‘Dhuh Sang Prabu Ki Gedheng Sumedhanglarang. Kula kabeh masrahake jiwa ragaku kangga negara Sumedhanglarang.’
‘Kula sadaya nyuwun pangapunten, amargi damel repot ing ngriki, ugi pisowan kula kanthi dumadakan tanpa cecala rumiyin.
‘Kula sadaya ngrumaosi lepat lan nyuwun pangapunten . Kula gadhah pepenginan kuncarane Pajajaran ing duking nguni saged dipun lajengaken dening Sumedhanglarang. Pramila kula mbeta makutha lan tandha-tandha keagungan kraton Pajajaran. Lan manawi sampun dumugi wekdalipun badhe kula atuaken panjenengan Dalem.’
‘Kadang-kadang kula saking Pajajaran,’Ki Gedheng Sumedhang ngetokake pangunek-uneke,’Sampun tidha-tidha kaliyan pamarentahan ing ngriki. Pancen negara ngriki agengipun mboten kados Karaton Pajajaran duking nguni, ewasemanaten kula tetep ngayomi panjenenagan kabeh, saking panguyake sinten mawon. Kula suwun tenang an akene. Perkara makutha Pajajaran lan tandha-tandha keagungan Kraton Pajajaran prayoga disimpen wae bebarengan ana kene. Minagka pepeling marang sujarah duking nguni.’
‘Matur nuwun Sang Prabu, sadhela maneh Pajajaran bakal sirna, nanging aku pengin kuncarane diterusake ing Kuthamaya kene.’
‘Mugi-mugi Eyang Jaya Prakosa. Nanung kemawon mbok bilih jamanipun sampun benten. Agami lan kapitadosan kala emben sampun dipun gantos kanthi agami lan kapitadosan ingkang enggal, inggih menika agami Islam, agami ingkang pungkasan ing donya menika.Keagungan Pajajaran ingkang dipun semangati mawi ajaran Hindhu mokal dipun tangekaken malih, nanging manawi Pajajaran ingkang inggal dipun semangati mawi ajaran Islam.’
‘Aku para pengungsi padha nayogyani tekad Paduka Sang  Prabu.’Wangsulane jaya Prakosa lirih.
Gelem ora gelem para pengungsi saka pajajaran padha manut marang karsane Sang Prabu Ki Gedheng Sumedhang. Ing dina kuwi uga para pengungsi padha ikrar mlebu agama Islam. Ikrar dituntun dening Ki Gedheng Sumedhanglarang, kanthi mangikono Sng Sang Prabu ora tidha-tidha maneh nampa para pengungsi kuwi.
Sabanjure Senapati Jaya Prakosa wiwit nyusun kekuwatan kanggo gawe pertahanan ing Sumedhanglarang.
Nalika wancine udan riwis-riwis ing Kuthamaya, jumedhul pawongan nitih kudha cacah telu saka sisih wetan. Dheweke padha katon lungkranh sawise mlaku adoh. Mendhung isih nggenteyong ing sandhuwuring Kuthagara kuthamaya nalika dheweke padha mlebu ing gapuraning Kraton Kuthamaya.
Prajurit jaga cacah loro sing bakal ngendhekake lakune wong telu kuwi ora sida amarga ora pangling manawa sing teka kuwi Pangeran Anom Angka Wijaya sing kondur saka Pajang.
“Mangga Kanjeng Pangeran.” Ature salah sijine prajurit jaga.
“Matur nuwun.” Wangsulane Angka Wijaya karo nitih kudha mlebu alun-alun Kraton.Ing pagedhokan dheweke menehake jarane marang punakawane loro Ki Srengga lan Ki Pawang.
“Openana kanthi becik Paman.”
“Sendika Pangeran.” Wangsulane ki Srengga lan Ki Pawang.
Sateruse Angka Wijaya bwiwit munggah ana tlundhakane tumuju menyang Kedhaton. Dumadakan wong sing durung ditepungi nyegat. Pawongan kuwi nganggo sandhangan senapati.
“Mangga pangeran.” Kandhane Senapati gedhe dhuwur kuwi.
“Nyuwun pangapunten, Panjenengan sinten nggih?”
“Kula Jaya Prakosa, Senapati Sumedhanglarang sing enggal.”
“O, nyuwun pangapunten, kula nembe mangertos.”
“Sampun dipun tengga Sang Prabu Pangeran.”
“Inggih, Sang Senapati. Samenika Rama wonten pundi?”
“Wonten ing bangsal pagulingan, Raden.”
“Matur nuwun.”
“Mangga kula dherekaken.”
Wong loro  kuwi age-age tumuju menyang bangsal pagulingan. Sajak kesusu dheweke tekan ing papan kuwi. Ing Papan  sing jembar kuwi Sang Prabu Ki Gedheng Sumedhanglarang gumlethak tanpa daya. Sang Prameswari lungguh ana ing sisih tengene.
“Kula ingkang sowan Kanjeng Rama.”Ature Angka Wijaya.
“Iya ngger Putraku Angka Wijaya.”Wangsulane Dewi Satyasih.
Alon-alon netrane Sang Prabu melek. Katon sumunar netrane bareng weruh putyrane sing diarep-arep wis teka. Astane kumlawe alon ngranggeh arsa ngrangkul Angka Wijaya.
Pangeran Angka Wijaya age-age ngambung astane ingkang Rama. Sawetara kuwi Senapati Jaya prakosa njaga ana sajabaning bangsal pagulingan.
“Kula sampun sowan,Rama.”
“Iya ngger, Ana sing bakal dak dhawuhake.”
“Sampun Rama, mboten menggalih perkawis sanes,kula suwun nggatosaken kasarasanipun Rama langkung rumiyin.”
“Ora ,Putraku sajake wus tumekaning mangsa kala pisowanku ing ngarsaning Gusti Kang Maha Kuwasa.”
“Rama sampun ngantos ngendika mekaten. Kula nyuwun Panjenengan Dalem inggal saras tuwin ngasta panguwaos malih.”
“Kuwi mokal Ngger.Ragaku wis ora kuwat, lan pengin paring dhawuh cekak wae.”
“Wonten Dhawuh punapa Rama?”
“Seksenana,Dhi Ajeng Prameswari!”
“Sendika Sinuwun.”Wangsulane Prameswari.
”Seksenana uga, Senapati jaya Prakosa!”









Gambar 3.3

Prabu ki Gedheng Sumedhang larang sare ana Pagulingan
Ditunggoni Sang Prameswari lan saperangan sentana.
Angka Wijaya sowan ngambung astane Sang Prabu.
 
 











 “Sendika, Sinuwun.” Wangsulane Jaya Prakosa saka kadohan.
“Aku wis ora kuwat maneh. Mula kuwi sapungkur ingsun mengko, Dhampar keprabon Ingsun pasrahake marang Angka Wijaya. Paman Jaya Prakosa lan kadangira kabeh tetepa nyengkuyung Kraton Sumedhang larang.”
”Kawula sadaya nyekseni Kanjeng Sinuwun.”
 “Matur nuwun.” Pengendikane Sang Prabu alon.
Sabanjure Sang Prabu meneng sawetara, lan banjur ngandika.
”Putraningsun Angka Wijaya.Dadiya pangarsa sing setya ing Janji. Aja mbalenjani sapa wae. Tresnana kawulanira lan tumindaka sing adil, jejekna agama kanthi sabecik-becike, muga-muga uripira tansah manggih yuwana awit berkahing Gusti.”
Sawise Sang prabu ngandika mangkono katon menggeh-menggeh ilining napas lan nupus sanalika oncat ponang suksma ragane ngalumpruk pindha kapuk.mustakane nleh manengen cihna lamun sang prabu wis Mangkat. Sang Prameswari ora kuwat rasa sedhih satemah jerit-jerit sungkawa ing penggalaih.Semono uga sing padha sowan dadi sanalika papan pagulingan kuwi udan tangis.
Kanthi cepet pawarta ngenani sedane Sang Prabu sumebar sajroning kuthagara kuthamaya. Malah sumebar saindhenging nagara Sumedhanglarang.Lan keprungu tekan Cirebon, Banten lan Pajang.
Sawise layone Sang Prabu rinukti nut satataning praja, daya-daya budhal kasarekake ing sasana laya Dayeuhluhur,
Swasana dhuhkita warata datanpa sela ing saindhenging nagara Sumedhanglarang. Para kawula rumangsa kelangan Panguwasaning negara kang ambek palamarta. Mulane ora aneh lamun kawula sanegara padha kumembeng ing waspa.

4. Angka Wijaya Winisuda
Y

en Kusir andhong sing mati ninggalake andhonge,Nakodha mati ninggalake kapale dene manawa Ratu seda ninggalake makuthane. Kaya dene ing Karaton Sumedhanglarang nalika samana. Sawise patang puluh dina anggone Sang Prabu Ki Gedheng Sumedhanglarang seda. Kraton Sumedahanglarang ora ana sing lenggah dhampar denta ngagem makutha kanigara.









Gambar 4.1

. Ing Kedhaton Sumedhanglarang
Sang Prameswari Dewi Satyasih nimbali Angka Wijaya
Diadhep para Nayaka
 
 










Pangeran Angka Wijaya tinimbalan ingkang Ibu prameswari. Dewi Satyasih ingkang pinangka Pucum Umum sing ateges gumanti Ratu mung sawetara mangsa.
 “Putraku ngger Angka Wijaya” Ngendikane sang Prameswari marang Angka Wijaya.”Awake dhewe kabeh wis padha krungu sabdane Ingkang Rama ya Sang Prabu Ki Gedheng Sumedhanglarang ingkang pungkasan. Nanging miturut paugeraning praja Sumedhanglarang sawijining Nalendra yuswane kudu wis 23 tahun. Sawetara kuwi sira lagi umur 22 tahun. Mula saka kuwi Jumenengmu minangka Raja Sumedhanglarang bakal ditindakake ing warsa ngarep sawise yuswa 23 tahun.”
“Inggih Kangjeng Ibu, Panci mekaten paugeraning Kraton Sumedhanglarang. Kula namung dherek mawon miturut pranatan ingkang sampun lumampah.”
“Ya yen mangkono padha seksenana Paman Senapati Jaya Prakosa lan kabeh wae kang padha sowan.”
“Kula nyekseni Kanjeng Ratu.”Ature Jaya Prakosa.
“Kula inggih nyekseni Kanjeng Ratu.” Ature kang padha sowan.
“Matur nuwun awit paseksen sira kabeh.Sawetara iki panguwasa Sumedhanglarang kula cepeng malih.”
“Kasinggihan Kanjeng Ratu.”Wangsulane kabeh para nayaka.
“Nanging minangka Raja Anom, Angka Wijaya kudu wiwit ngasta pamarentahan . Dheweke tumindak minangka Wakil Ratu, idhep-idhep ajar ngurusi punjering pamarentahan.”
“Sendika Ibu. Kula badhe nyuwun pitedah dhumateng Eyang Jaya Prakosa ingkang sampun kathah lelabetanipun ing Pajajaran.”
“Bener, Ngger Angka Wijaya. Iki mujudake kalodhangan tumrap sira kanggo ngudi undhaking kawruh suoaya dadi panguwasa sing tangguh ing wewengkon kene.”
“Manawi dipun keparengaken kula badhe mbangsuli atur kula nalika Sinuwun Prabu tasih sugeng.” Senapati Jaya Prakosa mbukak gagasane kang wus kepungkur.
“Apa panemunira Paman Jaya Prakosa, mula age aturna?”
“Ngaturi wuninga Kanjeng Ratu, Nalika semanten kula nembe dumugi ing  Kraton Sumedhanglarang ngriki, Kula sadaya sami prasetya dhateng Kraton Sumedhanglarang kaliyan Sang Prabu. Prasetya kula badhe kula buktekaken kanthi kalih perkawis. Sepisan kula badhe ngiyataken pertahanan lan katentremaning Kraton Sumedhanglarang.”
“Iya Paman.Aku midhanget perkara kuwi.Sabanjure?”
“Kaping kalih, kula badhe mbangsulaken jayaning Kraton Pajajaran duking nguni.”
“Lha terus carane pripun, Paman?”
“Kula badhe damel prajurit ingkang kathah  lan jadhon-jadhon minangka beteng ingkang bakoh. Salejengipun badhe nguwaosi tilas wewengkon Galuh ingkang wonten ing  Tatar Parahyangan kados ta Bandhung, Garut, Tasik Malaya lan Ciamis.
Katambah tilas wewengkon Pajajaran mliginipun ing sisih wetan lepen Cisadane ingkang samenika mboten gadhah Raja.”
“Lho saiki rak dikuwasani Banten lan Cirebon, ta Paman?”
“Inggih menika sababipun, Kanjeng Ratu. Prajurit  kedah dipun kiati langkung rumiyin.Manawi sampun siaga nembe tumindak. Lha mangke saupami Cirebon cawe-cawe, inggih sisan dipun adhepi. Ngiras pantes awake piyambak saged uwal saking Cirebon ngandek piyambak dados kraton ingkang mardika.”
“Kuwi prayoga Paman, nanging kabeh mau kudu dipenggalihake kanthi mateng. Supaya mengko awake dhewe sora dadi kurban.”
“Mesthi kemawon, Kanjeng Ratu.Miturut pamanggih kula kekiatan Cirebon sampun ringkih. Langkung-langkung sasampunipun seda para tokoh-tokohipun.Kadosta Sunan Gunung Jati tuwin Fathilah Khan. Katamabah malih reresah ing iring wetan.”
“Iya, ingsun ngerti Paman. Sabanjure ingsun pasrahake marang kawicakcananira lan sarasehna karo Prabu Anom Angka Wijaya.!”
“Inggih sembah nuwun,Kanjeng Ratu. Manawi panjenengan sampun mitados kula , mugi mugi mboten ndadosaken kuciwaning penggalih Dalem.”
Wiwit dina kuwi Kraton Sumedhanglarang ana owah-owahan. Saben dina mesthi ana tambahan prajurit anyar lan mesthi ana gladhen perang ing antarane prajurit Sumedhanglarang sing digembleng dening para tokoh sepuh Pajajaran. Satemah kekuwataning prajurit Sumedhanglarang saya gawe mirise kraton sacedhake.
Amarga saka kawasisane Tokoh Pajajaran cacah papat kuwi, mulane wewengkon Sumedhanglarang wis tambah kanthi perang sing ora sepiroa.
Tambahane wewengkon wiwit saka ing sisih kulon watese kali Cisadane, sisih elor watese Cirebon, sisih  kidul watese segara kidul, sisih wetan watese kali Cipamali. Malah saperangan tilas wewengkon Pajajaran lan Galuh wis bisa dikuwasani Kraton Sumedhanglarang.
Untung nalika samana Kraton Cirebon kanthi panguwasa Panemban Ratu lagi ringkih kekuwatane perang. Satemah uwale Sumedhanglarang saka Cirebon ora ana alangan sing gedhe. Malah 44 panguwasa tilas bawahan Pajajaran padha ngakoni lan ngayom marang Sumedhanglarang. Kabeh mau awit kawasisane Senapati  Jaya prakosa lan adhi-adhine.
Setahun candhake nalika yuswane Pangeran Angka Wijaya wis genep 23 tahun. Sing ateges Pangeran Angka Wijaya wis diwenangake dadi Ratu nglenggahi dhampar ing Kraton Sumedhanglarang.
Ing sawijining dina pinilih ing Kraton Sumedhanglarang dianakake Wisudan utawa Jumenengan Ratu.Pangeran Angka Wijaya sinengkakake ing ngaluhur jumeneng minangka Ratu ing Kraton Sumedhanglarang kanthi jejuluk Prabu Geusan Ulun Sumedhanglarang. Geusan saka tembung basa sundha sing tegese papan utawa panggonan. Dene Ulun sing ateges wong sing bisa dijaluki tulung. Dadi Geusan Ulun ngemu teges Sawijining Raja, panggonane kawula padha nyuwun pitulungan utawa papan kanggo ngayomi para kawula saka salwiring bebaya.
Sabanjure Senapati Jaya Prakosa kawisuda minangka Patih. Dene adhi-adhine diangkat dadi senapati Sumedhanglarang.
Minangka pepeling jumenengane Prabu Geusan Ulun, Patih Jaya Prakosa nandur Wit Hanjuang ing alon-alon Kuthamaya. Minangka cihna manawa Sumedhanglarang kuwi mujudake Pakuan kapindho. Lan Kuthamaya mujudake kutha sing sadrajad karo Kutha Pakuan. Patih Jaya Prakosa duwe idham-idhaman murih jayaning Sumedhanglarang besuk kaya dene jayaning Pajajaran duking nguni.









Gambar 4.2

Angka Wijaya Jumeneng Ratu diagemi Makutha
kaadhep para nayaka Sumedhang larang
 Ing sasana siniwaka

 
 











Pancen bener jejuluke Sang Prabu Geusan Ulun, sawijining Ratu sing tansah ngugemi jejeging adil, tresna banget marang kawulane lan kanthi temen anggone ngurusi negarane. Panjenengane luwih nggatekake kabutuhane negara lan kawulane katimbang kabutuhane pribadi. Tuladhane panjenengane rada nglalekake Putri Harisbaya. Kamangka nalika samana wis nate prasetya lamun wis kawisuda dadi Raja Sumedhanglarang bakal nglamar putri Harisbaya.
Ganti kang cinarita ora kaya ing Kraton Pajang. Putri Harisbaya isih ana ing sasana Kaputren tansah ngantu-antu tekane Pangeran Angka Wijaya sing saiki wis jumeneng Ratu kanthi jejuluk Prabu Geusan Ulun.
“Genea nglalekake aku, Kakang Angka Wijaya?” Panggresahe Putri Harisbaya. Wis matahun-tahun dheweke nunggu nanging pawarta saka Sumedhanglarang wae ora ana.”Apa wis lali karo janjine?”
Kasungkawaning penggalih Putri Harisbaya saya suwe saya tambah.Luwih-luwih nalika kahanan Pajang dadi kaco. Ing wewengkon kang adoh saka Kuthagara, wiwit thukul kraman, mligine wewengkon Mataram sing wis mbalela.
Perkara kuwi gawe dukane Sang Prabu Sultan Hadi Wijaya. Age-age dikerikake wadyabala prajurit Pajang kanggo nggempur negara Mataram. Nanging pepesthene kodrat datan bisa diwiradat kersaning Gusti datan kena diselaki, Sultan Hadi Wijaya Gugur ana ing pabaratan. Lan Mataram uwal saka cengkeremane Pajang lan sabanjure ana sangisore panguwasane Panembahan Senapati.Sawetara kuwi Kraton Pajang sabanjure diasta karo Pangeran Pangiri saka Demak. Panjenengane kuwi putra mantune Sultan Pajang. Dene Pangeran Benawa ya putra jalune Sultan Pajang malah ora kepilih dadi Ratu. Perkara kuwi dadi ora senenge Panembahan Senapati ing Mataram. Mulane Panembahan Senapati kepengin ngejeki Pajang bakal didadekake bawahane Mataram.

Weruh Kahanan sing saya ngutawatiri kuwi, mulane Raja Arya Pangiri nyoba nenarik atine raja-raja sajabane Pajang. Lan sing dilirik kuwi Cirebon. Nalika samana Cirebon diasta Pangeran Emas sing Jejuluk Panembahan Ratu. Karepe dheweke ngiket talining kekadangan supaya besuk yen dumadi perang ing  Pajang dheweke gelem ngewangi Pajang. Kanggo karep kang kaya mangkono mulane Putri Harisbaya diwenehake pinangka bebungah marang ratu ing Cirebon.
Putri Harisbaya dhewe, satemene ora seneng manawa dipundhut garwa Panembahan Ratu ing Cirebon. Amarga dheweke isih ngeteni panglamare Angka Wijaya saka Sumedhanglarang. Nanging dheweke ora bisa suwala , nalika papagan saka Cirebon wis teka. Dheweke padha nggawa Kreta Kraton kanggo mapak calon garwane Ratu.
Bareng  tekan Cirebon, sanajan kanthi ati sing remuk lan rempu , Putri Harisbaya wusanane digarwa karo Panembahan Ratu minangka garwa kaping loro.
Panembahan Ratu dhewe wis kagungan garwa , Putrane Sultan Hadi Wijaya Pajang sing asmane Putri Lampok Angroros.
Satemene Panembahan Ratu dhewe ora seneng karo tekane Putri Harisbaya amarga putri Harisbaya kuwi minangka bebungah Ratu Pajang. Sing mengku pangajab supaya Panemabahan Ratu gelem ngewangi Pajang manawa dumadi perang mungsuh Mataram. Kamangka Panembahan Ratu ora sarujuk karo Ratu Pajang sing saiki, malah dheweke nyengkuyung Pangeran Benawa sing uga disengkuyung dening Mataram.
Pawarta ngenani dhaupe Putri Harisbaya lan Panembahan Ratu kuwi uga tekan ing Kraton Sumedhanglarang. Prabu Geusan Ulun krungu pawarta mau dadi cuwa penggalihe. Amarga dheweke rumangsa telat anggone nglamar Putri Harisbaya nalika  mapan ing Pajang. Nanging apa gunane nggetune barang sing wis kelakon.
Kuciwane Prabu Geusan Ulun pranyata ngowahi anggone ngasta pusaraning praja.Mulane ing sawijining dina nalika Patih Jaya Prakosa lagi ngadhep. Kapeksa Sang Prabu ngandharake perkarane.
“Wonten menapa Wayah Prabu sajak sungkawa ing penggalih?” pitakone Patih Jaya Prakosa.
“Mboten menapa-menapa, Eyang Patih.”
“Nyuwun pangapunten, Sang Prabu.Kula menika sampun sepuh, dados sampun kathah anggen kula ngraosaken pahit getiring kawontenan.Pramila kula suwun blaka kemawon.”
“Mboten Eyang Patih.Kula sae-sae kemawon.”
“Sampun ngantos dora,Wayah prabu.Ingkang Eyang ngertos liring netra panjenengan mboten saged nyelaki kula.”
“Dika leres,Eyang Patih. Sadaya menika lepat kula piyambak.”
“Cobi dipun andharaken kemawon perkawisipun supados kula saged atur pamrayogi.!”
“Eyang midhanget, bilih kula nate meguru dhateng Pajang?”
“Inggih kula mireng cetha.Nalika semanten kula nembe dumugi”
“Nalika meguru menika kula pinanggih kaliyan satunggaling wanita saking Madura ingkang sulistiya ing warni.”
“Sinten asmanipun,Wayah prabu?”
“Piyambakipun Putri Harisbaya.”
“Lho, menika rak garwanipun Panembahan Ratu Cirebon igkang enggal menika ta, Wayah Prabu?”
“Leres, Eyang Patih.Menapa Eyang pirsa perkawisipun, kenging menapa kanthi dumadakan dados garwanipun Ratu Cirebon?”
“Manawi saking kabar ingkang kula tampi saking para saudagar. Amargi Arya Pangiri gadhah pikajeng sanes.”
“Menapa pikajengipun,Eyang?”
“Mboten sanes supadoa Panembahan Ratu kersa paring sabiyantu manawi Pajang pikantuk serangan saking Mataram.”
“Lha menika sami kalih panginten kula,Eyang. Bilih Putri Harisbaya namung minangka bebungah  kemawon ”
“Ketingalipun mekatan,Wayah Prabu. Nanging mangke Pajang badhe kecelik, amargi Cirebon badhe nyengkuyung Mataram kaliyan Pangeran Benawa.”
“Wah , Eyang wicaksana saestu.”
”Lajeng kenging menapa Wayah Prabu ketingal sungkawa? Menapa putri Harisbaya menika katresnan panjenengan?”
“Leres,Eyang. Nalika semanten kula sampun nate janji badhe nglamar piyambakipun manawi kula sampun jumeneng Nata ing Sumedhanglarang. Emanipun Putri Harisbaya sampun dipun garwa Panembahan Ratu.”
“Wah , damel mendhokoling manah, Wayah Prabu.”
“Leres Eyang. Kamangka Kula pengin Putri Harisbaya menika mbenjang dados garwa kula.”
“Inggih. Kula saged ngraosaken saeba gerahing panggalih panjenengan. Menapa kula kepareng ngaturaken pamrayogi?”
“Cobi Eyang, Pamrayogi panjenengan kados pundi?”
“Satunggaling cara inggih kanthi nggecak perang Cirebon.Lajeng ngrebat Putri Harisbaya.”
“Manawi ngaten kirang sae, Eyang. Kejawi nglanggar paugeraning agami ugi kirang sakeca manawi kapireng tiyang sanes,mosok perang mung amargi rebutan wanita .”
“Kados pundi saupami Panembahan Ratu dipun damel duka?”
“Kersanipun kados pundi?”
“Dipun runtuhake kawibawanipun Panembahan Ratu minangka Panguwasa Cirebon.”
“Lajeng?”
“Sasampunipun mekaten nembe dipun gecak perang.”
“Caranipun?”
“Awakipun piyambak ,mertamu dhateng Cirebon. Kanthi pikajeng ngetingalaken bilih samenika Sumedhanglarang sampun mboten dados reh-rehanipun cirebon malih. Malah sampun sadrajad kaliyan cirebon. Kanthi mekaten panembahan Ratu badhe lingsem kaliyan para ratu sanes, sasampunipun ligsem mesthi badhe duka, manawi duka mesthi pengin nguwaosi Sumedhang malih ”
“O,ngaten,Eyang. Lha menawi ngaten kula sarujuk”
“Kanthi menika awakipun piyambak kedah damel benteng langkung rumiyin kangge ngawekani mbok bilih Cirebon nggecak perang dhateng Sumedhanglarang.”
“Leres, Eyang Patih. Kula pengin damel Beteng enggal wonten Ing Dayeuhluhur ”
“Kenging menapa mboten wonten Kuthamaya kemawon?”
“Ngaten Eyang.Kula gadhah pawadan ingkang gumathok.”
“Kados pundi pawadanipun,Wayah Prabu?”
“Sepisan, amargi ing Sumedhang larang dereng wonten betengipun.Kaping kalih , Ing Dayeuhluhur punika wonten Pasiten Kabuyutan ingkang dipun sucekaken.Kacarios menika kala emben mujudaken panggenan petilasan saking Dahyang Sumedhanglarang. Dados panggenan kasebat perklu dipun lestarekaken.”
“O, Inggih sae menika.”
“Kaping tiganipun,Dayeuhluhur mujudaken lerenging redi, satemah gampil kadadosaken papan Pertahanan. Langkung-langkung manawi dipun serang mengsah, langkung gampil saget ngasoraken.”
“Inggih manawi mekaten kula sarujuk sanget.”
“Menawi mekaten wiwit benjang kedah enggal nyamektakaken para tukang kangge damel benteng saha kitha Dayeuhluhur.”
“Sendika dhawuh, Wayah Prabu.”
Ora let suwe sabanjure wong-wong padha gawe beteng lan kutha ing Dayeuhluhur. Para tenaga Ahli lan para tukang dilumpukake didhawuhi gawe beteng lan kuthagara.
Satemah kanthi wektu sing ora suwe wis dadi beteng lan kuthagara. Malah alon-alon uga wis bisa dadi. Kuthagara kuwi sinebut Kuthagara Dayeuhluhur.
Sawise Kedhaton Dayeuhluhur wis dadi Sang Prabu Geusan Ulun mundhut pirsa menyang pepatihe.
“Eyang Patih jaya Prakosa.”
“Inggih wonten dhawuh, Wayah Prabu.”
“Maturnuwun awit dika dhalah para prajurit lan kawula sampun paripurna anggenipun damel kedhaton enggal.”
“Kasinggihan Wayah Prabu, menika wau awit saking karyanipun kawula Dalem ingkang sami setya tuhu dhumateng prajanipun.”
“Matur nuwun Eyang.”
“Samenika ngaten ,Wayah Prabu.”
“Kados pundi pangrencana ingkang kala emben punika.?”
“Oh, ngengingi mertinjo dhateng Cirebon lan Putri Harisbaya?”
“Inggih, Awit samenika Sumedhanglarang sampun kiyat betengipun kapara kedhaton wonten kalih.”
“Inggih Eyang, manawi mekaten kados pundi manawi bidhal benjang menika?”
“Langkung prayogi ,Wayah prabu.”
“Ewasemanten kula badhe pamit Kanjeng Ibu rumiyin.”
“Inggih Wayah, kangge sawetawis wekdal punika kersanipun Kanjeng Prameswari ingkang nyepeng panguwaos.”

Ing sawijining dina kang wis ditemtokake, Prabu Geusan Ulun dhawuh supaya enggal budhal menyang Cirebon. Saperangan Bregadaning prajurit jadhon-jadhon dipangarsani dening Sang Prabu. Patih Jaya Prakosa,Senapati Wiradijaya, senapati Kondhang Hapa lan Senapati Pancarbuwana datan keri padha melu rombongane sang prabu. Sawetara kuwi panguwasa ing Sumedhanglarang Kaasta ingkang Ibu Ratu Satyasih maneh nganti baline prabu Geusan Ulun.
Nalika para tamu wis tekan Kedhaton Cirebon, dheweke padha tinampa pribadi dening Sang Prabu Panembahan Ratu lan Sang prameswari , putri Lampok Angroros, Kanjeng Ratu Pajang. Geusan Ulun rumangsa seneng amarga ora ketemu Putri Harisbaya.
Satemene Putri Harisbaya kanthi sesidheman ngulati tamu-tamu saka Sumedhanglarang kuwi. Dheweke golek keterangan ngenani kahanane Prabu Geusan ulun sing biyen jeneng Angka Wijaya.
Putri Harisbaya rumangsa lega atine amarga dheweke weruh Prabu Geusan Ulun ora didherekake karo Prameswarine.Malah miturut pawarto Ratu Sumedhanglarang sing isih enom kuwi durung kagungan garwa. Mulane penggalihe Putri Harisbaya dadi bombong. Rasane dheweke pengin enggal ketemu Prabu Geusan Ulun. Nanging dheweke wedi yen ora miturut tatakrama lan paugeraning agama. Sanajan kepiye wae dheweke kuwi isih garwa sah Prabu Panembahan Ratu.
Tamu agung saka Sumedhanglarang disugata dhaharan sing enak-enak lan mujudake dhaharan sing pinilih .Amarga sing olah-olah para ahli masak ing tlatah Cirebon.
Jagongane antarane Prabu Geusan Ulun lan Panembahan Ratu lumaku kanthi gangsar, kaya dene banyu sing mili ing kali.Dheweke padha ngandhakake sesambungane antarane Pajang lan Mataram sing saya kurang becik.Dheweje sakloron padha sarujuk ora bakal ngewangi Pajang apa dene Mataram.









Gambar 4.3

Ana ing sasana sumewa kraton Cirebon
Prabu Panembahan Ratu  lan prameswarine
nampa tamu saka Sumedhanglarang cacah lima.
Putri Haris baya dhepepe kori ngrungokake rembugane.
 
 











Bojana andrawina wusanane rampung, sakarone padha marem karo panemune dhewe-dhewe sing pranyata meh padha. Dina Esuke prabu Geusan Ulun lan andhahane padha siaga bali menyang Kraton Sumedhanglarang.


5.Maling Aguna
A

na kreta kencana ngedhegake lakune Prabu Geusan Ulun lan sapengombyonge. Kreta kencana kuwi kreta Kraton Cirebon.Sing ana sajeroning kreta ora liya Putri Harisbaya. Dheweke ngerti manawa Geusan Ulun sak rombongane bakal mulih menyang Sumedhanglarang. Awit kederenge kepengin nemoni Geusan Ulun. Mulane dheweke metu saka Kraton Cirebon ngajak embane. Lan dhawuh marang kusir kreta supaya ndherekake anggone bakal mapagake lakune Geusan Ulun.
Nalika Geusan Ulun sapengombyong wiwit ninggalake kuthagara Cirebon, ana sawijining prajurit caos palapuran manawa lakune ora bisa mbacut amarga dicegat kreta kencana saka Cirebon sing digeret jaran loro.
“Prajurit, coba tilikana sapa sing ana njero kreta kencana Cirebon kae !” Pangandikane prabu Geusan Ulun.
“Sendika dhawuh, Gusti.”Wangsulane Prajurit.
Ora let suwe prajurit kuwi wis bali.
“Nyuwun pangapunten, Sinuwun. Piyambakipun Putri Harisbaya. Nyuwun pinangih panjenengan Dalem. Mboten badhe kesah manawi dereng pinanggih”
“Wadhuh,ndrawasi menika Eyang Patih.”
“Prayogi dipun panggihi rumiyin, Wayah Prabu.”
“Kados pundi mangke manawi dados perkawis, Eyang Patih?”
“Katimbang mboten saged nglajengaken lampah.Sepinten awratipun manggihi. Malah keleresan.Wayah Prabu.”
“Keleresan kados pundi Eyang?”
“Lha inggih. Keleresan kangge nambani raos kapang.”
“Wah, Eyang menika malah ngaten.”
Kanthi ati sing kumesar Prabu Geusan Ulun nyedhaki kreta kencana Cirebon kuwi.Bareng Sang Prabu nyedhaki kreta kuwi age-age Putri Harisbaya nginguk, lan terus medhun saka kreta.









Gambar 5.1


Ing tengah dalan ana kreta kencana jarane loro
Putri Harisbaya jagongan karo Prabu Geusan Ulun ana cedhak kreta
Para senapati lan prajurit ana sawurine rada adoh.
 
 











“Ana apa, Dhi Ajeng. Nyegat lakuku?”
“Kula pengin pinangih,Kang Mas.”
“Yen wis ketemu.”
“Sampun dangu anggen kula ngentosi panjenengan wonten Pajang, Ewosemanten panjenengan tega sanget dhateng kula. Kula kapang sanget, KangMas.”
“Ya, sing gedhe pangapuramu, Dhi Ajeng. Sakondurku saka Pajang, Rama Prabu sing gerah santer seda. Aku ngenteni wektu setahun lagi bisa jumeneng nata.”
“Nanging panjenengan sampun nyelaki janji.Ngendikanipun badhe murugi kula sasampunipun jumeneng nalendra.”
“Sepisan maneh aku njaluk ngapura, Dhi Ajeng. Sawise aku jumeneng nalendra aku repot banget amarga kudu ngelar wewengkon lan gawe kedhaton anyar.Satemah ora ana wektu longgar.”
“Wusananipun kula ingkang dados banten, dados garwanipun priyantun ingkang mboten kula tresnani.”
“Lha terus kersane sliramu, kepiye?”
“Kula badhe ndherek dhateng Sumedhanglarang, Kang Mas”
“Dhi Ajeng, kaya mengkono kuwi kurang  prayoga. Bisa–bisa aku didakwa dadi maling aguna. Amarga nyolong garwane liyan?”
“Lha menawi kula ingkang kesah piyambak menapa ugi kadakwa dados maling aguna,Kang Mas?”
“Lha yen ngono aku ora ngerti, Dhi Ajeng. Coba dak rembuge dhisik karo para sentanaku.”
“Kersanipun kula ingkang ngrampungi perkawis menika, Sinuwun.” Ature Patih Jaya Prakosa.
“Lajeng kados pundi caranipun, Eyang Patih?”
“Ngaten Wayah Prabu, Perkawis Kanjeng Putri Harisbaya menika tanggel jawab kula kaliyan Senapati Pancar Buwana. Kanjeng Putri Harisbaya kabeta dhateng kuthamaya dipun dherekaken Senapati Wiradijaya.Wayah Prabu dipun dherekake Senapati Kondhang Hapa lan sawetawis prajurit lajeng kondur kemawon dhateng Dayeuhluhur.”
“Kados pundi manawi Cirebon ngawuningani lajeng ngerikaken wadya bala nguyak mriki?”
”Kula sapendherek ingkang badhe ngadhepi. Samenika Wayah Prabu lajeng kondur ngrumiyini kemawon dhateng Dayeuhluhur.”
“O, ngaten?Kanthi mekaten kula mboten dipun dakwa dados maling aguna, Eyang Patih.”
“Inggih leres.”
“Inggih manawi mekaten kula ngrumiyini, Eyang Patih.” Sabanjure Sang Prabu pamitan karo katresnane.” Dhi Ajeng Putri Harisbaya, sing gedhe pangapuramu, pun kakang dhisiki laku tumuju kedhaton Dayeuhluhur.Sabanjure amrih prayogane rembugen karo Eyang Patih Jaya Prakosa!”
“Matur nuwun, Kang Mas. Mugi-mugi tansah manggih wilujeng sedayanipun.”
 “Inggih. Perkawis Putri Harisbaya kersanipun kula kemawon ingkang ngrampungi.”Ature Patih Jaya Prakosa.
Ki Patih ngrasakake saeba kaya ngapa rasane ngati Sang Prabu sing sarwa salah.
Nanging kanggone Patih Jaya Prakosa nyolong Putri Harisbaya kuwi minangka kanggo sarana ngloropake kawibawane Prabu Panembahan Ratu panguwasa Cirebon. Sabanjure kena kanggo pancadan dumadine perang karo Cirebon. Amarga menang-meneng Patih Jaya Prakosa wis nyiagakake prajurit sing kuwat , mapan ana tapel watese Kraton Sumedhanglarang lan Cirebon. Kuwi mau kanggo ngawekani manawa ana serangan saka Cirebon.
Sing luwih wigati saiki nggawa Putri Harisbaya sacepet-cepete menyang sakjabane wewengkon Cirebon ya ing tapel wates sing kanggo mesranggah para prajurit mau. Sawanci wanci Cirebon ngerti ilange Putri Harisbaya. Lan terus ngerikake wadyabala supaya nguyak, dheweke uwis bisa ngadhepi kanthi tenang.
Dina esuke ing Keputren Cirebon dadi geger amarga ilange Putri Harisbaya. Sawijining Emban kaget nalika ngulati kamare Sang Putri suwung. Ora ana tilas babar pisan anane Putri Harisbaya. Kabeh para emban cethi padha nggoleki lungane Sang putri nganti tekan ngendi-endi ,parandene ora ana sing bisa nemokake.
Salah sawijining emban age –age caos palapuran ngenani ilange sang Putri Harisbaya.Lan wusanane kabar kuwi tekan ngarsane Sang Prabu Panembahan Ratu.Gawe kagete kang padha seba.
“Kena apa Putri Harisbaya bisa ilang?” pitakone Prabu Panembahan Ratu sing wiwit ndukani prajurit jaga sing caos palapuran.”Kena apa kowe padha ora bisa njaga?”
“Nyuwun pangapunten Sinuwun.” Ature Senapati.
”Ketingalipun ingkang kesah mboten namung Putri Harisbaya piyambak.Nanging kaliyan satunggal emban tuwin setunggal kusir kreta kencana. Wonten ingkang mangertos bilih bidhalipun nitih kreta kencana mawi kudha kalih.”
“Lha terus menyang ngendi lungane?”
“Saking panginten kula, Putri Harisbaya dipun culik Prabu Geusan Ulun.”









Gambar 5.2


Prabu Panembahan Ratu lagi siniwaka kaadhep para nayaka
Prajurit jaga caos palapuran ilange Putri Hrisbaya
 
 











 “Lho apa alesane?”
“Menika namung panginten kula.Mbok bilih Gusti Prabu sampun kesupen pinten-pinten tahun kepengker, nalika Ratu Sumedhanglarang menika tasih nami Angka Wijaya, Panjenenganipun nate meguru dhateng Pajang.”
“Ya aku ngerti, Nanging apa gegayutane karo Putri Harisbaya?”
“Gusti Prabu mbokbilih ugi wuninga Putri Harisbaya nalika semanten ugi meguru ing Pajang. Kekalihipun mbok bilih sampun sesambetan katresnan lan mbok bilih sampun nate prasetya badhe sesemahan. Nanging kasunyatanipun benten. Panguwaos Sumedhang  gerah santer , lan nimbali supados putranipun kondur.
Sasampunipun Ki Gedheng Sumedhanglarang seda. Setahun candhakipun Pangeran Angka Wijaya kajumenengaken Nalendra Sumedhanglarang. Lan amargi pengaruhipun Ki Patih Jaya Prakosa, Sumedhanglarang misah saking panguwaos Cirebon.”
“Terus?”
“Ingggih amargi karepotanipun ngiataken negari saha ngelar jajahan, Sang Prabu ngantos supe dhateng Putri Harisbaya. Lha , wekdal semanten ingkang nguwasani Pajang Arya Pangiri. Arya Pangiri kepengin nyusun kekiyatan kangge ngadhepi Mataram. Arya Pangiri nyuwun panyengkuyung Panjenengan Dalem kanthi bebungah Putri Harisbaya.”
“Ya, aku wis cetha Paman.Pancen satemene aku kurang sarujuk kanthi cara kaya ngono kuwi.”
“Leres, kanthi mundhut garwa Putri Harisbaya, kersa mboten kersa Gusti Prabu kedah mbiyantu Pajang menawi mengsah Mataram.”
“Ya. Kepiyea wae Putri Harisbaya saiki isih dadi garwaku sing sah. Maling aguna kuwi sawijining tumindak nistha.”
“Leres. Samenika menapa ingkang kedah dipun tindakaken?”
“Saiki Ingsun dhawuhake supaya ngrebut baline Putri Harisbaya saka tangane Prabu Geusan Ulun.”
“Sendika dhawuh, Kanjeng Sinuwun. Samenika ugi kula nyuwun idi palilah medal pasilan, ngerikaken prajurit kudha nguyak plajaripun Prabu Geusan Ulun.”
“Ya sing ngati ati!”
Senopati Wiralodra age-age dhawuh marang Tumenggung Suradipati, supaya mangarsani prajurit kudha panguyak kuwi.
Playuning prajurit kudha prasasat kaya lakuning jemparing. Ora let suwe wis tekan ing sawijining papan palerenan nanging sajake lakuning rombongan Sumedhang wis adoh.
Sawijining prajurit dumadakan nyedhaki pangarsa laku.
“Ana apa prajurit?”
“Kanjeng Tumenggung. Kula nembe kemawon nganda sawenehing ganda wewangi ingkang aneh. Lan ketingalipun kula sampun nate ngganda wewangi menika.”
“Ana ngendi?”
“Wonten mrika ,Kanjeng.”Ature prajurit kuwi karo nuding pernahe papan pasiraman awujud pancuran banyu sing tumiba sandhuwuring watu. Tumenggung Suradipati age-age marani papan kuwi. Pranyata gandane padha karo ganda ing pasiramane putri Harisbaya.
“Wah iya. Bener . Sajake iki ganda minyak wangine Putri Harisbaya. Sajake Putri Harisbaya lagi bubar siram ana papan kuwi.”
“Inggih, tasih nganda sanget. Kanjeng.”
“Ya yen ngono kangggo pepeling , manawa awake dhewe nate nganda wangi sing ora salumrahe mula padha seksenana papan iki bakal dak jenengake Darmawangi.”
“Inggih kula nyekseni Kanjeng.”
“Saiki awake dhewe wis cukup anggone leren mulane ayo enggal mbacutake laku . Siaga.”
“Siaga...”
Prajurit kudha kuwi sabanjure terus mlayu menyang arah Sumedhanglarang. Durung suwe dheweke padha ninggalake Darmawangi, sabregada prajurit Sumedhang larang wis padha nyegat ana ing enggokane dalan.
Senapati Pancar Buwana sing ana ngarep dhewe, capeng methentheng karo nyegat dalan. Ing sawurine ana para prajurit siaga nggawa tumbak lan pedhang ligan.
Menyang ngendi lungane Patih Jaya Prakosa? Jebule dheweke siaga ana papan liya, lan masrahake panyegatan kuwi marang Senapati Pancar Buwana.
“He aku jaluk dalan” Getakane Tumenggung Suradipati saka sandhuwuring kudha.
“Ora bisa. Arep menyang ngendi lan apa perlumu?”Kandhane Senapati Pancar Buwana kebak kawibawan.
“Aku arep nguyak maling aguna.”
“Kene ora ana playune maling aguna.”
“Aku arep nguyak Prabu Geusan Ulun sing wis nyolong Garwane Ratu Gustiku.”
“Ratuku Gustiku Prabu Geusan Ulun ora nyolong. Nanging Putri Harisbaya sing melu dhewe.”









Gambar 5.3


Tumenggung Suradipati nitih kudha didherekake prajurit kudha
Senapati Pancar buwana nyegat dalan
Didherekake sabregada prajurit padha nggawa tombak lan Pedhang ligan.
 
 












 “Emboh ora idhep. Etuk ora etuk dak jaluk bali.”
“Jaluken yen isoh.”
“Rasakna landheping pedhangku!” Kandhane Tumenggug Suradipati, karo mlumpat saka gigiring kudha. Mobahe kaya manuk sriti nyamber mangsane. Kumlabeting pedhang kaya dene arep nyigar dhadhane Senapati Pancar Buwana.
Senapati sing wis kebak pengalamane kuwi, mlumpat nengen karo nyabetake pedhange marang lengene Tumenggung Suradipati.
 Sajake Tumenggung Suradipati ngerti manawa serangane bakal diendhani. Dheweke terus mlumpat salto memburi terus mbengok.
“Serang!”
Mulane prajurit kudha Cirebon terus nyerbu ngrabosa mungsuh ing dharatan. Peperangan kuwi dadi dedreg. Senapati Pancar Buwana ngadhepi Tumenggung Suradipati kanthi trengginas.Sanajan kekuwataning awak wis suda kepangan umur nanging taktike isih bisa ngimbangi mungsuhe sing isih enom kuwi.
Patih Jaya Prakosa mung nggatekake saka kadohan ing papan sing rada dhuwur.Dheweke bisa mesthekake manawa Prajurit Cirebon ora bakal kuwawa ngasorake prajurit Sumedhanglarang.
Sethithik-mbaka sethithik serangan prajurit Cirebon bisa dikalahake. Siji mbaka siji jarane dirampas. Manawa diterusake suwe-suwe mesthi prajurit Cirebon bakal kasoran. Suradipati age-age mlupat mundur karo aweh tandha supaya prajurit Cirebon ninggalake gelanggang payudan.
Krungu singsote Tumenggung Suradipati. Prajurit Cirebon ngundhakake serangane.Sawise prajurit sumedhang suda kaprayitnane age-age padha mlumpat mundur lan mlayu ninggalake payudan.
Senapati Pancar Buwana durung bisa ngalahake mungsuhe, amarga Tumenggung Suradipati wis ninggalake payudan. Nalika Pancar buwana bakal nguyak playune prajurit Cirebon, keprungu swarane jaya Prakosa saka dhuwur.
“Ora sah diuyak!.
“Lajeng?”
“Dheweke mung pucuke para prajurit sing padha nguyak. Bregadaning prajurit satemene isih ana mburi. Luwih becik awake dhewe terus mundur tekan tapel wates sumedhanglarang. Iki isih wewengkon Cirebon.”
“Iya, Kakang Patih.” Kandhane Pancar Buwana karo ndhawuhake para prajurit supaya nerusake laku menyang Sumedhanglarang. Dene prajurit  Cirebon wis ora katon tabete. Dheweke wis mundur menyang arah Cirebon lan mesthine bakal nglapurake marang Senapati Wiralodra.
Sawise para prajurit panguyak wis tekan ngarepe Senapati Wiralodra, age-age caos palapuran ngenani kadadean kuwi. Senapati Wiralodra nyuwun idipalilah marang Sang Prabu Panembahan Ratu supaya oleh ngrabasa perang menyang Sumedhanglarang. Tanpa dipikir kanthi dawa Prabu Panembahan Ratu nayogyani.
Ganti kang cinarita ora kaya lakune Putri Harisbaya karo Senapati Wiradijaya. Nalika samana wis tekan ing Kuthamaya. Sabanjure Senapati Wiradijaya mapanake Putri Harisbaya ana kaputren. Lan dijaga rapet dening prajurit pinilih. Ora sadhengah uwong oleh ana sakiwa tengene papan kuwi.
Sang Prabu Geusan Ulun dhewe wis tekan Dayeuhluhur karo leren ngleremake penggalihe. Dheweke nglengganani  manawa perkara Putri Harisbaya kuwi bakal nuwuhake daredah karo Cirebon. Apa mungguhna peperangan bisa disuwak?
Senapati Kondhang Hapa ndhawuhake para prajurit supaya padha jaga ing sakiwatengene Kedhaton. Aja nganti ana sing ngganggu Sang Prabu anggone lerem.
Prabu Geusan Ulun katon mlaku-mlaku ana sajroning taman dhewekan.Penggalihe isih mubeng-mubeng kelingan Putri Harisbaya. Wis pirang-pirang tahun dheweke ora bis ketemu. Ayune rupa saya sumunar, nanging apa kira-kira bisa kapundhut garwa ? Amarga saiki dadi garwane liyan . Lha rak kuwi jeneng nglanggar kasusilan?Mulane luwih prayoga manawa dheweke tetep njaga sesambungan kuwi supaya ora nuwuhake kadurakan.
Sabanjure prabu Geusan Ulun lungguh ana dhingklik dawa  ing petamanan. Kaendahane petamanan Dayeuhluhur wis ora dadi kawigatene. Penggalihe mung tumuju marang sijine jeneng, yakuwi Putri Harisbaya.”Wah, prayogane aku leren sawetara.” Panggresulane.
Sang Prabu terus nyarekake awake ana dhingklik dawa ing petamanan sangisore uwit jambu. Sumiliring angin amimbuhi swasana kang edhum kuwi saya ngepenakake sarira. Sang Prabu terus keturon ana dhingklik dawa kuwi.
Dumadakan panjenengane rumangsa ana ing Kraton Cirebon, mlaku mlebu ing pendhapa Cirebon. Katon para menak lan pangeran padha mangayubagya rawuhe. Dheweke padha ngungun karo panjenengane. Geusan Ulun rumangsa pekewuh. Ana sing ngrasani alon nanging dheweke krungu.
“Wah, Ratu Sumedhang kuwi pancen gantheng tenan.”
“Iya. Irunge wae mancung.”
“E, delengen bathuke! Sumunar.”
“Sajake wonge grapyak.”
Praupane Geusan Ulun dadi panas bareng dirasani kaya mengkono kuwi. Apa maneh rerasan kuwi isih dibacutake.
“Sajake panjenengane kuwi dudu salumrahe Ratu.”
“Lha terus.?”
“Dheweke kuwi ratu wingit.Delengen bathuke ngemu cahya. Kuwi nandhakake sawijining ratu sing duwe daya linuwih.”
“Luwih nggon apa?”
”Luwih ngenani ngilmu lan kasektene.”
Geusan Ulun terus nemoni Panembahan Ratu sing wis nunggu ana sasana bojana. Panembahan Ratu ngaturi tamu-tamune supaya dhahar bebarengan. Geusan Ulun lungguh karo Patih Jaya Prakosa lan para senapatine telu. Sawetara kuwi Panembahan Ratu diapit-apit Senapati Wiralodra lan kadang sentana liyane.
Panembahan Ratu nepungake garwa prameswarine, Putri Lampok Angroros utawa Kanjeng Ratu Pajang. Lan panjenengane sing nyugata dhedhaharan marang para tamune.
Dudu prameswarine sing dadi kawigatene Geusan Ulun. Nanging pramuladi sing ngladeni para tamu. Pramuladi kuwi mau ora liya Putri Harisbaya. Iki sing gawe kagete Geusan Ulun, nganti panjenengane ora bisa kumecap apa-apa. Nalika nyuguhake dhaharan marang Geusan Ulun,Sang putri njiwit astane Geusan ulun.
Geusan Ulun mbudidaya ngampet mubaling ati. Sentanane papat padha ngerti manawa prastawa kuwi mujudake kalodhangan sing digunakake Putri Harisbaya kango nemoni Geusan ulun.
Geusan Ulun dhewe wedi manawa kadadean kuwi dingerteni karo Panembahan Ratu, amarga bisa ngundang bebaya.Geusan Ulun mung ngampet ambegan lan nyoba nguwasani grenjolaning ati. Dheweke nganggep kabeh iki mujudake pacoban kanggo dheweke.
Nalika tatacara dhahar wengi wis rampung, Geusan Ulun rumangsa sayah banget, Gangguan saka Putri Harisbaya uga wis ora ana. Panembahan Ratu isih ngajak omong-omong ngenani negara lan majuning negara manca , mligine perkara Kraton Pajang.
Geusan Ulun dipapanake ana panginepan kanggo tamu Agung Kraton. Papan kuwi apik banget lan sarwa komplit. Apa wae keperluane tamu bakal disudiyakake kanthi cepet.
Ing paturon kang empuk, Geusan Ulun ora bisa ngeremake netrane kamangka wayahe wis wengi.
Ing sepining wanci wengi kuwi dumadakan ana sawijining pawongan mara nyedhak alon-alon.
Geusan Ulun terus tangi, amarga kepengin ngerti sapa wonge. Saya cedhak,saya cetha manawa sing teka kuwi Putri Harisbaya.
Ayune Putri Harisabaya saya katon cetha ngegla, dumadakan awake Prabu Geusan Ulun rumangsa ngoplok kaweden. Amarga wedi dheweke bingung apa sing kudu ditindakake. Pikirane peteng  banget.
‘Apa kabare Kakang Angka Wijaya?’ Panyapane Sang Putri.
‘Aku...apik-apik wae, Dhi Ajeng.’
‘Ah, sokur,Kang Mas. Sajake Kang Mas kadhemen.’
‘Na...nanging aja nyedhak mrene.Dhi Ajeng.’
‘Lha ngapa? Apa Kang Mas pengin aku mati nglalu ana kene?’
‘Adhuh..aja!, Dhi Ajeng.’
Geusan Ulun bingung banget. Kudu ngandhani kepiye marang Putri Harisbaya iki? Aku kudu rembugan karo punggawaku.
‘Iya, Dhi Ajeng. Lungguha sawetara . Aku dak menyang buri.’
‘Apa perlu didherekake?’
‘Aja! Apa kandhane wong liya mengko?’
Geusan Ulun terus nemoni Patih Jaya Prakosa ing kamar sisih lan ngepasi durung sare. Dheweke isih jagongan karo adhine tetelu.
‘Adhuh Eyang Patih.Kula nyuwun tulung.Putri Harisbaya samenika wonten kamar kula. Menapa ingkang kedah kula tindakaken?Malah piyambakipun ngancam badhe nganyut tuwuh.’
‘Wah, gawat.’
‘Kula bingung, perkawis menika ruwet sanget. Kados nedha woh simalakama,manawi dipun tedha ibunipun pejah, menawi mboten dipun tedha anakipun ingkang pejah.’
‘Gusti Prabu, miturut pemanggih kula, saenipun Putri Harisbaya dipun asta kundur mawon dhateng Sumedhanglarang.’
‘Kenging menapa?’
‘Dipun asta utawi mboten dipun asta, tetep badhe nuwuhaken perkawis ageng.
“Kok saged, Eyang?”
“Amargi dhatengipun Putri nilaraken garwa ing wayah tengah dalu, sampun ndadosaken cubriya ingkang awon. Wayah Prabu badhe kadakwa sampun nyenyamah dhateng Putri Harisbaya.’
‘Dadose Putri Harisbaya dipun asta dhateng Sumedhang?’
‘Inggih, saenipun ngaten.’
‘Menapa Eyang Patih sagah tanggel jawab?’
‘Inggih kula sagah tanggel jawab sadayanipun.’
‘Ingkang cetha , Panjenengan sedaya kedah wantun ngadhepi serangan prajurit Cirebon, manawi Putri Harisbaya kabeta dhateng Sumedhanglarang. Nanging sawetawis menika kula mboten purun kepanggih kaliyan piyambakipun manawi dereng karampungan.’
‘Ampun kuwatos ,Wayah Prabu.’
Lan wusanane ing wengi kuwi uga Putri Harisbaya kaboyong menyang Sumedhanglarang, kanthi cara sesidheman, nganti ora ana wong sing ngerti.
Nalika kuwi dumadakan ana jambu sing tiba nibani raine Geusan Ulun sing lagi sare ana dhingklik dawa ing petamanan. Sanalika Prabu Geusan Ulun tangi lan dadi kagete.
“Wah,jebul aku iki mau nyumpena. Pasumpenanku jebles karo lelakonku dhek wingi nalika gawa Putri Harisbaya.”
Prabu Geusan Ulun age-age nimbali salah sawijining prajurit jaga ing taman.”Prajurit. Coba aturana Senapati Wiradijaya.”
“Sendika dhawuh,Gusti Prabu.”
Prajurit kuwi age-age mundur lan nindakake dhawuhe ratu gustine.Ora let suwe Senapati Wiradijaya teka.
“Wonten timbalan Dhawuh,Gusti Prabu?”
“Eyang Wiradijaya, Kula pengin ngertos pawartosipun ngengingi Putri Harisbaya. Kados pundi kawontenanipun?”
“Inggih, panjenenganipun sampuin dumugi ing kedhaton Kuthamaya, lan sampun dipun jagi kanthi rapet. Panjenenganipun ketingal saras kemawon. Pasuryanipun katingal sumringah.”
“Inggih. Lajeng dipun awat-awati kemawon, lan sedaya kabetahanipun dipun gatosaken, sampun ngantos kekirangan!”
“Sadaya sampun dipun cekapi,Gusti Prabu.”
“Matur nuwun. Piyambakipun kersanipun wonten mrika rumiyin. Lajeng ngengingi Eyang Patih Jaya Prakosa kaliyan Eyang Pancar Buwana kados pundi kawontenanipun?”
“Piyambakipun nembe kemawon ngunduraken saperangan Prajurit Cirebon ingkang dipun pangarsani Tumenggung Suradipati.”
“Ketingalipun peperangan mboten saged kapenggak malih.”
“Ketingalipun ngaten, Gusti Prabu.Perkawis Putri Harisbaya, sampun damel dukanipun Prabu Panembahan Ratu. Panjenengan Dalem kadakwa dados maling aguna.”


 




6.Perang Rebutan Putri
N

alikane  Putri Harisbaya mapan ing Kuthamaya kanggo sawetara wektu atine tentrem, amarga wis ora mapan ing kuthagara Kraton Cirebon. Kanthi ati kang kebak ing pengarep-arep dheweke nunggu tekane Pangeran Angka Wijaya alias prabu Geusan Ulun.Putri Harisbaya nglengganani manawa isih winengku Prabu Panembahan Ratu Ing Cirebon. Mulane Prabu Geusan Ulun sing tansah nengenake marang kasusilan, ora kersa nemoni.
Sang Putri dikancani karo sawijining Emban saka Cirebon. Dheweke lila legawa dherekake bendarane mau, ora ngelingi apa kang bakal kelakon.Bakune dheweke tansah setya bekti marang bendarane.
Dheweke padha ngentekake wektu sadina-dinane ana ing taman kaputren lan kadhang-kadhang mlaku-mlaku ana ing sakiwa tengene Kedhaton.Nganti ing sawijining dina ana wong dodol sing mikul kranjang loro nganggo pikulan kayu.
Wong dodol mau katon leren ana sakjabaning pager keputren.Sajake dheweke kesayahen. Dheweke leren ana sangisore wit trembesi sing gedhe ngrembuyung godhonge.Ana ing oyoding trembesi kuwi dheweke nglungguhake bokonge.
“Biyung  Emban, apa dodolane bakul sing leren kae?”
“Boten mangertos Gusti Putri. Menapa kula perlu taken?”
“Iya , Biyung Emban. Coba takona dhisik.”
“Sendika, Gusti Putri.”
Emban Kunthi age-age metu saka palataraning Keputren, lan dheweke ditakoni salah sawijining prajurit jaga. Bareng wis diwenehi katerangan, Emban Kunthi oleh metu. Pranyata dheweke kuwi wong bakul pepedha. Bakule kuwi isih enom lan sajak kesayahen amarga mentas mlaku adoh. Kunthi tumuli caos palapuran marang bendarane.
“Gusti putri,tiyang menika sadeyan pepedha.”
“Dodol pepedha?Kuwi kesenenganku Biyung Emban.Tukuwa sawungkus utawa rong wungkus! Sasuwene ana kene aku durung nate dhahar pepedha.”
“Sendika ,Gusti Putri.”
Emban Kunthi age-age mundhutake pepedha kanggo Gusti Putrine. Dheweke tuku rong wungkus.
“Pak, tumbas kalih wungkus.”
“O, inggih. Sinten ingkang ngutus?”
“Gusti Putri, ingkang ngutus.”
“O, nika Gusti Putrine.”
“Inggih Pak.”
“Wah priyantune ayu sanget nggih,nanging kok kula ngungun ing atase Putri Kraton kok remen ulam pedha, nggih ?”
“Inggih, menika dados remenanipun wiwit wonten Cirebon.”
“O...napa Gusti Putri saking Cirebon?”
“O, mboten Pak.nyuwun pangapunten kula klentu.”
Sawise mbayar Emban Kunthi age-age mlebu maneh menyang kaputren karo nggawa wungkusan pepedha cacah loro. Dene bakul kuwi isih ngulati Emban Kunthi sing lagi mlaku  lan Putri Harisbaya sing ana ing kori keputren.







Gambar 6.1


Bakul pepedha nggawa kranjang loro ana ngisor wit trembesi,
ngarep kaputren, ngedoli Emban Kunthi .
Putri Harisbaya ngenteni ana ngarep kori


 
 











“Wis genah cetha.” Panggresahe bakul pepedha karo mlaku ninggalake papan kuwi. ”Putrine ayu, lencir kuning, senengane pepedha, wiwit ana Cirebon. Ateges putri kuwi Putri Harisbaya sing dicolong Prabu Geusan Ulun. Pranyata dheweke mapan ana kene. Emane sing jaga akeh lan rapet. Ora saben wong bisa mlebu Kaputren.”
Bakul pepedha kuwi pranyata dudu wong saka Sumedhanglarang. Amarga dheweke terus lunga ora nawakake pepedha maneh. Dheweke mlaku banter tumuju menyang arah Cirebon.
Wiradijaya sing ngawat-awati Putri Harisbaya oleh palapuran saka prajurit jaga. Manawa Putri lagi wae tuku pepedha saka sawijining bakul sing liwat.
“Apa, mundhut pepedha?”
“Kasinggihan, Gusti Wiradijaya.Cetha sanget Gusti Putri utusan Emban Kunthi mundhut pepedha.”
“Kowe ora cubriya ,Prajurit?”
“Cubriya kados pundi, Kanjeng?”
“Apa lumrah yen kene ana wong dodol pepedha?”
“Inggih pancen awis sanget, Kanjeng.”
“Lha, kudune bakul kuwi dilacak saka ngendi asale.”
“Kersanipun kados pundi, Kanjeng.”
“Mangertia prajurit, pepedha arang banget didol ana wewengkon Sumedhanglarang. Amarga sing akeh pepedha kuwi ing pesisir elor kaya dene Cirebon. Aku cubriya manawa bakule kuwi wong saka Cirebon.”
“Lajeng, kenging menapa tiyang Cirebon mboten pikantuk sadean wonten mriki?”
“Ya, mesthi wae oleh. Nanging perkarane saiki awake dhewe lagi mugsuhan karo Cirebon. Dadine kudu waspada. Kudune kowe nyandhet uwong kuwi nganti aku teka.”
“O, nyuwun pangapunten,Kanjeng. Kula lepat.”
“Ya wis. Besuk maneh kudu ngati-ati lan waspada. Aku percaya manawa bakul kuwi pengin ngerteni anane Putri Harisbaya.”
“Wadhuh, Kanjeng. Kula ngrumaosi lepat amargi bodho kula.”
“Ya wis. Perkara iki aja dicritakake wong liya, dak uruse wae.”
“Sendika, Kanjeng.”
“Lha terus ciri-cirine uwong kuwi kepiye?
“Anu Kanjeng. Tiyangipun tasih enem ngangge caping werni ijem. Mikul kranjang kalih, ngangge clana lan rasukan cemeng.”
Senapati Wiradijaya age-age nguyak bakul pepedha sing mentas ninggalake kaputren. Dheweke nyuyak ijen. Saben weruh wong dodol sing mikul kranjang loro ditliti, nanging ora ana sing duwe ciri-ciri kaya palapurane prajurit jaga.
Sanajan mengkono Senapati Wiradijaya tetep nguyak menyang arah Cirebon. Nalika tekan ing kampung Serang dheweke weruh bakul sing nggawa pepedha. Age-age dheweke nguyak.
“He bakule pepedha.Aku tuku.”Bengoke Wiradijaya.
Bakule pepedha kuwi kaget. Dheweke noleh ngulati Senapati Wiradijaya kaya sing wis nate diweruhi. Nanging ana ngendi?Wusanane dheweke kelingan manawa wong kuwi nate dingerteni nalika mertamu ana Cirebon. Bakul pepedha kuwi age-age mlayu. Dheweke ngerti manawa sing nguyak kuwi sawijining punggawa Kraton Sumedhanglarang. Nanging mlayune rendhet amarga kabotan gawan. Mulane dheweke terus nyuntak pepedhane ana papan sing akeh pasire, pepedha kuwi pating bececer ana ing wedhi utawa pasir.Sabanjure dheweke terus mlayu nggeblas sabanter-bantere.

Wiradijaya kepleset tiba kelangan burone lan sing tinemu mung pepedha sing pating bececer ana pasir. Mulane dheweke menehi jeneng papan kuwi Pasirpedha.
Wiradijaya nguyak maneh. Nalika tekan desa Situraja , Wiradijaya ketemu karo Patih Jaya Prakosa sing bakal mulih menyang Kuthamaya.
“Arep menyang ngendi, Dhi?” Pitakone Patih Jaya Prakosa.
“Aku lagi nguyak mata-mata,Kakang.”
“Mata-pitaya saka ngendi?”
“Yen ora kleru saka Cirebon.Dheweke wis kasil ngerteni Putri Harisbaya ana ing Kuthamaya”
“Wah , yen ngono kudu dicekel.Supaya ora bisa palapuran menyang Cirebon”
”Iya Kakang. Saiki ayo diuyak saka rong arah.Kakang saka sisih tengen ,aku saka sisih kiwa.”
“Ayo!.” Kandhane Jaya Prakosa karo mlayu saka sisih tengen banter banget.Sawetara kuwi Wiradijaya mlayu saka sisih kiwa. Ora let suwe Jaya Prakosa nemokake pawongan mlayu rindhik-rindhik lan ketok was sumelang. Bola bali dheweke noleh memburi kaya dene wedi yen ana sing nguyak.
Jaya Prakosa tambah ngandel manawa wong kuwi sing bakal diuyak. Dheweke age-age ngecakake aji Bayu Sena sing katiyasane bisa mlayu prasasat lakuning angin.
Ora nganti sakedheping netra bakul kuwi wis bisa kabanda.
“Kowe mata-mata saka Cirebon ya?”
“Sanes Kanjeng.”Wangsulane bakul saka Cirebon kuwi.
“Aja ngapusi!. Kowe mau rak dodol pepedha ta?”
“Inggih leres pancen kula sade pepedha.”
“Nanging kowe tumindak dadi mata-mata.”
“Mboten,Kanjeng.”
“Yen ora ngaku kowe dak jepitake ana wit debogan  iki!” Kandhane Jaya Prakosa karo nyelehake awake wong kuwi ana ing antarane wit gedhang loro.









Gambar 6.2

Patih Jaya Prakosa nyekel bakul iwak pedha kabanda terus dijepitake ana ing antarane wit gedhang loro. Wiradijaya teka.

 
 











Nalika kuwi Wiradijaya teka lan terus nyedhaki. Sabanjure wong loro kuwi padha rembugan bakul iwak  kuwi bakal dikapakake.
Nanging nalika Patih Jaya Prakosa lan Senapati Wiradijaya padha rembugan, bakul iwak pedha kuwi nguculi bandane lan mlayu.
Nalika wis padha rampung olehe rundhingan burone wis ora ana. Terus digoleki mrana mrene ora ketemu.
“Adhi Wiradijaya kanggo pengeling-eling , manawa awake dhewe nate nyekel mata-mata lan dak sela ana wit gedhang iki. Mulane seksenana papan iki bakal dak paringi jeneng Selagedhang.”
“Kakang sabanjure kepiye.Burone diuyak maneh apa ora?”
“Ora sah diuyak,Dhi . Kareben dheweke caos palapuran marang Prabu Panembahan Ratu.Kanthi mangkono bakal dumadi perang gedhe antarane Cirebon lan Sumedhanglarang. Lan awake dhewe bisa males ukum marang Cirebon sing wis ngrubuhake Kraton Pajajaran.”
“Ya yen mengkono aku sarujuk. Aku wis getem-getem pengin mateni prajurit Cirebon saakeh-akehe. Sokur bage bisa ngrubuhake Cirebon.”
“Ayo saiki bali wae menyang Dayeuhluhur, caos palapuran marang  Gusti Prabu Geusan Ulun.”
Sabanjure Patih Jaya Prakosa lan Senapati Wiradijaya padha mulih menyang Sumedhanglarang.
Nalika bakul pepedha bisa uwal saka bebandane, dheweke mlayu lan nalika samana wis tekan Kraton cirebon. Dheweke age-age caos palapuran menyang ngarsane Senapati Wiralodra.
“Kepiye pawartane Prajurit sandhi, sawise kowe menyang Kraton Sumedhanglarang?”
“Kasinggihan Kanjeng, pangestu panjenengan kula saged uwal saking bebandanipun Patih jaya Prakosa.”
“Lha terus piye ngenani anane Putri Harisbaya?”
“Inggih, Kanjeng miturut panaliten kula. Pranyata leres bilih Putri Harisbaya saestu dipun beta dhateng kuthamaya.Panjenenganipun kapapanaken wonten sasana Kaputren Kraton Sumedhanglarang ing Kuthamaya.”
“Ya , matur nuwun. Dadi yen ngono awake dhewe duwe alesan bakal ngrabasa menyang Sumedhanglarang.”Kandhane Senapati Wiralodra.”Saiki kowe lerena dhisik . Aku  dak caos palapuran ing ngarsane Sang Prabu Panembahan Ratu.”
“Sembah nuwun, Kanjeng Senapati.”
Ora let suwe prajurit sandhi kuwi wis tekan ing bangsal kaprajuritan lan Senapati Wiralodra wis ngadhep ing garsane  Prabu Panembahan Ratu.
“Nuwun sewu, Kanjeng Sinuwun.”
“Iya Senapati Wiralodra, bakal caos palapuran apa?”
“Miturut palapuran saking prajurit sandhi , bilih Sang Putri Harisbaya samenika mapan ing Kuthamaya.”
“Dadi yen mangkono bener lamun garwaku Putri Harisbaya dicolong dening Prabu Geusan Ulun?”
“Kasinggihan dhawuh, Sinuwun.”
“Wis kaping pindho, Sumedhang larang gawe dadakaning perkara. Sepisan dheweke wani misah saka Cirebon, lan kapindho iki dheweke dadi maling aguna, nyolong garwaku Putri Harisbaya.”
“Kasinggihan dhawuh, Sinuwun.”
“Pancen wis ora kena disanak Sumedhanglarang kuwi.”
“Kasinggihan dhawuh, Sinuwun.”
“Saiki wis entek kesabaranku. Dina iki uga siyagakna para prajurit segelar sepapan. Kanggo ngrabasa Sumedhanglarang.Yen perlu njaluk bantuan saka Banten.”
“Sendika dhawuh Sinuwun.”
Senapati Wiralodra age-age nglumpukake para Tumenggung lan Wiratamtama. Sabanjure dheweke kadhawuhan gawe senapati anyar cacah telu. Senapati anyar kuwi Tumenggung Suradipati, Tumenggung Wangsadireja lan Tumengung Tohpati. Para Senapati kadhawuhan nglumpukake para Tumenggung, para Tumenggung nglumpukake para Wiratamtama, lan para Wiratamtama nglumpukake para Prajurit.
Dina candhake Kraton Cirebon katon rame. Ana sing nyiyagakake sangu pangan, ana sing nyiyagakake tendha kanggo mesanggrah lan liyaliyane. Dene para prajurit padha nyiyagakake perabot perang kaya ta panah, tumbak, pedhang, keris lan tameng. Seminggu anggone tata-tata wis rampung. Panglima Wiralodra dhewe sing bakal mangarsani gelaring perang.
Nalika para prajurit padha tata-tata ubarampene perang kanggo ngrabasa menyang Sumedhanglarang, Sawijining Prajurit nunggang kudha ninggalake kutha Cirebon kanthi kesusu. Dheweke milih dalan sing arang diliwati pawongan.
Kanthi trengginas Wong nunggang kudha kuwi nggebrakake jarane  menyang arah mangulon.
Pranyata dheweke kuwi prajurit sandhi Sumedhanglarang. Dheweke bakal caos palapuran marang prabu Geusan Ulun utawa Patih Jaya Prakosa.  Ngenani siyagane Prajurit Cirebon sing bakal ngrabasa menyang Sumedhanglarang kudu enggal diaturake.
Sawetara suwe anggone Prajurit Sandhi mlayu nitih kudha, wayahe wis sore dheweke tekan tapel watese Sumedhanglarang. Sanajan sayah awake, nanging dheweke tetep kudu enggal caos palapuran.  Nalika samana Senapati Pancar Buwana isih mesanggrah ana tapel watese negara, mulane Prajurit sandhi kuwi caos palapuran marang panjenengane.
“Nyuwun sewu, Kanjeng Senapati.”
“Bakal caos palapuran apa, Prajurit Sandhi ?”
“Kula mangertos  piyambak, kekiyataning Cirebon ingkang badhe ngrabasa dhateng Sumedhanglarang. Piyambakipun sampun nyiyagakake prajurit segelar sepapan  ingkang gungungipun wonten 2000 prajurit. Ingkang badhe mangarsani, Senapati  Wiralodra piyambak. Lajeng ingkang pinangka pangesuhing prajurit, Tumenggung Suradipati, Tumenggung Wangsadireja lan Tumengung Tohpati.”
“Ya, palapuranmu cetha banget,Prajurit sandhi, Aku matur nuwun banget lan kowe enggal lerena dhisik”
“Sendika, Kanjeng Senapati.”
Prajurit sandhi kuwi age-age lunga lan Senapati Pancar buwana terus  njupuk kulit kanggo gawe layang palapuran menyang Kedhaton.
Ing Wengi kuwi uga layang saka Senapati Pancar Buwana digawa menyang Dayeuhluhur dening sawijining tumenggung sing bisa dipercaya, yakuwi Tumenggung Baskara.
Kanthi nitih kudha pinilih, Tumenggung Baskara mlayokake jarane menyang arah kuthagara Dayeuhluhur. Dheweke kepengin ngaturake nawala kuwi menyang Sang Prabu Geusan Ulun piyambak utawa menyang Patih Jaya Prakosa.
Dina esuke Tumenggung Baskara wis tekan watese kuthagara Dayeuhluhur lan sadhela maneh bakal tekan ing kedhaton.
Tumenggung Baskara terus mlaku tumuju menyang sasana sumewa ing ngarsane Sang Prabu Geusan Ulun. Dheweke terus ngaturake nawala saka Senapati Pancar Buwana marang Patih Jaya Prakosa sing lagi seba. Nalika samana pepak andher para nayaka Kraton Sumedhanglarang  padha seba. Senapati Kondhang Hapa, Senapati Wiradijaya lan saperangan para sentananing ratu.
Layang saka Senapati Pancar Buwana kuwi dirembug bebarengan. Patih Jaya Prakosa sing maca layang kuwi terus ngandika.
“Ingkang  minulya, Gusti Prabu Geusan Ulun, keparengna mitados dhumateng kula tuwin para Senapati kangge mbetengi negari Sumedhanglarang. Kula sadaya badhe ngadhepi mengsah kanthi sawetahing jiwa raga tuwin kekiyatan saha pambudidaya.
Paduka sampun ngantos kuwatos. Kula pitados mengsah mboten kuwawi mlebet dhateng wewengkon Sumedhanglarang. Menapa malih dumugi ing Kuthamaya tuwin Dayeuhluhur.”
“Inggih ,Eyang Patih Jaya Prakosa. Kula dhawuhaken wiwit wekdal menika, supados ngerikaken wadyabala njagi tapel watesing Sumedhanglarang. Sampun ngantos mengsah saged mlebet wonten ing Kuthagara.”
Krungu negarane bakal diserang mungsuh, para kawula padha rumangsa kuwatir. Nalika kuwi saperangan kawula lagi padha ndandani pasar. Nanging bareng krungu kawula liyane padha gumruduk dadi prajurit manasuka, mulane gawean ndandani pasar terus ditinggal lunga ngono wae. Dheweke ora nggatekake pasar sing lagi didandani. Lan nganti saiki papan kuwi sinebut Kamnpung Darangdan.
Bregadaning prajurit Sumedhang dipangarsani  dening Patih Jaya Prakosa piyambak. Budhal tumuju menyang tapel watese negara Sumedhang-Cirebon.
Wusanane Prajurit sing dipangarsani Patih Jaya Prakosa lan saperangan prajurit manasuka, mlaku tekan ing tapel watese negara Sumedhanglarang-Cirebon. Ing kono ana papan pategalan sing jembar.
Prajurit Cirebon nalika samana uga wis tekan tapel watese negara Sumedhanglarang Cirebon.Dheweke padha mesanggrah ing papan kuwi, sing lete mung udakara 1000 meter. Gunggunge prajurit Sumedhang sajake wis bisa ngimbangi kekuwataning prajurit Cirebon.
Pasukan Sumedhanglarang wis padha siaga nggawa tombak pating crangah sing di pangarsani Senapati Pancar Buwana. Ing sawurine ana pasukan sing dipangarsani Patih Jaya Prakosa, ngiras pantes minangka Panglima.
Ing penjawat kiwa , katon Senapati Wiradijaya sing ngadeg kanthi gagahe. Ing penjawat  tengen , bregadning prajurit  diasta dening Senapati Kondhang Hapa.
Kanthi cetha ing kono katon pucuke tombak prajurit diasta Senapati Tohpati, Ing sawurine Panglima Wiralodra, Penjawat kiwa dipangarsani Senapati Suradipati. Sawetara ing penjawat tengen dipangarsani dening Senapati Wangsadireja.
Katone parajurit sing bakal padha perang kuwi imbang. Panglima perang age-age menehi dhawuh supaya enggal wiwit perang.
Jaya Prakosa wis aweh sasmita kanthi pedhang diacungake munggah mengarep bebarengan karo acungane pedhange Wiralodra saka Cirebon. Lan prajurit loro-lorone padha ngrangsek maju golek mungsuh dhewe-dhewe.
Peperangan pecah ing sandhuwuring lemah jembar lan bawera. Sakarone mujudake prajurit sing wis digembleng kanthi becik , satemah peperangan wektu kuwi tinemune rame banget.
Korban wis padha wiwit tumiba, saperangan ana sing tatu awake. Senapati Tohpati wis ngrangsek menyang ngarep mbabati prajurit rucah. Weruh kahanan kaya gono age-age Senapati Pancar Buwana mlumpat maju. Prajurit Cirebon sing ngalang-alangi lakune dibabat kanthi rosa lan pener.Ora let suwe Senapati loro kuwi padha adhep-adhepan.Tanpa tedheng wigah-wigih senapati kuwi padha perang tandhing siji mungsuh siji. Kebeneran dheweke padha duwe ilmu sing imbang. Satemah perang tandhing kuwi dadi gayeng.
Ing penjawat kiwa Senapati Wiradijaya wis maju nembus barisane prajurit Cirebon. Ing sangarepe wis diadhang Senapati Wangsadireja.Tanpa adu tutuk maneh ,dheweke padha perang tandhing sing  gayeng banget. Perang tandhing kuwi uga katon imbang  amarga sakarone padha satataran. Angel diarani endi sing bakal menang lan endi siang bakal kalah.
Ing penjawat tengen prajurit Sumedhanglarang, wis maju senapati Kondhang Hapa sing terus ditampani karo Senapati Suradipati.Dhek wingi Senapati Suradipati wis adhep-adhepan karo Senapati Pancar Buwana.Saiki adhepadhepan karo Kindhnag Hapa.
Peperangan kuwi pecah kanthi gayeng. Kekuwatan loro sing padha tangguhe , mulane dheweke padha ora bisa ngrangsek maju. Padha-padha perang ing panggonan, ora bisa obah.
Saka sandhuwuring gunung cilik ana sawijining wong lanang ngaggo jubah sing ngawasi peperangan kuwi kanthi kebak kawigaten. Saben ana korban sing tiba, dheweke ngelus dhadha. Dheweke banget nggetuni dumadine perang kuwi. Akeh prajurit sing  mati sia-sia.
Ngulati kekuwataning prajurit, dheweke bisa mesthekake manawa karo-karone ora gampang bisa ngalahake. Manawa kadadean kaya ngono kuwi nganti pirang-pirang dina, bisa dipesthekake manawa bebanten prajurit saya akeh. Bebanten kanggo sapa lan kanggo apa?Manawa mung rebutan wanita, kebangeten, kuwi ora jumbuh.
“Aku kudu tumindak, supaya peperangan iki ora kebacut-bacut.” Panggresahe lirih. Sapa sejatine pawongan kuwi?
Sapa pawongan lanang sing umure udakara 30 tahun kuwi? Lan kena apa dheweke ora nayogyani anane peperangan kuwi?
Pawongan lanang sing nganggo jubah kuwi ora liya Pangeran Wirasuta, adhine ragil Panembahan Ratu sing biyen dijuluki Pangeran Emas. Dheweke ora lila manawa Cirebon kudu peperangan karo Sumedhanglarang amarga rebutan salah sawijining wanita.
Sawetara Pangeran Wirasuta mikir lan terus nemokake cara sing luwih prayoga kanggo ngendhegake lakuning perang.
“Aku kudu menyang Kutharaja Sumedhanglarang. Perkara iki kudu dirampungake kanthi becik. Wiwitane aku bakal nemoni Prabu Geusan Ulun, bakal dak takoni kersane satemene kepiye. Sabanjure aku uga pengin nemoni Putri Harisbaya supaya ngerti karepe Sang Putri sing satemene.
Sabanjure aku bakal matur marang Kakang Mas Panembahan Ratu. Muga –muga iki mengko mujudake cara bisane peperangan kuwi karampungan. Kepiyea wae karampungane perkara kanthi peperangan kuwi dudu mujudake cara sing prayoga, nanging malah bisa nuwuhake perkara liyane. Wah kok kebangeten temen Perang Rebutan putri“


 




7.Bedhamen Mawa Ijol
A

na ing Kraton Sumedhanglarang  Pangeran Wirasuta takon marang sawijining kawula. Bareng takon ngenani kedhaton pawongan kuwi tuwuh rasa cubriyane. Pangeran Wirasuta nglengganani  , amarga kahanan perang kaya ngene. Ora mokal manawa saben pawongan wajib dicubriyani. Mbok manawa didakwa sawijining mata-mata Cirebon.
Wusanane Pangeran Wirasuta ora takon maneh. Sabanjure dheweke nggoleki dhewe sesidheman . Nganti wusanane tekan ngarep Kedhaton Dayeuhluhur.
Kedhaton kuwi digawe saka kayu-kayu sing bakoh lan awet. Payone sirap saka Kalimantan . Betenge bakuh kukuh. Manawa direbut saka njaba , bakal kangelan amarga beteng kuwi. Beteng kuwi mung bisa diserang saka ngarepan amarga sakiwa tengene mujudake jurang jero lan mburine mujudake pegunungan julek.
Pancen Prabu Geusan Ulun pinter anggone milih papan Kuthagara , ing sawijining papan sing diayomi dening alam. Beda banget karo Cirebon sing kuthagarane mapan ing papan kang bawera.
Sawijining Prajurit sing weruh tekane pawongan lanang ngango jubah kuwi dadi was sumelang. Sapa satemene pawongan kuwi?Apa dheweke sawijining tamu?Apa mata-mata saka Cirebon?
Prajurit kuwi bingung. Beja wae nalika kuwi ana sawijining Wiratamtama sing nyedhak, dheweke terus caos palapuran.
“Ana apa prajurit?”
“Nyuwun pangapunten, Kanjeng. Wonten tiyang jaler ngangge jubah wonten ngajeng Kedhaton, menika tamu menapa sanes?”
“Endi uwonge?”
”Mboten tebih saking pager Kraton ,Kanjeng.”
“Ya, dak takonane wae.”
Wiratamtama kuwi age-age nyedhaki Pangeran Wirasuta lan nakoni kanthi trapsila. Dheweke wedi manawa salah tampa.









Gambar 7.1

Wirasuta nganggo jubah ana ngarep Kedhaton Sumedhanglarang
Sawijining Wira tamtama nyedhak nakoni.
 
 












“Nyuwun pangapunten, Raden. Ketingalipun Raden sanes priyantun ngriki?. Menapa ingkang saged kula biyantu?”
“O, inggih Kisanak. Kula saking tlatah wetan. Kula badhe sowan Kanjeng Sinuwun Prabu Geusan Ulun.”
“Kaleresan Kisanak. Kanjeng Sinuwun samenika wekdal wonten Kedhaton, namung menapa kepareng manggihi menapa mboten kula mboten mangertos.”
“O inggih mboten dados menapa. Panjenengan aturaken kemawon bilih kula Ragil Wirasuta.”
“Inggih, badhe kula aturaken Sang Prabu.Ewa semanten mboten prayogi nengga wopnten ngriki. Sumangga kula aturi lenggah wonten sasana pangrantunan.”
“Matur nuwun.”
Wusanane Pangeran Wirasuta didherekeake menyang sasana pangrantunan. Dene Wiratamtama kuwi age-age caos palapuran menyang ngarsane Sang Prabu Geusan Ulun.
Nalika samana Sang Prabu Geusan Ulun lagi nampa palapurane para Tumenggung ngenani dumadine peperangan ing tapel wates.
“Peperangan lumampah imbang, Sinuwun.Mbok bilih pinten-pinten dinten menika dereng saged dipun pesthekake pundi ingkang badhe mimpang.
“Ya iki sing ingsun sumelangake.”
“Kersanipun kados pundi Sinuwun?”
“Satemene aku ora kepengin peperangan iki nganti kebacut-bacut, nanging kepiye carane ngrampungake ,Ingsun ora mangerti.”
“Nyuwun pangapunten, Sinuwun. Kula sumela atur.”
“Ana apa, Wiratamtama?”
“Ing paseban jawi wonten tamu ingkang badhe sowan paduka.”
“Sapa tamune?”
“Ngendikanipun Ragil Wirasuta,namung ngaten Sinuwun.”
“Kepiye ciri-cirine?”
“Panjenenganipun ngagem jubah kados satunggaling dwija.”
“Aja, aja...dheweke Pangeran Wirasuta. Ya aturana kanthi urmat supaya enggal mlebu!”
“Sendika dhawuh ,Sinuwun.”
“Wiratamtama mudha kuwi tersu mundur lan ngaturi Pangeran Wirasuta supaya enggal ngadhep.”
“Kula nuwun, Sunuwun. Kula ingkang sowan.”Ature Wirasuta.
“Sumangga, Pangeran Wirasuta.”
“Nyuwun pangapunten, kula sowan mboten katimbalan.”
“Inggih mboten dados menapa Pangeran, Wilujeng rawuh ing Sumedhanglarang.”
“Pangestu panjenengan wilujeng lampah kula,Sinuwun.”
“Sakecakaken anggenipun lenggah. Lajeng wonten kersa menapa keraya-raya tindak mriki,Pangeran?”
“Inggih Sinuwun,betek-betekipun kula nuruti pepenginan suci.”
“Pepenginan ingkang suci kados pundi kersanipun, Pangeran.?”
“Kula nggadhahi pepenginan supados peperangan ing antawisipun Sumedhanglarang kaliyan Cirebon menika enggal rampung, mboten kelajeng-lajeng.”
“Caranipun kados pundi ,Pangeran?”
“Kanthi ngawontenaken bedhamen ing antawisipun Sang Prabu kaliyan Kangmas Panembahan Ratu. Menapa Sinuwun sarujuk?”
“Saleresipun kula piyambak ugi mboten remen wontenipun peperangan menika. Kula ugi rumaos lingsem kanthi kadadosan menika. Nanging kados pundi malih.Pangeran.”
“Matur nuwun ,Sinuwun. Ateges kula mboten ngrekaos pados marginipun bedhamen. Kula kepengin supados Sang Prabu kersa bedhamen kaliyan Cirebon.”
“Perkawisipun menapa Cirebon purun bedhamen kaliyan Sumedhanglarang.”
“Kenging menapa mboten, sauger underaning prekawis dipun tuntasaken.”
“Kados pundi pemanggih panjenengan ,Pangeran?”
“Miturut pemanggih kula ingkang dados underaning prekawis menika Putri Harisbaya, Kangmas Panembahan Ratu kaliyan Sang Prabu piyambak. Putri Harisbaya ngantos sapriki tasih garwanipun sah Kangmas Panembahan Ratu. Nyolong Putri Harisbaya sami mawon kaliyan ngloropaken kawibawanipun ratu Cirebon. Lan kanggene Putri Harisbaya piyambak dados garwanipun Kangmas Panembahan Ratu menika mujudaken kadadosan ingkang kalentu , amargi kasunyatanipun mboten samidene tresna.”
“Inggih, kula rumaos getun ngengingi perkawis menika. Namung manawi kadakwa nyolong Putri kula mboten sarujuk.
“Kenging menapa?”
“Amargi kula mboten ngajak. Nanging  Putri Harisbaya piyambak ingkang dherek dhateng Sumedhanglarang.”
“Lha menawi ingkang dipun dhereki mboten kersa, tentu mboten saged dumugi ing ngriki. Rak inggih  ngaten ta?”
“Inggih, kula ngrumaosi lepat. Lajeng kados pundi?”
“Wiwitanipun Kangmas Panembahann Ratu kedah megat Putri Harisbaya langkung rumiyin. Lajeng Supados penggalihipun mboten cuwa lan kawibawanipun mboten kirang, kedah dipun lintoni.”
“Lintunipun menapa?”
“Dipun lintoni pasiten ingkang jumbuh, umpaminipun setunggal desa ing Majalengka. Kados pundi Sang Prabu?”
“Saestunipun awrat sanget, amargi pasiten menika dipun darbeki mawi pangurbanan.”
Menika perkawis ingkang ageng, Sang Prabu. Sang Prabu kedah ngurbanaken pasiten kangge lintunipun Putri Harisbaya, tanpa ngurbanaken kawibawanipun Ratu Cirebon. Menika nembe adil, Sinuwun.”
“Inggih , manawi pancen sadaya wau kangge bedhamen ingkang langgeng kenging menapa mboten sarujuk. Pancen sadaya menika mbetahaken pangurbanan. Wonten tetembungan Jer basuki mawa beya.”
“Maturnuwun manawi panjenengan Sarujuk. Ingkang salajengipun sumangga manggihi Putri Harisbaya!”
“Kangge menapa manggihi Putri Harisbaya?”
“Malahan panjenenganipun menika kuncinipun perkawis.”
“Kersanipun, kados pundi?”
“Kula badhe nyuwun supados Putri Harisbaya nyerat nawala katur Kangmas Panembahan Ratu. Ingkang suraosipun nyuwun supados piyambakipun dipun pegat kemawon.”
“O, pikajengipun, talak?”
“Kasinggihan. Kanthi mekaten wonten alesanipun Kangmas Panembahan Ratu megat piyambakipun. Lan Serat talak dipun lintoni mawi pasiten setunggal desa ing Majalengka.”
“Inggih kula sarujuk.Lajeng mbenjang menapa manggihi Putri Harisbaya?”
“Langkung cepet langkung sae. Lan peperangan menika enggal dipun kendeli, supados mboten tambah bebanten malih.Sesambetan Sumedhanglarang kaliyan Cirebon badhe wangsul sae malih.”
“Manawi dinten samenika ugi sumangga bidhal dhateng Kuthamaya , manggihi Putri Harisbaya. Amargi Putri Harisbaya samenika cumondhok ing Kuthamaya.”
“Inggih, sumangga kula namung dherek.”
Dina kuwi uga Prabu Geusan Ulun sapengombyong lan Pangeran Wirasuta budhal menyang Kuthamaya. Dheweke njujug ing Sasana kaputren Kuthamaya.
Putri Harisbaya nemoni tamuni loro ing pendhapa Kaputren. Sanajan dandane mung prasaja, nanging ayune katon sumunar.
“Kula nuwun, Putri Harisbaya.”Ngendikane Pangeran Wirasuta.
“Mangga, Kanjeng Sinuwun saha Pangeran Wirasuta.”
“Nyuwun pangapunten,Putri. Kula tebih-tebih saking Cirebon saperlu ngupadi bedhamen ing antawisipun Sumedhanglarang kaliyan Cirebon.”Kandhane Wirasuta.
“Inggih menika, ingkang kula suwun.”Wangsulane Harisbaya.
“Kados sampun dipun wuningani bilih peperangann menika kathah ruginipun katimbang bebathenipun.Kajawi pangurbanan jiwa raga bandha donya ugi thukuling dendham salajengipun.”
“Inggih ketingalipun mekaten, Pangeran.”
“Lajeng ingkang dados underaning perkawis menika, Putri Harisbaya piyambak, Sinuwun Prabu Geusan Ulun lan Kangmas Panembahan Ratu.”
“Lajeng kados pundi kersa panjenengan, Pangeran?”
“Saumpami wekdal menika Kangmas Panembahan Ratu maringi Serat pegat dhumateng Gusti Putri Harisbaya.  Kula kinten perkawis menika sampun rampung. Rak inggih ngaten ta?”
“Leres sanget, Pangeran.”
“Kula namung badhe nyuwun pirsa, menapa Gusti Putri Harisbaya sampun mboten kersa dados garwanipun Kanjeng Panembahan Ratu ing  Cirebon?”
“Saleresipun mekaten,Pangeran.”
“Menapa mboten gerah penggalih manawi dipun pegat?”
“Mboten ,Pangeran. Malah langkung remen.”
“Lha , menawi mekaten kula caos eguh pertikel.Samenika Gusti Putri damel nawala ingkang suraosipun nyuwun dipun pegat.”
“Menawi kedah mekaten marginipun kula badhe damel.”
“Inggih, samenika kula tengga. Sumangga kula aturi enggal nyerat nawala katur Sinuwun Panembahan Ratu.Ingkang suraosipun nyuwun kaparingan talak”
“Inggih ,kula suwun nengga sawetawis.”
Sawetara wektu Sang Putri Harisbaya nulis layang tumuju marang Prabu Panembahan Ratu ing Cirebon.







Gambar 7.2

Putri Harisbaya nulis layang ana ing pendhapa Kaputren Kuthamaya
Prabu Geusan Ulun lan Pangeran Wirasuta( mangagem jubah) nunggoni.
 
 












Kanthi ati sing kumesar sang Putri Harisbaya nulis layang. Manawa Sang Prabu Panembahan Ratu nyarujuki mesthi jejodhohane karo Prabu Geusan Ulun enggal kaleksanan.
Pranyata dalan sing luwih prayoga kuwi isih ana. Awake Putri Harisbaya rumangsa dadi adhem panas. Atine antuk kabagyan.
Prabu Geusan Ulun tuhu sawijining ratu kang ambek utama, sing ora wani gepok senggol karo Putri Harisbaya. Dheweke banget anggone jaga dhiri supaya ora asring ketemu, kapara malah mapan ana papan sing seje. Kabeh mau ditindakake supaya ora nerak kutaman.
Sawise layang kuwi rampung, age-age dipasrahake marang Pangeran Wirasuta.
“Maturnuwun, Gusti Putri. Mugi-mugi Sinuwun Prabu Panembahan Ratu kersa ngudaneni panyuwun panjenengan.”
“Inggih. Mugi-mugi Sang Prabu tinarbuka manahipun satemah kersa maringi serat talak kange kula.”
“Inggih mugi-mugi mekaten.”
“Sabara dhisik Dhiajeng, Muga –muga gegayuhane awake dhewe bisa enggal kaleksanan.” Ngendikane Sang Prabu Geusan Ulun.
Katon kembeng-kembeng waspane Putri Harisbaya. Kaya-kaya pengin njerit atine ngenteni wektu kang kebak kabagyan kuwi.
Rombongan Ratu Sumedhanglarang mlaku alon-alon ninggalake Kuthamaya. Bareng lakune tekan ing prapatan dalan Pangeran Wirasuta nyuwun idi palilah bakal mulih menyang Cirebon. Dene Prabu Geusan Ulun mulih menyang Dayeuhluhur.
Lakune Pangeran Wirasuta nimnggalake Sumedhanglarang tumuju menyang Cirebon gangsar ora ana alangan sawiji apa.Ora let suwe dheweke wis tekan Kedhaton Cirebon.
Tanpa leren, Pngeran Wirasuta mbudidaya ngadhep Kangmase, Prabu Panembahan Ratu ing  sasana sumewa. Dheweke weruh mlebu metune para Wiratamtama. Mesthine kabeh mau gegayutan karo anane peperangan kuwi.
Saperangan prajurit sing gugur ana payudan lan sing padha tatu oleh pangupakara sing becik.Sajake cacahe prajurit bakal ditambahi,, supaya peperangan kuwi cepet rampung.
Iki ora kena dibacutake, kudu ana karampungan sing gumathok. Lan besuke ora kadadean perang maneh.
Wirasuta age-age mlebu ing sasana sumewa. Kepeneran Sang Prabu lagi lenggah rembugan karo para Wiratamtama Cirebon.
“Kepiye Kahanane ing payudan, Wiratamtama?” Pitakone Sang Prabu panembahan Ratu marang Wiratamtama sing lagi ngadhep.
“Nyuwun pangapunten, Sinuwun. Swasana tasih kados kala wingi. Mboten wonten ingkang saged ngasoraken mengsahipun. Prajurit Sumedhanglarang pancenn kiyat. Nanging prajurit Cirebon ugi awrat dipun trobos. Kekalihipun sami-sami kiyatipun.”
“Ya yen mangkono prayoga ditambahi cacahe prajurit , supaya enggal bisa ngalahake mungsuh.”
“Sendika dhawuh, Sinuwun. Kula enggal badhe nglempakake para prajurit pilihan supados enggal saged ngasoraken mengsah.”
“Ya, tindakna ayahanmu kanthi becik.”
“Sendika dhawuh ,Sinuwun.”
Wiratamtama kuwi age-age mundur metu saka sasana sumewa.
Bareng  Sang Prabu Panembahan Ratu pirsa tekane Wirasuta.Sang Prabu terus ndangu.
 “Ayo Dhimas Wirasuta . kapara cedhak pisowanmu.”
“Matur nuwun, Kangmas Prabu.”
“Apa  pisowanira bakal sabiyantu Pun Kakang, perang mungsuh Sumedhanglarang, Dhimas?”
“Nyuwun pangapunten, Kangmas Prabu. Kula mboten badhe ngrencangi perang”
“Geneya ora . Lha kuwi rak wajib tumrape Si Adhi.”
“Kula suwun peperangan menika dipun kendeli, Kangmas Prabu. Amargi badhe tuwuh bebanten langkung kathah malih.”
“Lha ngapa ,Dhimas. Perang iki gegayutan karo kawibawanku.”
“Kula mangertos, Kangmas Prabu. Ewasemanten saksae-saenipun memengsahan, langkung  sae manawi sami kekadangan.
“Pancen bener. Nanging dheweke sing wis ndhisiki golek perkara. Nyolong garwaku Putri Harisbaya.”
“Ewasemanten sadaya wonten alesanipun, Kangmas Prabu.”
“Apa menang –meneng Si Adhi wis nganakake panaliten?”
“Kula namung badhe njejegaken perkawisipun.”
“Coba yen Si Adhi pirsa apa underaning perkara ,Dhimas.”
“Awakipun piyambak pirsa , manawi Putri Harisbaya menika mujudaken pisungsung saking Arya Pangiri Pajang dhumateng Kangmas Prabu. Pikajengipun supados Pajang pasekuthon kaliyan Cirebon. Mliginipun manawi Pajang ngadhepi mengsahipun.”
“Ya , bener sliramu Dhimas.Terus,?
“Salajengipun Kangmas Prabu mundhut garwa Putri Harisbaya, ewasemanten mboten dipun kantheni raos tresna tinresnan. Namung sadremi netepi wajib supados mboten wonten daredah ing antawisipun Cirebon kaliyan Pajang.”
“Ya terus?”
“Sawetawis menika, Putri Harisbaya sampun sesambetan katresnan kaliyan Pangeran Angka Wijaya. Ingkang samenika jumeneng nalendra ing Sumedhanglarang jejuluk prabu Geusan Ulun.”
“Iya, dhimas. Terus?”
“Ateges Putri Harisbaya kersa dhateng Cirebon amargi kapeksa dening Ratu Pajang.”
“Iya , pancen kaya ngono.”
“Kanthi mekaten, peladosanipun dhumateng panjenengan mboten ngremenaken ing penggalih.”
“Sliramu bener, Dhimas.”
“Lha nalika Prabu Geusan Ulun mertamu dhateng Cirebon, Katresnanipun ingkang sampun kependhem temah kagigah malih. Thukul tekadipun dherek Geusan Ulun dhateng Sumedhanglarang.”
Sang Prabu mung manthuk.
“Kula nyuwun pirsa, namung kula suwun dipun wangsuli kanthi tulusing penggalih.”
“Apa, Dhimas?”
“Menapa Kangmas saestu tresna dhumateng Putri Harisbaya?”
“Terus terang aku ora tresna, Dhimas.”
“Lajeng kados pundi manawi Putri Harisbaya nyuwun pegat?”
“Hm. Kepiye ya? Pancen prayogane dak pegat wae.”
“Leres, ngaten menika?”
“Iya bener, Sauger metu saka karepe Putri Harisbaya dhewe.”
“Saumpami Putri Harisbaya sampun dipun pegat. Menapa peperangan badhe dipun lajengaken?”
“Ya , mesthi wae ora. Amarga sing dadi perkara kuwi Putri Harisbaya isih dadi garwaku.”
“Manawi ngaten kula sarujuk kaliyan pamanggih panjenengan.”
Panembahan ratu ora ngerti kekarepane Wirasuta sing satemene. Nanging penemune kabeh mau pancen bener.
“Kangmas Prabu, sejatosipun wiwit nalika peperangan dipun adani, kula sampun migatosaken lampahing peperangan. Kula tingali mawi netra kula piyambak bilih peperangan menika imbang. Mboten wonten ingkang kawon, ugi mboten wonten ingkang mimpang. Saumpami mimpang mesthinipun kathah bebantenipun, langkung-langkung manawi kawon tentu kurbanipun langkung kathah malih.”
“Paramila awit saking punika kados pundi saumpami peperangan menika dipun kendeli lan ngawontenaken bedhamen kemawon kaliyan Sumedhanglarang. Kangmas Prabu tentu pirsa Sumedhanglarang menika kala emben sae sesambetanipun kaliyan Cirebon. Ewasemanten kenging menapa namung perkawis wanita kemawon temah dados peperangan.
 “Ya saiki aku ngerti karepmu. Saiki aku kudu kepiye?”
“Samenika, kula suwun dipun waos serat menika rumiyin!”
“Layang saka ngendi?”
“Saking Putri Harisbaya.”
Sang Prabu tumuli maca layange Putri Harisbaya. Sabanjure ditaliti apa kekarepane. Layang panyuwunan marang Panjenengane , supaya Putri Harisbaya dipegat. Amarga palakramane wis ora bisa diterusake maneh.
“Iya, bakal dak udaneni panjaluke. Nanging saka ngendi Dhimas oleh layang iki?”
“Kula nembe kemawon saking Sumedhanglarang lan kepanggih kaliyan Sang Putri.Kula nyuwun pirsa ngengingi tekadipun. Pranyata pancen leres , piyambakipun mboten saget nglajengake jejodhohanipun kaliyan Kangmas Prabu.”
“Kepiye tanggapane Geusan Ulun?”
“Pajenenganipun ugi sarujuk ngawontenaken bedhamen.”
“Ya yen ngono, becike nglereni peperangan luwih dhisik.”
“Menapa mboten cuwa mbenjangipun, Kangmas Prabu?”
“Ora.”
“Inggih manawi mekaten samenika Kangmas Prabu damel nawala dhawuh dhateng Senapati Wiralodra supados ngunduraken prajurit saking tapel wates negari.Perang dipun kendeli , lan perkawis menika sampun dipun sarujuki Geusan Ulun.”
“Ya yen mangkono dak tulise layange.”
Sang Prabu age-age nyerat nawala kang ditujokake marang Senapati Wiralodra supaya wiwit dina iki peperangan dilereni. Para prajurit Cirebon diundurake saka tapelwates.
Marang ingkang kinasih
Senapati Wiralodra lan para prajurit.
Ing glanggang payudan

Nuwun,
Kanthi nawala iki ingsun dhawuhake marang para Senapati , Tumenggung, Wiratamtama lan Prajurit Cirebon, sing lagi padha bebela negara ngadani perang, mungsuh Sumedhanglarang.
1.     Nglereni peperangan mungsuh Sumedhanglarang.
2.     Ngundurake prajurit saka tapel wates negara.
Amarga Ingsun bakal nganakake bedhamen karo Sumedhanglarang.
Muga tansah manggih yuwana awit sihing Gusti.
Nuwun.
Panembahan Ratu
Panguwasa Cirebon.
“Dhimas Wirasuta.  Aja wedi kangelan ing wengi iki uga sira dak utus ngeterake nawala iki menyang tapel wates.
          “Sendika dhawuh,Sinuwun.”


 


8.Dhaupe Geusan Ulun
P

angeran Wirasuta ngrasuk busana kapangeranan Cirebon. nitih kudha didhrekake saperangan para Wiratamtama. Lakuning barisan dipangarsani dening prajurit sing nggawa umbul-umbul lambang keagungan Cirebon. Kawula sing padha ngulati padha gumun. Mesthi ana kadadean wigati sing kelakon, nanging kadadean apa? Saiki lagi ana peperangan antarane Cirebon lan Sumedhanglarang ing tapel watese negara. Apa peperangane wis rampung kanthi kamenangane Cirebon?
Prajurite Wirasuta tekan tapel watese negara wayahe wis surup. Nalika kuwi perang dilereni , lan para prajurit padha lerem ana pesanggrahane.
Saperangan Prajurit padha kaget , amarga sing teka Pangeran Wirasuta adhine kandhung Sang Prabu Panembahan Ratu. Age-age Panglima Wiralodra mangayubagya rawuhe.
“Wilujeng rawuh, Pangeran.” Kandhane Wiralodra.
”Wilujeng, para Senapati lan Wiratamtama.”
“Wonten dhawuh menapa Pangeran rawuh ing papan mriki?”
“Aku ngemban dhawuh Sinuwun Prabu Panembahan Ratu.”
“Mangga , menapa ingkang kadhawuhaken?”
“Dhawuh Dalem wis sinerat ana ing layang iki. Mula kuwi wacanen sing sora dimen padha bisa ngrungokake kanthi cetha.”
Kanthi rada gugup Panglima Wiralodra maca nawala saka Gusti prabu Panembahan Ratu.
Para prajurit kaya-kaya ora percaya krungu dhawuhe ratu Gustine kuwi. Nanging layang kuwi dudu layang palsu. Apa maneh sing nggawa dudu sadhengah pawongan nanging Kanjeng Pangeran Wirapati adhine kandhung Sang Prabu dhewe.
Ya arep kepiye maneh, amarga satemene pucuking panglima Sang Prabu dhewe.Manawa panjenengane wis netepake nglereni perang, ora ana dalan liya kajaba ngestokake dhawuh.






Gambar 8.1

Ing pesanggrahan tapel wates negara
Panglima Wiralodra maca nawala kaadhep para Wiratamtama
Pangeran Wirasuta ngrasuk busana kapangeranan
kadherekake para prajurit ana kono.

 
 












“Pangeran, Sasampunipun kula maos nawala saking Sinuwun, kula namung sendika dhawuh.”
“Matur nuwun, Panglima.Yen ngono age enggal undurna.”
 “Sendika, Pangeran.”Panglima Wiralodra dhawuh marang senapatine telu supaya prara prajurit kadhawuhan mbongkar kemahe lan tata-tata ubarampening perang. Sesuk esuk kudu wis ninggalake tapel watese negara  mulih menyang Cirebon.
Para prajurit padha tata-tata bali kanthi ora kumecap apa-apa. Mung padha tuwuh tandha pitakon geneya peperangan kudu di endhegake. Sawetara liyane ana sing ngaturake suka syukur amarga kepiye wae perang karo Sumedhanglarang kuwi padha karo perang karo sedulure dhewe.
Para prajurit padha seneng amarga kepiye wae perang kuwi bakal nuwuhake pangurbanan tumrap sing menang utawa sing kalah.
Ganti kang cinarita , ora kaya sing ana pensanggrahane Prajurit Sumedhanglarang. Nalika samana wancine isih esuk Patih Jaya Prakosa nampa palapurane sawijinig prajurit.
“Nyuwun pangapunten Gusti Patih.”
“Ana apa prajurit?”
“Wonten satunggaling keanehan, Gusti.”
“Keanehan apa, Prajurit?”
“Pesanggrahan Prajurit Cirebon sampun dipun bongkar.”
“Apa bakal miwiti perang?”
“Mboten , Gusti Patih.”
“Lha kepiye?”
“Ing glanggang payudan mboten wonten gelaring perang, nanging prajurit Cirebon sadayanipun sampun mboten wonten.”
“Lho kok aneh temen. Pada menyang ngendi?”
Swasana kaya ngono kuwi mesthi gawe cingake Prajurit Sumedhanglarang.Dheweke rumangsa kelangan mungsuhe dumadakan.
Jaya Prakosa age-age nimbali Senapati Wiradijaya, Senapati Kondhang  Hapa lan senapati Pancar Buwana. Sateruse para senapati kuwi padha mertinjo menyang pesanggrahane Prajurit Cirebon. Pranyata pancen bener, manawa para prajurit Cirebon wis padha lunga. Apa dheweke sengaja mundur? Utawa ana sabab liya?Apa sing kudu ditindakake?Apa isih padha bakal ana papan kuwi?
Nalika para Senapati bali menyang pesanggrahane Prajurit Sumedhanglarang, dumadakan jumedhul saka sisih kulon sawijining kudha. Kudha kuwi ditumpaki sawijining Prajurit saka Dayeuhluhur.
Para prajurit age-age menehi dalan supaya Sang Dhuta bisa gampang liwate. Utusan kuwi mlumpat saka gigiring turangga lan age-age matur ing ngarsane Patih Jaya Prakosa.
“Nyuwun pangapunten, Gusti Patih. Kula Dhuta saking Gusti Prabu Geusan Ulun.”Ature prajurit Dhuta.
“Iya ana apa, Prajurit Dhuta?”
“Kula caraka, mbeta nawala dhawuh saking Gusti Prabu.”
“Enggal aturna nawalane!”
“Menika Gusti Patih.”
Patih Jaya Prakosa age-age mbukak layang kuwi lan terus wiwit diwaca. Surasaning nawala kanggone Patih Jaya Prakosa, prasasat swaraning bledhek nyamber ing wayah awan.
“Apa? Kudu mundur?Aku ora ngandel.
“Leres, Gusti Patih. Menika nawala dhawuh saking Sinuwun Prabu Geusan Ulun, ingkang kedah kula aturaken Panjenengan.”
“Coba wacanen, Pancar Buwana! Apa layang iki palsu?”
“Sendika, Kakang Patih.”
Senapati Pancar Buwana age-age maca nawala kuwi, saka dhawuh Panglima sing dhuwur dhewe ing negara Sumedhanglarang.
Sawise ngulati cap Kraton lan tulisane, wis cetha manawa layang kuwi layang asli. Diserat Gusti Prabu Geusan Ulun dhewe.
Katur Ingkang Kinurmatan
Panglima Perang Sumedhanglarang
Eyang Patih Jaya Prakosa.

Kahiring pakurmatan,
Kanthi nawala menika kula panguwasa Sumedhanglarang minangka Panglima Paling Inggil handhawuhaken.
1.Ngendhegaken peperangan mengsah Cirebon.
2.Ngunduraken sadaya Prajurit dhateng Kuthagara.
Salajengipun kangge ngrampungaken underaning perkawis, Cirebon kaliyan Sumedhang larang badhe ngawontenaken bedhamen.
Matur nuwun.

Geusan Ulun
Panguwasa Sumedhanglarang
“Manawi ningali seratan saha cap Kraton, nawala menika asli, Kakang Patih.”Kandhane Senapati Pancar buwana karo menehake layang kuwi marang Senapati liyane.Kanthi mangkono para Senapati padha maca gentenan. Sajake Patih Jaya Prakosa ora lila manawa Prajurit kadhawuhan mundur. Amarga satemene dheweke bakal males wirang marang Prajurit Cirebon sing wis ngrubuhake Kraton Pajajaran.
Patih Jaya prakosa satemene pengin mbalekake jayaning Pajajaran sing wis sirna kalah dening pangesuking Kraton Islam.
“Dhimas Pancar Buwana, Aku ora sarujuk ngenani perkara iki . Mulane aku dak dhisiki laku bali menyang Dayeuh luhur, nyuwun pirsa kersane Sinuwun. Bregadaning Prajurit dak pasrahake marang SiAdhi lan para senapati liyane. Borong anggonmu ngundurake para Prajurit .”
“Sendika dhawuh, Kakang Patih.”
Patih Jaya Prakosa age-age mlumpat menyang gigiring turangga. Sabanjure nggeret kendhalining kudha satemah kudha titihane kuwi mlayu nggemprang banter banget mulih menyang Dayeuhluhur kanthi rada mangkel atine.
Pancar Buwana mung gedheg-gedheg ngulati patrape kangmase sing kebak kanepson kuwi. Dheweke age-age rembugan karo Senapati liyane.Lan wiwit wektu kuwi pasanggrahan dibongkar. Peperangan wis paripurna, tanpa dingerteni ngendi sing menang lan endi sing kalah.
Sepuluh dina candhake ing sawijining dina kang wis ditentokake ana kadadean wigati tumrap kawula ing Sumedhanglarang lan Cirebon. Negara loro kuwi bakal nganakake bedhamen.
Nalika samana ing sawijining desa wewengkon Kecamatan Majalengka sing isih kebawah Sumedhanglarang sisih wetan. Mujudake tapel watese karo Kraton Cirebon sing lemahe subur lan makmur bakal dianankake bedhamen utawa winastan sidhang.
Ing bangsal agung kang wis digawe maligi bakal dianakake prastawa wigati sing magepokan karo bedhamen ing antarane Karaton Sumedhanglarang lan Cirebon sing  lagi padha daredah.
Ing sadalan-dalan tumuju bangsal agung dipasang umbul-umbul manekawarna. Sesawangan katon semuwa mratandhani lamun ing kono bakal diananake sawijining pesta gedhen.
Nalika srengengene wis sagenter dhuwure, katon saka sisih kulon ana sawijining kreta kencana sing digeret jaran loro, diiringi dening prajurit turangga.
Ing sisih ngarep an aprajurit loro sing pinangka pucuking laku.Sawurine kreta kudha sing dititihi sawijining Putri karo embane.
Ing sawurine maneh ana Jejaka bagus rupane nanging mengku prabawa sing gedhe. Nitih turangga pepilihaning kudha.
Yakuwi rombongane Prabu Geusan Ulun saka Dayeuhluhur.Sing lungguh ana sajeroning kreta ,Putri Harisbaya karo embane. Rombongann cilik kuwi terus mlaku tumuju menyang desa mapane bangsal agung.Kawula sing padha ana sadalan-dalan tansah ngelu-elu marang Ratu gustine kang kepareng tedhak ing papan kuwi. Prastawa kaya ngono kuwi langka banget kelakone.Sawijining nalendra kepareng bakal mertinjo menyang desa kluthuk ing wewengkone .
Bareng karo wayahe, saka sisih wetan, jumedhul rombongan saka Cirebon.Rombongan cilik kuwi dipangarsani dening Kanjeng Panembahan Ratu, diampingi Pangeran Wirasuta. Rombongan Cirebon kuwi ora nggawa prajurit segelar sepapan kaya dene rombongan saka Sumedhanglarang.
Rombongan loro mau wis tekan bangsal agung sing digawe maligi kanggo Sidhang. Sidhang antarane priya lan wanita sing padha omah-omah utawa pepasihan utawa kasih sinisihan. Mula papan kono katelah Sidhangkasih.
Priyagung  sing padha lungguh ana bangsal agung kuwi, Prabu Panembahan Ratu sing diamping-ampingi Pangeran Wirasuta. Putri Harisbaya sing diampingi embane. Lan Prabu Geusan Ulun.
Tatacara Bedhamen ing antarane Kraton Sumedhanglarang lan Cirebon dipurwakani. Sing sesorah dhisik Sang Prabu Geusan Ulun.
“Ingkang Kinurmatan Prabu Panembahann Ratu saking Cirebon, Pangeran Wirasuta ingkang kula urmati lan para pangombyong saking Cirebon ingkang bagyamulya sarta Para kawulaningsun ing Sumedhanglarang. Ing dinamirunggan iki ingsun ngrawuhake Sang Prabu Panembahan Ratu saka ing Cirebon saperlu bakal ingsun ajak nganakake bedhamen. Kaya dene wis padha disumurupi manawa pirang-pirang dina kepungkur prajurit Sumedhanglarang lan Cirebon padha peperangan ing tapel watese negara Sumedhanglarang lan Cirebon.”
“Sawise ingsun penggalihake kanthi weninging ati , mula ingsun sakarone Sarujuk ngendhegake peperangan.Muga-muga ing dina-dina candhake kadadeyan kaya mangkono ora ana maneh. Lan sabanjure kraton loro bakal urip tetanggan pinangka negara sing mardika sing tansah padha urmar kinurmatan.Sabanjure manawa kabeh wis padha sarujuk bakal dibacutake ngenani underaning perkara sing anjalari dumadine peperangan.”
“Nanging sadurunge kuwi ingsun uga kepengin midhanget pemanggihe Kanjeng Panembahan Ratu ing Cirebon ngenani bedhamen iki. Bakune ingsun sarujuk lan ora bakal nganakake peperangan maneh.”
“Sakirane samene dhisik sambutan ingsun minangka panguwasa ing Sumedhanglarang.  Lan saiki ayo padha dimirengake pangandikane Sang Prabu Panembahan Ratu Cirebon.”
“Nuwun.”
Kabeh sing ana kono padha seneng atine bareng krungu sesorahe Prabu Geusan Ulun. Putri Harisbaya katon mesem ngulati Prabu GeusanUlun.
Sabanjure Pangeran Wirasuta caos sasmita marang Prabu Panembahan Ratu supaya sesorah.
“Ingsun Prabu Panembahan Ratu panguwasa Cirebon adoh-adoh teka kene amarga kepengin ngrampungi peperangan lan nganakake bedhamen karo Sumedhanglarang....”
“Nuwun.”
Bareng ratu loro wis padha sesorah ngetokake pangunekuneke, Pangeran Wirasuta terus mangarsani bedhamen.
Pangeran Wirasuta nyuwun sing padha ora diperlokake supaya sumingkir sawetara saka bele agung .Sabanjure sing padha rembugan ana kono mung antarane Pangeran Wirasuta, Prabu Geusan Ulun, Prabu Panembahan Ratu lan Putri Harisbaya lan sawijining pengulu Kraton Sumedhanglarang.
“Pak pengulu, seksenana , Ingsun bakal takon karo garwaku Putri Harisbaya.” Pengendikane Prabu Panembahan Ratu.”
“Sendika, Sinuwun Prabu Panembahan Ratu.”Ature Pengulu.
“Dhiajeng putri Harisbaya.Sliramu wis kirim nawala saperlu nyuwun pegat. Apa wis dipikirake becik lan orane?”
“Sampun, Sinuwun Prabu Panembahan Ratu.”
“Yen mangkono ingsun dhawakake talak sepisan.”
“Kula tampi sinuwun.”
“Kula sadaya nyekseni “ Kandhane Pangeran Wirasuta, Prabu Geusan Ulun lan Pengulu.
“Manawi sampun telas mangsa idahipun iggih menika tigang wulan sedasa dinten panjenengan sampun saged krama malih.”
Wiwit dina kuwi Putri Harisbaya wis dadi warandha.Uwal saka pangikete palakrama karo Prabu Panembahan Ratu.
Sabanjure Prabu Geusan Ulun ngandika.
“Sinuwun Prabu Cirebon, Menapa panjenengan remen mapan wonten ing Sidhangkasih menika?”
“O, mesthi kemawon, sang Prabu Sumedhanglarang. Kula remen papan menika awit pasitenipun subur makmur, kawulanipun sami grapyak lan semanak tuwin sesawangan ingkang indah.”
“Sokur bage, manawi mekaten wiwit wekdal menika Sidhangkasih kula pasrahaken dhumateng panjenengan supados winengku kraton Cirebon.”






Gambar 8.2

Ing bangsal agung Sidhangkasih
Prabu Panembahan Ratu takon marang Putri Harisbaya disekseni sawijining pengulu Kraton Sumedhanglarang, Pangeran Wirasuta lan Prabu Geusan Ulun,.

 
 











“Matur nuwun,Menapa saestu kanthi tulusing penggalih?”
“Kula ngaturaken kanthi remening penggalih.”
“Matur nuwun dhumateng Sang prabu Geusan Ulun tuwin Sang Prabu Panembahan Ratu ingkangv sampun ngawonteaken bedhamen. Ingkang salajengipun murih sadaya wau wonten kekiyataning pranatan, Pramila badhe kadamelaken prajanjen. Samangke Sinuwun Prabu kekalih kula suwun tapak asma.”Ature Pangeran Wirasuta.
“Sendika Pangeran.”” Iya Dhimas”.Wirasuta.”
Sawise Ratu loro padha tapak asta pasowanan dibubarake. Sabanjure padha kondur menyang asale dhewe-dhewe kanthi kebak kabagyan.Prabu Panembahan Ratu oleh tambahan wewengkon Sidhangkasih. Dene prabu Geusan Ulun oleh putri Harisbaya randhane ratu Cirebon.
Enem sasi candhake ing Kedhaton Dayeuhluhur dianakake pawiwahan dhaupe  Prabu Geusan Ulun lan Putri Harisbaya.
Pahargyan dianakake kanthi semuwa sajrone pitung dina pitung bengi. Kabeh budaya sing ana ing tlatah Sumedhanglarang dipentasake.







Gambar 8.3


Ana kedhaton Dayeuhluhur
Prabu Geusan Ulun dadi manten karo Putri Haris baya
Para kawula padha ngebaki kraton.
 
 











Pasangan penganten kuwi padha ngrasakake kabagyan sing wis sawetara wektu ditunggu-tunggu.
Ora kurang saka pitung tahun anggone padha ngenteni, pancen wektu semono kuwi rasane suwe banget. Rasa sabar lan tabah tawakal wae sing wis bisa nguwohake kabagyan sing padha dialami saiki.
Nanging ing sawijining dina nedheng-nedhenge Prabu Geusan Ulun dadi manten. Ngrasakake bagya mulya sesandhingan karo Garwane Putri Harisbaya ana sawetara perkara ngenani ora sarujuke  Patih Jaya Prakosa marang Sang Prabu Geusan Ulun anggone nganakake bedhamen.
Kaya dene wis padha disumurupi manawa, Patih Jaya Prakosa satemene ora sarujuk karo ananing bedhamen antarane Cirebon Lan Sumedhanglarang.Amarga dheweke duwe gegayuhan pengin ngobrak-abrik Kraton Cirebon sokur bage bisa ngrubuhake.
Nalika dhaupe Prabu Geusan Ulun Patih jaya Prakosa ora nunggoni malah dheweke lunga menyang ing Kuthamaya. Wong lanang tuwa tilas pejuang Pajajaran kuwi rumangsa kuciwa atine amarga kekarepane ora bisa keturutan , Anggone bakal ngrubuhake Kraton Cirebon ora bisa kaleksanan katambah adhi-adhine nalika diajak menyang Kuthamaya ora ana sing melu.
Dheweke nyawang wit Hanjuang sing biyen ditandur ing alun-alun, nalika jumenenge Sang Prabu Geusan Ulun.Ora ana pawongan siji-sijia wae. Sajake kabeh kawula ing sakiwa tengene Kuthamaya padha menyang Dayeuhluhur nonton dhaupe Ratu Gustine.
Patih Jaya Prakosa ndelengi Wit hanjuang kuwi kanthi kebak gumun. Wit kuwi urip subur, godhonge ngrembuyung .
Kuwi mratandhani manawa satemene Kuthamaya pantes didadekake Pakuan.Yakuwi  pakuan sing anyar. Nanging kena apa Sang prabu Geusan Ulun ora kersa malah luwih seneng Dayeuhluhur minangka Kuthagara. Banget gawe kuciwane.
Kanthi jangkahing suku sajak lesu, Jaya Prakosa mlaku mangetan datan rinasa tekan salerenging gunung. Lan ing lereng gunung kuwi dheweke weruh peluk werna putih metu saka pucuking gunung . Dheweke ngadek sawetara suwe ana papan kuwi.
Para kawula sing padha nyumurupi ngadege Sang Patih Jaya Prakosa terus menehi jeneng gunung kuwi Gunung Pengadegan. Gunung papane Eyang Jaya Prakosa jumeneng utawa ngadeg.
Nanging suwe-suwe mapan ana papan kuwi dheweke rumangsa bosen. Dheweke nglengganani manawa nesune kuwi ora bakal gawe owah-owahan,nanging malah ngentekake tenaga sing tanpa piguna.
Wusanane dheweke netepake bali menyang Dayeuhluhur. Ana sawjining kalodhangan sing becik Patih Jaya Prakosa sowan menyang ngarsane Prabu Geusan Ulun. Nalika samana Prabu Geusan Ulun lagi lelenggahan karo garwane Putri Harisbaya.
“Gusti Prabu, menapa Sinuwun tasih mbetahaken kula?”
“Kenging menapa Eyang Patih ngendika mekaten?Ngantos wekdal menika, Eyang Patih tasih kula betahaken lan kula anggep pinangka sesepuh kula saha sesepuhing Sumedhanglarang.”
“Ewasemanten pemanggih kula kalamangsa benten kaliyan pemanggihipun Sinuwun Prabu.”
“Babar pisan mboten, Eyang. Eyang menika kekiyataning Kraton Sumedhanglarang. Sadaya tentu sampun pirsa. Sanget ageng labuh labetipun Eyang patih dhateng Kraton Sumedhanglarang. Perkawis menika mboten badhe kula lirwakaken.Namung menawi kepareng kula badhe nyuwun pirsa kenging menapa nalika kula dhaup Eyang Patih mboten nenggani?”
“Nyuwun pangapunten, Sinuwun. Nalika semanten dumadakan kula rumaos sedhih, sedhih sanget amargi rancangan kula mboten salaras kaliyan kasunyatanipun. Kula kepengin Sumedhanglarang menika dados Pajajaran kapindho Ingkang kuncara sak nuswantara”
“Inggih Eyang. Mbokbilih lampahing sujarah  benten.”
“Mboten,Sinuwun. Kula sampun ningali pratandha ingkang wonten ing Kuthamaya.”
“Tandha menapa Eyang?”
“Wit hanjuang ingkang kula tanem ing Kuthamaya nalika jumenengan paduka,  saged gesang subur. Ronipun ngrembuyung menika mujudaken pratandha bilih ing Kuthamaya, Pajajaran saget dipun bangun malih.”
“Kenging menapa Eyang patih kagungan pemanggih mekaten?”
“Amaragi nalika semanten, Kakek buyut kula nanem Hanjuang ing alun-alun Pakuan Pajajaran. Lan wit menika saged gesang subur sadangunipun Pajajaran Jaya.
“Nanging, nyuwun pangapunten Eyang Patih. Sadaya menika wonten panguwaosipun Gusti Ingkang Maha Gesang.”
“Nanging,Sinuwun,kula tasih pitados perkawis ngaten menika.”
“Eman sanget Eyang.Kuthagara sampun dipun pindhah dhateng Dayeuhluhur.Tegesipun Kuthamaya mboten dados kuthagara malih.Inggih sampun Eyang mboten sisah dipun penggalihaken. Ingkang sampun kepungkur kersanipun sumimpen samenika sumangga makarya kangge kemajenaganing Sumedhanglarang.”




Tamat