Jumat, 10 Februari 2012

Kabayan Jago Silat


1. Bubar Panen
M

angsa panen para among tani mepe gabah ana ing latar. Semono uga ing palatarane Abah. Parine ing  sawah wis dipaneni saiki gabahe dipepe ana latar sadurunge digawa menyang selepan utawa penggilingan.
Nalikane Gabah asil panene dipepe durung garing kamangka wancine wis sore mulane gabah mau diwadhahi karung. Karepe Simbok gabah sing wis diwadhahi karung kuwi disimpen ana jero ngomah. Nanging Abah ora sarujuk mulane sawise diwadhahi karung diwenehake ana pinggir latar.
“Apa gabahe ora disimpen ana njero ngomah wae ,Bah?” Pitakone Simbok.
“Wis ana njaba wae, katimbang sesuk gawa metu maneh.”
“Lha yen ana njaba apa aman?”
“Ya mengko dijaga giliran.”
“Ya, nanging awas yen ora dijaga! Aku krungu ing desa wetan kana wingi ,gabahe asile panen durung wae digawa menyang lumbung malah wis kedhisikan digawa maling.”
“Ya, aku ya krungu. Mulane mengko dijaga gentenan”
“Sapa wae sing arep njaga?”
“Ya, aku , Kabayan karo Karim  gentenan.”
“Ya wis yen ngono. Aku sumelang yen ora dijaga mengko dicolong maling.”
“Kudune sing jaga wong loro, dadine yen sijine ngantuk sijine isih jaga.Nanging aja malah padha turu kabeh!”
“Ya,iya.”
Wengi kuwi Abah jaga karo keponakake sing jenege karim. Karim umure udakara rong puluh tahun. Swasana wengi kuwi aman. Sakarone bisa gentenan jaga.







Gambar 1.1

Abah nemoni Kabayan sing lagi nglaras
Karim ana cedhake
 
 











Dina esuke Abah nyedhaki Kabayan sing lagi lungguh.
“Kabayan, mau bengi aku karo Karim njaga gabah.”
“Lho kenging menapa dijaga,Bah?.”
“Lha apa kowe ora krungu ? Desa wetan kana wingi ana maling nyolong Gabah.Gabahe digawa maling kabeh?”
“Lha, lajeng dibeta ngangge napa, kok saged?”
“Kandhane nganggo grobak. Apa malah mung dipanggul wae.”
“Wah, menawi ngaten kedah dijaga,Bah.”
“Mulane, mengko bengi kowe genti jaga karo Karim.”
“Hmm, inggih,Bah.”
“Ngati-ati aja turu wae, mbilaheni!”
“Inggih, Bah. Mugi-mugi mboten ngantuk.”
Wengi iku Kabayan jaga dikancani Karim.Karim omahe ora adoh saka ngomahe Abah. Kajaba Karim isih ana maneh sing ngancani Kabayan yakuwi Umar.
Wong telu padha lungguh ana sacedhake karung gabah cacah sepuluh karung.. Sinambi jagongan wong telu kuwi padha mangan suguhane nganti ludhes.
“E, aja ngantuk ya.! Karim ngelingake Kabayan.
“Ya, dak budidaya supaya ora ngantuk.”
“Janji, ya!”
“Ya, aku janji.”
“Ya ayo mengko ditinton bareng , sapa sing turu dhisik.” Umar genti ngomong. Umar ora pengin Kabayan mengko keturon.
“Kang ,piye upama Kang Kabayan tetembangan wae.”
“Iya ,Lik. Supaya Lik Kabayan ora ngantuk.”Usule Umar.
“O, ngono. Aku kudu nembang?”
“Iya,Kang.” omonge Karim.
Sabanjure Kabayan terus tetembangan .Nanging tembange ora dadi senenge Karim lan Umar.





Gambar 1.2

Kabayan nunggu Gabah karo nembang ana latar
Karim lan Umar ngrungokake
 
 











“Kang,Apa tembange ora ana liyane?” Pitakone Karim.
“Lha piya ta?Isohku ya mung ngono kuwi.”
“Coba nembang liyane genti,Lik!” Tembunge Umar.
“Ayo Kang, katimbang turu aluwung nembang maneh!” Omonge Karim.
“Lha terus ,yen aku turu kowe arep ngapa?” Pitakone Kabayan.
“Paling sikile Lik Kabayann dislomot rokok,” Omonge Umar.
“Wah ,tega banget kowe.”
“Lha witekna, kancane jaga kok malah turu. Kuwi padha karo ora mesakke kancane.”Keterangane karim.
“Ya, yen turu jenenge ngrugegake kanca.” Omonge Umar.
“Ya.”Wangsulane Kabayan.
“Yen ngono ayo saiki keliling maneh sakiwa tengene kene!”
“Ayo!”Sambuge Umar.
Gelem ora gelem Kabayan melu ngubengi papan kono. Sabanjure padha ngubengi wong telu lan sajake kahanane aman.
“Ketoke aman ya?”Pitakone Kabayan karo mesem.
“Sanajan ngono awake dhewe tetep kudu melek nganti tekan esuk.”Kandhane Umar.
Wusanane Kabayan ngewangi melek nganti parak esuk. Sanajan dheweke rada mangkel amarga kancane loro kuwi ora padha aweh kalonggaran kanggo turu.
Telung dina candhake gabah sing dipepe wis garing. Sawise garing terus digawa menyang penggilingan beras. Lan Kabayan oleh ayahan ngeterake gabah kuwi menyang selepan .
Kabayan ngeterake gabah kuwi nganggo andhong sewan. Sawise tekan penggilingan beras kabayan kaget amarga kono wis akeh wong liya sing padha antri. Gelem ora gelem Kabayan melu antri ana kono. Sinambi antri nunggu urutane Kabayan ngomong –omong karo kanca liyane. Jagongane sing dirembug tekan ngendi-endi nganti gayeng banget.Wusanane tekan gilirane Kabayan. Sawise gabahe Kabayan diselep saiki malih wujude dadi beras.Sabanjure digawa mulih.
Kaya nalika mangkate Kabayan nggawa mulih berase nganggo andhong sewan. Bareng tekan ngomah Kabayan nyimpen karung-karung beras kuwi mau ana njero ngomah. Dina sesuk utawa sesuke bakal digawa menyang pasar. Sing digawa menyang pasar mung saperangan, sing saperangan kanggo jaga mangan ing saben dinane.
“Kang Kabayan.”
“Ana apa maneh,Mi?”
“Mau ana Pak Hansip mrene nggoleki Abah , gandheng Abah ora ana terus nakokake kowe.”
“Lha,ngomong apa?”
“Gandheng Abah lagi lunga adoh mula Kang Kabayan sing kudu makili Abah ngrampungake urusane.”
“Urusan  apa ?”
“Kandhane ana urusan sing kudu dirampungake,Kang.”
“Lha ya,urusan apa?”
“Aku ora ngerti.”
“Ya wis ,saiki aku njaluk ngombe dhisik,aku ngelak.”
Gemi age-age njupukake wedang. Sawise ngombe Kabayan terus lunga menyang Bale Desa.
Sawise tekan Bale Desa, dheweke weruh ana wong loro lagi ngadhep Pak Kades.
“Ngapunten Pak ,ngendikanipun Bapak nimbali kula?”
”O, kowe Kabayan. Satemene sing duwe perkara Abah. Nanging kandhane Abah lagi lunga adoh. Mulane kowe wae sing makili panjenengane.”
“Lha wonten menapa ta Pak ?”
“Ngene lho ,iki wong loro iki bakul nangka saka pasar. Kandhane dheweke iki rumangsa diapusi karo Abah.”
“Napa? Diapusi? Kula mboten ngertos Pak.”
“Ngene, Dhek emben Abah adol nangka menyang bakul loro iki. Nanging nangkane kuwi wis dipaneni Abah lan ora diwenehake marang wong loro iki, kamangka dhuwite wis ditampa Abah.”
“Ngengingi perkawis niku keparengna kula ngleresaken,Pak!”
“Ya, mangga.”
“Nalika semanten kula ningali Abah nembe omong-omongan kalihan salah satunggal bakul kalih menika . Menapa tiyang menika menapa sanes kula kesupen Pak.”
“Ya aku sing teka ngomahe Abah.”wangsulane bakul kuwi.
“wekdal semanten tiyang menika nuding nangka ingkang tasih enem, ingkang adat saben kangge nyayur.”
“Hmm ngono?”Ngendikane Pak Kades.
“Leres Pak, piyambakipun tumbas kanthi rega mirah amargi nangkanipun tasih enem. Ewa semanten kenging menapa sampun pinten-pinten dinten piyambakipun mboten nate dhateng griyane Abah malih ngantos nangkanipun dipun panen.”
“O,ngono.” Saiki Pak Kades wiwit mudheng. Pak Kades wis ngerti jebul wis kadadean dol tinuku ngijon sing ditindakake wong loro sing padha ngadhep kuwi.







Gambar 1.3

Pak Kades nampa palapurane bakul pengijon wong loro
Kabayan ana kono
Ing bale desa Sukamaju
 
 












 ”Inggih Pak Kades, kula nyuwun pamit rumiyin mbenjang kula sowan malih,urusan perkawis menika” ature bakul loro kuwi.
“Menawi ngaten kula nggih nyuwun pamit,Pak.”  Kabayan uga melu-melu pamitan.
“Mengko dhisik Kabayan. Kowe ora kasengaja wis miyak boroke pengijon loro iki mau.”  Ngendikane Pak Kades.
“Napa pengijon niku mesthi gadhah brengos kandel,Pak?”
“Wo,... dudu kuwi tandhane. Sing  cetha dheweke kuwi wong sing kerep tuku woh-wohan isih mentah supaya regane luwih murah. Cara kaya ngono kuwi mung nguntungake dheweke pribadhi.”
“O,ngaten Pak Kades. Inggih menawi ngaten mangke kula matur Abah.”
“Ya perkara kaya ngono kuwi kudu dipenggak, amarga ngrugekake para among tani.”
“Inggih Pak, matur nuwun.”
Sawise mangkono age-age Kabayan mulih menyang omahe.
Sedina candhake nalika Abah wis mulih saka lungan adoh , Abah banjur nakoni Kabayan.
“Kandhane kowe dipanggil menyang bale desa,Kabayan?”
“Inggih,Bah. Saleresipun Abah ingkang dipun aturi naging ngepasi tindak,milanipun kula ingkang kadhawuhan makili.”
“Lha ana apa ta ,satemene?”
”Ngaten Bah...”Sabanjure kabayan nyritakake perkarane.
“O, ngono,dadine Kabayan wis ketemu karo para pengijon?”
“Pengijon niku napa Bah?” Pitakone Gemi.
“Pengijon kuwi wong-wong sing tuku asil panen nalika sayur utawa woh-wohan isih enom utawa isih ana nguwit supaya oleh rega murah. Sawise mangsa panen dheweke mara maneh saperlu maneni sing dituku dhek embene lan regane bisa mundhak luwih larang.”
“Wah niku cara licik ,Bah,” kandhane Gemi.
“Aturane yen tukune isih enom ya wektu kuwi uga kudu gopek. Manawa nunggu nganti mateng kuwi jenengi apus-apus.”
“Leres,Bah.” Sambunge kabayan.”Dumeh duwe dhuwit.”
”Bener, dheweke dhek emben mung menehi dhuwit Rp 5000, kamangka nangkane sepuluh. Nalika kuwi dheweke ora nggopek nangkane sing isih enom kuwi. Nanging arep digopek sawise mateng.”
“Yen dipikir-pikir dheweke kuwi kaya rentenir sing nganakake dhuwit lan oleh bathi lipet.” Kandhane Gemi.
“Bener kuwi,Mi. Mulane awake dhewe kudu ngati-ati. Aja nganti urusan karo wong kaya ngono maneh.” Wangsulane Abah.
“Leres Bah. Tingkah lakunipun sampun mboten sae.
“Ya”
“Mligine marang among tani sing kesrakat.”
Sawise Abah ngerti apa perkarane Kabayan ditimbali menyang bale desa. Dheweke bakal ngati-ati supaya ora nemoni perkara kaya ngono maneh.
Saiki bareng asil panene wis diedol kabeh mung kari sing kanggo nyepaki kabutuhan saben dinane ,Kabayan genti ngurusi wedhus-wedhuse. Kabayan ngopeni wedhus cacah lima sing lanang mung siji dene sing papat wedok kabeh. Saben dina Kabayan tansah ngarit kanggo makani wedhuse lan uga nggarap gawean liyane.
Nalika kuwi wedhuse sing lanang ora gelem mangan suket, sajake lagi lara.
“Wah kepiye iki wedhuse sing lanang kok ora gelem mangan?”
“Kang, mbok nyuwun pirsa Pak  Mantri wae!” Pakone Gemi karo nyangking ember.Sajake dheweke arep mepe sandhangan sing mentas dikumbah.
“Iya,ya. Aku mengko dak mrana.”
Kabayan terus menyang ngomahe Pak Mantri kesehatan. Untung Pak Mantri durung mangkat menyang Puskesmas.
“Ana apa Kabayan?Sapa sing lara?Abah apa bojomu?”
“Sanes Pak Mantri,” wangsulane Kabayan karo lungguh.
“Lha sapa ? apa kowe dhewe?”
“Anu...ingon-ingon kula.”
“Kucingmu?”
“Sanes,Pak .Menda kula.”
“Wah,kowe ki ana-ana wae. Aku rak dudu mantri kewan ta?”
“Paling mboten Pak Mantri saged paring wawasan.”
“Hmm...ya.Nanging aja nyalahke aku yen obate ora cocok.”
“Inggih,Pak.”
“Ya, piye tandha-tandhane larane wedhusmu?”
”Menda jaler kula mboten purun nedha sampun kalih dinten. Suket ingkang kula cepakaken mboten dipangan.”
”Wah apa ya obate? Ora gelem mangan ateges nafsu mangane kurang. Apa mungguhna kurang vitamin?Ya coba diwehei pil iki,” ngendikane Pak Mantri karo menehi pil perangsang mangan.
“Nanging,kados pundi caranipun maringaken?”
“Diombekake wae.”
“Lha rak mendane mboten purun nedha, Pak.”
“Lha kowe kuwi kepiye ta. Ngombekake pil wae ora bisa?”
“Kados pundi caranipun,Pak?”
“Ngene wae, dhisik dhewe njupuk selang cilik.”
“Lajeng?”







Gambar 1.4

Kabayan ngombekake obat marang wedhuse lanang
nganggo selang cilik terus didamu
 
 












Pile diwenehake ana selang cilik mau.Terus pucuke selang dilebokake ana cangkeme wedhus.”
“Lajeng dipun damu,ngaten,Pak?”
“Ya ,bener. Kanthi mengkono pil mau bakal mlebu menyang tenggorokane wedhus.”
“Inggih, Pak Mantri.”
Sawise oleh katerangan Kabayan age-age mulih menyang ngomahe lan nindakake kaya sing didhawuhake Pak Mantri. Rong dina candhake Kabayan mara maneh menyang daleme Pak Mantri.
“Kepiye Kabayan?, wedhuse lanang wis gelem mangan ta?” Pitakone Pak Mantri karo gumuyu.
“Dereng,pak.Menda kula dereng purun nedha.”
“Lho kepiye ta? Obate wis diwenehake ta?”
“Sampun,Pak. Nanging ingkang saya dhokoh malah kula.”
“Lho kok bisa ngono?”
“Ngaten Pak Mantri. Kados ngendika penjenengan kala wingi, obate kula lebetetake dhateng selang alit,lajeng kula lebetaken dhateng cangkeme menda. Nanging dereng kula damu malah mendane sampun ndamu riyin.”
“Apa?”
“Leres,Pak. Milanipun obate mlebet dhateng padharan kula.”
“Dadi wedhusmu durung gelem mangan amarga durung ngombe obat?”
“Leres Pak Mantri.”
“Wah kowe kuwi ana-ana wae,Kabayan.”Ngendikane Pak mantri karo ngguyu. Apa ana ngobati wedhus kleru ngobati awake dhewe?


2.Kabayan Jago Silat
U

dakara jam enem sore kaya adat saben, Kabayan, Abah lan Simbok padha jagongan ana kamar ngarep karo ngenteni wancine mangan sore. Gemi Eteung ana gandhok gawe wedang lan nyepakake mangan sore. Sawise rampung Gemi terus melu jagongan ana kono.
          “Niki kopine Bah.”
“Wah, iya Mi. Matur nuuwun.” Wangsulane Abah gumuyu.
“Wah ,bojoku pancen ayu tenan. Yen ngene iki jagongane dadi saya kepenak.” Kabayan ngalem bojone.
“Ya.  Bener.”Sambunge Simbok.
“Nembe ngrembag napa Bah?”Pitakone Gemi.
“Apa maneh yen dudu perayaan pitulasan.”
“Wah, mesthi gayeng,Nggih Bah?”
“Adat saben ing desane dhewe nganakake malem tirakatan. Lan sing luwih rame maneh bakal dianakake  tetandhingan utawa sayembara maneka warna.”Kabayan genti ngomong.
“Bener, kaya ta balapan karung, mlayu, volly, bal-balan, badminton, baris, terus apa maneh Kabayan?” Pitakone Simbok.
“Wah, pokoke kathah Mbok.”
“Ya mesthi wae akeh nanging apa awake dhewe arep melu kabeh?” Pitakone Gemi.
“Ya pokoke melu ora ketang salah siji.” Wangsulane Simbok.
”Iya, yen aku iki wis tuwa, arep melu lomba ya wis ora kuwat. Kepiye saumpama Kabayan wae sing makili kulawarga, supaya melu nggayengake? Pitakone Abah.”
“Iya Kang. Becike Kang Kabayan melu,” kandhane Gemi.
“Lha terus arep melu lomba apa ya?” Kabayan genti takon.
“Yen saka panemuku becike melu tetandhingan  sing nggunakake kekuwatan.”Sambunge Abah.
“Tetandhingan apa kuwi Bah?” Pitakone Simbok.
“Kabayan bisa melu tinju utawa pencak silat.”
“Menawi tinju kula mboten saged. Nanging manawi pencak silat mbok manawi saged.” Kandhane Kabayan.
“Ya wis ,yen ngono kowe melu lomba pencak silat wae.”
“Iya Kang. Dhek emben rak nate ajar pencak silat ta?”
“Nanging aku rak wis suwe ora gladhen.”
“Lha yen ngono wiwit sesuk gladhen, kareben ora nguciwani”
“Bener,Kang. Dicoba wae.”
“Sing penting melu.” Simbok melu nyengkuyung.
“Inggih, Bah. Manawi ngaten.” Kabayan ragu-ragu. Amarga satemene dheweke ora percaya karo kabisane silat wektu iki. Nanging kanggo mahargya dina kamardikan ya ora dadi apa bakune melu.
“Mumpung wektune isih rong minggu, sesuk wiwit gladhen.”
“Iya, Kang. Terus sesuk daftar menyang panitia.”
Dina esuk candhake Kabayan nyathetake menyang panitia pitulasan. Dheweke milih melu lomba pencak silat. Sing dadi panitia pencak silat ndilalah Mas Tarjo.







Gambar 2.1

Kabayan daftar melu lomba pencak silat.
Mas Tarjo sing daftar
Ana bale desa sing akeh wonge.
 
 












“Kowe melu lomba pencak silat,Kabayan?”
“Bener,Mas.”
“Ya becik ,Nanging genea ora melu tinju wae?”
“Aku ora bisa tinju Mas.”
“O, ngono.”
“Nanging aku melu iki mung supaya regeng wae lho Mas. Perkara asile ya durung ngerti mengko.”
“Ya luwih becik melu, perkara asil ya ditonton mengko.”
Kabayan wis nyathetake dhiri melu lomba pencak silat. Nalika metu saka pendaftaran weruh wong pirang-pirang sing lagi padha ngomong-omong. Wong akeh kuwi uga padha arep melu lomba sing dianakake panitia pitulasan. Dheweke uga weruh Togar ana kono.
Nuju Kabayan liwat kanthi ora disengaja dheweke krungu Togar karo wong-wong lagi padha bedhekan.
“Aku duwe bedhekan, sapa sing bisa nebak?”Kandhane Togar.
“Pancene bedhekan apa Bang Togar?”Kandhane Budi.
“Ya apa bedhekane?” Kandhane Parman.
“Lagi ngapa iki kok rame banget?” Kabayan melu kandha.
”Iki lagi bedhekan,yen arep melu ya mrenea.” Kandhane Budi.
“Ya yen arep melu ya oleh,Kabayan.” Kandhane Togar.
“Pitakone apa?” Kabayan takon.
”Ngene, ana kewan aneh, yen wengi ngombe susu, yen awan mangan sega. Kewan apa kuwi?” Pitakone Togar.
“Ah, kucing kuwi.” Wangsulane Parman.
“Salah, kucing kuwi mangane awan karo bengi padha yen ora gereh ya tikus.” Kandhane Togar..
“Ya bener. Wedhus kuwi Kang.” Wangsulane Budi.
“Wangsulanmu saya adoh,Wedhus kuwi mangane suket.”
“Aku ngerti bedhekane.” Kandhane Kabayan.
”Yen ngerti apa coba?” Kandhane Togar.
“Wangsulane walang kupu-kupu.”Omonge Kabayan.
“Lho kok walang kupu-kupu? Apa alesane?Pitakone Parman.
“Ana tembange”Keplop ame-ame walang kupu-kupu, awan mangan nasi yen wengi ngombe susu.” Omonge Kabayan karo guyu.
“Bener, kowe pancen pinter Kabayan.” Omonge Togar.
“Wah, yen bedhekane ngono, ora lucu kuwi.”Kandhane Budi.
”Lho  bedhekan kuwi kok wangsulane ana nggon tembang.” Parman melu ora sarujuk.
“Jenenge wae bedhekan.” Kandhane Togar.









Gambar 2.2

Wong Papat padha bedhekan ana baledesa
Kabayan, Budi,Togar lan Parman.
 
 












Dheweke terus padha guyu.
“Bud, kandhane kowe arep melu pencak silat?” Pitakone Kabayan.
“Ora,Kang. Aku melu tinju wae. Aku ora bisa silat.”Omonge Budi.”Lha Kang Kabayan arep melu lomba apa?”
“Yen aku arep melu lomba pencak silat.”
“Lho, yen ngono padha Parman ,Kang.”
“Bener,ngono Man?” Pitakone Kabayan.
“Iya,Kang. Mung supaya regeng wae.”
“Lha yen Bang Togar melu lomba apa?”
“Yen aku ora melu apa-apa.”
“Lha ngapa ora melu?”
“Aku ora nate melu ajar beladhiri. Dadi luwih becik dadi penonton wae.”
“Piye Man Parman, Saumpama awake dhewe gladhen silat bareng?” Kabayan ajak-ajak.
“Iya,kapan?”
“Kepiye umpama mengko sore.?”
“Ya, yen ana kancane malah luwih becik.” Kandhane parman.
Lakune dina saya cepet, wektune lomba saya cedhak. Kabayan terus gladhen pencak silat karo Parman ana mburi omahe Abah. Nanging sing dadi perkara ngenani Parman sing ora duwe sandhangan kanggo tetandhingan pencak silat. Wusanane kabayan ngandhani Parman supaya nyilih sandhangan pencak silat menyang ngomahe Babah Ho Liong. Parman sarujuk karo usule Kabayan. Lan wusanane Parman kasil nyilih sandhangan kanggo pencak silah saka Babah Ho Liong. Emane sandhangan silihan kuwi ora dicoba dhisik sadurunge kanggo tetandhingan. Sandhangan kuwi sengaja disimpen  lan bakal dienggo mengko sawise ana glanggang tetandhingan. Sawetara kuwi Kabayan dhewe ora dadi sabab amarga dheweke wis duwe sandhangan pencak silat.
Lomba pencak silat wis teka wektune. Glanggang wis diedegake ing sangarepe Bale Desa. Sajake panggung kuwi kajaba kanggo pencak silat uga bakal digunakake kanggo tinju.
Wong wong sing padha melu lomba pencak silat lan tinju wis padha nglumpuk sacedhake glanggang tetandhingan. Lan sing oleh giliran dhisik dhewe lomba  tinju. Sawise rampung tinjune lagi diterusake tetandhingan pencak silat.
Kabayan, Parman lan budi sarta sidik wis padha teka ana gelanggang tetandhingan kono. Pranyata sing oleh giliran tandhing dhisik dhewe Budi mungsuh Sidik.
“Lho, jebule lawanmu mengko Sidik, ta Bud?” Pitakone Kabayan.
”Iya ,Kang.”
”Kepiye miturut penemumu ,Man?” Pitakone Kabayan.
“Ketoke awake Budi luwih gedhe tinimbang  awake Sidik.” Kandhane Parman.
“Muga-muga aku bisa ngalahake.” pengareparepe Budi.
“Nanging sanajan awake kuru kowe kudu luwih ngati-ati. Adat saben yen awak kuru kuwi luwih gesit.” Kabayan ngandhani.
“Iya,Kang . Kepiye wae kahanane lawan, aku kudu tetep waspada.”Omonge Budi.
“Ya, dak dongakake supaya kowe menang ,Bud.” Kabayan aweh semangat.
“Matur nuwun Kang.”
Budi age-age munggah panggung lan Sidik sing dadi mungsuhe wis dhisiki ana dhuwur panggung. Sakarone padha siaga lan padha cucul klambine dhewe-dhewe. Sepasang sarung tinju wis dianggo. Ya sakarone wis padha siaga.
Penonton sing ana ngisor wis padha ngulati polahe sing padha arep tetandhingan tinju lan mesthine wae atine padha kumesar.
Penonton wis padha kebak angebaki sakiwa tengene panggung. Dheweke bakal padha oleh tontonan sing nyenengake. Panitiane age-age mbiwarakake sapa sing bakal tetandhingan tinju sepisanan, yakuwi Budi mungsuh Sidik.
Sanalika Kabayan lan Parman padha tansah nggatekake sing ana dhuwur panggung. Dheweke weruh manawa sing padha arep tinju wis padha nganggo sarung tinjune dhewe-dhewe.
“Wah delengen kae, Budi kaya petinju Make Tyson wae.” Kandhane Parman kayo ngguyu.
“Wah iya.” Saurane Kabayan.”Delengen, Budi awake luwih gedhe katimbang lawane. Wah sajake sing menang iki mengko Budi.”
“Mbok menawa,Lha wong mungsuhe awake mung sak biting ngono.”Saute Parman.
“Ayo diwenenhi semangat!,” Pangajake Kabayan.”Ayo Bud sikat mungsuhmu!”
“Ajar wae Bud!.” Bengoke Parman.
Ing sadhuwuring panggung petinju loro kuwi padha adhep-adhepan, sabanjure padha caos kurmat marang penonton.Terus padha adhep-adhepan maneh lan padha kurmat kinurmatan.
“Para sedulur yaiki sayembara tinju antarane Budi lawan Sidik. Sapa sing bakal menang? Ayo padha ditonton!. Yaiki rondhe sepisan.” Kandhane pambiwara.
“Theng...” rondhe sepisan diwiwiti.
Sakarone padha terus tinju.
“Wah . Lagake Sidik kaya Muhamad Ali.”
“Ayo , enggal dirubuhake wae.Bud.!”
”Di KO wae. Bud!” Bengokane Parman.
Sakarone katon padha ninju genti genten. Budi ngantem nganggo tangan tengene. Nanging eman Sidik bisa ngendhani anteman kuwi mau kanthi mendhekake awake. Anteman kuwi kliwat.
“Wah, eman. Mleset.” Ujare Parman.
Sabanjure Budi ngantem sing kaping pindhone luwih cepet nganggo tangan tengene. “Wuut...”
Nanging anteman kuwi uga bisa diendhani Sidik kanthi luwih cepet maneh. Lan sabanjure apa kadadeane? Sajake sarung tangane Budi ora ditaleni kenceng. Satemah nalika Budi ngantem sarosane sarung tangane ucul ngenani wasite pas raine, sing wektu kuwi ana ngarepe.”Plok..”
“Lho, aku iki wasit. Kok di antem ki piye?”
“Wah, ngapunten Mas. Budi kaget bareng weruh sarung tinjune ngenani Wasit.









Gambar 2.3

Budi karo Sidik padha tinju
Ana ring tinju
Sarung tangane Budi ucul ngenani Wasite
Sing nonton akeh.
 
 












Gelem ora gelem tetandhingan kuwi diendhegake sadhela kanggo mbenakake sarung tangane Budi. Sawise sarung tinjune Budi dipasang kanthi kenceng tetandhingan dibacutake maneh.
Tetandhingan tinju kuwi katon gayeng banget ,surake penonton ambata rubuh. Kanthi dumadakan Sidik kasil ngantem nganggo tangan kiwane ngenani mripate Budi, karepe Sidik mung kanggo pancingan wae, nanging marga anteman kuwi ora dingerteni Budi mulane mripate Budi kaling-kalingan. Ngerti kahanan kaya ngono kuwi Sidik age-age ngantem Budi sak rosane nganggo tangan tengene.  Antemane Sidik wektu kuwi ngenani raine Budi pas janggute.
Budi kena anteman kuwi dadi mundur ngglayari. Sidik age-age nututi terus neter bola bali ngantemi , satemah Budi ora kuwawa nangkis maneh tiba sanalika.
“Bruuk...”
Budi mumete temenan lan ora kuwat ngampet larane. Kanthi cepet wasite sing ngatur tetandhingan wiwit ngetung.
“Siji...loro...telu...”
Pranyata nganti etungan kaping sepuluh Budi ora tangi. Wasit nelakake manawa tetandhingan tinju kuwi dimenangake Sidik, kanthi menang KO. Tangan kiwane Sidik diangkat dhuwur deneng wasit, dene budi sing dianggep Mike Tyson durung bisa tangi amarga mumete.
Sawise tetandhingan tinju wis rampung para penontong sing ana kono isih padha jenak ngenteni tetandhingan candhake yakuwi tetandhingan pencak silat.
Nalika tekan wektune tetandhingan pencak silat diadani sing oleh giliran dhisik dhewe dudu Kabayan lan Parman. Mulane kabayan lan Parman tansah nggatekake sing padha tetandhingan luwih dhisik. Bareng tekan urutane Kabayan mungsuh Parman.
Wasit age-age aweh tandha supaya dheweke enggal siaga.
“Para seulur kabeh , ya iki tetandhingan pencak silat sing kaping telu, Kabayan mungsuh Parman,”Ujare Mas Tarjo sing dadi wasit.
Sakarone padha aweh kurmat marang penonton,sawise kuwi sakarone padha kurmat –kurmatan , sawise rampung kurmat ,wasit aweh tandha supaya age-age miwiti tetandhingane.
Kabayan wiwit nyerang mungsuhe kanthi santer.Tendhangan lan anteman genti –genten ngener marang awake Parman. Mesthi wae Parman bisa mangerteni menyang ngendi playune sikil lan tangane Kabayan , amarga dheweke wis padha ngerteni jurus sing digunakake. Sajake padha karo jurus sing digunakake nalika gladhen bebarengan.
Tetandhingan kuwi bisa aweh kawigaten marang penonton amarga saben-saben sijine nendhang utawa ngantem bisa diendhani kanthi gampang dening mungsuhe.
Surake penonton ambata rubuh menewi semangat marang sing padha tetandhingan. Nalika Kabayan nendhang ngener dhadhane Parman kanthi gampang diendhani Parman. Parman ngendhani sing rekasa Mas tarjo, amarga tendhangane Kabayan kuwi ngenani Mas Tarjo sing dadi wasit.
“Adhuh..” Mas Tarjo mbengok kelaran.
Kabayan sing ora ngerti manawa tendhangane kuwi bakal ngenani wasit age-age njaluk pangapura.
“Ngapunten,Mas. Ora dak sengaja.”
“Disengaja karo ora padha wae, amarga aku sing cilaka.”
Nalika tekan wektune ngepasi Parman lena sawetara, Sikile Kabayan ndhupak wetenge Parman , ewa semono Parman bisa ngendhani kanthi gampang. Nnging kathoke dawa parman sing dadi kurban.  Kathoke Parman mlotrok. Parman mung kari nganggo kathok cendhak. Weruh kahanan sing lucu kaya ngono kuwi penonton padha gumuyu.”Ha...ha...ha...”







Gambar 2.4

Kabayan karo Parman padha pencak silat ana ndhuwur panggung
Kathoke Parman mlotrok. Wasite dadi ngguyu.
 
 









Sanajan ngono tendhanganeKabayann ora suda kapara tambah.


Parman ora bisa mikir kanthi wening amarga ngelingi kahanane sing ora nganggo kathok kuwi, mulane saben serangane Kabayan ora bisa ditangkis utawa diendhani.
Anteman lan tendhangane Kabayan saya suwe saya kerep andadekake dheweke keseser lan wusanane ora kuwat nadhahi. Amarga tendhangane Kabayan ngenani pundhak, weteng , dhadha,bokong lan sikil wis ora bisa diendhani maneh mulane Parman ambruk sanalika.
Mas Tarjo sing ngerti kahanane Parman sing wis ora daya age-age tumindak, dheweke ngangkat tangane Kabayan minangka cihna lamun Kabayan sing menangake tetandhingan kuwi.
“Mandheg...!Sing menang yakuwi Kabayan.”
Penonton sing padha nyengkuyung Kabayan padha keplok lan surak-surak. Pratelane Parman kalah , dheweke ora bisa apa-apa. Ana ing tetandhingan kuwi.Kalahe amarga kathoke silihan kegedhen wusanane mlotrok ora bisa disuwak.
Parman mundur kathi rasa isin amarga dikalahake karo tanggane dhewe. Dheweke age-age mulih ora melu nonton tetandhingan candhake.
Gemi seneng banget atine, ngerteni bojone bisa menang. Sanadyan ngono Gemi tetep aweh panglipur marang Parman.
“Ora apa-apa Parman, besuk rak ana tetandhingan maneh.” Panglipure Gemi.
“Ora ngono Yu Gemi, menang utawa kalah ora dadi sabab kanggoku, nanging iki...lho..”Parman ngomong karo nyekeli kathoke.
“Lha ngapa ta?”
“Gara-gara kathok  sing kegedhen iki, aku dadi isin ana ngarepe wong akeh amarga kathok iki mlotrok nalika ditendhang Kang Kabayan.”
“Lha apa ora dijajal dhisik sadurunge dienggo?”
“Aku ora ngira manawa kathok iki longgar.”
“Mulane yen nyilih kuwi dijajal dhisik, pas ora?.Yen ora pas ya golek silihan liyane.”
“Lha witekna arep nyilih sapa maneh?”
“Ya, ora perlu nyilih.”
“Lha terus..?”
”Tuku wae sing pas karo awakmu!”
“Lha dhuwite saka ngendi?”
”Lha kuwi sajake perkarane.”
“Upama duwe dhuwit , mesthi aku milih tuku wae.”
Gemi ora bisa ngomong apa-apa maneh.
Wusanane Parman terus mulih .Nanging Gemi lan Kabayan isih ngenteni tetandhingan candhake nganti sarampunge.










3.Aturan Ngombe Obat
L

ampune kamar wis mati, sorote bagaskara wis mlebu ing kamar paturone kabayan . Dheweke ora ngerti menyang ngendi lungane Gemi kok swasanane katon sepi . Sajroning ngati duwe pangira mbok manawa Gemi ngancani Abah lan Simbok menyang sawah nggopeki kacang dawa ,amarga ing dina wingi arep padha maneni kacang dawa sing wis siyaga dipaneni.
“Wah..kok aku ora digugah ya? Ya mbok manawa aku angel tangine. Wah mesthi iki mengko Abah ,Simbok lan Gemi padha ngomeli aku amarga tangiku telat.” Pikire Kabayan.
Kabayan age-age metu saka kamar paturone sawise nata kemul lan gulinge. Dheweke menyang sumur arep adus. Mesthine sadurunge adus dheweke kudu nimba dhisik kanggo ngebaki kolahe. Sabanjure nyikat untu lan nngresiki awake. Terus Kabayan ngrasuk ageman dhinese sarwa ireng siaga budhal menyang kantor pertaniane yakuwi ing sawah lan tegale. Nanging amarga wetenge krasa ngelih mulane dheweke pengin sarapan dhisik.
“Wah aku dak sarapan dhisik menyang gandhok.” Panggresulane Kabayan. Dheweke wira wiri golek panganan, pranyata ora ana panganan. Sajake Gemi durung olah-olah.
Wusanane Kabayan ora sida mangan nanging cukup ngombe kanggo ngisi wetenge.”Wah apa mungguhna panganane digawa kabeh menyang sawah ya? Yen ngono aku dang budhal wae menyang sawah ngiras pantes ngewangi maneni kacang.”
Bareng tekan sawah Abah menehi sindhiran marang Kabayan.
“Wah juragane lagi teka.”
“Ngapunten,Bah. Lha mboten digugah.”Wangsulane Kabayan.
“Ya kudune ora usah digugah. Lha wong mau wis tangi dhewe.” Kandhane Gemi.
“Lha isih krasa ngantuk aku turu maneh.”
“Dhasar wong tukang turu.”
“Ya, ngapurane wae Mi.”
“Saiki anu Kang, kacange dawa kuwi lebokna menyang keranjang.”
“Ya.”
“Terus digawa mulih.”
“Ya, beres.”
Sajake panene wis meh rampung.Kabayan nglebokake kacang dawa sing wis diunting menyang kranjang gedhe cacah loro. Sawise kebak kranjange loro kebak kabeh, Kabayan age-age mikul digawa mulih. Kabeh mau ditindakake supaya gawe senenge wong saomah mulane sanajan wetenge ngelih tetep dilakoni.
Bareng kabayan arep mikul kranjange dumadakan Abah nyandhet.
“He...aja mulih dhisik!” Pakone Abah.
“Enten napa ,Bah?” Lha rak sampun rampung ta?”
“Ora , iki rak wis wancine mangan. Ayo mangan dhisik!”
“Inggih keleresan. Kula wau nggih dereng nedha, lha wong griya mboten wonten panganan.”
“Ngapurane Kang. Aku mau kesusu, dadi ora kelingan yen ngomah isih ana uwonge. Mulane panganane dak gawa kabeh.”
“Ora apa-apa Mi, aku ngerti.”
“Uwis ta ora ngomong wae, saiki tikare enggal digelar.”
“Inggih, Bah.”
Gemi age-age nggelar tikar kanggo mangan awan. Lan sing ketok dhokoh ora liya Kabayan amarga wiwit esuk durung mangan.
“Delengen bojomu,Mi!” Omonge Simbok karo njiwit Gemi.
“Iya, Mbok.”:
“Sajake dheweke kesel lan ngelih tenan.”
Kabayan sing mangan ngethekul kuwi krungu manawa dirasani.
“Ana apa Mi.Kok ngrasani aku?”
“Ah, ora Kang.”
“Ora piye ta?”
“Ya ora apa-apa, wong wiwit esuk durung mangan.”
“Lha terus?”
“Biasa ta yen mangane ngethekul.”
“O...”Saiki Kabayan ngerti manawa mangane diulati. “Wah ora krasa aku yen manganku digatekke.”
“Pancen wong lanang ngono kuwi biasa.” Kandhane Abah.
“Lho kok Abah ora?” Pitakone Simbok.
“Aku rak wis tuwa, ya mesthine beda karo sing enom.”
“Lha yen kabayan?”
“Kajaba isih enom ,wiwit esuk durung mangan.”
“Huh alesan...”
Abah ngerti manawa mengko Kabayan bakal mikul kacang rong kranjang kuwi abot mula mbutuhake tenaga sing akeh. Kajaba saka kuwi sesuk dheweke uga bakal adol kacang menyang pasar. Abah kuwatir yen Kabayan ngambek ora gelem tumandang lha rak malah rekasa dhewe. Mulane Abah mbelani Kabayan.







Gambar 3.1

Kabayan mangan ngethekul Lambaran  klasa/tikar.
Abah, Simbok lan Gemi ngulati
Sacedhake kono ana kranjang loro isi kacang dawa.
 
 











Sawise Kabayan rampung olehe mangan amarga wetenge wis krasa wareg, dheweke age-age  arep ngadeg nanging Abah nyandhet .
“Ayo Kabayan arep menyang ngendi?Ditutukake dhisik!”
“Matur nuwun,Bah sampun tuwuk.”
“He.ora usah pekewuh tanduk maneh.”
“Leres Bah, sampun wareg.”
“Yen ngono ya leren dhisik kareben medhun segane.”
Sawise leren sawetara, Gemi age-age nata tikar lan ngresiki panggonan kanggo mangan kuwi. Klasa sing mau dijereng saiki dilunthung maneh terus ditaleni. Saperangan perabot mangan dilebokake menyang tenggok lan digawa mulih.
Kabayan age-age mikul kranjang loro sing isi kacang dawa kuwi, Abah nggawa arit, Gemi ngendhong tenggoke lan Simbok nggawa tikar.
Dina esuk candhake Abah lan Kabayan menyang pasar arep dodolan asil panene arupa kacang dawa. Kacang asil panene kuwi digawa menyang pasar ora dipikul nanging nganggo grobak surung. Kabayan nggeret grobage dene Abah nyurung saka mburi.
Sawise tekan pasar Abah age-age golek panggonan kanggo ndasarake dagangane dene Kabayan nggawa tikar terus digelar kanggo nyelehake kacang-kacange.
Durung nganti awan dagangane wis meh entek amarga saka larise. Mulane Abah terus ngomong karo Kabayan.
“Kabayan ,kacange mung kari sethithik, aku dak mulih dhisik.”
“Lha sanesipun,Bah?”
“Ya tulung edolen dhewe!”
“O... inggih,Bah. Kula sadene ngantos telas.”
“Ngati-ati ya!”
“Inggih,Bah.”
Abah mulih menyang ngomahe dene Kabayan mbacutake olehe dodolan kacang dawa. Kanthi tlaten Kabayan ngedoli pawongan sing padha tuku kacange. Ana sing tuku sethithik lan uga ana sing akeh.
Ora sawetara suwe kacang dagangane Kabayan wis entek dituku wong sing padha butuh janganan. Sabanjure Kabayan age-age  tata-tata arep mulih. Tikar sing dijereng kanggo dhasarake kacange dilunthung lan dilebokake menyang grobag surunge. Sajroning ati Kabayan duwe rasa was sumelang amarga ing dhuwur ana mendhung nggentiyeng kaya arep niba. Angine saya banter, wah mendah adheme . Kabayan age-age nyepeteke lakune supaya enggal tekan ngomah.









Gambar 3.2

Kabayan nggeret grobag kodanan ana dalan tengah sawah
Angine banter bledheke nyambaer-nyember
 
 











Langite saya peteng mratandhani bakal ana udan. Sakiwa tengne dalan ora ana papan kanggo ngeyub anane mung sawah mulane Kabayan mbanterake layune karo nyurung grobage.
Gelap lan thathit nyamber-nyamber bledhek muni gegenturan. Atine Kabayan saya miris. Ora let suwe udane niba ngudani Kabayan sing lagi nyurung grobag. Kabayan mung pasrah nampa kahanan, nampani udan sing saya suwe saya deres. Awake teles kebes sandhangane ora ana sing ora teles. Njaba njero teles kabeh.
Sawise tekan ngarep ngomah udane mandhek kahanane dadi terang .Mendhung sing mauane nggentiyeng saiki wis ilang langite sing peteng wis dadi padhang. Beda karo kahanane kabayan sanajan udane wis rampung nanging awake Kabayan isih tetep teles kebes awake kadhemen.
 “Wadhuh...Kang. Teles kabeh awakmu. Kok ora ngeyub dhisik?”
“Wah,udane ora duwe perasaan kok Mi. Niba wae ngepasi aku ana dalan tengah sawah . Arep ngeyub ora bisa. Ya kapeksa aku gelem diudani.”
“Wo, kadhemen wae isih neka-neka.”
“Iki dhuwite asile adol kacang turahane mau, tampanana!Terus aku tulung dijupukake andhuk karo sandhangan sing garing.”
“Ya Kang.”
Sawise nampani dhuwit Gemi age-age ngladeni bojone njupukake andhuk lan sandhangan sing garing. Kabayan age-age nguculi sandhangane sing teles kebes ganti sandhangan sing garing.
“Abah lan Simbok menyang ngendi,Mi?”
“Tindak daleme Pak Sobar.”
“Ana apa?”
“Jagong mantu anake.”
“O. Mula Abah mau kondur dhisik.”
“Sajake ngono ,mau Abah kesusu.”
“Rak wis masak ta ,Mi ? Aku krasa luwe.”
“Adhuh Kang , aku lagi olah-olah.Tunggunen dhisik ya!”
“Ya.” Satemene Kabayan rada mangkel amarga dheweke kadhemen ngelih campur kesel. Lha terus ngapa bojone ana ngomah iki mau kok nganti yah mene durung masak. Durung wae Kabayan nakoni, Gemi wis menyang mburi masak.
Durung sawetara Kabayan lungguh ana kursi dawa dheweke watuk-watuk. Mbok manawa amarga kodanan ana dalan iki mau.
“Huk...huk...huk.”
Dhadhane krasa lara. Apa sing kudu dilakoni? Kabayan terus menyang warung arep tuku obat watuk. Dheweke niliki dhompete isih ana dhuwite sajake cukup kanggo tuku obat watuk.
Kabayan lunga menyang warung tuku obat. Ing dalan dheweke isih watuk.Ora let suwe dheweke tekan warunge Ujang.
“Huk...huk...huk.”
“Ana obat watuk Jang?” Pitakone Kabayan.
“Ana Kang. Sirup apa pil ?” Pitakone Ujang sing duwe warung.
“Wah enake sirup wae Jang penak sing ngombe.”
“Iki obate Kang. Kandhane Ujang karo ngulungake sabotol obat watuk sirup.
“Cepet,Jang.Aku selak ora kuwat.”
“Iya Kang ,Nanging...”
“Nanging apa?’
“Bayare?”
“Iya iki dhuwite.”
Sawise mbayar Kabayan age-age arep mulih. Nanging Ujang nyandhet lakune.
“E..Kang kosik!”
“Apa maneh?”
“Diwaca aturane lho Kang!”
“Ya.” Kandhane Kabayan karo terus mulih. Sawise tekan ngomah dhewekle durung weruh Abah lan Simbok, ateges dheweke isih jagong ana nggone wong duwe gawe. Gemi uga isih olah-olah.
“Wah. Obate iki kudu dak ombe saiki suipaya enggal mari watukku.” Kabayan njupuk sendhok cilik sing ana njero wadhah botol sirupe. Sabanjure tutup botol sirupe dibukak.Terus dheweke ngombe nganggo takeran sendhok sing dicepakake.
“Wah, segere .Muga-muga aku cepet mari.”
Kabayan nyelehake botol obat sirup ana ndhuwur meja. Wektu kuwi dheweke ngulati tulisan sing ana botol obat.Aturan pakai.” Wah aturane durung dak waca.” Kabayan kaget.
Mripate nyetitekake tulisan sing tumemplek ana  botol kuwi. Aturan pakai. :
        Diminum 3x sehari, 1 sampai 2 sendhok makan
        Sebelum di minum kocok lebih dahulu.
“Wadhuh... durung dak kocok,”Kabayang dadi bingung.









Gambar 3.2

Kabayan mlumpat-mlumpat
Ana jogan omahe sawise ngombe obat
 
 











Kabayan mikir suwe lan wusanane dheweke nemokake sawijining cara sing miturut panemune bisa kanggo ngocok obate sing wis diombe.
“Wah piye ya upama aku mlumpat-mlumpat wae. Kuwi rak padha karo ngocok obat sing wis dak ombe.”
Kabayan age-age nindakake gagasane sing thukul dumadakan kuwi. Dheweke mlumpat-mlumpat ana jogan omahe lan ngrasakake kepenak awake, ya mesthine wae rasa adheme sing mentas kodanan ilang. Nanging emboh nganti sepira suwene anggone mlumpat kaya wong ora cetha kuwi dumadakan dheweke ngrasakake sikile lara.
“Adhuh...sikilku kena paku.”
Kabayan bengok seru satemah keprungu Gemi saka gandhok. Gemi age-age ngulati bojone sing sikile ketancep paku.
“Kena paku,Kang?”
“Ora sah takon, cepet dijupukne tentir!”
“Ya.”
Kanthi cepet Gemi nggoleki tentir kanggo ngobati sikile bojone. Ora sawetara suwe Gemi wis nggawa tentir nyedhaki bojone. Pakune didudut lan tentire diolesake tatune sikil sing kena paku. Ora lali dheweke uga buntel tatune kuwi nganggo blaco kasa.
“Wis kang. Wis dak balut .”
“Matur nuwun,Mi.”
 “Kok Kang Kabayan bisa kena paku iki mau ngapa?”
“Aku mau mung mlumpat-mlumpat ana kene.”
“Lha ngapa kok mlumpat-mlumpat?”
”Aku nalika tuku obat mau wis dielingake Ujang supaya maca aturane ngombe. Aku ora pati nggagas. Bareng tekan ngomah obate terus dak ombe nanging durung dak kocok dhisik.”
“O...,dadine mlumpat-mlumpat iki mau kanggo ngocok obat sing wis diombe,ngono ta?Terus kena paku sikile?”
 “Iya,Mi.”
“Ha...ha...ha...” Gemi nggeguyu bojone.
Kabayan wektu kuwi ora bisa nesu amarga ngelingi sing kebangeten bodhone.
“Ya salahmu dhewe,Kang.Ora nggatekake aturane ngombe obat”
“Wah iya.”
“Lho mambu apa iki Kang? Wo saka gandhok, wah cilaka Kang” Kandhane Gemi karo mlayu menyang gandhok. Kabayan melu nututi karo pincangan.
“Apa Mi, sing gosong?”
“Iki Kang ...tempene gosong. Eman ya Kang”
“Mulane Mi, yen masak kuwi aja ditinggal. Yen gosong ngene iki lha rak rugi dhewe.”Kabayan ngandhani Gemi. Gemi mung meneng wae ngrungokake kandhane bojone.
“Dadine tempene iki dibuwang wae ya?”
“Iya ta Kang. Kajaba Kang Kabayan gelem mangan dhewe.”
“Wah aku emoh. Mbok menawa kowe sing gelem.”
“Lha terus gantine tempe apa iki Mi?”
“Tuku krupuk wae ya Kang?”
“Ya ora apa-apa, Nanging perkara aku ngombe obat aja dikandhakake karo Abah lan Simbok lho ya!”
“Iya-iya Kang,  ora perlu kuwi. Nanging ngenani sikilmu piye?”
“Ya ngomong wae kena paku nalika mulih saka pasar.”
“Ya, nanging aku genti njaluk tulung. Ngenani tempe gosong kuwi aja dicritakne !”
“Ya, beres. Perkara iki pancen gawe isin tenan.”
Untung wae Abah lan Simbok suwe olehe jagong . Dadine tempe sing gosong kuwi bisa dibuwang ora ana tabete. Mung sikil sing pincang kuwi ora bisa didhelikake. Mulane critane kena paku dikandhakake kena paku nalika mlaku mulih saka pasar.
“Kabayan besuk maneh sing ngati-ati yen nggawa grobag aja nganti mripate jlalatan!” Ngendikane Abah  marang Kabayan.
Kabayan manthuk-manthuk sajak sarujuk.
“Matur nuwun Bah, Mbenjang kula badhe ngatos-atos.”
“Ya kowe aja plirak-plirik wae yen weruh prawan ayu ana dalan!” Simbok nambahi.
“Inggih, mugi-mugi mboten Mbok.”
“E.. aja muga-muga!. Kuwi kudu diniati tenanan.”
“Inggih mbok sendika dhawuh.”
Sabanjure Abah lan Simbok padha ora ngerti manawa sikile Kabayan kena paku gara-gara aturan ngombe obat.



4. Omah Anyar
Y

en ana kulawarga bakal ngenggoni omah anyar adat saben dianakake lek-lekan  utawa wungon sing mengku karep supaya bisa tetepungan karo tangga teparone. Kajaba kuwi uga ana alesan sing  gumathok  yakuwi mujudake syukur marang Pangeran Gustine anggone kaparingan kanugrahan sing wujude omah anyar.
Nalika Abah diundang tirakatan menyang omah anyare Pak Akub ,Abah kepengin nepungake Kabayan karo sing duwe omah. Mulane kabayan sing didhawuhi makili Abah menyang omah anyar kuwi .
“Kabayan, apa kowe wis ngerti omahe Pak Akub?”
“O, griya enggal niku ta, Bah?”
“Iya pancen omah anyar kuwi omahe Pak Akub.”
“Wonten napa Bah?”
“Ngene,Dhek wingi Pak Akub mrene . Panjenengane ngundang aku . Pak Akub kepengin tetepungan karo warga kampung kene ngiras pantes nganakake syukuran amarga omahe anyar wis dadi.
“O. Ngaten. Lajeng dalu menika Abah badhe tindak mrika?”
“Ora.”
“Lha badhe tindak pundi Bah?”
“Karepku, kowe wae sing makili aku melu tirakatan ana kana.”
“Napa mboten nguciwani,Bah?”
“Ora. Malah kowe kudune wiwit kerep makili aku. Supaya bisa srawung karo wong sakampung.”
“O, ngaten. Inggih Bah.Lha saene jam pinten bidhale Bah?”
“Ya sawise jam pitu wengi.”
“Kula mangke piyambakan Bah?”
“Ora , kowe mengko bakal ana sing ngancani.”
“Sinten,Bah?”
“Tarjo.”
“Inggih manawi ngaten.”
Kabayan mung ngguyu, semono uga Abah. Abah ngrumangsani manawa mantune kuwi wong sing angel dijagakake. Kalamangsa seneng gawe mangkel, kadhang kala pinter. Nanging Abah ngakoni manawa mantune kuwi wong jujur.
Sawise jam pitu wengi Kabayan pamitan karo Gemi.
“Arep menyang ngendi Kang?”
“Menyang omah anyare Pak Akub.”
“Lho, rak Abah sing diundang ta?”
“Ya,nanging Abah ora bisa teka,mulane aku sing bakal makili.”
“Ah...biasa. Abah seneng mupangatake wong liya.”
“Hus...aja seru-seru! Kuwi rak wong tuwamu dhewe. Ora kena duwe cubriya sing ala.”
“Ya..ya...Lha terus kowe arep mangkat dhewekan?”
“Ora dhewe. Karo Mas Tarjo.”
“Ana acara apa ta?”
“Syukuran omah anyar.”
“O. Bener. Omahe wis dadi apik tenan kok Kang.”
”Ya, mesthi wae. Kuwi rak omahe wong sugih.”
“Mung apike panjenengane ora umuk.”
“Ya...ngono kuwi bisa ditulad.”
Kabayan wusanane ninggalake omahe lan mampir menyang omahe Mas Tarjo. Mas Tarjo sajake wis ngenteni katitik dheweke wis ana njaba pager.
“Wis ngenteni Mas Tarjo?”
“Ya, ayo dang mangkat!”
Wancine saya wengi lampu-lampu ing dalan wis padha padhang, lintange wis padha katon pating karelip madhangi langite.
Dheweke padha mangkat menyang omahe Pak Akub. Sajake wong loro kuwi tekane paling risik.
“Wah, awake dhewe sing dhisik dhewe Mas.”Kandhane Kabayan.”
“Iya iki , wah pekewuh.” Wangsulane Mas Tarjo.
“Ora apa-apa. Awake dhewe bisa ngobrol dhisik.”
Nalika wong loro kuwi meh tekan ngomahe Pak Akub, dumadakan krungu lakune wong sing rada kesusu.
Dheweke padha ngulati, saka sisih katon ana wong loro nganggo sandhangan sarwa peteng. Rasa wedi thukul ana pamikirane Kabayan lan Tarjo. Dheweke weruh ana wong loro nggotong barang ana pundhake. Lakune wong loro kuwi banget nyubriyani. Dheweke mlaku kesusu kaya-kaya bakal nabrak Kabayan lan Tarjo, satemah sakarone padha bengok..
“Tulung...”
Sakarone padha gemeter kaweden.
“He ngapa padha mbengok?” Pitakone wong loro sing nggawa gulungan kuwi. Kabayan lan Tarjo terus padha ngerteni yen sing dipikul kuwi mau gulungan karpet.







Gambar 4.1

Kabayan lan Tarjo wedi
weruh wong loro mikul gulungan karpet
ana ngarep omahe Pak Akub
 
 











“Dak kira...kowe mau...”
“Aku mung bakal ngeterake karpet iki menyang ngomahe Pak Akub.” Keterangane salah sijine sing nggotong karpet.
Krungu bengokane Kabayan lan Tarjo sing duwe omah metu. Dheweke duwe pangira ana kadadean sing bilaheni.
“Ana apa?” Pitakone Pak Akub.
Wong loro kuwi padha njereng karpet ana ruang tamu karo nuding Kabayan lan Tarjo sing duwe pangira manawa dheweke bakal tumindak neka-neka. Pak Akub lan liyane padha gumuyu dene Kabayan lan Tarjo rada pekewuh.
Pak Akub ngaturi Kabayan lan Tarjo supaya enggal mlebu omah. Kabayan lan Tarjo terus lungguh ana karpet sing mentas digelar.
Nalika para tamu sing diaturi wis padha teka kabeh ,Pak Akub ngaturake kawigatene anggone ngaturi rawuhe para tamu ing wengi kuwi. Panjenengane njaluk donga pangestune para tamu sawise omahe rampung digawe. Sawise atur pambagyaharja saka sing duwe gawe dibacutake donga pamuji sing dipangarsani Wan Abdul.
Wan Abdul miwiti sesorahe saka ngaturake salam, pentinge rasa syukur marang Gusti Allah, carane ngaturake wujud syukur lan dipungkasi kanthi donga bebarengan.
Sawise tatacara syukuran rampung siji mbaka siji tamune padha pamitan. Nanging nalika Kabayan lan Tarjo sarta saperangan tamu arep pamitan Pak Akub ngelekake.
“Kanggo sampeyan aja kundur dhisik! Dak aturi lungguh maneh. Ana sing pengin dak kandhakake”Ngendikane Pak Akub.
Mesthi wae Kabayan lan Tarjo sarta saperangan tamu kuwi ora bisa nyuwak. Dheweke ngeteni apa sing bakal dikandhakake Pak Akub.
Nalika para tamu liyane wis padha mulih, Pak Akub age-age menehi keterangan.
“Ngaten Bapak-bapak, kula nggondheli sampeyan sedaya menika amargi kula kepengin dikancani.”
“Napa kersanipun Pak?” Pitakone Kabayan.
“Kula pengin wungon sedalu natas  kalihan jagongan ngenani samukawis ingkang mupangati supados mboten tilem sonten. Inggih paling mboten ngantos tengah dalu.”
“O,ngaten Pak Akub?” Sahute Tarjo.
“Kula sagahi pak.” Ngendikane Pak Kumis.
“Matur nuwun manawi Bapak-bapak mboten kawratan,”
“Leres ngendikane Pak Akub, kula kabeh diaturi mriki lha rak kasuwun wungon.” Kandhane Pak Kumis.
“Ya aku mathuk.”Kandhane Wan Abdul.
”Matur nuwun manawi para kanca mangertosi penginan kula.”
“Inggih Pak.”Wangsulane Kabayan lan Tarjo meh bareng.
“Awake dhewe bisa tukar kawruh. Rak ngono ta Wan?”
“Bener Pak Kumis, awake dhewe bisa jagongan sing ana mupangate. Muga-muga ora muspra jagongane iki mengko.”
“Kabayan,apa  ana sing arep diaturake?” Pitakone Pak Kumis.
“Kula ndherek remen Pak Akub saged damel griya ingkang sae kados ngaten menika. Mboten kados kula ingkang gesang sarwa kesrakat. Gesang wonten kampung kok namung ngaten-ngaten  mawon nggih Pak.” Omongane Kabayan.
“Ora kena ngono, Kabayan. Ora kena mopo. Apa sing di kasilake kuwi gumantung karo pambudidayane. Nasibe awake dhewe ditemtokake dhewe.” Pak Kumis nyoba mbukak pikirane Kabayan.
“Sing penting awake dhewe aja nganti sambat utawa nggresula ngenani kahanane dhewe. Awake dhewe kudu luwih sregep mbudidaya. Aja mung meneng wae karo nggresula.” Ngendikane Wan Abdul nambahi.
Awake dhewe pancen kudu mbudidaya luwih sregep maneh.” Kandhane Mas Tarjo.
“Ngenggoni omah kanthi perabotan sing larang banget ngene iki kudu waspada tenan, Pak Akub!” Kandhane Pak Kumis.
“Leres Pak, Griya sae kanthi perabot sae malah saget ngundang dumugine maling.” Kabayan melu nimbrung.
“Sampun ngantos  kados Kabayan manawi ngadhepi  maling!”  Kandhane Mas Tarjo sing mesthi wae ngundang rasa cubriya liyane.
“Lho , kepiye karo  Kabayan?” Pitakone Wan Abdul.
Kabayan durung ngerti ancase rembugane Mas Tarjo.
“Nalika pandum madik-madik griyanipun, mboten diusir utawi diundangke petugas keamanan.”
“Lha apa sing ditindakake Kabayan?” Pak kumis nggenahake.
“Aja mbukak wadi Mas Tarjo!” kandhane Kabayan sawise ngerti ancase rembugan.
“Dibacutake wae Mas Tarjo ,aku pengin ngerti critane!” Panjaluke Pak Kumis.
“Kabayan malah ngaturi malinge supados mlebet griyane.”
“Terus ngejarake malinge mlebu?” Pak Kumis gumun.
”Nggih ngaten menika...” Sahute MasTarjo.
“Lha ngapa ora dijelukake petugas keamanan Kabayan?” Pitakone Wan Abdul.







Gambar 4.2

Kabayan, Mas Tarjo, Wan Abdul, Pak Kumis lan Pak Akub
Jagongan lek-lekan ana ngomahe Pak Akub sing apik banget.
 
 












 “Utawa dibengoki maling supaya malinge dicekel bareng-bareng,” sambunge Pak Kumis.
“Mas ,aja dibacutke gawe isin!”Panjaluke Kabayan.
“Di bacutke Jo, aku saya penasaran.”
“Ngaten Pak”, Mas Tarjo terus mbacutake critane.
Kabayan mung bisa kukur-kukur sirah sing ora krasa gatel.
“Kados pundi manawi ngrembag sanesipun mawon Pak?” Kabayan ngajak ganti sing dirembug.
“Ora bisa kabayan, kareben Tarjo mbacutake critane dhisik.” Pak Kumis kandha.
“Tenang. Apik lan eleke dirembug bareng.” Wan Abdul kandha.
“Ngaten. Ing sawijining dalu kula nyipeng nggene Kabayan. Kula kalih Kabayan ngobrol klesak-klesik ngantos mboten ngertos wekdal. Nalika semanten ngantos jam kalih welas dalu.”
“Ya ,pancen bener wong ngobrol kuwi adat saben lali wayah.”
“Lha, wekdal semanten mireng tiyang mlampah. Sewau kula wastani  kucing . Swantenipun lirih. Dangu-dangu saya cetha manawi wonten tiyang nyedhaki kori griya. Sanes kori ngajeng nanging kori wingking. Kula pikir niku tiyang badhe tumindak awon. Lajeng kula nglirik Kabayan ingkang tasih sekeca mawon. Kula terus mbisiki Kabayan.’ Kabayan sajake ana maling arep mlebu liwat lawang mburi’
‘Hm ‘ namung ngaten wangsulane Kabayan. Mbok manawi mboten mireng, lajeng kula ambali malih. ‘ Kabayan , ana maling arep mlebu omahmu,’
“Apa...? Maling....?”
“Iya..”
Kabayan lajeng mendhet kunci ingkang gumantung wonten cagak.
“Arep kanggo apa Kabayan?”kula gumun, Lha kok si dijupuk malah kunci pintu.
“Arep dienggo mbukak lawang.”
“Aja dibukak Kabayan, Mbilaheni.” Kula sanjang malih.
“Ora apa-apa MasTarjo. Aku wegah yen lawangku didhobrak utawa dirusak.”
“Lha ngapa?”
“Lawange dhekwingi lagi wae dak dandani engsele karo kuncine anyar. Mengko yen dirusak, lha rak eman ta?”
“Lha terus apa lawange arep dibukak, kareben malinge mlebu?”
“Aku mung pengin supaya malinge ora ngrusak lawange.”
“Lha yen ngono, malinge kepenaken.”
“Durung mesthi. Sapa ngerti sing duwe omah mbukak lawang, malinge terus isin utawa pekewuh?”
“Apa ana maling duwe isin?”
“Lha terus awake dhewe kudu kepiye? Ditundhung bareng?”
“Ya kudu ngono. Yen perlu digebuk wae.”
“Wah, mesake . Sapa ngerti arep nyolong  amarga kepeksa?”
“Kepeksa piye Kabayan?”
“Mbok menawa dheweke kuwi kurban PHK utawa mentas dipecat olehe nyambut gawe. Terus dheweke butuh pangan kanggo anak bojone?”
“Wah ,tekan semono olehmu mikir?”
“Maling kuwi rak ya menungsa. Butuh mangan karo ngombe kaya awake dhewe.”
“Nanging yen carane nyolong tetep luput.”
“Wis kareben Mas, dijarne wae.”
“Lho kowe iki kepiye ta? Ana maling kok malah dijarne.”
“Blaka suta wae, aku isin Mas.”
“Isin karo sapa? Pitaken kula kalih gumun.
“Ya karo malinge kuwi.”
“Lha kok ngono?”
“Manawa dheweke duwe niat nyolong ana ngomahku, apa sing arep dijupuk? TV ora duwe, radio ora ana. Dhuwit utawa anggon-anggon apa maneh. Lha mengko yen malinge takon barang sing pengaji, aku isin mangsuli Mas.”
“O...”
“Kula kamitenggengen, mireng wangsulane Kabayan ngaten niku wau. Nembe menika kula ngertos wonten tiyang  griyane dimadiki maling, mboten nesu utawi kuwatos malah rumaos lingsem. Aneh saestu Kabayan menika.”
Salajengipun nalika semanten kepireng kenthongan mawi irama.
“Thong...thak..thik..thak...thong..”
Swanten niku saya nyeraki griyane Kabayan, ketingale petugas rondha ingkang nembe mubeng.
“Wah ana petugas rondha, Kabayan.”
“Iya , nanging sajake malinge wis mlayu.” Sanjange Kabayan sasampunipun nggatosaken swanten tiyang badhe mbikak lawang wau.
“Wah iya. Aku krungu sikile ngidak kricak  terus mlayu lunga.”
“Lha rak iya ta...durung mesthi yen maling.”
“Nanging kula tetep mboten narimah manawi Kabayan sanjang ngaten wau, saya malih mbikakaken kori kangge mlebete pandum.”
Critane Mas Tarjo wis rampung, sing padha ngrungokake padha ora kuwat ngampet guyu. Dumadakan krungu swara.
“Thok...thok...thok...”
“Wah apa kuwi? Aja –aja maling arep nyolong ana kene?” Kabayan kaget.
“Hus, dirungokne dhisik! Masa ana maling thothok-thothok lawang.” Wan Abdul mbantah.
“Iya, tulung Mas Tarjo dibukake lawange!” Pakone Pak Kumis.
“Kula...kula...”
“Wedi?” Pitakone Pak Kumis.
“Inggih...rada.. Pak.”
“Wo, ayo dak kancani!” Ajake Pak Kumis karo mlaku menyang cedhak lawang. Tarjo ngetutake karo atine dhag dhig dhug.
“Thok...thok...thok...Kula nuwun”
“Lho apa ana maling nganggo kula nuwun?”
“Leres,Pak.”
Pak Kumis age-age mbukak lawang. Lan dheweke weruh wong loro teka ana ngarep lawang. Wong loro kuwi Abah karo Gemi.
“O, Abah karo Gemi. Mangga pinarak mlebet!”
“Mboten mawon Pak, kula namung pengin ngertos napa Kang Kabayan tasih wonten ngriki?”Pitakone Gemi.
“Iya, lha kae isih jagongan.” Wangsulane Pak Kumis.
“Kok disusul, ana apa Mi?”Kabayan protes.
“E, Kang Kabayan jenenge bojo , ya was-was ta. Kok nganti wengi durung mulih. Adat saben acara syukuran paling banter tekan jam sepuluh wengi. Lha iki wis jam rolas, ya mesthine aku was-was terus ngajak Abah dakmkon ngancani goleki kowe.”
“Ya , ngapurane Mi, Abah. Iki mau panyuwune Pak Akub”
“Penjaluk sing kepiye?”
“Tulung Pak Kumis dipun terangaken!” Pakone Kabayan.
“Ya , bener Mi karo Abah. Iki mau Kabayan karo aku sakanca arep mulih lha terus dicandhet Pak Akub supaya ngancani wungon nganti jam rolas wengi.”
“Ya ora apa-apa , nanging rak ya ngabari dhisik. Dadine wong saomah ora kuwatir.”Abah kandha.
“Inggih, nyuwun ngapunten Bah.” Pak Akub genti kandha.
“Ya wis ora apa-apa. Lha terus iki wis jam rolas, apa wungone isih arep dibacutake?” Pitakone Gemi.
“Ya, uwis Pak kumis. Wan Abdul, Kabayan lan Mas Tarjo, gandheng iki wis jam rolas wungone diuwisi.”Kandhane Pak Akub.
Sawise mangkono kabeh padha pamitan mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Pak Akub ndherekake para tamune nganti tekan njaban regol.
5. Menyang Suramadu
A

na kretek anyar ing wewengkon Jawa Wetan sing nggathukake antarane pulo jawa karo madura. Kretek kuwi jenenge Kretek Suramadu. Suramadu saka tembung Surabaya lan Madura. Kretek Suramadu mujudake kretek sing paling dawa dhewe sak negara Indonesia, dawane udakara 5.438 meter. Digawe wiwit tahun 2003 nganti tekan tahun 2009 kanthi wragat 4,5 trilyun.
Sawise melek ana ngomahe Pak Akub nganti jam rolas wengi, ing dina esuke tangine Kabayan kawanan. Abah lan Simbok wis budhal menyang sawah dene Gemi isih nyapu ana latar.
Kabayan age-age tangi saka paturone terus menyang sumur arep adus. Lakune rindhik-rindhik pamrihe supaya ora keprungu bojone. Banyu ing kolahe isih ana mulane Kabayan ora nimba. Katimbang nimba banyu krungu bojone aluwung adus nganggo banyu sakanane.
Sawise ganti sandhangan Kabayan menyang Gandhok kepengine arep sarapan. Nanging nyatane wedang kopi wae durung dicepakake apa maneh sarapan. Ya kepiye maneh dheweke ora bisa apa-apa amarga ngrumangsani tangine wae telat.
Kabayan ngulati njaba. Gemi wis rampung olehe nyapu terus jagongan karo tanggane sing jenengi Bibi Supi ana ing latar.
“Wah wis rampung olehe nyapu Mi?” Pitakone Bibi Supi.
“Iya Bi. “
“Kabayan menyang ngendi kok durung ketok.?”
“Biasa Bi isih turu ,apa maneh mau bengi melek ana ngomahe Pak Akub nganti jam rolas.”
“Wo,...kok ngono? Lha kok ora digugah? Kamangka Abah karo Simbok rak wis lunga menyang sawah ta”
“Wis kareben Bi. Yen digugah mengko malah ngejak padu.”
“Lho sapa kandha Mi?” Dumadakan Kabayan wis ana nglatar. Wong loro padha kaget. Luwih-luwih Kabayan wis dandan rapi.”
“Adat saben yen durung digugah durung tangi.”
“Ngapura Mi. Yen turuku ngepluk.”
”Ya...yen aku pancen wis ngerti alesane.”
“Aja ngono,Mi! Aku dadi pekewuh karo Bi Supi.”
“Ora sah pekewuh Kabayan.Aku wis ngerti. Wadimu wis ana tanganku.” Keterangane Bibi Supi.
“Wah raiku dak wenehake ngendi ya?”kabayan tambah isin.
”Diselehake wae ana kandhang Kang!” kandhane Gemi.
“Bibi ngerti.Satemene Kabayan pengin bebas kaya bocah cilik.”
“Bebas piye Bi?”Pitakone kabayan.
“Tonton wae yen dijarake, bocah cilik kuwi rak pengin bebas. Bebas dolanan, bebas guyon. Ya pengine bebas sing baku bisa seneng.”
“Ya kebebasan sing kaya ngono kuwi rak ora pantes,Kang.”
“Ya ,aku ngerti. Bebas kuwi ana watese.”
“Bener , diwatesi karo rasa tanggung jawab.,”Kandhane Bi Supi.
“iya...iya sesuk aku ora ngono maneh.” Saiki wetengku ngintir-intir....njaluk diisi.”
“Ha...ha...ha.”
Bibi Supi lan Gemi gumuyu.
“Lho kok aku diguyu? Apane sing lucu?”
“Yen wetenge ngintir-intir amarga durung sarapan. Menyang gandhok kana sarapan sarapan dhisik.”
Kabayan age-age mlebu menyang gandhok. Pranyata bener sing digoleki Kabayan wis ana, yakuwi sepiring sega goreng komplit sak lawuhe. Tempe karo sambel pedhes sasendhok.









Gambar 5.1
.
Gemi karo Bibi Supi ngrasani Kabayan
Kabayan ana cedhake ing latar omahe
 
 












Sawetara kuwi jagongane Gemi karo Bibi Supi isih disambung maneh. Mbok manawa gaweane wis padha rampung.
“Mi apa kowe nate menyang Suramadu?”Pitakone Bi Supi.
“Uwis Bi, dhek emben ,sadurunge duwe bojo.”
“Aku ya uwis nate mrana piknik bareng –bareng sakampung.”
“Aku ya pengin mrana Mi, nonton kretek sing paling dawa.”
“Ah iki mau mung crita,Kang . Dudu rancangan ,ya mbok manawa ibu-ibu padha piknik mrana maneh.”Keterangane Gemi.
“Wah eman ya ,aku durung nate weruh Suramadu.”
“Ya kapan-kapan Kabayan. Yen ana acara piknik bareng mrana.” Kandhane Bi supi.
“Ngene wae, becike Kang Kabayan nusul Abah menyang sawah.” Kandhane Gemi.
“Wah aku pekewuh wis kawanan.”
“Kang Kabayan ora mung teka wong thok,nanging karo nggawa kirimane Abah.”
“O, iya. Kanggo mangan awane Abah ya,Mi? Lha yen ngono aku gelem. Apa wis dicepakake?”
“Ya kosik sadhela maneh dak cepakake.”
“Yen ngono aku pamit dhisik,Mi.” Kandhane Bi Supi karo ninggalake kabayan lan Gemi.
“Kok kesusu Bi?’
“Wis cukup ngobrole.”
Bi Supi wis mulih menyang ngomahe, sawetara kuwi Gemi wis nyepakake kiriman kanggo Abah sing ana sawah. Ora let suwe Kabayan nggawa tenggok isi sega sak lawuhe lan banyu ngombe.
Seminggu candhake nalikane Kabayan lagi tangi saka paturone,dheweke krungu Gemi lagi omong-omongan karo anake Bibi Supi sing jenenge Minah. Jagongane wong loro kuwi cetha banget mulane Kabayan age-age tangi.
“Sida lunga ora Yu Gemi?” Pitakone Minah.
“Ya sida.” Wangsulane Gemi.
“Menyang Suramadu ta?”
“Iya”
Kabayan kaget amarga Gemi arep lunga menyang Suramadu.
“Arep menyang ngendi Mi?” Pitakone Kabayan karo nyedhaki sing lagi padha jagongan.
“Menyang Suramadu Kang.”
“Suramadu?”
“Iya arep melu ora?”
“Ya, genah.”
“Ana syarate lho.”
“Apa syarate ?”
“Syarate adus dhisik.”
“Ya.” Kandhane Kabayan karo menyang mburi adus.
Ora let suwe Kabayan adus ana kolah byar-byur swarane. Sawise kuwi age-age nganggo sandhangan sing apik lan rapi.
“Apa perlu nyepakake tas gedhe Mi?”
“Ora.”
“Lha ngapa?”
“Ora usah, ya ora.”
Sawise sarapan sakarone padha menyang dalan gedhe. Kabayan seneng banget amarga pepenginane menyang Suramadu bakal kaleksanan.
Ing pinggir dalan Gemi ngawe tukang andhong.Andhonge mandheg ana ngarepane. Sakarone padha munggah, andhong terus mlaku tumuju menyang pasar.
“Mi, sawise numpak andhong iki terus numpak apa?”
“Ora perlu ganti-ganti kendharaan Kang,”wangsulane Gemi.
“Lho kowe kuwi kepiye ta? menyang Suramadu kok mung numpak andhong.”
“Uwis ta Kang menenga wae!”






Gambar 5.2

Kabayan karo Gemi numpak Andhong
 
 












Kabayan rumangsa bingung krungu wangsulane Gemi. Aneh banget menyang Suramadu kok mung numpak andhong. Pancen Kabayan durung nate mrana nanging dheweke uwis duwe pangira manawa Suramadu kuwi adoh banget. Paling ora numpak bus utawa sepur, ora numpak andhong kaya ngene.
Manawa numpak andhong paling-paling mung tekan pasar wae, nanging yen menyang Suramadu kok mokal kelakone mung numpak andhong.
“Kang, kok ngalamun ana apa?”
“Anu..e..ora ana apa-apa.”Wangsulane Kabayan isih bingung.
“Adat saben kowe kakehan omong, saiki kok meneng wae?”
“Arep crita apa? Aku bingung.”
“Aja bingung! Apa sumelang yen ora tekan Suramadu?”
“Ya ngono kuwi.”
“Lha ngapa?”
“Menyang Suramadu kok mung numpak andhong?”
“Lha yen bisa ngapa ora?”
Krungu wangsulan kaya ngono Kabayan mung meneng wae. Andhonge mlaku saya banter menyang papan sing dituju.
Nalika tekan pasar, Gemi njaluk diudhunake ana ngarep toko. Lan andhonge mandheg ana kono.
“Ayo mudhun Kang!”
“Lho kok medhun ana kene.”
“Ayo cepet mudhun!”
“Kandhane menyang Suramadu?”
“Uwis ta ora usah takon wae!”
Kabayan manut karo Gemi. Dheweke padha mlaku ngliwati dalan sangarepe toko-toko kuwi. Gemi terus mlaku ana ngarep, gelem ora gelem Kabayan ngetutake lakune bojone.
“Isih adoh Mi?” Pitakone Kabayan sing wiwit ora sabar.
“Sadhela maneh Kang.” Wangsulane Gemi karo mesem.
Kabayan mikir manawa Gemi wis nyarter mobil kanggo lunga menyang Suramadu, lan wektu iki mobile mesthi wis nunggu.
“Sabar Kang ,kuwi lho cedhak wong dodol bakso kuwi.”
Kabayan noleh  menyang panggonane wong dodol bakso. Ngepasi ing kono ana mobil parkir. Kabayan duwe pangira manawa mobil kuwi sing wis dicarter Gemi kanggo lunga menyang Suramadu. Kabayan age-age mlaku banter dhisiki Gemi.
Nalika tekan cedhak mobil, Kabayan lingak-linguk amarga mobil kuwi kosong lan ora ana sopire.
Tukang Bakso sing weruh Kabayan lagi lingak-linguk kaya wong bingung, terus nakoni.
“Badhe tindak pundi, Pak?”
“Dhateng Suramadu, Mas.”
“O...lajeng mlebet mawon ,Pak!”
“Nanging nglebete tasih suwung, Mas.”Wangsulane kabayan.
Tukang bakso sing krungu wangsulane Kabayan kuwi kaget lan gumun amarga dheweke ngulati ing jero wis akeh uwonge.
“Lho kados pundi ta ,Pak. Sampun kathah tiyang ngaten kok diwastani suwung.”
“Kathah pripun, lha wong lawange mawon tasih tutup.”
Tukang bakso kuwi saya tambah bingunge. Kena apa ora? Toko sing rame akeh sing padha tuku kaya ngono kok diarani suwung. Pintu sing menga ambane kaya ngono kok diarani tutup, sajake sing suwung uwong kuwi.Tukang baksone terus nglungani.
Gemi sing wiwit mau wis nggatekake Kabayan mung meneng wae. Satemene wiwit mau dheweke kepengin nggeguyu bojone nanging diampet. Sabanjure Gemi nyedhaki Kabayan.
“Ayo Kang!”
“Menyang ngendi? Delengen kuwi! mobile isih suwung lan pintune isih tutup”
“Lho, Kang Kabayan arep menyang  ngendi ta?”
“Menyang kretek Suramadu.”
“Sapa sing ngomong arep menyang kretek Suramadu,Kang?”
“Lha terus menyang ngendi,Mi?”
“Kuwi lho Kang, ngarep kuwi.” Gemi nuding toko sangarepe, toko kuwi ana tulisane Toko Suramadu.
“Wo...dadine awake dhewe menyang Toko Suramadu ta?”
“Iya ,Kang.”
Saiki gumune Kabayan wis oleh wangsulan. Pantes wae ora nggawa sandhangan lan sangu liyane. Mung numpak andhong ora numpak bus utawa sepur.Sajake mung menyang Toko Suramadu.
Kabayan lan Gemi terus mlebu menyang Toko Suramadu. Gemi wiwit milih sandhangan sing arep dituku. Kabayan mung bisa ngunjal ambegan, amarga ora cocok karo pengangen-angene nalika budhal saka ngomah.
Sabaline saka blanja ing Toko Suramadu, Kabayan krasa luwe lan ngelak. Satemene pengin kongkon Gemi njupukake wedang sagelas. Nanging dheweke ora tega amarga bojone lagi masak ana gandhok.
Suwe-suwe dheweke ora kuwat ngampet ngelake, mulane dheweke terus menyang mburi. Kabayan weruh Gemi lagi ngewangi Simbok masak sayur lan nggoreng iwak mujair.
“Arep ngapa Kang?”
“Aku ngelak Mi, pengin ngombe.”
“Ya njupuka dhewe, aku lagi masak.”
“Ya.”
Kabayan njupuk gelas kosong terus dilap. Gelase diisi kopi sasendhok lan gula pasir rong sendhok  terus diwenehi wedang jarang saka termos.Sawise mangkono Kabayan terus ngudhek gula nganggo sendhok.
“Saben dina kok ora lali karo kopi angete,ta Kang?”
“Lha piye maneh, wong wis nggathok.”
“Upama ora ngombe kopi piye,Kang?”
“Wah, sirahku bisa nyut-nyut alias mumet.”
“O, ngono ta Kang.Mulane saben dina kon nggawekake kopi.”
Nalika kuwi Abah teka, lan ngulati Kabayan sing lagi ngudhak gula nganggo sendhok.
“E..Kabayan. Yen pengin luwih enak maneh, ditambahi susu!”
“Inggih Bah. Apa isih susune Mi?”
“Isih Kang ,lha kuwi ana kono.”
Kabayan age-age njupuk susu bubuk lan ditambahake ana wedang kopine. Terus diudhek maneh nganti rata. “Wah ,Leres Bah kopi campur susu pancen sampun kawentar nikmatipun.”
“Supaya enak maneh tambahana kecap sethithik!” Pakone Simbok.
“Lho kok ditambahi kecap?” Pitakone Kabayan.
“Dicoba wae! Bakso tahu lan liya liyane kuwi yen ditambahi kecap rasane luwih enak, iya ta?” Kandhane Simbok.
“Wah iya bener ya. Isih duwe kecap Mi?”
“Lho... kok nganggo kecap barang,?”
“Nanging resep iki perlu dicoba,Mi.”
“Ya... , lha kuwi.”
Kabayan age-age njupuk kecap, botole dibukak lan kecape diiling menyang sendhok terus dilebokake menyang gelas. Sawise mangkono terus diudhak maneh supaya kecape campur karo wedang kopine.
“Kareben tambah nikmat ditambahi maneh cuka,Kabayan!” Pakone Abah.
“Wah , napa enggih Bah?”
“Iya, kajaba nikmat uga dadi obat lara weteng.”
“Inggih, Bah. Kula cobine.”
“Isih duwe cuka,Mi?”
“Aja aneh-aneh ta Kang, mengko rasane piye?”
“Lha piye ta, kudu dicoba dhisik.”
“Ya wis, sakarepmu.Lha kuwi ana kono.”
Kabayan age –age njupuk cuka lan dicampurake ana wedang kopine. Kopine diadhuk maneh nganti rata.
“Wah, iki kopi paling komplit sakdonya, ana kopi , ana susu, ana kecap lan cuka gaweane Kabayan. Mesthi nikmat” Kandhane Kabayan kebak seneng amarga wis kelakon gawe kopi komplit.
“Langsung diombe Kabayan!”Kandhane Simbok karo ngguyu.
“Iya Kabayan, carane ngombe langsung digleg pisan, aja sethithik-sethithik, kareben nikmate krasa tenan!” Tambahe Abah.
Gemi sing ngerti manawa bojone lagi digarapi mung meneng wae, satemene ya mesakake nanging ya pengin ngerti piye polahe Kabayan sawise ngombe kopi kuwi.
Nalika kabayan ngangkat gelas, Abah Simbok lan Gemi padha ngunjal ambegan. Dheweke padha mbayangake kaya ngapa rasane kopi gaweane Kabayan kuwi.
Kanthi kebak pengandel Kabayan age-age ngombe kopi gaweane,”Gleg...gleg...gleg.”
Sawise kuwi ,”Uhuk..hoekkk...” Kabayan muntah.”Adhuh ...wehh. rasa apa iki...?”
Kabeh padha nggeguyu, Abah, simbok lan Gemi kepingkel-pingkel. Nanging Gemi mesakake mulane dheweke terus njupuk kacu kanggo ngelapi wutahane bojone.
“Mulane Kang, yen dikandhani bojo kuwi digatekake!”
“Adhuh Mi. Wetengku saiki lara.”
“Ya ayo dak priksakake menyang daleme Pak Mantri.”
Sabanjure Kabayan digawa menyang ngomahe Pak Mantri kesehatan. Pak Mantri bareng krungu critane mentas ngombe  kopi istimewa kuwi dadi ngguyu, terus menehi obat weteng oralit.




 













6.Kabayan Kesurupan
N

alikane  Kabayan turu ana sisihe bojone dheweke tansah klisikan ora bisa turu. Mripate angel dieremake, bola –bali awake mlumah lan mengkureb.Apa sababe Gemi ora ngerti.









Gambar 6.1

Kabayan lan Gemi turu ana paturone
Kabayan klisikan ora bisa turu.
 
 











“Kang ana apa?” Pitakone Gemi sing rumangsa diganggu.
“Ngapura Mi .Aku ora bisa turu.”
“Kena apa, dicokot nyamuk?”
“Ora.”
“Lha ngapa?”
“Aku lagi mikir pangajake Bang Togar.”
“Lha ngajak ngapa,ta?”
“Kowe ngerti ora kegiatane Bang Togar?”
”Ora , apa ta kegiatane?”
“Dheweke kuwi rak sing mimpin drama ana kampunge dhewe. Dramane kuwi bakal kanggo mahargya dina kamardikan.”
“Lha terus ngapa gegayutane karo Kowe?”
“Ngene Mi, aku diajak Bang Togar melu main sandhiwara.”
“O, ngono...Lha ngapa terus ora bisa turu?”
“Amarga aku durung nate melu main sandhiwara. Lagi sepisanan iki aku arep melu.”
“Ora susah dipikir banget-banget sesuk mesthi diajari.”
“Mesthine ngono.”
“Ya wis kang ,aku wis ngantuk dak turu dhisik.”
“Ya, kowe turuwa dhisik.”
“Nanging aja ngganggu, amarga aku sesuk kudu tangi esuk!”
“Ya, aku ngerti.”
Sabanjure Gemi terus turu angler dene Kabayan ora wani ngganggu bojone. Kabayan tansah mikirake anggone bakal melu main sandhiwara. Kabayan kelingan omongane Bang Togar.
“Kabayan sandhiwara iki besuk kanggo ngisi acara pitulasan. Kowe  kudu gladhen tenanan supaya besuk manawa pentas ana panggung ora nguciwani.”
“Iya Bang.”
“Sanajan mung main ana panggung ing acara pitulasan kampung, nanging manawa apik kuwi jenenge prestasi. Sapa ngerti kowe  besuk terus diajak main sinetron.”
“Apa iya,Bang,! Sajake mokal.”
“Kenapa mokal Kabayan. Yen maine apik, dadi pemain sinetron ora ana mokale, mung kari sak nyuk ngono wae.”
“O, ngono,Bang?’
“Ya muga-muga. Sapa ngerti amarga main sandhiwara iki , kowe besuk dadi artis sing kondhang, sanajan saka desa.”
“Wah aku ora bisa nggambarake Bang.”









Gambar 6.2

Kabayan ngimpi dadi artis kondhang
Sugih sarwa kecukupan
 
 











Semangate Kabayan gedhe banget. Dheweke nggambarake manawa dheweke dadi artis kondhang. Kabeh wong bakal nonton dheweke liwat TV. Ora mung wong atusan nanging malah yutan.
Kabayan nggambarake manawa jenenge dadi kondhang . Yen wis ngono, mesthi kepenak uripe. Saben ketemu wong mesthi bakal padha njaluk tandha tangan.
Sepisan teken kontrak mesthi akeh dhuwite. Yutan malahan puluhan yuta rupiyah. Yen wis ngono, jenenge Kabayan ora bakal disepelekake wong liya. Kabayan uga kepengin tuku omah anyar , perabotan anyar. Ora kaya saiki sing sarwa kesrakat.Sandhangan sing mompyor larang regane uga bakal gampang dituku. Kendharaan rodha loro mesthi ora bakal mokal duwene. Wah...kepenak tenan. Ora karasa Kabayan terus turu angler sajroning pangimpene.
Dina esuke kabayan wis teka ing panggonan gladhen sandhiwara. Dheweke kepengin age-age gladhen lan ngetog  kabisane  satemah besuke dheweke bisa dadi artis kaya sing di gambarake.
Nalika tekan panggonan gladhen dheweke gumun dene durung ana sing padha gladhen. Nalika dheweke mlebu age-age Bang Togar njeluk. Kabayan terus nyedhak.
“Ana apa Bang?”
“Sidane piye? Apa kowe siaga melu ing sandhiwara iki?”
“Iya Bang. Aku kudu maragani sapa?”
“Kowe mengko bakal diwenehi paragan. Lan mengko kowe kudu bisa maragakake sapa wae kanthi apik. Umpamane dadi wong sing lucu, dadi wong sing srakah. Nanging ing gladhen iki kowe maragakake wong sing srengen utawa gampang nesu.”
“Iya Bang , apa wae sing kudu dak paragakake bakal dak lakoni kanthi tenanan.”
“Iya , sapa wae sing diparagakake kudu dilakoni kanthi becik sanajan cengkah karo batine.”
“Iya Bang.”Saumpama kowe mengko diwenenhi ayahan dadi pendhekar, apa kowe saguh?”
“Saguh ,Bang.”
“Bener saguh?”
“Ya saguh.Dadi pendhekar kaya Jampang utawa Jaka Tingkir?”
“Ora kudu pendhekar sing wis kondhang. Mbok manawa mung kondhang ana sakiwa tengene dhewe.”
“Ya sauger dipercaya.”
“Mesthi. Kowe mengko dadi sawijining pendhekar sing wani mati. Wani mungsuh sapa wae.”
“Critane piye Bang?”
“Kowe dadi pendhekar sing kajen. Wani tarung karo sapa wae. Nalika mbebedhag ana ngalas kowe ketemu macan sing galak banget. Lan kowe kudu nglawan macan kuwi. Lha terus sawijining dina kowe diuyak-uyak karo rombongane asu ajak. Mung wektu kuwi kowe ora wani nglawan amarga cacahe akeh.”
“Lha terus apa sing kudu dak tindakake Bang?”
“Ya kowe kudu ,mikir kepiye bisane luput saka kepungane asu ajak kuwi. Kowe kudu mlumpat terus menek uwit tekan dhuwur. Kowe mesthi slamet saka kepungane asu ajak kuwi. Maune asu ajak kuwi nunggu ana ngisor uwit, lha suwe-suwe asu ajak kuwi jeleh terus lunga ngono wae.
“Terus?”
“Nalika kowe arep mudhun, dumadakan ana ula gedhe medeni saka ndhuwurmu . Mesthi kowe ora gelem dicaplok ula gedhe kuwi.”
“Lha terus piye carane?”
“Wektu kuwi kowe mlumpat saka dhuwur uwit. Nanging..”
“Kena apa?”
“Kowe kurang duga kira, ora ngerteni kahanan ngisor, kowe tiba sirahmu ketatap watu.”
“Apa pendhekare mati?”
“Ora mati. Wong pedhekare sekti kok, mung semaput.”
“O..syukurlah.”
“Amarga semaput mula paragane diganti wong liya.”
“Wah perane ora kepenak.”
“Kepiye , saguh ora?”
“Apane Bang?”
“Kowe gelem ora dadi pendhekar kaya ngono kuwi?”
“Kepiye,ya? Rasane kurang sreg. Nanging kepiye upama lakone diowahi?” Kandhane Kabayan sing kabotan dadi paraga kuwi.
Naging Kabayan ngulati Bang Togar lan wong sing ana kono padha ngguyu. Apa karepe?
“Kowe mesthi ora seneng ta?”
“Kepiye ya?”
“Satemene kuwi kabeh ora ana skenarione.”
“Lha terus carita sabenere piye?”
“Karepku kuwi mung kanggo ngerteni tekan ngendi kabisane pemain utawa sing maragani.”
“O, dadine mau mung nodhi kasaguhanku lan kabisanku?”
“Bener banget.”
“Lha terus critane sing bener kepiye?”
“Critane wis ana sajroning naskah iki kabeh. Kene iki wis ana katerangane sing rinci apa sing kudu di omongke utawa di lakoni. Iki ora kanggo kowe dhewe nanging kanggo kabeh para paraga.
“Ya, aku ngerti. Lan mesthine kudu diapalake lan disetitekake.”
“Bener, satemah nalika tekan wayahe, sandhiwara iki bisa dimainake kanthi kompak.”
“Bakal dak budidaya Bang.”
“Saiki kowe kudu tepung karo wakilku, jenenge Bung Alwi.”
“Lha terus apa ayahane Bung Alwi?”
“Ayahane ngajari kowe wiwit saka carane ngomong lan solah tingkah sing bener. Mesthi kudu jumbuh karo naskah. Amarga kuwi kabeh kudu ngener marang pituduh sing ana sajroning naskah.”
“O. Ngono.”
“Saiki kowe bakal diajari karo Bung Alwi.Wilujeng gladhen.”
“Matur nuwun, Bang.”
Wiwit dina kuwi , Kabayan lan saperangan paraga liyane bakal digladhi dening Bung Alwi. Kabayan kudu nggatekake temenan maragani wong sing gawene nesu.
“Kabayan, peranmu ana kene yakuwi dadi wong sing gampang nesu. Bener-bener wong sing srengen mbahe wong galak.”
“Iya Bung, apa wae kuwi?”
“Swaramu kudu seru lan cetha , jumbuh karo pituduh naskah.”
“Lha terus piye maneh?”
“Kaya perangan ngarep, kowe kudu ngatonake praupane wong sing lagi nesu tenanan. Praupamu kudu digawe sangar, omonganmu kudu seru.!”
“O ngono, dadi ora kena nyebal saka pituduhe naskah?”
“Ya, coba ucapna sing pener!”
Mulane Kabayan terus maca ukara sepisanan sing kudu diomongange kanthi irama nesu.
“He, ana apa iki?” omongane Kabayan karo capeng.
“Kurang pas, Kabayan”,kandhane Bung Alwi.
“Lha terus kudu piye?”
“Kudu luwih sora maneh. Ayo diambali maneh!”
“Ya..” Kabayan age-age nglumpukake tenaga lan swara ing tenggorokane.
“He..! ana apa iki?” omongane Kabayan nggetak.
“Lha ngono kuwi. Pocapan kuwi kudu seru lan srengen.”
“Saiki aku bakal nyoba guneman candhake,”Omonge Kabayan karo siaga mbengok.”Saiki meneng.”
“Wah ..kurang sora Kabayan,”Celathune Bung Alwi.
“Ngapurane. Arep dak ambali.”
“Ya cepet!”
“Saiki...meneng...!”
“Ya apik. Cukup srengen. Lan iramane pas. Saiki coba ukara sabanjure.”
“Isih nesu?”
“Ya mesthi wae, iki acarane lagi neson-nesonan.”
“Ya,” omonge Kabayan karo nggatekake tembung-tembung sing bakal diomongake. Sabanjure...”
“Lan saiki uga minggat!”
“Ah...isih kurang mantep. Coba sepisan maneh, sing srengen.
“Lan saiki uga... minggat...!”
“Ya apik, kowe wis bisa omong kanthi sora.”
“Apa perlu ditambahi tembung-tembunge?”
“Kanggo sawetara cukup. Mung wae dibaleni maneh ana ngomah supaya sesuk  ing gladhen candhake bisa luwih becik.”
“Iya, Bung Alwi.”
Bung Alwi ngakon Kabayan supaya mbaleni ukara sing kudu diucapake sajrone pentas mengko. Kabayan ngestokae dhawuh.
Sajrone seminggu iki kabayan gladhen kanthi temen. Sing kerep digladhi perangan sing kudune dheweke nesu kanthi srengen galak tanpa kendhali. Lan pancen perangan kuwi sing kudu kerep digladhi. Kabeh mau mung supaya nalikane gladhen bareng dheweke bisa maragani kanthi trampil lan luwes.
Wektune pentas wis meh cedhak. Dadine , saben paraga dijaluk supaya apal kabeh guneman kanthi tenan. Maune Kabayan arep ragu gladhen ana ngomah . Apa ora gawe ramening swasana? Nanging wusanane Kabayan netepake bakal nyoba.”
Swasana ngomah saiki katon gayeng dening swarane Kabayan. Dheweke nggaya ana ngarep kaca karo capeng. Tangane nuding-nuding wayangane dhewe sing ana njero kaca.
“He..! ana apa iki?  Saiki...meneng...! Lan saiki uga... minggat...!”
Guneman kuwi dibolan- baleni. Manawa rumangsa kurang pener  lan kurang mantep, Kabayan mbaleni maneh.
“Cepet lunga,...hayo..!”
Kahanan kaya ngono kuwi mesthi wae gawe kaget lan gumune Gemi. Genea Kabayan bengak-bengok ora karuhan “Wadhuh ...kepiye iki?” Pikirane Gemi.
Minangka bojo mesthi wae Gemi rumangsa rihatin weruh kahanane Kabayan.
“Wadhuh, sajake Kang Kabayan kesurupan. Dheweke kudu cepet dielingake. Nanging piye ya carane ngelingake? Adhuh...dhemit ngendi sing nyusupi awake ya?”

Gemi nyedhaki Kabayan sing isih ngadeg ana ngarep kaca.
“Kang...Kang Kabayan. Eling Kang. Ngapa kowe bengak-bengok kaya ngono?” Kandhane Gemi alon-alon.









Gambar 6.3

Kabayan ana ngarep kaca copang capeng tudang-tuding
Omongan dhewe
Gemi ngira Kabayan lagi kesurupan
 
 











Nanging Kabayan ora nggagas, dheweke isih copang-capeng ana ngarep kaca.
“O..iya iki wis wancine mangan, mbok manawa yen ditawani mangan , Kang Kabayan bakal mandheg olehe bengak-bengok.
“Kang, apa ora luwe? Ayo mangan dhisik,” Gemi nyoba golek kawigatene Kabayan.
Nanging Kabayan ketungkul olehe gladhen mulane babar pisan ora maelu ajakane bojone. Malah dheweke mbaleni mbengok sora.
 “He..! ana apa iki? 
Gemi sing rumangsa digetak mesthine kaget lan bingung.
“Kang adat saben Kang Kabayan ora kaya ngene. Telat sing mangan sadhela wae kok wis kalap.”
“Saiki...meneng...!
“Lho, kok kaya ngono? Ngakon bojone supaya meneng.”
“Lan saiki uga... minggat...!” Panggetake Kabayan karo capeng mentheng kelek. “Cepet lunga!,...hayo..!”
Gemi dadi tambah bingung weruh kahanan kuwi.
Nalika kuwi keprungu swara manci –manci pating krompyang padha tiba saka rak gandhok. Swarane rame terus disusul swara sing seru. Meong...meong...meong..
Sajake swara kucing sing lagi kerah.
“Wah cilaka. Kucinge padha kerah ana gandhok,” kandhane Gemi karo mlayu.
Kanggone Kabayan swarane kucing kerah kuwi nganggu olehe gladhen. Dheweke uga terus nglereni gladhene lan mlayu menyang gandhok nusul bojone. Nyandhak kayu bakal kanggo nggebuk kucinge.
“Mengko dhisik ,Mi. Dak rampungane,” kandhane Kabayan karo njaluk dalan kanggo ngajar kucinge sing lagi kerah.
Nalika klebating kayu bakal tumiba, kucing loro kuwi kanthi trengginas padha ngendhani. Kucinge mlumpat nabrak barang-barang liyane sing ana gandhok. Swara pating krompyang keprungu maneh.
Kabayan mlayu nguyak karo nggebuk kucinge. Sepisan maneh kucinge ngendhani kanthi trengginas.
“He..! ana apa iki?  Saiki...meneng...! Lan saiki uga... minggat...! Cepet lunga!,...hayo..!”
Bengokane lan ancamane Kabayan gawe mlayu lan lungane kucing metu saka gandhok.
Nalika kuwi Abah lan Simbok ora ana ngomah. Dheweke lagi padha menyang sawah. Gemi  sing rumangsa kijenan saya percaya manawa bojone lagi kesurupan dhemit. Dheweke wiwit kaweden. Dheweke terus netepake bakal njaluk tulung Pak RT.
Ora let suwe Gemi wis mulih diiringake Pak RT lan Hansip cacah loro. Wong-wong sing ora perlu uga melu ngetutake Pak RT.
Gemi terus lapuran manawa bojone kesurupan dhemit. Malah dheweke disrengeni entek-entekan. Pak RT krungu palapurane Gemi rumangsa cubriya lan saya kepengin ngerteni kadadean sing satemene.
Nalika tekan ngarep lawang, dheweke krungu swarane Kabayan sing bengak-bengok.
“Cobi dimirengke, Pak. Napa niku mboten diwastani kesurupan. Piyambake saestu dipun lebeti dhemit, Pak.”
Wong-wong sing padha ngetutake uga dadi was sumelang krungu swarane Kabayan sing banter kuwi. Pak RT age-age menehi sasmita marang Hansip loro supaya ngringkus Kabayan saka mburi. Kabayan kaget banget amarga dumadakan dheweke wis dipithing dening Hansip loro.
“He, ngapa aku dipithing? Apa salahku?”
“Wis ora usah rame. Kowe kuwi sapa lan saka ngendi?” Panggetake Hansip sing duwe pangira manawa Kabayan kesurupan.
“Cepet kowe lunga saka awake Kabayan! Alammu beda karo alamku. Age dang lunga aja ngganggu !” Hansip sijine nambahi.
“Ajeng lunga ten pundi Pak,? Niki omah kula.”
“Kowe aja macem-macem! Yen ora lunga dak sembur nganggo banyu donga lho.”







Gambar 6.4

Ing kamare kabayan
Kabayan dipithing Hansip loro  saka mburi
Pak RT lan Gemi ana ngarepe
Wong akeh padha nonton.
 
 












“Ampun Pak. Ampun disembur ngangge banyu donga mangke mindhak ngganda jengkol!”
Warga sing nalika kuwi padha melu ngetutake dadi padha ngguyu. Dene Hansip sing nyekel kuwi mung meneng.
“Ampun kenceng-kenceng Pak Hansip. Tangan kula sakit.”
“Mulane kowe dang lunga saka awak iki. Aja seneng ngrasuki awake uwong. Dhasar dhemit keparat.”
“Adhuh ..kula sanes dhemit Pak, Kula Kabayan.”
Pak RT sing weruh Kabayan wis tenang age-age nyedhaki.
“Kowe ora apa-apa Kabayan?”
“Wiwit wau kula mboten napa-napa, Pak RT.”
“Ampun pitados kalih tiyang kesurupan ! Pak RT. Langkung sae disowanke Pak Kyai, kersane didongani.”Kandhane Hansip.
“Kesurupan...? Sinten sing kesurupan?” Pitakone Kabayan.
“Kowe, Kabayan. Wiwit mau kowe bengak-bengok ora karuhan bojomu dadi wedi,” Kandhane Pak RT.
“Napa..?Dikira kula kesurupan dhemit? Napa mboten sami ngertos manawi kula nembe gladhen.”
“Gladhen apa kok bengak-bengok kaya ngono?”Pitakone Gemi.
“Wadhuh  sesuke aku rak arep pentas sandhiwara ana ngarep Bale Desa, acara pitulasan.”
“Lha terus ,bengak –bengok mau? Pitakone Pak RT.
“Keleresan kula pikantuk paraga, tiyang ingkang srengen. Lan Bung Alwi ingkang nggladhi kula supados kula gladhen wonten ngajeng kaca kanthi swanten sora.”
“O, ngono. Dadine kowe iki mau lagi gladhen sandhiwara?” Kandhane Pak RT karo ngguyu.
“Leres,Pak. Nanging niki tulung tangan kula diuwali riyin, Pak Hansip!” Sambate Kabayan.
“Kados pundi Pak RT ? Napa Kabayan sampun saged diuwali? Pitakone Hansip sing isih mithing Kabayan.
“Uwis, uculna wae! Iki kabeh mau mung salah tampa,” Kandhane Pak RT.
Hansip loro kuwi wusanane nguculake pithingane. Sawise diuwali Kabayan terus mijeti pundhake sing krasa lara amarga dipithing mau.
Gemi lega atine sawise ngerteni bojone ora kesurupan dhemit. Wong –wong sing ana kono bareng ngerti kadadean sabenere terus dadi padha gumuyu.
“Ha...ha...ha..”
“Besuk maneh manawa gladhen ana ngomah ngomong dhisik, kareben ora gawe bingunge wong liya!” Kandhane Gemi.
“Ngapurane wae Mi, Aku kesengsem oleh peran sandhiwara kuwi. Lan aku lali ora ngandhani kowe.”
“Ya uwis , mung sesuk maneh aja dibaleni,” Kandhane Pak RT.
“Kula kesengsem amargi manawi sae ngendikane Bang Togar kula badhe dipun ajak dados paraga sandhiwara mubeng.”
“Wah hebat,ya. Kowe bisa dadi bintang sing kondhang.”
“Kula nyuwun dongane mawon, Pak RT.”
“Mung welingku, yen kowe wis kondhang aja umuk!”
“Mugi-mugi, Pak RT.”
“Ya, dheweke bakal dipangan karo umuke dhewe,terus remuk.”
”Wah...niku tasih tebih, Pak RT. Sakniki mawon dereng cetha, gumantung kalih kesagedan kula wonten ing sandhiwara mbenjang”
“Ha...ha...ha..Awake dhewe nglantur”
Wusanane wong akeh sing ana kono padha bubar, Pak RT lan Hansip loro terus padha mulih menyang ngomahe dhewe-dhewe. Pancen Kabayan ana-ana wae solah tingkahe.Gawe guyu.Ha...ha..ha.”



 















7.Gara-gara Babon
A

nak pitik jenenge kuthuk, kuthuk metu saka endhok sing netes , endhok netes amarga diengremi pitik wadon, pitik wadon sing bisa ngendhok mulane dijenengi Babon. Dene pitik lanang dijenengi jago. Jago kuwi sing bisa njalari endhoke bisa ana kuthuke.
Esuk-esuk Kabayan wis adus lan sarapan. Wektu kuwi dheweke ngulati bojone wis dandan rapi dikira arep lungan adoh.
“Arep menyang ngendi,Mi?”
“Menyang pasar,Kang.”
“Tenane ,Lho?”
“Iya, masa ora ngandel.”
“Ora ngono. Dhek emben ngomonge arep menyang Suramadu. E jebule mung menyang Toko Suramadu.”
“Kang Kabayan wae, sing ora gelem mikir.Arep lunga adoh mesthine akeh sing kudu dicepakake”
“Pancen bener.”
“Apa nalar? Menyang Suramadu mung mangkat ngono wae?”
“Wah ,pancen aku ora mikir dawa. Lha saiki arep menyang pasar tenan?”
“Lha terus arep menyang ngendi maneh?”
“Arep blanja apa ta?”
“Kebutuhan ngomah.Mulane Kakang kudu melu.”
“Lho , ngapa kudu melu?”
“Blanjanane mengko akeh. Aku arep tuku beras barang.”
“O, ngerti aku. Mesthi aku kon nggawa sing abot-abot kuwi?”
“Lha  witekna sapa maneh, aku ora kuwat nggawa ijen.”
“Ya...dak kancani.”
“Yen ngono cepet dang ganti sandhangan!”
“Lho , aku  iki wis ganti kari mangkat.”
“Ya ganti sing luwih pantes ngono lho Kang. Pisan-pisan nganggo sing luwih apik, apa maneh saiki bareng karo aku. Aku isin yen sandhanganmu ora apik, kaya wong ora diurus.”
“Ya.”
Kabayan age-age ganti sandhangan sing luwih apik lan wis disetrika. Sabanjure mangkat ngeterake Gemi sing arep blanja menyang pasar desa. Sawise tekan pasar wong loro kuwi padha mandheg ana gapurane pasar.
“Ngene wae, Kang. Supaya ora repot kowe nunggu ana kene wae, mengko aku dak blanja kanggo kebutuhan gandhok dhisik.”
“Lho... kok ngono? Aku ora oleh melu ta?”
“Ora. Mengko yen barang-barange wis nglumpuk lagi di gawa.”
“Ya, terserah kowe.”
Gemi ninggalake Kabayan ana gapuraning pasar. Wiwitane Kabayan rada bingung apa sing kudu ditindakne. Dheweke ngulati mrana –mrene. Ora kanyana weruh Mas Tarjo lagi jagongan karo Babah Ho Liong. Kabayan terus nyedhaki wong loro kuwi.
 “He , apa kabare?” Panyapane Kabayan.
“Owe apik-apik wae, Kabayan.” Wangsulane Babah Ho Liong.
“O, Kabayan ta. Apik aku, piye kowe?” Sahute Mas Tarjo.
“Pengestune, sehat-sehat. Lagi ngapa iki mau, Mas Tarjo?”
“Maune arep tuku jagung, nanging sing dodol durung teka. Lha nalika aku nunggu ana kene, e...ketemu karo Babah Ho Liong.”



Gambar 7.1

Babah Ho Liong jagongan karo Mas Tarjo ana cedhak gapura pasar
Kabayan teka nyedhaki
 
 











“O, ngono. Lha yen engkoh dhewe?”
“Yen owe arep tuku obat lara weteng.”Wangsulane Babah.
“Wah, kebeneran awake dhewe ketemu ana kene.”
“Owe saiki lagi mangkel, Kabayan.”
“Lha ngapa mangkel, Koh?”
“Babon owe digondhol maling.”
“O, ngono.”
Kabayan rada gumun krungu perkara kuwi amarga omahe Babah Ho Liong kuwi pagere dhuwur nanging kena apa bisa dileboni maling. Apa pancen malinge tansah duwe cara bisane nindakake niate?
“Iya , Kabayan. Owe mangkel banget karo maling kuwi.”
“Ya mesthi wae ,Koh.” Mas Tarjo melu kandha.
“Pancen kudu ngati-ati, Koh.”
“Ya , pancen wengi kuwi aku kelalen. Lawang buri ora dikunci. Dadine malinge bisa mlebu metu menyang kandhang. Mung wae ana sing rada aneh.”
“Apa, Koh?” Kabayan nguyak.
“Babon owe lagi ngarak duwe anak, cacahe lima. Terus sing dicolong kok mung babone wae. Iki sing owe dadi bingung.”
“Dadi kuthuke ora dicolong,Koh?” Pitakone Mas Tarjo.
“Mbok manawa repot nggawane ,Koh.” Omonge Kabayan.
“Bener kuthuke rak murah regane.”
“Pancen bener.Apa amarga kuwi malinge ora nggawa kuthuke.”
“Nanging kenapa Engkoh ketok yen sedhih banget.”
“Amarga babon kuwi dudu babon sembarangan.”
“Dudu babon sembarangan piye ,Koh?” Pitakone Tarjo.
“Iya ,Koh. Babon apa sing ilang kuwi?”kabayan genti takon.
“Babon kuwi jenis babon langka. Sing nggawa sedulur owe saka cina. Dheweke nggawakake sepasang, sing siji wadon sing siji lanang. Lha, iki lagi manak sepisanan. Kuwi sing owe ora trima.”
“O...Pantes Babah Ho Liong getun banget. Mbok manawa malinge ngerti yen babon kuwi regane larang.”Penemune Kabayan.
“Mesthi wae, malinge pilih-pilih. Ora anggere babon dicolong.Mesthi sing digoleki babon sing larang.”Tambahe Mas Tarjo.
“Eman, aku durung nate weruh babon cina kuwi,Koh.”
“Kabayan , yen arep weruh babon cina kowe bisa nonton anakane wae ana omah owe.”
“Yen ngono, aku sesuk menyang omahe Engkoh.”
“Ya mangga owe tunggu.”
“Kepiye upama saiki menyang pasar pitik?”Usule Mas Tarjo.
“Bener,Koh. Mbok manawa awake dhewe bisa nonton pitik ana kana.” Kabayan sarujuk karo usule Mas Tarjo.
“Mrana arep ngapa?”
“Ya mung nonton wong adol pitik.” Kandhane kabayan.
”Iya, Koh.” Kandhane Mas Tarjo.
“Wah wegah owe.”
“Aja ngono,Koh! Sapa ngerti babone Engkoh didol ana kono.”Kabayan menehi pangerten.
“O, ngono.”
“Bener,Koh.”Sambunge Mas Tarjo.
“Yen ngono, ayo!”
“Ayo saiki nyedhaki pasar pitik kae!” Pangajake Kabayan.
Wong telu kuwi sabanjure terus menyang pasar pitik sing mapane ora adoh saka gapura pasar. Sawise tekan pasar pitik. Dheweke padha milang-miling marang kranjang sing ana pitike.
 “Pitik napa mawon sing disade enten mriki,Pak?”Pitakone Kabayan marang bakul pitik sing nggawa kranjang isi pitik.
“Sing disade kathah-kathahe sing diremeni tiyang ngriki.”
“Ayam kampung,Nggih?”
“Leres. Ayam kampung kathah  ingkang remen, sae dipun beleh utawi dipun ingah.”Wangsulane bakul pitik.
“Lha napa mboten nyade ayam hias, Pak?”Pitakone Mas Tarjo.
“Inggih namung ,manawi wonten ingkang pesen mawon kula ladosi tuwin manawi wonten ingkang sade kula tumbasi.”
“O, ngaten. Manawi ngaten kula pesen nggih, Pak!”
“Pesen ayam hias?”
“Inggih mangke manawi wonten ingkang nyade, ampun ngantos diparingke tiyang sanes!.”Pakone Kabayan.
O, Inggih.”
Sawetara kuwi Babah Ho Liong  mung meneng wae ora ngomong apa-apa . Mbok manawa amarga saka getune kelangan babon cina. Kajaba kalebu babon hias nanging uga babon saka manca.
Ora let suwe anggone ana kono, ana nom-noman nggawa kroso isi pitik. Pitike ora cetha babon apa jago amarga ditutup rapet krosone. Nom-noman kuwi nyedhaki bakule pitik.
“Arep adol pitik, Dhik?” Pitakone bakul pitik.
“E...anu..Pak. Anu...”Nom-noman rada gugup.
“Arep ngapa?”
“Niki, lhe..”Kandhane nom-noman karo nuding krosone.
“O. Kowe arep adol pitik?”
“Inggih.Pak.”
“Pitik apa?” Pitakone bakul pitik.
“Ayam hias.”
“Wah kebeneran. Kangmase iki mau pesen pitik hias.”
“Cobi dipun tingali,Pak! Pakone Kabayan.
“Oleh ditonton dhisik, Dhik?”Pitakone bakul pitik.
“Mangga. Niki kalebet ayam ingkang sae sanget.”Kandhane nom-noman kuwi karo njupuk pitike saka njero kroso.Terus diulungake marang bakule pitik.









Gambar 7.2

Nom-noman njungjung babon pitik
Bakul pitik, Kabayan, Babah Ho Liong lan Mas Tarjo nonton.
Ana pasar pitik

 
 











Wektu kuwi Babah Ho Liong lan Tarjo padha mentheleng ngulati babon sing dicekel bakule pitik. Babah Ho Liong apal banget karo babon kuwi dene Tarjo gumun amarga weruh babon sing apik.
“Lho...lho...kuwi...”babah Ho Liong kaget.
Kanthi ora sabar Babah Ho Liong ngrebut babon saka tangane bakul pitik.
“He, iki babon owe.”
“Sanes, Bah. Niki babon kula.” Wangsulane nom-noman kuwi.
“Hah... Kok dadine kaya ngene?’ bakule pitik rumangsa gumun weruh Babah Ho Liong rebutan babon karo nom-noman kuwi.
“Bener. Iki babon owe sing colong maling mau bengi.”
“Dudu,Bah! Iki babonku. Endi buktine yen iki babonmu?”
Babah Ho Liong bingung bareng ditakoni buktine.Nanging dheweke tetep ngotot.
“Owe pancen ora duwe bukti. Nanging iki genah babonku.”
“Aja ngaku-aku,Koh. Ora apik.” Kandhane nom-noman kuwi.
Weruh kahanan kuwi Kabayan nyedhaki Babah Ho Liong.
“Koh, ngene wae.Kanggo mbuktekake yen iki babone Engkoh, luwih becik saiki Engkoh mulih dhisik.”
“Apa..? Mulih...?Ora..!. Iki genah babon owe.”
“Ngene Koh.Nom-noman iki rak pengin bukti. Mula luwih becik kuthuk-kuthuk sing kelangan emboke kuwi digawa mrene.”
“Wah, iya,Kabayan. Kowe pancen pinter.Lha terus nom-noman sing nyolong babon owe piye?”
“Kareben Aku karo Mas Tarjo sing nunggoni. Iya ta Mas?”
“Bener.” Wangsulane Mas Tarjo mantep.
“Ya, owe percaya karo kowe sakloron.”
Sabanjure Babah Ho Liong mulih menyang omahe numpak andhong. Lan wong-wong sing ana pasar pitik kuwi padha melu nonton ngrubyung lan nunggu Babah Ho Liong. Dene nom-noman kuwi ora bisa apa-apa kajaba nunggu babon kuwi karo atine dheg-dhegan.
Meh setengah jam kliwat wusanane Babah Ho Liong teka nggawa kroso isi kuthuk cacah lima. Nom-noman kuwi dadi pucet raine. Nanging dheweke mbudidaya supaya bisa anteng.







Gambar 7.3

Kuthuk cacah lima marani babone
Babah Ho liong ,Kabayan, Mas Tarjo, bakul pitik.ngawasi nom-noman
Wong akeh padha ngrubyung.
 
 











“Lha iki buktine manawa babon kuwi babon owe.” Kandhane Babah Ho Liong karo mbukak krosone.”
Sajrone kroso ana kuthuk cacah lima. Lucu banget amarga ora kaya kuthuk pitik kampung. Ya pancen beda banget.
“Ayo babon, iki anak-anakmu!” Omonge Babah Ho Liong karo nguculke kuthuk cacah lima ana sacedhake babon sing kanggo rebutan.
Dumadakan pitik babon kuwi nyedhaki kuthuk cacah lima karo nywara. Kuthuk-kuthuk kuwi uga terus mlayu nyedhaki babone. Kabeh wong sing padha ngrubyung dadi ngandel manawa babon kuwi pancen emboke kuthuk cacah lima kuwi. Dadine wis genah cetha manawa babon kuwi duweke Babah Ho Liong .
“Lha saiki cetha, ateges kowe sing maling ana ngomah owe mau bengi.” Ujare Babah Ho Liong kanthi seneng.
Ngerti kahanan kaya ngono wong-wong sing padha ngrubyung terus ngrungket nom-noman kuwi. Sabanjure  nom-noman kuwi diglandhang menyang pos keamanan pasar.
Swasana pasar dadi geger amarga ana maling pitik kecekel. Maling nom-noman kuwi dadi tontonane wong sapasar. Kabeh mau amarga saka pamikire Kabayan sing pinter. Bisa nemokake babone Babah Ho Liong sing ilang lan nyekel malinge pisan.
Ganti sing dicritakake ora kaya lakune Gemi sing wiwit mau midar-mider nggoleki bojone supaya enggal nggawa blanjanane.
“Walah,walah...” Kandhane Gemi sawise nemokake Kabayan. “Dak goleki menyang ngendi-endi ora ketemu malah ana kene melu nyekel maling. Kepiye karepmu kuwi, Kang?”

“Hus...aja seru-seru! Pekewuh karo wong-wong kuwi.” Kandhane Kabayan sing rumangsa pekewuh karo omongane Gemi.
“Lha ngapa?Pekewuh barang!” pitakone Gemi sajak nesu.
“Saiki tenangna pikirmu, aja nesu dhisik! Terus takona Mas Tarjo kadadeane piye sabenere!”
“Genahe kepiye ta Mas?” Pitakone Gemi marang Mas Tarjo.
“Ngene , Nyi Gemi...” Mas Tarjo terus nyritakake wiwit saka ngarep nganti tekan  Kabayan bisa nyekel maling.
Bareng krungu critane Mas Tarjo, Gemi seneng banget amarga bojone wis kasil menehi pamikiran satemah malinge bisa kecekel.
“Yen ngono aku njaluk ngapura, ya Kang.”Kandhane Gemi.
“Ya , ora apa-apa.”
“Aku wis nyubriyani sing ora becik.”
“Ya uwis ,Mi. Perkara iki wis rampung. Malinge wis diglandhang menyang kantor polisi. Babah Ho Liong ya uwis mulih.”
“Lha terus awake dhewe?”
“Ya mesthi wae mulih. Apa arep ngancani maling?”
“Ya wis , kuwi  blanjanane gawanen
Sabanjure wong telu padha mulih bareng numpak andhong.

 




8.Pilihan Kades
P

Ilihan Kepala Desa mujudake tatacara demokrasi ing tataran desa. Dene sing kuwajiban milih para warga masyarakat sing wis kagolong diwasa ing wewengkon desane. Warga masyarakat sing kagolong diwasa ateges warga sing umure wis ngancik pitulas tahun utawa sing wis omah-omah.
Ing sawijining dina Kabayan ketamon Mas Tarjo. Dheweke padha jagongan ngrembug ngenani pilihan Kepala Desa sing arep teka.
“Kabayan apa kowe wis ngerti kabar sing anyar iki?”
“Kabar apa,Mas Tarjo?”
“Sadhela maneh bakal ana pilihan Kades.”
“Wah, aku lagi krungu saiki.Lha terus kepiye tatacarane?”
“Dhisik dhewe arep dibukak pendhaptaran kanggo calon Kades, lan kudu warga desa kene. Sawise kuwi bakal dianakake pendadaran kanggo netepake pantes lan orane  dadi calon Kades.
“Lha terus?”
“Wong-wong sing padha nyalonake kudu padha sesorah ana ngarepe wong akeh. Lha ancase pidhato kuwi supaya bisa menehi gambaran ngenani rancangan sing bakal ditindakake manawa dadi Kades. Mengko bakal dipilih sing pantes. Sawise kuwi lagi dianakake pilihan langsung ing minggu candhake.
“O, ngono? Wah nyenengake ya?”
“Ya ngono kuwi.”
“Kabare Pak Kades sing wingi ora bakal nyalonake maneh.”
“Ya mesthine. Amarga panjenengane wis sepuh.”
“O, ngono. Kosik, Mas. Aku dak menyang buri sadhela.”
“Mangga.”
Kabayan terus menyang mburi nemoni Gemi.
“Mi, wis lali ta?”
“Lali apa,Kang?” Gemi genti takon.
“Kae, mesake Mas Tarjo.”
“Lha ngapa ta?”
“Wo, lha kowe kuwi kepiye ta? Ana tamu wiwit mau kok ora digawekake kopi? Tulung digawekake!”
“Inggih juragan.” Wangsulane Gemi karo semu ngece.
“Cepet ,ya!”
Kabayan ngerti yen bojone mung guyon, mula dheweke terus menyang ngarep maneh mbacutake olehe jagongan karo Mas Tarjo.
Ana gandhok Gemi wiwit gawe kopi pesenane bojone. Nanging nalika njupuk gula dheweke kaget amarga gulane mung kari sesithik mung cukup kanggo sagelas kopi. Gemi dadi bingung. Yen arep tuku menyang warung kesuwen. Wedi yen tamune terus mulih.
“Wah kepiye ya upama sing nganggo gula, kopine Mas Tarjo wae? Dene kopine Kang Kabayan wis kareben orasah diwenehi. Sing penting bisa nyuguh tamune kanthi becik.”Gagasane Gemi.
Gemi terus wiwit gawe kopi. Dheweke ngeling-eling gelas endi sing kudu diwenehake Mas Tarjo lan gelas endi sing kanggo Kabayan.
 Gemi terus njupuk beri lan nyelehake gelas loro isi kopi panas kuwi ana beri. Gemi kelingan lan percaya ora bakal kleru, kopi sing nganggo gula ing sisih kiwa dene sing ora nganggo gula sisih tengen.
Gemi sabanjure mlaku menyang kamar ngarep. Dheweke nggawa beri kuwi ngati-ati banget. Sawise tekan meja berine diselehake ana dhuwur meja.Gelase dijunjung alon-alon siji mbaka siji. Sing kanggo Mas Tarjo wis diselehake ana sangarepe, saiki kanggo Kabayan terus diselehake ana sangarepe.
Gemi age-age mbisiki bojone. “Kang ,ngapurane ya,gulane entek, aku durung tuku . Gulane mung cukup kanggo sakgelas wae. Dadine sing kiwa nganggo gula terus sing tengen ora nganggo.”
Sajake Kabayan ora pati nggagas omongane Gemi amarga ketungkul olehe jagongan. Kabayan mung kelingan tembung kiwa karo tengen. Kabayan rumangsa bingung mulane bakal takon Gemi. Nanging Gemi sawise manggakake marang Mas Tarjo terus lunga menyang gandhok.
Gemi sing rumangsa wis ngandhani Kabayan atine tenang. Nanging dheweke penasaran,pengin ngerti kepiye tingkahe tamune sawise ngombe kopi, mulane dheweke nginjen saka bolongane lawang.
Sawise Mas Tarja ngombe kopi ,Gemi seneng atine amarga Mas Tarjo ketok bingar praupane, sing tegese ora kleru anggone nyuguhake kopine mau.
Mung  kari Kabayan dhewe sing durung ngombe amarga isih bingung karo tembunge Gemi. Yakuwi kudu ngati-ati kiwa lan tengen.Kabayan bingung apa sing dikarepake kiwa lan tengen.Mulane dheweke noleh ngiwa nengen. Nanging ora ana sing aneh. Coba sepisan maneh.Kabayan noleh kiwa tengene maneh , pancen ora ana sing aneh. Mbok manawa mau salah tampa.
Mas Tarjo weruh Kabayan lingak –linguk kuwi dadi gumun.
“Ana apa ,Kabayan? Kok sajak nggresah.”
“Ora..Mas.”
Kabayan dhewe bingung arep mangsuli apa.
“Ana sing aneh?”
“Ora...ora...Mas.”
“Ya uwis ayo ngombe!Iki kopi gaweane bojomu nikmat tenan.”
“Apa iya,Mas?”
“Wah tenan Kabayan, Nikmat tenan iki.”
“Ya syukur Mas.”
“Lha ngapa kowe dhewe durung ngombe?”
“Kosik Mas.” Kabayan terus nyekel gelase, karepe kepengin nyoba kaya sing ditindakake tamune. Saumpama Kabayan ngerteni omongane Bojone, mesthi wae ora kaya ngono carane ngombe. Lan mbok manawa dheweke bakal ethok-ethok wae ngombe sethithik-sethithik. Emane dheweke ora nggatekake kandhane bojone.
Kabayan age-age ngangkat gelas sing ana ngarepe terus ngombe kopine kaya sing ditindakake tamune. “gleg..gleg...gleg.”
“Ugh...” Kabayan kaget banget ngrasakake kopine pahit banget.
“Kena apa kopine pahit banget? Apa lali menehi gula ya?”
“Mi...Gemi...”
“Ana apa Kang?”
“Iki, kopine kok pahit?
“Ah...apa iya?”
“Iya,Mi.”









Gambar 8.1


 Mas Tarjo ngombe kopi krasa nikmat
Kabayan ngombe kopi krasa pahit
Gemi nginjen saka bolongan lawang gandhok
 
 











“Iya kang, dak tambahane gula.”Kandhane Gemi karo njupuk gelas kuwi terus digawa menyang mburi.
“Ana gandhok Gemi ora menehi apa-apa. Bareng wis sawetara gelase digawa menyang ngarep maneh. Gemi ngandhani Kabayan lirih.
“Kang, kopimu iki pancen ora nganggo gula, gulane entek.”
Nanging eman tenan. Kabayan ora pati krungu omongane Gemi. Dheweke ngombe kopi kuwi maneh.
“Lho, kopine kok isih pahit.”Panggresulane Kabayan. Kabayan terus njeluk bojone maneh. Mi... Gemi...”
“Ya, Kang. Mrenea wae sadhela!”Gemi pekewuh manawa kahanan kuwi dingerteni Mas Tarjo.
“Wah, ana apa?” Kabayan terus menyang mburi marani Gemi. Sawise tekan gandhok Gemi terus ngandhani.
“Kang, aku njaluk ngapura.”
“Lha ngapa ta?”
“Pancen kopine ora nganggo gula. Gulane entek.”
“Lha kok kopine Mas Tarjo krasa nikmat?”
“Ngene, nalika aku gawe kopi gulane mung kari sethithik, mung cukup kanggo sagelas. Arep tuku menyang warung kesuwen, aku wedi yen Mas Tarjo terus mulih. Dadine gulane mung dak wenehake gelase Mas Tarjo. Dene kopine Kakang pahitan wae.”
“O...ngono.”
Kanthi esem kecut, Kabayan bali menyang kamar ngarep, nemoni Mas Tarjo.Kabayan solah tingakahe biasa kaya ora ana apa-apa. Sakarone padha mbacutake olehe jagongan ngenani pilihan Kades.
Sawise Mas Tarjo mulih Kabayan nakoni bojobe maneh.
“Mi, kena apa mau ora ngandhani aku dhisik?”
“Lho piye ta.? Aku mau rak wis mbisiki Kakang ta?”
“Nanging aku ora krungu, Mi.”
“Mulane sesuk maneh kupinge dijereng sing amba!”
“Wah...dhasar...”
Gemi ngguyu, sawetara kuwi Kabayan mung bisa kukur-kukur sirah sing ora krasa gatel.
Ing dina candhake wis tumeka wancine dianakake pilihan Kades. Miturut tatacara sing wis dibiwarakake dina kuwi wancine para calon Kades bakal pidhato ana ngarepe wong akeh. Kanggo mangerteni rancangan sing bakal ditindakake sawise dadi Kades.
“Thong...thong...thong...”
Swara kenthongan disusuli biwara saka sijine perangkat Desa.
“Para sedulur kabeh wae. Mangga age-age padha nglumpuk ana lapangan ngarep bale desa. Bakal ana kawigaten sing luwih penting ing desane dhewe. Mangga... saiki uga   enggal padha nglumpuk...”
Kabar kuwi dibiwarakake menyang saindhenging desa Sukamaju. Mulane wong-wong ing desa kuwi, kabeh wae terus padha menyang bale desa Sukamaju kalebu Abah lan Kabayan.
“Kabayan, delengen kae! Wis akeh wong sing padha nglumpuk ana lapangan.” Kandhane Abah.
“Inggih,Bah. Lha kala wau mpun dibiwarake,” sahute kabayan.
“Nanging lubere ora kaya adat saben.”
“Napa kersane Abah?”
“Tontonen sing tliti!, Mbok manawa wong-wong kuwi mau lagi ana pasar utawa ana sawah. Malah sing ana warung utawa lagi cukur sajake langsung padha mara.”







Gambar 8.2


Wong akeh padha mara nglumpuk ana lapangan ngarep baledesa.
 
 












“Leres, Bah. Amargi biwarane dugi pundi-pundi.”
Swasana ing ngarep bale desa pancen semrawut tenan. Mulane petugas keamanan meh wae kewalahan anggone mbudidaya supaya swasanane tenang.
“Para sedulur dak jaluk padha tenang, meneng.!” Sawijining petugas keamanan nyoba nenangake swasana sing rame kuwi.
“Wis..padha meneng..! Sadhela maneh panitiane bakal teka.” Kandhane sawijining petugas keamaman.
Wusanane padha tenang ing swasana semrawut kuwi.
“Delengen kabayan! Swasanane wis tenang.” Kandhane Abah.
“Nanging tasih enten sing dereng tenang. Tasih obah mawon.”
“Sing endi?”
“Niku, tiyang niku wiwit wau namung kukur-kukur mawon, mboten saged meneng kados sanese.”
“Lho kuwi beda,Kabayan.”
“Beda napane Bah?”
“Kuwi ora tenang amarga dudu perkara atine sing susah.”
“Lha terus?”
“Yen kuwi  wis cetha yen ana perkara.”
“Perkawis napa,Bah?”
“Perkara sirahe akeh tumane. Mulane kukur-kukur sirah wae.”
“Wah, Abah neka-neka mawon.”Ujare kabayan.
“Delengen kae !Pak Lurah.”
“Niku Pak Darma. Panjenenganipun pancen sampun mboten nyawung malih.”
“Panjenengane pancen wis saya tuwa.”
“Nanging tasih kersa mirsani pilihan Kades.”
“Gatekna agemane!Rapi lan ageman kebesaran.”
“Inggih leres,Bah.”
“Genea tansah nganggo ageman kebesarane,kabayan?”
“Wah,kirangan, Mbok bilih kersane ketingal wibawa,Bah.”
“Dudu, Kabayan.”
“Lajeng kenging menapa ,Bah?”
“Amarga ora duwe ageman kekecilan.”Abah ngguyu.
“Wah...Abah enten-enten mawon.”
“Gatekna, sajake ana sing arep ngomong.”
Pancen bener , nalika kuwi ana sawijining pawongan ngadeg ana sangarepe wong akeh sing padha nglumpuk. Kabeh sing ana kono padha ngulati pawongan kuwi sing ora liya Pak Sekdes Pak Darta.
“Para sedulur kabeh, ing dina iki awake dhewe kabeh bakal milih sawijining Kades sing anyar. Ing kene wis padha siaga calon Kades cacah telu. Iki mengko panitia bakal ndadar kabisane para calon anggone sesorah ana sangarepe wong akeh. Lan sesorahe kudu jumbuh karo tema sing bakal diwenehake.
Para calon Kades  kudu ngandharake rancangan apa sing bakal ditindakake kanggo majune wewangunan desa sawise pinilih mengko.
Lan para warga kabeh dak jaluk padha meneng lan ngatekake kabeh sing bakal diandharake dening para calon.”
Ing Panggung ngarep bale desa, sing bakal sesorah calon Kades cacah telu yakuwi Permana, Mardi lan Naya. Sabanjure Pak Sekdes minangka panitia lan pambiwara, ngaturi sawijining calon Kades supaya maju sesorah.
“Ingkang sepisan kula sumanggakaken dhumateng sedherek Permana supados ngaturaken sosorahipun.”
Permana terus maju sesorah.
“Matur nuwun awit wekdal ingkang sampun kaparingaken. Inggih wonten ing wekdal ingkang sae menika kula badhe ngaturaken pepenginan kula manawi kula mangke dipun pilih. Pancen wiwit dipun cepeng Kades ingkang lami,Bapak Darma. Lajuning wewangunan lumampah kanthi sae. Namung emanipun lajuning wewangunan dereng waradin amargi tasih kathah perangan ingkang perlu dipun dandosi, kados dene margi,pasar, papan pangibadah,lan sanes-sanesipun. Lan manawi kula mangke pinilih, wewangunan  badhe kula tindakaken ing sadayanipun, mboten namung saperangan. Semanten matur nuwun.”
“Sae..!”
“Hore...!”
Sakehing penemu padha  kawetu.
Kabayan karo Abah ketok mung meneng wae, lan nggatekake tembung –tembung sing diucapake Permana.
“Wah...Sesorahe kuwi padha karo ngritik Pak Darma.“ Kandhane Abah sing ora sarujuk karo penemune Permana.
“Leres, sampun kersane,Bah, dimirengke mawon!”
“Ya , bener kabayan.”
Ora let suwe Sekretaris desa maju maneh.
“Matur nuwun dhateng sedherek Permana ingkang sampun ngaturaken sesorahipun. Ingkang salajengipun wekdal kula aturaken dhumateng sedherek Mardi supados ngaturaken sesorahipun. Sumangga.”
Mardi age-age maju sabanjure terus pidhato.
“Para sedherek , pancen sampun dados kasunyatan ingkang saget dipun pirsani soksintena kemawon. Bilih kasiling wewangunan dipun temtokaken dening pangarsanipun. Pangarsa ingkang kirang tegas saha kirang siaga badhe damel kemajengan menika ngadhepi kemandhegan. Pramila ing wekdal ingkang badhe dhateng, kula badhe budidaya ngaturaken ingkang langkung sae kangge kemajengan panjenengan sadaya. Sae menika ndadosi margi –margi, sekolah-sekolah, utawi sanesipun ingkang mboten saged kula sebat setunggal mbaka setunggal amargi sakelangkung kathah. Mbok bilih menika janji kula, saupami kula dipun pilih. Semanten matur nuwun.”









Gambar 8.3

Pak Sekdes pidhato ana panggung
Calon Kadhes cacah telu padha lungguh kursi dhuwur panggung
Wong akeh padha nonton
 
 











“Hidhup Mardi...!” Sahute penonton.
“Hidhup ...!” Sorake sing liya.
Swara susul sinusul ngramekake swasana lapangan ngarep baledesa. Mardi sabanjure mundur lan lungguh maneh.Pak Sekdes sing minangka pambiwara maju maneh.
“Ketingalipun sampun wonten gambaran ingkang cetha saking sedherek Mardi. Nanging tasih wonten calon ingkang kaping tiga ingkang dereng ngaturaken sesorahipun utawi rancanganipun manawi piyambakipun mangke pinilih. Sinten piyambakipun? Mboten sanes inggih punika sedherek Naya. Dhumateng sedherek Naya, wekdal kula aturaken. Sumangga!”
Naya age-age munggah menyang panggung kanthi mantep. Kabeh padha deleng kanthi permati.
“Paling-paling sesorahipun sami ,Bah.” Ujare Kabayan.
“Mbok manawa.Nanging prayogane dirungokake dhisik. Lagi awake dhewe aweh panemu.”
Naya sing wis ana panggung wiwit ngomong.
Para sedherek ingkang kula kurmati. Kula sowan mriki saha ndherek pilihan Kepala Desa menika saleresipun sakelangkung kaluwihan. Awake piyambak mboten perlu madosi kekirangan saha kalepatanipun pangarsa ingkang rumiyin. Saumpami wonten kalepatan utawi kekirangan, prayogi dipun dandosi sesarengan.
Kula pitados Pak Kades ingkang rumiyin temtu kepengin nindakaken ingkang langkung sae  kangge desanipun. Namung kemawon jejering manungsa limrah tamtu mboten saged ndandosi sadayanipun namung sepisan dados, nanging kedah mawi traptrapan. Dados awake piyambak kedah ngurmati saha ngaturaken panuwun awit saking pambudidaya ingkang sampun dipun tindakaken Pak Darma.
Kula piyambak minangka calon Kades utawi kalajenganipun upami pinilih, mangke badhe nyuwun pitedah kangge kemajenganipun desa menika. Amargi  badhea kados pundi,  panjenenganipun langkung pirsa ngengingi kawontenan desa menika tuwin langkung kathah pengalamanipun tinimbang panjenengan sadaya lan kula. Nuwun.”
Wong-wong sing mau padha meneng nalika ngrungokake sesorahe Naya dumadakan padha surak. Sajake dheweke padha kepranan karo apa sing disesorahake Naya.
“Hidhup Naya...!
“Hidhup...!
Swara kuwi keprungu sambung sinambung.
Ora let suwe, pak Sekdes maju menyang ngarep.
“Para sedherek, panjenengan sadaya lan kula sampun mireng piyambak sesorah saking para calon Kades.Kanthi menika, tatacara ing siang punika sampun paripurna. Salajengipun mbenjang sampun ngantos kesupen maringi swantenipun nalika pencoblosan minggu ngajeng. Matur nuwun.”


 








9.Ngumpet Ana Uwit
C

edhak omahe Bang Togar ana pekarangan suwung sing dimupangatake dening warga kanggo papan olahraga. Pekarangan kuwi ambane udakara patangatus meter, lemahe rata mulane ora mokal lamun prayoga kanggo papan olah raga.
Nalika langite padhang swasanane terang bocah-bocah cilik padha dolanan balbalan ana pekarangan suwung kuwi. Kabayan lan Mas Tarjo nalika kuwi uga ana kono. Sajake dheweke padha nonton bocah-bocah sing padha balbalan. Nanging nalika gayeng-gayenge dumadakan padha mandheg. Terus dheweke padha bubar kaya dene ana acara sing luwih nyenengake. Mas Tarjo lan Kabayan sing ngerti kahanan kuwi tuwuh rasa cubriyane.
“Kena apa bocah-bocah kuwi padha mandheg, Kabayan?”
“Ora ngerti Mas.”
“Eman , kamangka iki mau lagi gayeng-gayenge.”
“Iya, Mas. Aku ya seneng sakjane.”
“Kepiye upama awake dhewe sing balbalan wae?”
“Apa..? Awake dhewe balbalan wong loro?”
“Iya. Awake dhewe balbalan siji lawan siji”
“Ya kena. Nanging endi bale?”
“Nyilih wae karo Cecep.”
”Ora kepenak. Nganggo balmu wae,Mas.”
“Ya, yen ngono aku dak bali dhisik, njupuk baltendhang.”
“Ya dak tunggu.”
Mas Tarjo age-age mulih njupuk bal tendhang. Ora let suwe Mas Tarjo terus teka kono nggawa baltendhang.
“Lha yen ngono rak luwih apik. Ora sah nyilih wong liya.” Kandhane kabayan karo nyekel baltendhang sing digawa Mas Tarjo.
Kabayan terus nyoba baltendhang kuwi kanthi mantulake menyang lemah, terus dolanan nganggo sikile.
“Ayo dioper mrene ,Kabayan.”Panjaluke Mas Tarjo.
“Ya, iki tampanana Mas.” Kabayan nendhang bal kuwi menyang prenahe Mas Tarjo.









Gambar 9.1

Kabayan karo Mas Tarjo Balbalan
Ana pekarangan suwung cedhak omahe Bang Togar

 
 



         









“Siap,” Mas Tarjo nadhahi tendhangane Kabayan nganggo sikile terus ditendhang maneh menyang pernahe Kabayan. Ngono kuwi sateruse.
Sawetara kuwi, ora adoh saka lapangan sakmburine omahe Bang Togar ana kebon cilik, lan ing kono kuwi ana wit pelem sing ora pati dhuwur nanging godhonge ngrembuyung. Sangisore uwit ana dingklik dawa. Sakiwa tengene dhingklik akeh tanduran wit ganyong.
Ing dingklik dawa kuwi ana bocah loro lanang wadon sing lagi padha pacaran jenenge Teti karo Nana. Sakloron padha jagongan. Dheweke padha arep ajak-ajak dolan nanging wedi karo bapake. Wusanane bocah sakloron padha mbacutake anggone pacaran ana papan kuwi . Suwe banget anggone padha jagongan nganti awan isih ana kono.
Sawetara kuwi bojone Bang Togar sing jenenge Surti nggoleki anake wadon sing jenenge Teti. Karepe bakal dikongkon blanja menyang warung. Ditakokake ngomahe tanggane sing duwe anak wadon sak pantarane Teti, ya ora ana.Mulane dheweke kapeksa blanja dhewe menyang warung. Surti ora mangerteni manawa anake wadon lagi pacaran karo si Nana ana ngisor wit pelem mburi omahe.
Ing lapangan Kabayan isih dolanan balbalan karo Mas Tarjo. Sanajan kesel nanging dheweke isih pengin balbalan. Anjalari tendhangane ora bisa ditampani kanthi pener.
Amarga awake wis sayah mulane tendhangane akeh sing ngawur ora pener karo sing diarah. Wektu semono Kabayan nepang bal banter banget menyang penere Mas Tarjo. Nanging tepangane kuwi ngglewar adoh. Mesthi wae Mas Tarjo ora bisa nyekel bal kuwi. Bal kuwi mlayu banter munggah menyang sak jabane lapangan.
Kabayan sing weruh kahanan kuwi kaget lan was sumelang.
“Wadhuh...cilaka.”kabayan mbengok kanthi was-was.







Gambar 9.2


Kabayan nepang bal menyang penere Mas Tarjo
Bal kuwi mlayu banter munggah ngenani cendhela omahe Bang Togar.
 
 



         







Semono uga Mas Tarjo amarga dheweke weruh bal kuwi mlayu banter munggah ngenani omahe Bang Togar. Ora let suwe krungu swara banter. Ther...krupyug...krupyug...krupyug. Sajake bal kuwi ngenani cendhela omahe Bang Togar.
Bang Togar sing nalika kuwi lagi resik-resik omah mesthi wae kaget banget. Bal sing ditepang Kabayan ngenani kaca ngarep nganti remuk bubuk ajur mumur. Ora mokal Bang Togar nesu banget.
“Adhuh piye iki Mas?”Pitakone Kabayan bingung banget.
“Wah , Bang Togar mesthi nesu banget iki.”
“Kepiye upama mlayu wae?”
“Ayo. Lha mlayu menyang ngendi?”
“Menyang pekarangan, mburi omahe Bang Togar wae.”
“Lha mengko yen konangan.piye?”
“Uwis ta sing penting ndhelik dhisik. Kana akeh tanduran ganyong lan ana wit pelem sing ngrembuyung godhonge.”
“Ya, ayo cepet.!”
Sakarone padha terus mlayu ndhelik menyang mburi omahe Bang Togar.
Ora let suwe Bang Togar metu saka ngomah karo capeng. Raine katon abang mbranang saking nesune.Mripate mentheleng  ngulati menyang lapangan sing ana sacedhake, nanging ing lapangan kono ora ana sapa-sapa. Mesthi wae Bang Togar tambah nesune.
Bang Togar age-age mlayu menyang lapangan karepe arep nggoleki lan nyekel wong sing wis gawe rusake cendhelane. Nanging bareng tekan lapangan ora nemokake sapa-sapa.
“Aneh..kok ora ana sapa-sapa? Kurang ajar, mesthi dheweke wis padha mlayu terus ndhelik. Hm mesthine dhelik ora adoh saka kene. “Pikirane Bang Togar.
Bang Togar terus nggoleki mrana-mrene wira-wiri nanging tetep ora nemokake sapa-sapa. Mesthi wae Bang Togar saya mangkel lan cubriya. Nanging amarga ora bisa nemokake sapa-sapa. Bang Togar wusanane bali menyang ngomahe naliti apa wae sing wis rusak.
Sawise tekan ngomah jebul ora ana sing rusak saliyane kaca cendhela. Bang Togar weruh bal sing ngenani kaca isih ana kono. Bal kuwi age-age di jupuk.
“Hm, baltendhange sapa iki? Aku kudu ngerti sing duwe bal tendhang iki. Yen wis ketemu bakal dak tuntut supaya ngganti kaca omahku sing pecah.” Pikirane Bang Togar.
Sabanjure Bang Togar njupuk sapu lan cekrak kanggo ngresiki pecahan kaca cendhela kuwi kanthi ngati-ati supaya ora ngenani sikile.
Sawetara kuwi Nana lan Teti sing lagi padha pacaran krungu swara barang pecah saka ngarepan omah. Sakarone padha pengin ngerti barang apa sing pecah. Mulane dheweke padha lunga saka dingklik ngisor pelem kuwi menyang ngarepan omah kanthi sesidheman supaya ora dingerteni Bapake.
“Wah, kaca ngarep omahmu pecah kena Bal.” Kandhane Nana.
“Bener, lha terus sapa sing mecahake, ya?” Pitakone Teti.
“Mbok manawa bocah-bocah sing padha balbalan. Dheweke kanthi ora sengaja nendhang bal kebanteren terus ngenani omahmu.”
“Wah kenapa ora ngati-ati?”
“Jenenge wae ora disengaja, lha terus piye maneh...?”
“Wah,, Bapak mesthi nesu banget.”
“Ya genah mesthi, kuwi.”
“Yen ngono aku dak mlebu ngewangi dhisik ya,Kang?”
“Lha terus aku piye, Tet?”
“Lha kepiye maneh,Kang?”
“Aku wedi , yen bapakmu ngerti aku ana kene, mesthi Bapakmu tambah nesune.”
“Luwih becik awake dhewe meneng dhisik ana kene. Kareben Bapakmu sing ngresiki pecahan kaca kuwi.”
“Ya wis yen ngono.”
Sawetara kuwi ing papan liya sing ora adoh saka panggonane bocah loro sing padha pacaran kuwi, Kabayan lan Mas Tarjo lagi padha dhelik katon padha glenikan.
“Mas, becike aku ngumpet ana dhuwur wit pelem kuwi ya?” Kandhane Kabayan.







Gambar 9.3

Kabayan dhelik ana dhuwur wit pelem ngrembuyung
Bang Togar ana sisih omah capeng tangane.
 
         










“Lha terus aku piye?”
“Kowe ana kene wae, yen Bang Togar nggoleki mrene kowe cepet-cepet aweh sasmita aku.”
Ya, ngono ya kena.”
Sabanjure Kabayan menek wit pelem kuwi nganti munggah mencit. Dene Tarjo tetep dhelik ana ngisor. Godhong pelem sing ngrembuyung kuwi ngaling-alingi Kabayan sing lagi ngumpet.
Kanggo sawetara wektu pancen ora ana apa-apa, amarga Bang Togar lagi ngresiki pecahan kaca. Malah Bang Togar menyang Toko Bangunan pesen kaca kanggo ngganti sing pecah kuwi. Nalika Bang Togar arep pesen kaca , ing dalan dheweke ketemu karo Pak Suradi sing kulina mbenakake kusen.
Sawise Nana lan Teti weruh Bapake lunga dheweke terus menyang mburi omah maneh mbacutake anggone pacaran. Dheweke ora padha ngerti manawa dhuwur wit pelem kuwi ana Kabayan sing lagi ngumpet.
“Wah mesake Bapak ya, Kang? Sapa sing nendhang bal sakepenake kuwi ya?”Pitakone Teti marang Nana.
“Ya mesthine bocah-bocah sing padha balbalan ana lapangan kuwi mau.  Lan adat saben bocah-bocah kene wae, dudu wong adoh.”
“Apa kowe ngerti, uwonge sapa?”
“Ngene lho, yen wong adoh kuwi tekane ora wayah mene iki.”
“Ateges sing mecahake bocah sakiwa tengen kene wae.”
“Ya, mung bocahe sapa aku ora ngerti.Lan mesthine sing padha dolanan iki mau ora akeh, amarga ora ana siji-sijia wae sing keri.”
“Iya ,ya.”
“Wong sing nendhang bal mau mesthi terus mlayu ndhelik.”
“Mesthine wedi yen dilabrak Bapak.”
Ora sawetara suwene dumadakan keprungu swarane Bang Togar sing lagi jeluk-jeluk anake sing jenenge Teti.
“Tet, sajake kowe dijeluk bapakmu.”
“Wah iya ,Kang.”
“Lha terus piye iki?”
“Aku kudu dang mara nemoni Bapak, Kang.”
“Lha terus aku piye?”
“Becike mulih wae sadurunge konangan Bapak.”
Nana sing tansah dijeluki Bapake kuwi ora sranta terus mlayu mulih nemoni Bapake.
“He, saka ngendi wae kowe?”
“Saking pekarangan,Pak.”
“Wiwit mau ibumu nggoleki , kowe ora ana.”
“Wiwit wau kula wonten pekarangan wingking griya,Pak”
“Ya wis , saiki aku tulung digaweke kopi sisan karo tukange sing mbenakake kaca kae.”
“Inggih, Pak.” Ature Teti karo mlaku menyang gandhok.
Sawetara kuwi sawise Teti lunga, Nana dadi bingung.Dheweke arep mulih wedi yen konangan Bang Togar. Mulane dheweke terus golek panggonan kanggo ngumpet.Tanpa mikir dawa Nana terus menek wit pelem sing ngrembuyung kuwi. Nanging bareng tekan ndhuwur Nana kaget banget, saking kagete meh wae dheweke tiba. Suwe-suwe dheweke bisa nenangake pikire lan  ngerti manawa sing ana kono kuwi Kabayan.
“Lho, kok Kang Kabayan ana kene?”
“Iya he. Kok kowe ya munggah mrene?”
“Lagi ngapa Kang?”
“Lha kowe dhewe lagi ngapa?”
“Aku lagi ngumpet, Kang.”
“O, kowe lagi ndhelik.”
“Lha kowe ngapa Kang?”
“Aku...lagi main petak umpet.”
“Mosok, wis tuwa isih seneng main petak umpet.Aja guyon!”
Kabayan sing bingung ditakoni kuwi mung nyengir wae.
“Lha,saiki aku ngerti,Kang Kabayan ana kene iki ngumpet ta?”
“Ngertimu apa?”
“Mesthi Kang Kabayan sing mecahke kaca cendhela ngomahe Bapake Teti mau, iya ta?”
“Ah...” Kabayan arep selak.
“Mesthi mau Kang Kabayan main bal karo Mas Tarjo, terus baltendhange nyasar menyang ngomahe Bang Togar.”
“Wah...” Kabayan ora bisa wangsulan.
“Terus kacane pecah.Lan supaya ora konangan ngumpet iki.”
“Ya, aku ngaku salah.”
“Iki perkara gedhe , lho Kang.”
“Karepmu?”
“Kang Kabayan bakal dak kandhakake Bang Togar.”
“Ya, ora apa-apa, nanging aku ya arep ngandhakake kowe.”
“Lha salahku apa? arep dikandhakake”
“Kowe aja ethok-ethok, ya?”
“Ethok-ethok kepiye, Kang?”
“Yen kowe ora duwe salah , genea kowe ngumpet ana kene?”
“Ah, pancen aku ora duwe salah,Kang.”
“Dikira aku ora ngerti?”







Gambar 9.4

Kabayan karo Nana padha jagongan
 ana dhuwur wit pelem ngrembuyung

 
“Ngerti apa Kang?”











“Kowe wiwit mau pacaran karo Teti, anake Bang Togar. Kamangka bapake ora oleh yen pacaran, apa maneh karo kowe.”
“Lho, kok kang Kabayan ngerti perkara kuwi?”Nana kaget.
“Hayo saiki aku laporna karo Bang Togar! Mengko kowe dak laporake genti manawa wiwit mau kowe lungguh pacaran ana dhingklik kuwi karo Teti.”
Nana mung meneng ora bisa kumecap.
“Piye  sida dilaporake ora?”
“Ngene wae Kang, Awake dhewe dhame wae, kepiye?”
“Dhame, piye karepmu?”
“Aku janji ora bakal laporan Bang Togar manawa Kang Kabayan sing wis mecahke kaca cendhelane. Nanging Kang Kabayan ya aja nyritakake perkaraku karo Teti, marang Bang Togar,”
“Ya kena.Lha ya iki sing jeneng sekuthon sing nguntungake.”
“Yen ngono awake dhewe sarujuk?” Kandhane Nana karo ngulungake tangane marang Kabayan.
“Sarujuk.” Wangsulane Kabayan karo nyalami tangane Nana.
Sawise swasana katon aman, wusanane wong loro kuwi padha mudhun saka uwit pelem. Lan kanthi sesidheman dheweke padha mlayu saka papan kuwi.
Sawetara kuwi Mas Tarjo wis mlayu saka papan kono nalika Teti mlebu ngomah lan Nana menek wit pelem. Mas Tarjo wis duwe pangira, nalika Nana munggah menek wit pelem, mesthi dheweke bakal ketemu karo Kang Kabayan. Mulane Mas Tarjo lunga dhisik.


 


10.Kethek Elek
M

onyet, munyuk utawa kethek mujudake kewan sing bisa mlaku kaya manungsa nganggo sikil loro, tangane  loro dawa-dawa bisa kanggo gandhulan ana nguwit. Panganane bangsane woh-wohan utawa godhong-godhongan sing isih pupus. Malah terkadhang ngrusuhi tandurane para among tani.
Ing sawijining dina wancine isih esuk Kabayan lan Abah budhal menyang tegalan arep maneni sayurane, kacang dawa lan labu siam. Kabayan uga dipesen Simbok supaya golek klapa sing wis garing bakal kanggo gawe lenga klentik.
Wong loro padha ngliwatin sawah-sawah. Tegalane Abah pancen mapan ana sakiwa tengene sawah sing jembar.
“Bah, tindake kok saya cepet-cepet? Kabayan ngajak Abah.
“Kowe kuwi kepiye ,Kabayan? senenge sarwa nglaras. Awake dhewe kudu sarwa cepet.”Kandhane Abah sing ora ngrangi cepete.
“Ah, Abah. Bdhe menapa kesesa? Sanajan sayure dipaneni saniki paling-paling sing adol nggih sesuk.”
“Ora ngono,Kabayan.Wong nyambut gawe ora kena sakepenake. Ora kena ngguwak wektu. kuwi jenenge mbeler.”
“Ah ,Abah pancen mboten saged diajak sekuthon.”
“Sekuthon ngenani mbeler-mbeleran? Wis ta, ayo lakune dibanterake!”
“Cobi, Bah dipirsani! Napa niku?”
“Apa ta?”
“Niku lhe Bah, tiyange Gagah. Mboten nate sayah piyambake tansah ngadeg ketingal gagahe.”
“Sapa, gawe cubriya wae?”
“Napa Abah, dereng pirsa?”
“Aku ora weruh sapa-sapa,Kabayan.”
“Niku lho, tiyang sing ngadeg enten tengah sawah. Kabayan blaka suta mboten saged kados tiyang niku. Cobi dipenggalih, manawi panas kepanasen, manawi jawah kejawahen, nanging piyambake tansah ngadeg mawon enten ngriku.”
“O, kuwi sing ta karepne ,Kabayan,” Kandhane Abah karo nuding memedi sawah sing dikarepake Kabayan.”Kuwi pancen memedi sawah. Kowe kuwi ana-ana wae,Kabayan. Mesthii wae dheweke ora bakal mrana-mrene lan uga ora bakal mbantah sanajan kodanan utawa kepanasen.Wong-wongan sawah kuwi rak barang mati.Ora bisa ngomong, lan sing baku ora njaluk mangan. Yen pancen kowe ora gelem nyambut gawe ya uwis. Mengko kowe ora diwenehi pangan.
“Ampun ngaten,Bah.”
“Ana donya iki apa ,ana wong sing pengin mangan enak nanging ora nyambut gawe? Apa maneh kowe sing mangane akeh.”
Inggih,Bah.”
Dheweke uga terus mbacutake lakune . Lan ora let suwe dheweke padha tekan tegalan. Ing kono katon kacang dawa lan labu siam sing wis bisa dipanen. Tanpa kakehan omong dheweke terus padha nyambut gawe methiki janganan kuwi lan nglebokake ana ing kranjang.
“Kabayann saiki becike kowe enggal golek klapa sing uwis tuwa.!” Pakonje Abah sawise rampun olehe methiki kacang dawa lan labu siam.
“Inggih, Bah.”Wangsulane Kabayan karo menek wit klapa. Kanthi cepet Kabayan wis tekan pucuk glugu, terus nggopeki klapa sing wis tuwa diuncalake mudhun.
Sawise cukup,Abah age-age dhawuhi Kabayan supaya mudhun.
“Salajengipun napa malih, Bah?” Pitakone Kabayan.
“Luwih becik awake dhewe leren dhisik karo mangan,” Ngendikane Abah karo nggoleki wungkusan sega ing kranjang.
“Inggih,Bah.”
Kocapa nalika Abah mbukak kranjang , wungkusane ilang.
“E...endi wungkusane sega?”Apa Gemi lali ngleboke sangune?”
“Mboten Bah, kula ngertos piyambak wau.”
“Nanging njero kranjang ora ana.”
Dumadakan dheweke krungu swarane kethek sing lagi menek wit klapa. Sakarone terus padha ndengangak. Bareng weruh kethek nggawa wungkusan sega ana wit glugu, dheweke terus padha pating domblong.
“Wadhuh, mulane nggon kranjang ora ana wungkusane. Jebul wis dicolong kethek elek.” Sambate Abah.
“Inggih, Bah. Kurang ajar tenan kethek elek kuwi.”
“Awake dhewe kudu piye ,Kabayan?”
”Kersane kula mawon sing ngrampungi,Bah.” Sahute Kabayan karo wiwit mbandhemi kethek kuwi nganggo lemah sing wis dikepeli.
“Dhasar kethek elek. Iki rasakna!” Bengoke Kabayan karo mandhemi kethek nganggo lemah.
Nanging kanthi lincah kethek kuwi ngendhani bandhemane Kabayan.Sawetara kuwi wungkusan sega isih digawa ketheke.
Abah rumangsa kuwatir.
“Kabayan, uwis ora usah dibandhemi.”
“Kenging menapa, Bah?”
“Mesakake, saupama kena , sega wungkuse yen tiba mesthi wutah ora kalap.”
“Lajeng kados pundi,Bah?”
“Iki ana gedhang. Coba pancingen kethek kuwi ngango gedhang iki,mbok manawa ketheke gelem mudhun!Kandhane Abah karo ngulungake pisang sauler marang Kabayan.
“Wah, leres Bah. Cobi mangke mbok bilih ketheke purun mandhap. Kandhane Kabayan karo nampani gedhang saka Abah.
“Coba wae supaya ketheke gelem ngijoli sega wungkusan karo gedhang sauler.” Pakone Abah.
“Inggih, kula cobine, Bah.”
Kabayan nggawa gedhang kuwi diacung-acungake marang kethek. Sajake ketheke kuwi seneng karo gedhange. Ketheke wiwit mudhun sethithik mbaka sethithik. Nanging kethek kuwi ora wani mudhun, mung menehi sasmita marang Kabayan supaya gedhange diuncalake munggah. Nanging sajake Kabayan ora gelem nguncalake gedhange mendhuwur.
Kethek kuwi sajake ngerti sing dikarepake Kabayan . Wungkusan sing digawa terus diuncalake mudhun.
Kabayan sing ngulati ketheke bakal nguncalake wungkusan sega terus siaga. Dheweke maju sak jangkah terus tangane loro ngathung munggah. Kabayan mbudidaya supaya bisa kasil nyathok wungkusan sega supaya ora wutah.






Gambar 10.1


Kethek menek wit glugu ngawa wungkusan sega
Kabayan ana ngisore ngacungake wungkusan sega
Abah nonton saka kadohan ing kebon

 
 












Kabayan sing wis siaga nyathok wungkusan kuwi ora ngerti manawa sangarepe ana watu. Nalika dheweke jangkah sikile kesandhung lan segane wungkusan ora kasil dicathok. Sega wungkusan kuwi tiba ana lemah satemah wungkusane remuk segane ora kalap.
“Wadhuh...!” Bengoke Kabayan amarga kesadhung sikile. Bareng weruh segane wutah Kabayan mbengok maneh.
” Wadhuh..cilaka ora sida mangan sega.”
“Eman, Kabayan.” Abah ngeman.
“Dhasar kethek elek. Ora gelem diajak sekuthon.”
“Wah, ora sida mangan awan ,Kabayan. Nanging gedhang iki tetep wenehna karo ketheke supaya lunga.”Pakone Abah.
“Huh...” Kabayan mangkel. Gelem ora gelem Kabayan kudu nguncalake gedhang menyang ketheke.
“He... “Bengoke Kabayan karo nguncalake gedhang.
Sajake ketheke kuwi ngrumangsani . Sawise nyathok gedhang terus mlumpat lan mrambat menyang uwit liyane. Sabanjure kethek kuwi lunga saka tegalane Abah emboh menyang ngendi parane.
Abah lan Kabayan mung bisa gedhek-gedhek amarga ora sida mangan awan.
“Dhasar kethek elek ora bisa diajak sekuthon.” Kabayan isih moyoki.
“Ngendi ana kethek sing gelem sekuthon?”Ujare Abah.
“Gara-gara kethek elek, kapeksa awake piyambak mung mangan angin ,Bah.”
“E, nanging isih ana lawuhe, Kabayan.”
“Ewa semanten napa eca nedha lawuh tanpa sekul,Bah?”
“Uwis, mangan sakanane wae.”
Gelem ora gelem Abah lan Kabayan mangan lawuh tanpa sega. Witekna, katimbang luwe wetenge.
Kliwat jam rolas awan gaweane Abah lan Kabayan wis rampung. Ing papan kono ana kranjang cacah loro . Sing siji diiseni kacang dawa lan sing sijine diiseni labu siam lan klapa.
“Matur nuwun. Awake dhewe oleh  rong kranjang kebak. Kowe nggawa sak kranjang lan sing siji dak gawane, Kabayan.” kandhane Abah nalika arep mulih.
“Wah, kersane kula pikule piyambak,Bah.”Ature Kabayan.
“O, ngono. Apa kuwat Kabayan?”
“Mugi-mugi,Bah.”
“Ya , terserah.”
Kabayan sabanjure njupuk pikulan lan nata kranjang loro isi janganan kuwi. Sanajan ora sida mangan awan nanging Kabayan tetep semangat amarga gaweane tegalan saiki wis rampung, apa maneh ana ngarepe Abah.
Kabayan ngrumangsani  kerep gawe kuciwane Abah lan Simbok, malah terkadhang Gemi bojone. Ing dina iki dheweke pengin citrane sing ora becik bisa diilangi ora ketang mung sawetara kanthi mikul kranjang loro kuwi.
Abah mlaku ana ngarep dene kabayan mikul kranjang ana mburi. Kabayan mokal bisa nututi lakune Abah sing tanpa gawan.
Nalikane lagi padha mlaku , dumadakan ana simbah putri sing lagi mlaku sajak kesusu. Abah tepung kuwi Mbah Mira.








Gambar 10.2


Abah mlaku ana ngarep nyangking arit
Kabayan mikul kranjang loro,
siji isi kacang dawa ,sijine isi labu siam karo klapa
Ana dalan ketemu Mbah Putri

 
 












“Mbah Mira, enten napa? Kok mlampah sajak kesesa?”
“Aku arep mrana, nguyak uwong.”
“Nguyak sinten ,Mbah? Maling?”Pitakone Kabayan.
“Dudu. Nguyak Mbah Kung.”
“Lha enten napa diuyak-uyak.”Pitakone Abah.
“Mbah Kung, nguyak babon.”Wangsulane Mbah Mira.
“Napa Mbah Kung gadhah dhemenan randha?”
“Ora ngono.”Mbah Mira bingung rada nesu.
“Lajeng, kados pundi kersane kok nguyak babon?”
“Wedhus wedok kuwi lho...,Wong enom kok ora mudheng.”
“O inggih, ampun duka Mbah nggih”
“Iki mau wedhuse wedok ucul, ngerti ?”
“Inggih , matur nuwun Mbah.”Kandhane Abah.
Abah lan Kabayan age-age lunga ninggalake Mbah putri sing rada srengen kuwi mau. Sakarone terus padha mbacutake laku mulih menyang ngomahe.

Tamat