Jumat, 10 Februari 2012

Kabayan Nyekel Maling


1. Kabayan Nyekel Maling
M

angsa ketiga wis lumaku pirang-pirang minggu. Hawane krasa panas. Langite padhang srengenge nyorotake cahyane menyang bumi. Gawean among tani wis ganti saka sawah menyang tegalan. Tanduran pari uga wis diganti nganggo tanduran palawija sing ora mbutuhake banyu akeh.
          Wis meh seminggu, Abah, Simbok, lan Gemi mangkat menyang desa Sukarajin. Ing kana padha dolan sanja menyang omahe sedulure Abah sing jenenge Markasan. Pancen wis suwe Abah lan kulawargane ora sanja menyang kana. Mula kuwi, ing wiwitane mangsa ketiga iki Abah nggunakake wektu kanggo dolan sanja menyang omahe sedulure tuwa. Kebeneran gawean sawah wis ganti menyang tegalan. Gawean padinan dadi suda, mulane wektu longgar iki dipigunakake kanggo lunga menyang omahe sedulur.
          Kepiye karo si Kabayan ? Pranyata Kabayan ditinggal ana ngomah.  Supaya ngrampungake gaweyan ngomah. Manawa gaweyan ngomah wis rampung, Kabayan dikongkon nusul menyang desa Sukarajin.
          Saiki Kabayan wis ana ing dalan tumuju menyang desa Sukarajin. Deweke melu nunut mobil pick up sing ngangkut bebek. Bebek-bebek kuwi arep disabakake ing sak kiwa tengene desa Sukarajin. Ing kana ana rawa subur sing diileni kali gedhe. Bebek-bebek kuwi bakal seneng ana papan sing akeh banyune.
          Mobil pick up mlaku terus ngliwati dalan sing akeh lebune. Bleduke padha mubal nalika kagiles roda mobil. Sak njerore mobil mau Kabayan omong-omongan karo sopire sing ora liya pawongan sing duwe bebek.
          “ Arep menyang ngendi ta, Kang ?” pitakone sopir marang Kabayan.
“Menyang desa Sukarajin, niliki sedulur. Lha terus Adik arep angon bebek menyang ngendi ?”.
“Ing ngarep ana dalan sing medhun, cedhak ilining banyu kali, ya ing kana aku bakal ngedhunake bebek-bebekku iki. Lha, Kakang arep medhun ngendhi ?”.
“Ya, sabenere ana prapatan dalan tumuju desa.”
“Nanging sing gedhe pangapurane ya Kang. Mobil iki mung tekan dalan medhun ngarep kuwi. Sabanjure arep menggok mangiwa.”
“ O, menyang desa Sukatani ?”
“ Bener, Kang. Kang Kabayan mengko mudhun ana dalan medhun kuwi. Nanging aja sumelang, saka kono ana dalan trabasan cilik sing tumuju menyang desa Sukamaju.”
“ O, ngono?”
“ Ya, lan Kakang terus mlaku wae.”
Kabayan mung  manthuk.
Nalika mobile wis tekan dalan medhun cedhak kali, mobil kuwi mandhek. Kabayan mudhun saka mobil. “Matur nuwun ya Dhi.” Ngomonge Kabayan marang sopire mobil sing ora liya pangon bebek.
Kabayan terus mlaku manut seng dituduhake pangon bebek mau, mlaku terus manut iline banyu, ing kono ana dalan menggok nengen. Liwat kreteg watu, dheweke bakal tekan gerbang desa Sukarajin. Saka kreteg kuwi dheweke wis ora weruh pangon bebek mau amarga ketutupan wit-witan akeh sing dhuwur-dhuwur ing pinggir kali.
Nalika nyabrang kreteg  Kabayan ngulati ngisor banyune kali ketok bening. Weruh banyu kali sing bening kuwi Kabayan thukul pepenginane raup lan wijik, amarga awake krasa reget sabubare numpak mobil ing dalan sing akeh bleduge. Age-age Kabayan golek perenging kali sing empreh , pamrihe bisa mudhun kali kanthi kepenak.
Bareng weruh pereng kali sing empreh Kabayan mudhun saka tanggul tumuju menyang tengah kali. Gawane klambi lan kathok sing diwadhahi karung terigu diselehake ana dhuwur tanggul. Dheweke mudhun alon-alon nuli raup lan wijik.
Sawetara anggone ana tengah kali ,Kabayan keprungu swarane pawongan loro mlaku nyedhaki buntelan gawane. Wong loro sing raine nganggo tutup ireng kuwi, Sajake padha kepencut karo buntelan sing digawa Kabayan. Buntelan gawane Kabayan digledhah, isine dietoake saka njero karung terigu, terus dilebokake maneh. Sawise ngerti njerone buntelan mau, wong loro kuwi kuciwa, jebulane mung isi kathok klambi karo sarung sing wis lawas.








Gambar 1.1

Kabayan raup lan wijik ana tengah kali sing banyune bening
Pawongan loro nganggo tutup ireng nggledhah gawane Kabayan
ana dhuwur tanggul
 
 











“Ana barang sing aji, Kang ?” ujare salah sijine pawongan.
“Kere.! Mlarat.. .Mung kathok klambi karo sarung lawas”
“Yen ngono, ora perlu ngurusi wong mlarat.”
Sabanjure pawongan sijine nguncalke buntelan mau menyang tengah kali dipenerake Kabayan sing lagi wijik.
“Hei, ngapa nggledhah barangku. ?” Bengoke Kabayan.
“ Ha ... ha ... ha ... untung  kowe wong mlarat.” Omongane salah sijine pawongan mau karo mlayu.
“Awas,”celathu pawongan sijine.“ Titenana yen nganti  nyritakake ngenani aku ana kene.”
Wong loro kuwi age-age lunga. Tujune buntelane mau ora tiba papan sing ana banyune.Kabayan meh ora percaya, ing wayah awan kaya ngene ana wong loro sing arep ngrampok. Kabayan munggah kali terus tata-tata lan mbacutake lakune tumuju desa Sukarajin.
Nalikane wetenge Kabayan krasa luwe, dheweke mlebu warung cedhak prapatan dalan desa, mbok menawa warung kuwi sing paling gedhe. Dheweke milih panggonan lungguh sing isih suwung. Sawijine peladen nyedhaki karo ngomong “Wilujeng rawuh ing warung kula, Mas. Badhe dhahar menapa ngunjuk mawon ?”
“Inggih, nyuwun sekul salawuhe,” ngomonge Kabayan menyang peladen kuwi.
“ Inggih,” wangsulane peladen karo lunga njupukake sega anget. Ora let suwe peladen kuwi nyuguhake sega salawuhe arupa pitik goreng, sambel, sarta lalaban.
Ing pojok warung ana wong loro sing lagi nggatekake Kabayan.
“ Lho, lha kuwi rak wong mlarat sing ana pinggir kali mau ta?,” rerasanane salah sijine pawongan lanang ing pojok warung kuwi.
“ Iya,dheweke kuwi perlu diawasi,” wangsulane wong lanang ing sisihe.
Sinambi mangan, Kabayan omong-omong karo wong lanang tuwa ing sisihe, “ Apa kowe mau ora ana sing nganggu, Nak?”
“ Mboten menika Pak. Kala wau wonten margi mboten wonten menapa-menapa,” wangsulane Kabayan kebak pengati-ati.
“Ngertiya ya Nak, wektu kepungkur iki akeh wong sing diganggu ana dalan, lan dirampok barang-barange,” keterangane wong tuwa kuwi.








Gambar 1.2

Kabayan mangan sega lawuhe iwak pitik ana warung
Jagongan karo wong tuwa ing sisihe
Ing pojok warung ana wong lanang loro sing ngulati
 
 











 “ Hei, pak Darmo. Ngati-ati yen omong, kowe aja ngelek-elek desane dhewe iki.” Kandhane sing duwe warung.
“ Iya ... iya, Parto. Aku ora ngomong apa-apa. Regane pira sing dak pangan mau?, sega sepiring karo pepes iwak lan kopi sagelas.”
Parto ngetung lan nyebut gunggunge. Sabanjure pak Darmo metu saka warung sajak mangkel.
Kabayan nalika mangan awan kuwi ngrasakake enak. Mangane kaya ana ngomahe dhewe. Bubar ngombe kopi dheweke nyedhaki Parta, sing duwe warung.
“Badhe mbayar, Mas?” pitakone Pak Parto kanthi semanak.
“Inggih, nanging sakedhap, kula badhe nyuwun pirsa. Wonten pundi ngriyanipun pak Markasan?”
“Wah, pak Markasan sampun mboten manggen ngriki.”
“Lajeng wonten pundi ?”
“Piyambakipun sampun pindhah dhateng desa Sukatani. Prayoginipun sampeyan nginep riyin wonten ngriki, amargi kendaraan dhateng Sukatani namung sekedhik. Sampeyan saget tindak mrika sesarengan rombongan bakul ingkang badhe dhateng peken Sukatani.”
“ Wonten pundi, ngempalipun ?”
“ Wonten ngajengan  menika.”
“O,ngaten?lajeng,menapa ngriki wonten papan kangge nyipeng?”
“Panggenan kula wonten. Mligi kangge para tamu ingkang mboten gadhah tepangan utawi sedherek wonten ngriki.”
“Inggih, menawi mekaten kula nyipeng ngriki mawon.”
Sabanjure Kabayan mlebu kamar panginepan sing mapan saburine warung kuwi. Saben kamar ana amben loro kanggo wong loro.Ing njero kamar wis ana wong siji jenenge Sidik.
Pranyata kanca sakamare kuwi sawijine bakul buah sing sesuk arep menyang desa Sukatani. Sakarone padha tetepungan.
“Wah, kebeneran. Kajaba sakamar, awake dhewe bisa bebarengan mlakune,” kandhane Kabayan.
“Iya, bener kang.”
“Dhaerah  kene iki aman, ta Dhik.”
“Jarene kepungkur iki akeh perampokan ing wayah awan lan kurbane akeh-akehe wong  manca,” keterangane Sidik.
“ Lho kok aneh. Kenapa ngono ?”
“ Embuh, ya.”
“ Apa kene ora ana sing jaga keamanan ?”
“ Ya ana. Nanging , embuh kepiye sing jaga keamanan kene ora bisa tumindak apa-apa.”
“ Lha, nyubriyani, kuwi.”
“ Malah aku nate dirampok wong loro nganggo topeng ireng.”
“ Hah .... “ Kabayan kaget, kelingan marang lelakone ing pinggir kali mau.
“Kabeh dhuwit asil  bakulanku dikuras entek ludhes. Untung wae ana kancaku sing nyilihi dhuwit.”
“Genea kowe isih terus bakul.”
“Lha kepiye maneh? yen ora bakul aku ora oleh dhuwit”
“Apa sampeyan ora wedi yen di dirampok maneh ?”
“Rasa wedi kuwi isih ana, mung saiki aku ora nate mlaku dhewekan. Nanging tansah rame-rame karo bakul liyane.”
“Kira-kira saka ngendi, perampoke kuwi? ”
Kanthi omongan lirih Sidik kandha “ Sajake perampoke saka desa kene wae.”
“Kepriye saumpama awake dhewe ngewangi miyak wewadi, nggoleki asale perampok kuwi?” kandhane Kabayan.
“Iya kena, kanthi mangkono aku bisa bakul kanthi rasa tentrem.”
Nalika dheweke padha jagongan keprungu wong rame ana ing dalan. Kabayan lan Parta metu saka kamar panginepan weruh wong lanang loro sing bengok-bengok.
“Aku wong loro lagi wae bubar dirampok ana kreteg kana, sing ngrampok wong telu nganggo tutup rai  warna ireng,” omongane wong lanang kuwi karo getem-getem.
“Apa? ana perampokan maneh ?” pitakone sawijine ibu.
“Iki kebangeten tenan. Wayah awan kok wani ngrampok,” omongane wong liyane.
“Yen ngono dilaporake wae marang pak Amar, Kepala Keamanan,” usule salah sijine pawongan liya.
“Ora sah, lha kuwi pak Amar wis teka.”
“Tenang sedulur-sedulur, prekara perampokan arep dak rampungi, nanging sakdurunge kuwi kudu nglaporake perkara iki menyang Bale Desa. Dak tunggu ana kana ” Omongane Kepala Keamanan karo liwat sajak nyepelekake.
“ Ya, kepiye maneh awake dhewe kudu menyang Bale Desa,” omongane si korban ngetutake pak Amar.
Kabayan gumun geneya prekara kaya ngono kuwi kudu dilaporake kanthi resmi menyang Bale Desa, kaya polisi wae.
Ing wayah wengine Kabayan ora bisa turu angler, amarga kelingan perampok sing ngaggo tutup ireng . Rasa wedi kuwi sing ndadekake klisikan. Dheweke glundang –glundhung mrana-mrene nanging mripate isih durung gelem dieremake.
Jam rolas tengah wengi Kabayan  lagi bisa turu. Dumadakan  jam siji dikagetake dening swara saka cendhela sakcedhake. Ana pawongan saka njaba arep njugil cendhela kamare. 
Sabanjure krungu pawongan gumreneng. “ Apa bener iki kamare bakul kuwi ?”
“Bener, kanca. Aja ragu, aku wis naliti awan mau.”
“Yen salah, kepiye?”
“Ya dibongkar sisihe maneh.”
Sabanjure dheweke padha meneng. Swara wong njugil cendhela ora keprungu maneh. Kabayan saya wedi. Dheweke malah ngumpet ana njero sarunge, dene kanca sakamare isih turu angler.
Kabayan terus mikir, manawa ora tumindak apa-apa mesthi bakal cilaka. Dheweke age-age mateni lampu kamare terus nyedhaki kanca sakamare.
“Ana apa?” pitakone Sidik sing tangi lan weruh kamare peteng.
“ssst .... menenga, rungokna swara saka jaban cendhela.!”
“Ya, aku krungu. Apa kuwi maling?”
“Ketoke ngono.”
“Awake dhewe kudu kepriye ?”
“Nglawan apa mlayu .”
“Hah .... “
Durung ana wektu wong loro kuwi golek cara, cendhelane wis menga. Sajake perampok kuwi wis kasil ngrusak cendhela. Saiki katon padha mlebu liwat cendhela.
“ Hei endi dhuwitmu?.” Omongane wong lanang sing nganggo tutup ireng kuwi karo nyorotake sentere menyang wong loro sing kaweden.
Kabayan lan Sidik durung wae mangsuli wis jedhul maneh maling  loro liyane. Dadi cacahe ana wong telu. Dheweke padha gawa golok sing katon gilap kena sorote senter. Lan ing njaba sajake isih ana kanca-kancane.
“Awake dhewe kudu njaluk bantuan !” Klesike Sidik karo mbrangkang mundur tumuju lawang.
Kanthi cepet Sidik metu saka kamare. Kabayan apes, nalika ngetutake Sidik, dheweke kedhadhug lingir amben.
“Adhuh .... “ Kabayan kelaran.
“Ana maling....tulung ...tulung.”Bengoke sidik karo mlayu.
“Lha kuwi uwonge, ayo dicekel.”  Kandhane salah sijine maling karo nabrak Kabayan. Age-age Kabayan ngadeg lan nggoleki lawang. Sarunge disabukake ana bangkekan mlotrok. Bebarengan karo kuwi salah sijine maling nubruk  Kabayan. Andadekake sirahe maling kuwi mlebu menyang sarunge Kabayan. Ora kanthi sengaja sarunge Kabayan kaya dene naleni gulune maling, dheweke kejindhet sarung. Wusanane maling kuwi tiba kelaran, gedebug.
Sawetara kuwi Kabayan mlayu nggeret maling nganggo sarunge. Gulune maling angel diuculi saka njindhetan sarung.
Kabayan mlayu rumangsa kaya ana sing nggondheli, “ E, uculna aku!” bengoke Kabayan karo mbudidaya mlayu.
Maling kuwi pancen apes tenan, amarga playune Kabayan nambahi kencenge jindhetan. Jindhetan sarung ing gulune saya kenceng, anjalari malinge dadi semaput.











Gambar 1.3

Maling siji semaput, gulune kejindet sarunge Kabayan sing arep mlayu
Wong akeh padha ngrubyung gawa penthung

 
 











Nalika wektu kuwi ing njaba, Sidik lan sing duwe omah lan wong-wong sing jaga keamanan panginepan wis padha ngubengi panggonan kuwi. Sawijining maling sing ana njaba aweh tandha singsot dawa. Maling loro kuwi ngerti lamun kahanane mbilaheni, sakarone age-age mlumpat saka cendhela lan kabur karo kanca-kancane.
Nalika kuwi Kabayan ditemokake lagi nyeret gulune maling sing semaput. Lan wong-wong kuwi duwe pangira manawa Kabayan wis kasil nyekel maling.
“Wah, ora kanyana sedulur Kabayan bisa nyekel maling “ kandhane sing duwe panginepan.
“Bener, kang Kabayan iki prayata duwe kaluwihan sing sumimpen,” kandhane Sidik.
Kabayan dhewe bingung arep mangsuli apa, amarga kabeh kadadeyan kuwi mau satemene ora disengaja alias kebeneran.
Wusanane maling kuwi dilebokake ing kamar penjagan panginepan. Rencanane esuk kuwi uga, bakal digawa menyang kantor Desa lan bakal dipasrahake marang Kepala Keamanan, pak Amar.
 “Sedulur Kabayan, prayogane aja tindak dhisik menyang desa Sukatani,” pamrayogane pak Parto karo ngelungake kopi sagelas.
“Kenging napa Pak ? kamongko kula pengin sanget kempal kalih sedherek kula ing desa Sukatani.”
“Prekara niki kudu dirampungake, awake dhewe kudu nglaporake dhateng pak Kepala Keamanan Desa.”
“Inggih...Pak.  Matur nuwun kopine,” wangsulane Kabayan karo ngombe kopi angete.
“Mangga sedulur Sidik, ngunjuk kopine mumpung isih anget,” ngendikane Pak Parto.



2.Dhalang Durjana
U

dakara jam nenem , Kabayan lan Sidik isih padha jagongan ana warung karo Pak Parto sing duwe warung. Salah sijine satpam panginepan sing melu ngurusi maling, wis metu saka kamar penjagan. Satpam mau jenenge Wawan.
          “Gagal, Pak. Malinge mboten purun ngaku,”Ature Wawan  menyang Pak Parto.
          “O...Ngono, ya wis dijarke wae dhisik. Aku dak golek cara supaya malinge gelem blaka.”Ujare Pak Parto.
          “Napa perlu digebugi?”
          “Aja, ora sah digebugi. Di ancam dhisik wae ”
          Wawan terus bali menyang papan penjagan arep ngancam malinge. Lagi wae Wawan tekan papan penjagan salah sijine tukang sapu mara nyedhaki Pak Parto.
          “Anu...Pak. kula nemu barang niki wonten ngandhap cendhela sing di rusak maling wau.”Ature tukang sapu karo ngaturake barang sing ditemu marang Pak Parto.Tukang sapu kuwi jenenge Idang.
          Pak Parto naliti barang kuwi, pranyata barang kuwi sawijining gelang sing digawe saka tanduran laut. Wong akeh ngarani akar bahar. Warnane ireng janges.
          “Iki sawijining pituduh. Matur nuwun, Idang.”
          Idang terus mbacutake pakaryane maneh amarga durung rampung anggone nyapu.
         







Gambar 2.1

Kabayan lan Sidik jagongan ana warung karo Pak Parto sing duwe warung
Idang mara masrahake gelang akar bahar menyang Pak Parto
 
         











“Pitedah menapa,Pak?”Pitakone Sidik.
          “Niki gelang akar bahar. Ing mriki mung wong siji sing duwe.”
          “Gadhahane sinten,Pak.”
          “O, mangke  dhisik. Mengke mawon kangge bukti.”
          “Lajeng maling niku ajeng dinapakne ,Pak?”pitakone Sidik.
          “Digawa ten Bale Desa, sawise awake dhewe sarapan.”
Sarampunge sarapan , Pak Parto nyritakake cubriyane mau marang Kabayan lan Sidik.Wong loro kuwi mung manthuk-manthuk sarujuk.
Jam sanga esuk sawise padha sarapan,maling sing dibanda tangane, digawa menyang Bale Desa . Pranyata tekan kana Kepala Keamanan durung teka kamangka wektu kuwi wis jam sepuluh.
Bareng wis sawetara anggone ngenteni , Pak Amar Kepala Keamanan teka katon lungkrah awake. Sajake isih ngantuk.Mbok manawa mau bengi melu rondha.
“Ngapunte Pak Parta, kula telat. Sinten sing dibanda niku?”
“Dheweke salah sijine maling sing kecekel. Mau bengi dheweke karo kanca –kancane wani nekani kamare tamuku sing dikira akeh dhuwite.”
“Hm...nganten, ta. Lha terus sinten sing nyepeng?”
“Iki sing gawe isin, Pak. Sing nyekel malah tamuku. Jenenge Kabayan.”
“Hah...dadose wong manca sing nyepeng?”
“Iya.”
“Napa mboten wong manca niku sing dicurigani?”
“Lho. Kok malah wong manca sing di Cubriyani?Lha wong dheweke sing nyekel, kok.”kandhane Pak Parta wiwit sengol.
“Leres, sinten ngerti dheweke mung ethok-ethok.”
“Pak Amar , aja sembrana.Kowe.”Pak parto mentheleng.
Pak Amar rada pekewuh karo Pak Parto sing menthelengi kuwi.
“Sababe apa sing kadakwa ora dang dipriksa?”kabeh sing ana kono padha menthelengi Pak Amar.
“O...mesthi, Nanging kula angsal ngembangake panaliten ta?”
          “Oleh wae , nanging aku gumun, panase kaya ngene kok Pak Amar nganggo jaket kandel,apa ora sumuk?”
          “Aku...”Pak Amar rada bingung olehe wangsulan.”Napa ora oleh nganggo jaket nadyan panas.?”
          “Oleh wae . mung ora lumrah.”Wangsulane Pak Parto.
          “Lajeng, napa Kersane?”
          “Kepiye manawa awake dhewe, jagongan ana kene kanthi lukar jaket,supaya swasana panas iki bisa nyenengake?”Kandhane Pak Parto.
“Inggih,”Wangsulane Pak Amar karo lukar jaket. Jaket kuwi terus dicenthelake cedhak cendhela.
          Kabayan nyenggol Sidik, “Delengen sajake bener pandugane Pak Parto.” Klesikane.
          “Katone pancen ngono.”wangsulane Sidik lirih.
Pak Amar ngulati wong loro sing glenikan kuwi.
          “He, kowe wong loro kuwi , wong manca sing nginep ya?”
          “Leres pak.”Wangsulane Sidik.
          “Miturut pandugaku kowe wong loro kuwi patut dicubriyani, mbok manawa malinge iku kanca –kancamu,” Kandhane Pak Amar rada nesu.
          “Apa ora sewalike, Pak?”Kabayan mangsuli.
          “Karepmu? kowe dakwa aku?Aja lancang kowe. Wong manca arep neka-neka.”Pak Amar nggetak.
          “Ora, aku mung takon.”wangsulane Kabayan.
          “Genea Pak Amar ora nganggo gelang ing tangan tengen.?”
          “Gelang apa? kaya wong wadon wae.”
          “Dudu gelang emas, nanging kuwi lho, gelang akar bahar.”
          “Ana ngendi gelang akar baharmu?”Pak Parto nakoni genti. Apa ilang mau bengi?”
          “Napa ? Kenging napa ngurusi gelang akar bahar kula?”
          “Ora ngurusi, mung pengen ngerti. Apa gelange ilang mau bengi”
          “Ketingale ngaten, mbok bilih nalika rondha wau dalu”
          “Ya mesthi, Rondhane kleru mapane.”Sambunge Kabayan.
          “Kleru mapane piye?”
“Kleru mapane amarga rondha menyang kamar panginepanku.”
          “Kowe aja padha mubeng-mubeng , piye karepmu?”
          “Ya, Pak Amar.Apa sababe Pak Amar rondha menyang kamare tamuku nganti gelang akar bahaer keri ana kana?”Pak Parto nakoni.
          Saiki  Pak Amar krasa manawa dicubriyani.
          “Ateges kowe kabeh nudhuh, aku mau bengi melu maling ana kamarmu?”
          “Ya, amarga wong sing duwe gelang akar bahar kuwi ora ana liya kajaba Pak Amar”. Kandhane Pak Parto karo ngangkat gelang akar bahar supaya kabeh sing ana kono padha weruh.
          “Kabeh kuwi fitnah.” Pak Amar mbengok seru.”Kow ebakal dak tuntut.”
          “Ora Amar, kedhokmu wis dibongkar karo si Boncel, salah sijine anak buahmu,” omonge salah sijine wong sing lagi teka kono.
          Kabeh sing ana kono padha ngulati sapa sing kandha ngono kuwi, semono uga Pak Amar.dheweke kuwi Pak Kades karo saperangan perangkat desa.







Gambar 2.2

Pak Parto, Kabayan lan Sidik jagongan ana Bale Desa  karo Pak Amar
Pak lurah lan perangkat Desa teka kono
Ing latar Bale Desa akeh uwong

 
         











Sanalika Pak Amar Gemeter, dumadakan dheweke arep mlayu, amarga wedi dituntut Pak Kades. Saking kesusune dheweke nyandhung  sikile Kabayan sing ora kasengaja malangi . Pak Amar tiba bug dhadhane ampeg terus tangi.
“Gara –gara kowe wong manca , dadi kaya ngene! Omonge Pak Amar karo age-age tangi nyandhak pundhake Kabayan, karepe arep mlayu  maneh .Sacedhake kono ana kulit pisang , kulit kuwi kepidak Pak Amar dadi lan tibane . Kabayan sing dicandhak pundhake dadi kaget ya melu diba nindhihi Pak Amar.Saumpama ditonton saka kadohan Kabayan lan Pak Amar kaya wong gelut.
“He..Cekel...!” ngendikane Pak Kades. Hansip pengawale Pak Kades terus mlumpat ngrungket Pak Amar sakencenge.
Pak Parto nulungi Kabayan sing tiba.
“Matur nuwun sedulur Kabayan wis ngewangi nyekel maling.”
Kabayan mung manthuk ngampet larane. Sawetara Pak Amar ditahan. Pak Kades dhawuhi Pak Sekdes supaya lapor polisi.
“Para sedulur.”Ngendikane Pak Kades. “Kapeksa Pak Amar lan anak buahe iki titahan .Sabanjure bakal dilaporake marang Sektor supaya dibacutake prekarane.”
“Terus terang , aku ora ngira manawa nindakake kadurjanan ana desane dhewe, malah dheweke sekuthon karo mantan durjana sing isih kerep ngrampok.
Mulane, sabe ana maling mlayu diuyak ora nate kecekel. Awake dhewe oya duwe pangira manawa malinge kepala keamane dhewe.
Nanging awake dhewe ora kena ngadili dhewe, kareben prekara iki dirampungake karo sing berwajib. Awake dhewe bakal ngrungokake kepiye keputusan pengadilan mengko. Muga –muga kabeh durjana sing durung kecekel bisa digoleki lan oleh paukuman sing  jumbuh karo pakartine.
Ora lali, aku ngaturake panuwun marang Sedulur kabayan lan Sedulur Sidik sing wis ngewangi nyekel durjana. Kamangka Sedulur loro kuwi mau mung tamu ana kene.Muga –muga Sedulur Kabayan lan Sedulur Sidik oleh kanugrahan saka Gusti kang Maha Kuwasa.Amin.”
Sabanjure Pak Kades terus nyalami Kabayan lan Sidik. Lan makaping kaping ngaturake panuwun. Kabayan dhewe bingung ,amarga ora rumangsa melu nyekel maling.







Gambar 2.3

Pak lurah pidhato marga kasil nyekel maling ana Bale Desa
Kabayan lan Sidik melu ngrungokake ana ngarep dhewe
Wong akeh uga padha ngrungokake
 
 











Durung rampung Pak Kades olehe pidhato ana ngarepe wong akeh. Kabayan lan Sidik mundur sesidheman ninggalake papan kuwi. Nalika Pak Kades noleh ngulati, Kabayan lan Sidik  wis ora ana.
“Lho, menyang ngendi Kabayan karo Sidik mau. Ngendikane Pak Kades.
“Nyumanggakake, Pak. Kala wau nalika Bapak pidhato ,mboten wonten ingkang nggatosake piyambakipun.”Ature Pak Parto.
“Kamangka awake dhewe durung menehi apa-apa.”
“Leres, kenging menapa mboten dipun padosi mawon,sambunge Pak Parto.
Saperangan pawongan sing ana kono age-age nggoleki Sidik lan Kabayan. Nanging ora bisa ketemu, amarga Kabayan lan Sidik wis ninggalake papan kuwi.
“Lha terus kira-kira menyang ngendi Kabayan lan Sidik?”
“Dhateng Desa Sukatani, Pak,” wangsulane Pak Parto.
“Wa, adoh yen ngono.Ya wis, muga-muga dheweke sakarone tansah wilujeng , lan tansah oleh kanugrahan saka Gusti Kang Maha Agung. Amin
Sawise Pak Kades rampung olehe pidhato warga masyarakat ngumpul ana kono terus padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Saperangan perangkat ngewangi Pak Polisi ngglandhang Pak Amar menyang Sektor.
Warga masyarakat desa kuwi padha mulih kanthi seneng ,apa maneh Pak Parto. Sajrone atine padha lega amarga dhalange durjana wis  kecekel.
Ganti sing dicaritakake ora kaya lakune Sidik lan Kabayan menyang Desa Sukatani.
Srengengene wis gumlewang mangulon udakara jam siji awan. Kabayan lan Sidik wis kasil mlebu ing Desa Sukatani. Sidik age-age mlebu pasar nggoleki para langganane bakul buah dene kabayan nggoleki omahe Pak Markasan. Pak Markasan kuwi sedulure tuwa Abah, lan Kabayan anak mantune Abah. Dadine Kabayan yen ngaturi marang Pak Markasan, Pak Gedhe.
          Wancine wis jam telu sore  Kabayan mlaku ijen durung ketemu panggonan sing dituju.Kabayan ngliwati dalan sing bawera tengah sawah bera. Dheweke weruh kluwung ana sisih wetan. Wernane kluwung iku Abang , jingga, kuning, ijo, biru,nila lan ungu. nambahi gregete Kabayan sajroning mlaku.
Bareng wis tekan dalan sing eyub Kabayan kepengin rengeng rengeng nyandra anane kluwung mau. Dene tembange nganggo pupuh Dhandhang gula anggitane kang angripta carita kaya ing ngisor iki.
Wayah sore sang surya majari                   
Bagaskara ing jagad pracima          
Sumunar aweh cahyane                   
Cahya abrit lan biru                         
Jingga kuning kang anelahi             
Ijem katempuh nila                 
Datan kantun ungu                                    
Kluwung malengkung hing purwa             
Yeku ana tirta jawah hanglimputi    
Hyang manon sung nugraha  
Lakune Kabayan saya suwe saya cedhak panggonan sing dituju yakuwi omahe Pak Markasan. Sawise tekan ngarep omah Panggung. Kabayan mandheg sawetara saperlu nyetitekake omah kuwi. Omah kuwi mujudake omah panggung saka kayu, aling-aling gedhek , latare jembar. Sajake omah kuwi omahe pak Markasan         . Kabayan mlebu latar terus uluk salam.
“Sampurasun....”
Kabayan krungu ana swara sandhal diseret mbukak kori.
“Rampeees..”panyapane sing duwe omah kanthi semanak.
“Menapa leres menika daleme Pak Markasan?”
“Inggih Nakmas, kula Markasan.”
“O. Pakdhe kula Kabayan mantune Abah.”Kabayan nepungake.
“Sing gedhe pangapuramu Kabayan, aku rada lali.”
“Inggih Pakdhe, lha nembe kepanggih sepisan.kula piyambak dereng apal Pakdhe.”
Sawetara kuwi jumedhul Abah, Simbok lan Gemi.
Sabanjue padha mlebu ngomah lan jagongan kebak rasa paseduluran.

 



3.Uwit Gedhe Awoh Gedhe
L

elakone Kabayan pancen ngguyokake , Sanadyan wong ora duwe nanging kebak kabagyan. Gaweane nenandur mulane diarani among tani. Sanadyan melu mara tuwa nanging ora nguciwani . Biyen kondhang mbelere, nanging saiki kondhang akale. Amarga akeh bektine mring Kang Kuwasa mulane akeh bejane.
          Ing wayah esuk sadurunge menyang sawah  Kabayan ngombe kopi panas, sinambi omong-omongan karo bojone sing pinter lan ayu jenenge Gemi eteung. Bareng wis sawetara anggone ngombe, Kopi ing cangkire entek.







Gambar 3.1

Kabayan ngombe kopi jagongan karo Gemi
ana meja makan
 
         
         
         








“Gemi, kopine wis entek.”Tembunge Kabayan karo ngadeg.
          “Yen wis entek, ya terus nganggo klambi  dhines.”
          “Klambi dhines? Pancene aku pegawe kantor.”
          “Lha, rak iya ngono, ta. Genah pegawe pertanian ngono, kok.”
          “Wah  kowe kuwi, ngece ya?”
          “Ya ora, ta. Karo bojone kok ngece.”
          Sawetara wektu Kabayan menyang kamare terus metu wis nganggo klambi ireng, kathok komprang ireng ngango caping lan gawa arit, mikul pacul.
          “Mi, kok hawane isih adhem, ya...”
          “Uwis ta, aja kakehan alesan. Kuwi tugas saka Gusti Allah marang Kakang, mulane ndang ditindakne. Aja gawe kuciwane Abah.”
          “Ya, katimbang diomeli.”
          “Lha iya, mula kuwi enggal mangkat.”
          “Mengko yen ngirim aja awan-awan ya!”
          “Inggih, juragan. Sendika dhawuh”
          “Uwis ya aku mangkat dhisik.”
          Kabayan mangkat saka ngomah menyang sawah sing ana njaban kampunge. Esuk iku pancen hawane rada adhem , amarga pancen mangsa ketiga.Ing dalan dheweke ketemu karo pawongan sing padha arep menyang pasar.Ana sing arep blanja lan ana uga sing gawa barang dagangan asil bumi.
          Sateruse Kabayan menggok dalan cilik sing tumuju menyang sawahe. Dheweke uga kepethuk karo para pangon sing arep mlebu menyang kandang sapi utawa wedhus. Ora let suwe pangon kuwi padha nggiring sapi utawa wedhuse menyang lapangan sawah dbera sing ana lereng gunung.
Sadurunge tekan sawah , Kabayan  liwat sawahe Pak Soma sing wektu kuwi lagi ditanduri semangka. Katon semangkane wis gedhe-gedhe tandha yen sadhela aneh arep panen.Pak Soma bakal panen gedhe mendah seneng atine. Sawise ngliwati sawahe Pak Soma , kabayan ngliwati uwit gedhe sing godhonge ngrembuyung, jenege ringin. Sangisore uwit ringin kuwi ora ana tandurane. Amarga kayoman godhong ringin. Ya ing kono kuwi Kabayan lan Abah asring padha ngeyub nalika leren nggarap sawah.
Saiki Kabayan uwis tekan ing sawahe. Satleraman Kabayan ndeleng parine ing sawah wis padha kuning . Ateges sadhela maneh bakal panen pari, lan sawahe ora mbutuhake banyu maneh. Tulakane banyu sawah wiwit ditutup. Suket sing ngganggu diresiki.
Kabayan terus nyambut gawe nganti srengengene dhuwur. Bareng srengengene wis dhuwur hawane saya panas awake krasa kesel. Dheweke terus leren, nguwisi anggone ngarit suket.
Kabayan leren ana ngisor uwit ringin. Capinge dicopot lan diselehake ana oyoding waringin. Klambi irenge diuculi kanggo ngurangi rasa sumuke. Saka kono Kabayan ngulati sawah sing arep diresiki kari sathithik .Mengko sawise leren bakal diresiki nganti rampung.
Nalikane kabayan nyelehake ana oyoding ringin sing gedhe, dheweke ngulati pating bececer uwoh ringin cilik-cilik. Sumiliring angin lan  rasa edhum awit ngrembuyunge godhong ringin kuwi nambahi kepenake Kabayan anggone leren.
Muga –muga Gemi ora telat anggone ngirim kanggo mangan awan. Datan rinasa wektune saya suwe Gemi teka nggawa kiriman mangan awan.
“Adhuh Kang, aku telat ngirim.”
“Ora apa-apa, lha ana apa ta nganti telat?”
 “Mak Iroh mara nggawa dagangane bathik. Ngobrole suwe nganti aku lali ngirim. Kamangka wis dak cepakake wiwit mau.”
“Ya uwis ayo mangan.!”
“Iya, ayo.”wangsulane Gemi karo ngetokake sangu sing digawa saka ngomah. Pangananne mung saanane, sega putih nganggo lawuh tempe, gereh lan sambel. Sanadyan mengkono ,anggone mangan krasa enak dhasare wetenge ya wis krasa luwe. Gemi ngancani bojone anggone mangan nganti rampung.
“Mi, aja mulih dhisik ya. Aku dak ngrampungake gaweanku sadhela wae terus mengko mulih bareng.”
“Ya, dak tunggu.”
Sawise mangan Kabayan terus mbacutake gaweane sing durung rampung.Ora let suwe Kabayan wis kasil ngrampungake gawean. Sakarone terus padha mulih bebarengan.
Nalikane ngliwati semangka ing sawahe Pak soma Kabayan thukul tandha pitakone.







Gambar 3.2

Kabayan mlaku nganggo caping nyangking arit mikul pacul
Karo Gemi liwat ana sawah sing akeh semangkane.
 
 












“Mi, delengen kae lan semangka iki!”
“Ya, ana pa Kang?”
“Uwit ringin mau gedhe banget, godhonge ngrembuyung akeh banget, satemah saben uwong bisa ngeyub ana ngisore.Mung emane...”
“Emane , kepiye.Kang?”
“Uwohe mung cilik-cilik.”
“Ya, pancen saka kanane ngono, kok.”
“Terus saiki delengen, uwit semangka kuwi!”
“O, Kakang lagi mbandhingake semangka karo ringin ta?”
“Iya, semangka kuwi sanajan uwite mung cilik nanging uwohe , wah ,gedhe banget.”
“Lha, terus karepe kepiye?”
“Dak pikir sing Maha Kuwasa kuwi ora adil.”
“Lho, kok bisa ngono, Kang. Ora kena ngono kuwi. kuwalat kowe mengko.”
“Ya, karepku ngene lho. Becike uwit ringin kuwi uwohe gedhe-gedhe kaya semangka.”
“Wah, ora bisa kuwi Kang, lha wong kuwi karepe Gusti Allah.”
Wektu kuwi Kabayan terus meneng amarga ora bisa nerangake marang Gemi. Sakarone mlaku bebarengan nganti tekan ngomah.
Sawise mangan bengi Kabayan ngrasakake sayah ,dheweke turon  jebul malah turu tenan. Sajrone turu, Kabayan ngimpi. Sajrone ngimpi dheweke rumangsa ana sawah karo Abah,Simbok lan Gemi. Wektunee lagi  panen. Panene nganti sepuluh karung gedhe. Mula dheweke seneng atine, mbok manawa lagi ora ana ama wereng.
Saben dina gabahe dipepe ana latar amba. Sawise garing gabah mau diselepake menyang penggilingan beras. Sabanjure Abah lan kabayan adol beras kuwi. Dilalah payune beras kuwi dhuwur mulane Abah lan Kabayan tuku klambi karo sarung anyar.Dene Simbok lan Gemi ditukokake jarik bathik anyar.
Sawise rampung anggone blanja Abah mulih karo Kabayan  numpak kreta andhong. Nalika tengan ngarep omah Kabayan Kaget amarga ing ngarepan omah kuwi ana wit ringin gedhe. Sing dadi gumune dudu anane uwit ringin mau nanging uwohe ringin sing gedhe-gedhe padha semangka.
Ora adoh saka ringin kuwi ana uwit semangka sing uwohe mung cilik-cilik kaya uwoh ringin. Sing nggumunake maneh Abah weruh kahanan kaya ngono kuwi ora gumun lan ora nggagas. Ketitik Abah terus wae nggawa blanjane mlebu ngomah.









Gambar 3.2

Uwit ringin jejer karo uwit semangka ana ngarepan omah
ringine awoh gedhe-gedhe sak semangka
uwite semangka awoh cilik-cilik padha uwoh ringin
kabayan ana ngisor ringin ngulati dhuwur
ana angin gedhe uwoh ringin nibani sirahe kabayan
Uwoh semangka mbalangi awake Kabayan.
 
 












Nalika Kabayan ngulati uwoh ringin kuwi dumadakan ana angin sing gedhe. Saking gedhene angin kuwi, nganti uwoh ringin sing akeh banget tur gedhe-gedhe kuwi padha tiba nibani sirahe Kabayan, semono uga uwoh semangka sing cilik-cilik mau. Uwohe semangka sing cilik-cilik mau padha kabur banter ngenani awake Kabayan.
“Adhuh... lara...” Kabayan njerit seru banget. Sirahe lara banget ketiban woh ringin sak semangka gedhene, lan awake dibandhemi uwoh semangka sing cilik-cilik padha karo uwoh ringin.Kabayan ambruk ana latar.
“Kang...,tangi Kang,” Pakone Gemi karo nggoyag –oyag awake Kabayan kanthi seru. Kabayan tangi jebulane  mung ngimpi.
“Adhuh...adhuh , wah , wedi aku...”  Omongane Kabayan karo tangi saka anggone turu.
“Ana apa ta Kang?” Pitakone Gemi gumun.
“Aku ngimpi serem medeni banget.”Omonganmu mau bener Mi, dadi kasunyatan”
“Omongan sing endi?”
“Mau lho, ngenani semangka karo ringin mau.”
“O, iya , Lha terus sambunge karo impenmu apa?”
”Anu, sajerone ngimpi nglatare dhewe kuwi ana uwit ringin jejer karo uwit semangka. Uwit ringin jejer karo uwit semangka ana ngarepan omah. Ringine awoh gedhe-gedhe sak semangka , uwite semangka awoh cilik-cilik padha uwoh ringin, aku ana ngisor ringin ngulati dhuwur dumadakan ana angin gedhe . Uwoh ringin kuwi padha tiba nibani sirahku.Uwoh semangka mbalangi awakku.Wah ngeri.”
“Kuwi impen impenen Kang Jenenge.
“iya, Mi. Impen ngono kuwi diarani Kacakrabawa”
“Kacakrabawa kepiye ta Kang? Kok aku durung ngerti.”
“Aku wingi bubar mbukak buku primbon. yen impen kaya ngono kuwi diarani kacakrabawa, sing tegese awane bubar mikirake, terus wengine ngimpi persis kaya sing dipikir sadurunge turu mau”
“Mulane, Kang. Ora sah mikir neka-neka. Awake dhewe ora kena ngarani Gusti Allah ora adil. Uwit ringin gedhe uwohe cilik lan uwit semangka mung cilik malah uwohe gedhe wis ben, disyukuri wae. Kabeh mau wis dadi keparenge Gusti Allah, sing pancen diciptakake kanthi sampurna.



 





         







4. Rasa Syukur
Y

Yen wis kaparingan kudu tansah eling Kang Peparing. Peparinge Gusti Allah kudu tinampa kanthi kebak rasa syukur kinanthenan pambudidaya murih tansah lestarine. Rasa syukur marang Gusti ora cukup mung mandheg aneng pamikir, nanging kudu kinanthenan tumindaking pakarti. Pakarti pinangka ngatonake rasa syukur iku bisa awujud nglantarake kanugrahan mring sasama. Sasama ora ateges mung pawongan sing nunggal pengandel utawa nunggal golongan, nanging sakabehing titah kang ana ing jagad raya.



Gambar 4.1

Abah lungguhan ana kursi, kamar ngarep
Gemi njedhul saka kori
 
         







“Kabayan, mrenea sadhela.” Dhawuhe Abah saka kamar ngarep.”Menyang ngendi ta, Kabayan ? Mi, bojomu, menyang ngendi?”
          “Adhuh Abah, enten napa?Kok bengok-bengok?” Pitakone Gemi sing metu saka dhapur.
“Menyang ngendi bojomu , Mi ?Aku pengin omong.”
“Nembe ten wingking, Bah.”
“Lagi ngapa?”
“Mbedhol pohong wonten pekarangan wingking.”
“O..Yen wis rampung kon mrene, aku pengin omong.”
“Inggih,Bah, Kula ten wingking riyin ngrampungke damelan.”
“Ya, lha Simbokmu menyang ngendi?|
“Lho, kados pundi ta, Bah, Simbok rak dhateng peken ta.”
”O. Iya, ya aku lali.”
“Inggih mboten maiben Bah, Lha wong sampun sepuh”Wangsulane Gemi karo menyang dhapur ngrampungake pakaryan padinane, masak kanggo sakulawarga.
Abah sajake wis ora sabar mulane dheweke age-age menyang pekarangan mburi nggoleki Kabayan. Abah weruh Kabayan lagi mbedholi pohong sing wis bisa dipanen. Lemahe gembur mulane Kabayan nggunakake garpu supaya gampang olehe bedhol pohong.
“Kepiye pohunge Kabayan?” pitakone Abah karo nglumpukake pohung sing wis dibedhol.
“Sae, Bah.”
Wektu kuwi kabayan wis meh rampung anggone mbedholi pohung , mung kari sauwit. Age-age Kabayan ndhongkel lemahe nganggo garpu terus uwite pohung dibedhol. Panene pohung wektu kuwi pancen apik tenan, pohunge gedhe-gedhe.
Sinambi ngresiki pohung Abah terus ngomong karo Kabayan.
“Kabayan sisihna pohung kuwi sapra sepuluhe!”
“Kangge menapa ,Bah?”
“Diwenehake menyang tangga teparo.”
“Inggih, Bah.”
“Lha aku wingi kongkon menyang Nggone Adhiku sing jenege  Farid apa wis mangkat?”
“Dereng Bah. Mangke siang kula bidhal.”
Wektune wis awan Kabayan age-age mangkat menyang ngomahe  adhine Abah sing Jenenge Farid. Farid kuwi uripe luwih rekasa katimbang kulawargane Abah. Anake akeh durung ana sing mentas siji-siji wae. Gemi nyepakake gawane arupa beras lan asil bumi liyane.
Kabayan mlaku terus tumuju menyang Desa Sukasari omahe Pak Farid. Dheweke mlaku ngliwati lembah sing subur . Ana kali sing iline ngliwati dhaerah kono kuwi. Sesawangann sakiwa tengene dalan katon asri. Nambahi betahe sing padha nyawang.Tanduran katon ijo royo-royo ngatonake manawa bakal ngasilake panen sing luwih becik.
Sawetara anggone mlaku Kabayan tekan dalan sing rada munggah. Ing kono akeh omah jejer-jejer katon temata. Pagere digawe saka pring nanging katon rapi. Witwitan dhuwur-dhuwur nambahi edhume swasana .
Bareng tekan omah cilik sarwa prasaja Kabayan mandheg sadhela. Jroning ati tuwuh tandha pitakon “apa bener iki omahe Lik Farid.” Durung suwe Kabayan ndelengi omah cilik kuwi dumadakan ana bocah cilik liwat. Bocah cilik kuwi umure udakara wolung tahun.
“Lhe , mandheg dhisik!”
“Ana apa lik?”
“Jenengmu sapa?”
“Jenengku Ujang”
“Omahmu ngendi?”
“Kono kuwi, Lik.”
“Aku takon, apa kowe ngerti omahe wong sing jenenge Farid?”
“Ya , mesthi ngerti Lik.Farid kuwi tanggaku,Kok.”
“Aku terna menyang omahe, ya!
“Ya, ayo.”
Bareng tekan omah sing gedhe jembar latare Kabayan mandheg ,amarga dheweke gumun, lhakok omahe gedhe kaya ngene. Sajake sing duwe iki wong sugih, ateges ora cocok karo ngendikane Abah.
“Jang, Ujang. Apa bener iki omahe Farid.”
“Ya, dak jelukake ya.Lik ”
“Fa...rid. Kowe digoleki!”Ujang nyeluk karo mlebu latar.
Ora let suwe ana bocah cilik umure udakara limang tahun, metu saka ngomah. Bocah kuwi mlayu marani Kabayan terus ngrangkul. Kabayan saya bingung, “ana apa bocah cilik iki, ngerti –ngerti kok ngrangkul aku”. Durung nganti Kabayan nakoni dumadakan ana wong tuwa lanang metu saka ngomah, Bareng weruh bocah cilik ngrangkul Kabayan, Wong tuwa sing jenenge Pak Tarmo kuwi age-age marani Kabayan. Pak Tarmo katon seneng atine. Kabayan saya bingung.
“Ayo mlebu ngomah dhisik Nak.”
“Inggih Pak.” Wangsulane Kabayan karo mlaku nyekel tangane bocah cilik mlebu ngomahe Pak Tarmo. Gawane Kabayan diselehake ana njaba.Dene Ujang sing ngeterake mau terus mlayu lunga.
Kabayan mlebu kamar tamu ngomahe Pak Tarmo, terus lungguh karo mangku bocah lanang cilik mau.
“Rani, Iki lho, Bojomu teka.”Pak Tarmo nyeluk Rani ibune bocah kuwi sing lagi ana dhapur.
Durung nganti Rani teka dumadakan Bu Tarmo wis teka ana kono.
“Wilujeng , Nak. Pandangune Bu Tarma kebak semanak”
“Inggih ,Bu, Pangestunipun.”
“Wis suwe, kowe  diarep-arep anakmu.”
Krungu tembung sing kaya ngono kuwi Kabayan terus meneng. “O, ateges aku dikira Bapake bocah iki, nanging geneya bocah iki durung tepung Bapake?”Kabayan  ngudarasa.
Ora let suwe Rani mlebu kamar tamu.
Bareng weruh anake dipangku Kabayan , dheweke gumun, geneya anake njaluk pangku pawongan kuwi.
“Pundi Pakdhe semah kula?”
“Lha iki ta, anakmu wis njaluk pangku.”
Bareng krungu ngendikane Pak Tarmo Rani ora wangsulan malah nangis. Kahanan kaya ngono kuwi ndadekake Pak Tarmo lan Bu Tarmo bingung setahun jumbleng sarendheng.





Gambar 4.2

Kabayan lungguh mangku bocah cilik lanang
Pak Tarmo, Bu Tarmo njagongi
Rani nangis
Ana kamar tamu omahe Pak tarmo sing gedhe
 
 











“Lho kepiye, ta? Bojone sing diarep-arep wis teka , kok malah nangis?.”
Ngerti kahanan kaya ngono kuwi Kabayan terus matur marang Pak Taramo lan Bu Tarmo.
“Nuwun sewu, Pak,Bu. Kula sanes bojone Adi Rani menika.”
“Lho, piye ta? dadi bingung aku.”Ngendikane Pak Tarmo kaget.
“Nami kula Kabayan, saking Desa Suka Makmur.”
“O...dudu bojone ponakaku iki?”
“Sanes Pak.”
“Lha terus,kena apa Farid njaluk pangku karo kowe, Nak.”
“Anu... Pakdhe, mbok bilih Kang Kabayan dipun kinten Bapake.” Ature Rani karo ngusapi eluhe, nganggo tangan.
“O...ngono.”ngendikane Bu Tarmo.
“Lha,menapa Pak Tarmo dereng mangertos, garwane Adi Rani?”
“Durung, Nak.”
“Kengeng menapa?”
“Ponakanku iki omahe adoh saka kene sedina lagi tekan , Nalika ponakanku dadi manten limang tahun kepungkur, aku ora bisa melu nunggoni, sabanjure dheweke ya ora nate sowan mrene.Mulane aku durung tepung dheweke”
“Lajeng.”
“Lagi seminggu iki dheweke ana kene karo anake”
“O, ngaten.Ljeng kengeng menapa Farid ketingalipun dereng tepung kalih Bapake?”pitakone Kabayan.
“Lha yen kuwi aku ora ngerti.”
“Anu, Kang. Bapake wis patang tahun kepungkur lunga saka ngomah pamite menyang Kalimantan.”Wangsulane Rani, karo njunjung anake saka pangkone Kabayan.
“Nyambut gawe apa, menyang Kalimantan?”
“Pamite golek emas.”
“Lha terus apa ora nate mulih?”
“Ora, Kang,  bara-bara mulih , kirim wae ora nate.”
“O..ngono, ta.”
Sabanjure Pak Tarmo genti nakoni Kabayan.
“Lha terus Nak Kabayan iki arep menyang ngendi?”
“Kula dipun utus Abah sowan dhateng griyane Pak Lik .”
 “Lha kok bisa teka kene?”
“Ngaten Pak, wonten margi ing ngajeng griya alit wau kula pinangih lare alit naminipun Ujang.”
“O, bocah sing ngeterake menyang kene mau?”
“Inggih,”
“Terus.”
“Amargi dereng ngertos griyanipun , Kula taken”
“Paklike, jenenge sapa?”
“Naminipun Farid”
“O...ngono. Ateges ujang mau ngira yen Nak Kabayan nggoleki kancane sing jenege Farid, ya putuku iki ”
“Mbok bilih mekaten.”
“Wa, gawe gara-gara wae si Ujang. Jane Nak Kabayan mau wis bener dadi kleru.”
“Kados pundi , ta Pak.”
“Ya, omah cilik kuwi mau . omahe Pak Farid.”
“O, inggih. Manawi makaten kula nyuwun pamit daya-daya sowan nggene Pak Farid.”
“Ya, mangga.”
Mung sawetara wektu wae kabayan wis tekan ngomahe Pak Farid sedulure Abah. Kabayan mlebu ngomah tetepungan lan ngaturake kawigatene. Kabayan disuguh saanane jagongan kebak semanak.Pak Farid lan kulawargane dadi seneng lan nambahi rumakete pasedulurane antarane Abah lan Pak Farid sakulawarga.
Sawetara anggone kabayan ana kono sanja dolan lan ngaturake saperangan asil bumi ,nganti lali wektune jebul wis wayah sore. Age-age Kabayan pamitan mulih.
Nalikane Kabayan mlaku mulih, ing dalan sachedhake omahe. Dumadakan ana enom-enoman sing mlayu meh wae nabrak Kabayan.Nom-noman mau omahe ing desa sacedhake desane Kabayan.
“He, ngati-ati yen mlayu. Mripate nyang ngendi?”
“O, Kang Kabayan, ngapunten , lho Kang.”Wangsulane nom-noman sing njunjung bunghkusan gedhe-gedhe kuwi.”
“O, kowe Cep.”
“Benere Kang, Aku.”
“Nggawa apa kuwi?”
“Iki, radio Tape.”
“Lagi sing tuku?”
“Ora, malah arep tak dol.”
“Laha piye ta?”
“Butuh dhuwit.”
“Murang , Kang. Satus ewu.”
“Nonton, barange.”
“Iki lho, barange.”Kandhane Cecep karo mbukak dhus wadhah radio.”Aku butuh uang cepat, Kang.”
“Nonton barange apik, emboh njerone.”
“Kena wae Kang, nanging ana ngomah.”



Gambar 4.3

Kabayan ngulati Cecep sing lagi mbukak dhus isi radio tape,
 Aceng lan Juanedi teka
Ana dalan mlebu kampung sacedhake
 
         











Lagi wae Cecep nglebokake maneh radio tape kuwi menyang dhuse , dumadakan ana wong loro  mlayu banter nyedhaki.
          “Mandheg! Mandheg dhisik!”bengoke salah sijine pawongan kuwi, dene sijine malah nyekel Cecep.
          “O, kowe. Junaedi karo Aceng ?” Pitakone Kabayan gumun.
          “Kang, ngertia, Cecep iki arep adol radio tape sing dudu duweke.”Katerangane Junaedi.
          “Lha, terus duweke sapa?”
          “Duweke Emake.”
          “Lho, duweke Emake kuwi ya duweke dhewe.”
          “Ya, yen njupuke ora ngomong apa ora jenenge maling? Apa maneh yen adole mung arep dianggo main.”Katerangane Aceng kakange Cecep.
          “Lha terus piye iki?”
          “Ya , saiki barange kudu digawa mulih lan Cecep ya kudu njaluk ngapura karo Emake..”Wangsulane Junaidi.
          “Ya, sakarepmu.”
          “Matur nuwun Kakang wis ngewangi aku.”
          “Nulungi apa ?, aku ora ngewangi apa-apa.”
          “Terus terang, Kang tanpa bantuane Kakang Kabayan, aku ora bisa nguyak Cecep.”
          Cecep mung meneng wae nalika direbut barange. Kabayan mung gedheg-gedheg weruh pokal gawene Cecep sing ora prayoga kuwi. Masa nyolong duweke wong tuwane dhewe. Goblok tenan bocah kuwi.
          Kabayan mung ndomblong weruh wong telu padha terus mulih karo nggawa radio tape kuwi.
          Ora let suwe Kabayan wis tekan ngomahe. Bareng wis ngaso sawetara wektu, Abah, Simbok lan Gemi padha dicritani ngenani kabare Pak Farid lan lelakone sing ngguyokake.
5.Omah Dicet Ireng
A

na sawetara panemu ngenani warna,  tumrape saperangan pawongan mujudake pralambang utawa pratandha gegambarane kahanan kang lagi hanglimputi . Beda-bedane mujudake   seje rasa pangrasa apadene pambegane manungsa. Kumpuling warna kang beda lamun tinata bisa akarya sengseming wardaya. Sakabehing tumitah anane beda –beda nanging lamun nyawiji bisa pinangka cihna lamun Kang Hanyipta Sipat Sampurna.









Gambar 5.1

Kabayan, Abah, Simbok,lan Gemi lungguh padha jagongan
Ana kamar tengah
 
 











          Wayahe wis sore sadhela maneh bakal wengi. Abah ,Simbok , Gemi lan Kabayan padha nglumpuk ana kamar ngarep. Reged-reged wis diresiki lan samubarang sing bakal digunakake wis Cumepak
          “Sadhela maneh awake dhewe bakal nganakake Syukuran nanging aku rumangsa durung samekta, isih ana sawijining prekara sing kudu dirampunake.”Ngendikane Abah.
          “Prekawis menapa, Bah” Pitakone  Kabayan.
          “Prekara gedhek omahe dhewe iki”
          “Lha , sampun sae ta Bah,.”Panyaute Gemi.
          “Iya naging delengen kuwi ,gedheke wis kusem, katon reged.”
          “Lha piye ta, Bah karepmu kuwi?”pitakone Simbok.
          “Piye upamane gedheke dicet maneh?”
          “Inggih prayogi, Bah”Kandhane Kabayan.
          “Ya, yen ngono sesuk tukua cet sacukupe!”
          “Inggih,Bah.”
          “Sawise tuku terus dicet. Wiwit njero nganti jaba. Aja nganti ana sing keliwatan.”
          “Ingih,Bah.”
          “Sesuk Abah, lan Simbok arep menyang omahe sedulur sing cerak kecamatan.Sadurunge aku mulih tak jaluk wis rampung.”
          Kabayan wektu kuwi ora mangsuli, mung manthuk. Embuh wis ngantuk apa wis kesel. Sawise wengi terus padha turu menyang paturone dhewe-dhewe.
          Esuke terus padha lunga. Abah lan Simbok menyang omahe sedulur, dene Kabayan menyang toko lan Gemi menyang pasar.
          Bareng tekan sawijining toko Besi, Kabayan ketemu karo sing duwe toko. Tokone gedhe akeh barang-barange.
          “Mangga Kang , arep ngrersake apa?”
          “Arep tuku cet.”
          “Wernane apa?  kuning, abang, putih, ijo , ireng apa ungu,?”
          “O..akeh ta, warnane ? Wa..Lha kuwi, sing aku dadi bingung.”
          “Warna-warna kuwi nggambarake rasane ati, Kang.”
          “Yen werna abang mertandhani yen lagi seneng lan semangat.”
          “Yen warna kuning?”
          “Tegese keagungan.
          “Wah, apa iya, lha yen biru?”
          “Atine lagi kepengen ngrasakake seneng.”
          “Putih?”
          “Nggambarake resik atine. Lan polose sing duwe omah.”
          “Ijo mratandhni apa?”
          “Edhum ayem tentrem.”
          “Yen violet mesthi ora ngerti.”
          “Ya ngerti ta Kang. Violet lambang jiwa sing lagi martobat.”
          “Wah pinter tenan kowe?’
          “Ya mesthi ta kang, wong aku kerep maca koran.
          “Dadi nggon koran ya ana ta lambang warna kuwi?”
          “Lha iya, apa kowe ora nate maca?”
          “Bara-bara maca, weruh wae ora nate. Ora ana wektu.”
          “Lha , saiki Kang Kabayan milih werna apa?”
          “Kosik aku dadi bingung.O iya, yen ireng , mralambangi apa?”
          “Lha kuwi regane paling murah Kang, ireng tegese ati lagi sumpeg lan sedhih.”
          “Ya, yen ngono aku milih werna ireng wae.”
          “E... mengko dhisik, Bener werna ireng tenan.”
          “Ya mesthi. Tulung aku njaluk segalon, iki dhuwite.”
          Sing duwe toko mung mlongo krungu panjaluke Kabayan. Nanging bareng weruh dhuwit sing diwenehake anjalari dheweke ora sida ngomong apa-apa.
          Karo singsot Kabayan mulih nggawa segalon cet warna  ireng lan kuas. Sawise tekan ngomah dheweke ora ketemu Gemi bojone. “Ana ngendi Gemi? Apa ana gandhok? Nanging ing dhapur ora ana. Apa ana sumur umbah-umbah? Uga ora ana. Ah mbok manawa lagi menyang warung blanja.”
          Sawise nggoleki bojone ora ketemu dheweke terus mbukak galon isi cet ireng.
          “Ya, ora apa-apa. Aku dak wiwit nyambut gawe”.Age-age Kabayan wiwit ngecet gedhek omahe. Kabeh gedhek dicet nganggo werna ireng. Nalika meh tengah awan, gedhek njaba uga wis dicet nganggo warna ireng.
          Wancine tengah awan anggone ngecet  wis meh rampung kabeh , mung kari perangan njero bakal dirampungake dina sesuk . Kabayan mesam-mesem ngguya ngguyu dhewe. Nganti tekan wektu kuwi Gemi ya durung mulih. Untung wae dheweke wis nyepakake pangan ana gandhok.
          Nalikane Kabayan wijik tangan sawise mangan awan dumadakan dheweke weruh warnane klambi sing cementhel lan kelingan warna cet omahe. Dheweke grenang-greneng dhewe”Wah , luwih pantes maneh yen aku nganggo sandhangan sarwa ireng. Sawise nganggop sandhangan sarwa ireng Kabayan mbacutake maneh pakaryane. Durung sawetara suwe dumadakan Gemi teka , nanging ora terus mlebu ngomah. Gemi ngadeg ana tengah lawang karo mentheleng mripate. Kabayan age-age metu nemoni bojone sing lagi teka ora gelem mlebu omah.







Gambar 5.2

Kabayan ngecet gedhek nganggo cet ireng ana kamar tengah
Gemi ana tengah lawang nesu-nesu
 
         










“Wadhuh-wadhuh...Kang...Kepiye karepmu kuwi?” Pitakone Gemi karo nesu.
          “E. Ora ana gludhug ora ana udan kok ana bledheg nyamber-nyamber?”Wangsulane Kabayan karo nyedhaki Gemi.
          “Kang Kabayan ki kepiye, omah kok dicet ireng?”
          “Lha piye ta, apa ora oleh, omah dicet ireng?”
          “Apa kakang wis nate weruh omah sing dicet ireng?”
          “Uwis wae.”
          “Ngendi?omahe sapa?”
          “Lha iki, kene iki, omahe Abah.”
          “Liyane ?
          “Ya , ora ana,”
          “Omah sing dicet ireng kuwi ora ana Kang, Kajaba omahe wong sinthing.”
          Krungu tembung kaya ngono kuwi Kabayan mung meneng.
          “Edan kuwi jenenge , yen omahe dhewe dicet ireng.”
          Kabayan mung meneng wae ngrungokake Bojone nesu.
“Rungokna Kang, omahe maling, rampok, begal kecu wae ora dicet ireng, malah omahe koruptor wae ora ana sing dicet ireng. Lha iki omahe dhewe kok dicet ireng, mengko Abah lan Simbok yen teka piye?”

Sawise Gemi ngetokake kabeh rasa nesune marang Kabayan, awake terus lemes dheprok ana tengah lawang, Kabayan age-age njupuk banyu putih menyang dhapur.
“Wis iki diombe dhisik.”
Gemi nyekel gelas kuwi terus diombe banyune. Wadanane abang branang. Sawise kuwi dheweke mung meneng atine susah, mbok manawa wis kentekan tembung sing arep kanggo nyengeni bojone. Anehe Kabayan ora rumangsa salah nindakake pakaryan kaya ngono kuwi.
Dina esuke Abah lan Simbok wis tekan ngomah. Mesthine wae dheweke uga bakal kaget manawa weruh omahe dicet ireng kuwi.Mbok manawa Kabayan pancen wis edan ora waras.
“Wadhuh... Kabayan... geneya omahe dicet ireng? Ana ngendi kowe weruh omah dicet ireng?” pitakone Abah karo srengen.
Kabayan ora mangsuli apa –apa raine lugu malah katon ora maelu ngendikane Abah.
“Ayo, wangsulana! ”
“Kula kedah wangsulan pripun,Bah?”
“Wadhuh wong iki,”swarane Abah saya sora.”Coba rungokna, saka pengalamanmu sing wis suwe kuwi dak kandhani ya. Manawa warna ireng kuwi nggambarake petenging urip.
“Warni cemeng, lharak inggih sae Ta Bah?”
“Apik dhengkulmu kuwi.”
“Mangke rumiyin,Bah. Sepur menika warnanipun cemeng, malah kathah ingkang ngentosi.”
“Sepur kuwi, beda karo omah. Lha kok ngeyel ta.”
“Bener, Kang. Malah Raden Ajeng Kartini kae nulis buku diwenehi judhul habis gelap terbitlah terang, kae nyatane ya apik, ya Kang. Gemi nglulu Kabayan.
“Ya, pancen bener, omahe awake dhewe iki warnane wis ora putih maneh amarga wis kusem .”Abah genti ngandika.
Kabayan sabanjure meneng wae malah yen ditonton kaya wong lagi semedi. Andadekake tambah nesune Abah.
“Lan manehe yen nganti kahanan iki dingerteni dening aparat keamanan apa ora dadekake perkara.” Kandhane abah kanthi semangat.
“Lha kenging menapa, Bah?”
“Mangertia Mi. Warna ireng kuwi ora disenengi dening aparat keamanan. Amarga warna ireng kuwi dadekake cubriya.”
“Kenging menapa nyubriyani,Bah?” pitakone Gemi maneh.
“Yah genah,Mi.Manawa gedhek dicet ireng, sorote lampu saka njero ora tembus tekan jaba.”
“Lajeng?.”
“Lha, yen rapat ana jero omah ora ana sing weruh. Amarga omahe peteng dikira ora ana sing ngenggoni.Yen ana sing ngenggoni dikira lagi nganakake rapat peteng.”
“Inggih leres, nggih. Warni cemeng saged dadosaken perkawis ageng. Dipun kinten wonten menapa – menapa,” ature Gemi sing wiwit mudheng.
“Ya mbok menawa rembugan peteng. Mbok menawa para maling lagi nganakake rembugan ing jero omah peteng, kanggo nglancarake pakaryane. Utawa para koruptor sing bareng - bareng rembugan ngenani rancangane.”
“Utawa ngene, Bah,” saiki simbok sing ngendikan. “Uwong sing ngenggoni omah peteng mesthi duwe pikiran peteng. Amarga pikirane peteng duwe niat sing peteng.”
“Ah kok dadi sarwa peteng,ya. Ana rapat peteng, rembugan peteng, pikiran peteng, lan wusanane niat peteng.”panyelane Gemi.
“Ya ngono kuwi, manawa omah dicet warna ireng. Malahan yen ana wong sing ora seneng, awake dhewe mesti dilaporake polisi lan terus digrebeg.”
“Wah, gawat Kabayan,” kandhane Simbok.“ omahe dhewe disatroni polisi.”
“He, Kabayan. ngapa kowe mung meneng wae?” Abah nggetak.
Kabayan isih meneng wae, ora ngomong apa apa.
“Ayo wangsulan!”pakone Abah.
“Bener, Kang. Kandhakno alesanmu !” Pamrayogane Gemi.
“Dadi aku kudu mangsuli?” pitakone Kabayan kaya wong bingung.
“Ya, mesthi wae. Ngomonga apa alesanmu?” pakone Abah.
“Inggih ,” kandhane Kabayan karo ngunjal abegan. “Kula caosi priksa Abah, Simbok lan Gemi. Wekdal menika pancen kula kepengin ngecet griya menika ngangge werni cemeng . amargi warni cemeng menika dipun ajrihi tiyang sanes lan mboten nate kangge . Kamangka inggih salah satunggale warni, tuwin reginipun paling mirah.”
“Ya, nanging omah dicet ireng kuwi ora lumrah” ngendikane simbok.
“Lha rak,ngecet menika hak saben tiyang?”
“Pancen bener. Nanging kena apa sawise kowe ngecet gedhek kanthi warna ireng, terus kowe nganggo sandangan sarwo ireng ?” pitakone Abah.
“Dadose sedaya mboten sarujuk menawi griya menika dipun cet cemeng? Lan mboten sarujuk menawi kula ngangge sandangan sarwa cemeng?”
“Mesthi wae, ireng uga mralambangi dhuka cipta lan samubarang sing sedhih.” Ngendikane Abah
“Inggih, benjang kula badhe tumbas cet warni pethak.” Kasaguhane Kabayan. “Nanging, kangge ngecet betahaken wekdal radi sawetawis. Kula betah wekdal kalih dinten.”
“Ya, arep rong dina utawa telung dina sing penting warnane diganti putih.” Ngendikane Simbok.
Sawise kuwi ditunggu-tunggu nganti telung dina, kabayan durung ngecet gedheke nganggo warna putih. Mung ana sawetara owah owahan polatane kabayan. katon luwih sumunar lan padhang. Kanthi sandangan sarwa ireng, dheweke katon luwih percaya dhiri lan malah wiwit gelem nyambut gawe kanthi polatan tansah mesem.
Mbok menawa kabeh sesanggan uripe wis ilang. Lan perkara kuwi disulihi dening sandhangan ireng lan omah sing dicet ireng.
Pancen bener perkara omah dicet ireng kuwi kanthi cepet sumebar ing kampung – kampung lan desa – desa. Perkara iki uga oleh kawigaten saka Pak Sekdes alias Sekretaris Desa. Dheweke age-age mertinjo menyang omahe Kabayan sing werna ireng kuwi.









Gambar 5.3

Kabayan, Abah, Simbok,lan Gemi lungguh padha jagongan
Ana kamar tengah. Pak Sekdes teka
 
 












“Kabayan, apa alesanmu omahmu dicet ireng?” pitakone Pak Sekdes.
“Kula mboten saged mangsuli, Pak. Cobi dipun penggalih kanthi wening kawontenan sapunika,” kandhane Kabayan kalem .
“Apa kowe lagi bingung? Mbok manawa amarga kahanan perekonomian sing saya semrawut.” Pak Sekdes aweh pamikire.
Kabayan isih meneng.
“Bisa uga amarga saiki wis angel mbedakake antarane sing apik lan sing ala. Kabeh mau wis ora ana bedane. Malah antarane sing salah lan sing bener wis meh padha.”
“Ah, panginten panjenengan ketebihen,” ngendikane Abah.
“Mbok menawa Kabayan lagi protes marang kahanan, sing kudune salah malah dibela, among tani utawa wong cilik diapusi .”
“Nyumanggakaken, Pak Sekdes,” ngendikane Abah.
“Utawa mbok manawa amarga saiki iki jamane wis edan, Pak,” Gemi melu matur.
“Apa amarga kuwi Kabayan?” Pitakone Pak Sekdes.
“Amarga apa, Kabayan?” Abah takon maneh.
“Ya, wangsulana Kang!” Pakone Gemi
“Ha. . . .ha. . ha. . ..” wusanane Kabayan gumuyu nyekakak.
Wong papat sing ana kono kuwi padha kaget. Apa Kabayan wis edan tenan?.
“Ireng . . . ireng. .. .ireng. . ngapa diudur ? aja ngomong sing ora ora. Aku ngecet amarga aku pengin ngecet nganggo werna ireng. Sing nyulihi kahanan atiku sing lagi peteng.”
“Lha terus apa kowe arep terus gondheli warna ireng kuwi?” Pitakone Abah.
“Mboten, Bah. saben wekdal wonten ewah –ewahan. Cemeng mawon badhe ewah dados luntur. Namung...”
“Mung kepiye?” Pitakone Pak Sekdes.
“Apa kowe wis ora duwe tenaga kanggo ngecet?” Pitakone Abah.
“O, mboten.”
“Lha terus piye Kabayan?”
“Namung . . . dereng gadhah arta kangge tumbas cet malih.”
“O. . . yen kuwi ora masalah, Abah isih duwe simpenan dhuwit, sesuk tukuwa cet sing putih.”
Kabayan manthuk wong papat kuwi dadi tentrem. Wusanane Pak Sekdes terus kondur kanthi ati lega.
Sawise tuku cet putih Kabayan wiwit ngecet gedhek omahe kanthi gambira, polatane katon sumeh lan dheweke nyambut gawe sinambi nembang.
Gemi katon gumuyu ngulati Kabayan nyambut gawe karo tetembangan. Kanthi mengkono nyambut gawene dadi krasa enteng lan cepet.




 



6.Golek Welut Putih
N

alikane  Diman tukang seleb, tekan latar omahe Abah, dheweke terus thothok-thothok lawang tengah karo uluk salam. Sabanjure Abah metu saka ngomah lan ngajak Diman supaya enggal mlebu ngomah. Diman diajak menyang  kamar tamu. Bareng tekan kamar tamu Kabayan njedhul saka kamare nemoni Diman sing lagi lungguh.









Gambar 6.1

Abah , Kabayan lan Diman
Padha jagongan ana kamar tamune Abah.
 
 












         
          “Wis suwe ora mrene, Menyang ngendi wae, Diman?”pitakone Abah sawise Diman lungguh.
          “Ngapunten,Bah. Kula amargi karepotan kula nyambut damel wonten panggenanipun Juragan Somad.”
          “Nyambut gawe apa ?Kowe ,ana nggone Juragan Somad?Pitakone Kabayan karo lungguh sacedhake Abah.
          “Juragan Somad mbukak Seleb penggilingan Gabah..”
          “Wah...apik kuwi, Dadine yen arep nyelebke Gabah ora perlu adoh-adoh menyang kampung liya.Ngendikane Abah.
          “Inggih, Bah.Ewa semanten kula mriki menika wonten kawigatosanipun, Bah.”
          “Kawigaten apa?”
          “Ngaten,Bah. Samenika Juragan Somad nembe gerah.”
          “Lara apa?”Pitakone Abah lan Kabayan meh bareng.
          “Gerahipun menika aneh. Piyambakipun mboten kersa dhahar kados adat saben. Manawi dhahar sakedhik mawon sampun mboten dipun telasaken.”
          “Mbok manawa panganane kurang enak.”Pitakone Kabayan.
          “O, dudu Kang. Panganane enak-enak ,kesenengane Juragan Somad kaya adat saben.”
          “Lha terus apa karepmu?” Pitakone Abah.
          “Juragan putri ndhawuhi kula sowan Abah, nyuwun pirsa menapa obatipun tiyang mboten purun nedha.”
          Abah lan Kabayan terus padha meneng.
          “Abah, nyuwun tulung, menapa ingkang kedah kula tindakaken?”Pitakone Diman karo memelas.
          “Ya, ngene Diman, tenangna pikirmu. Aku dak mbudidaya golek obat kanggo Juraganmu.”Ngendikane Abah.
          “Menawi ngaten kula nyuwun pamit rumiyin. Mugi-mugi panjenengan saged enggal pikantuk obat.”
          Sabanjure Abah lan Kabayan nguntapake tamune nganti tekan lawang ngarep.
          Dina esuk candhake Abah prentah marang Kabayan supaya menyang ngomahe Juragan Somad.
          “Kabayan , prayogane kowe wae sing menyang ngomahe Juragan Somad.”Ngendikane Abah karo ngombe kopi angete.
          “Lho, kados pundi ta ,Bah. Kula ingkang dipun dhawuhi?” Wangsulane Kabayan sing lagi ngombe kopi anget.
          “Aku percaya karo kowe. Kowe mesthi duwe cara, supaya Juragan Somad gelem mangan kanthi dhokoh.”
          Kabayan krungu ngendikane Abah mau dadi bingung.
          “Wis ya aku arep menyang sawah. Dina iki kowe ora sah mangkat menyang sawah wae.”
          Kabayan mung meneng , ora wangsulan apa-apa, jroning pikir dheweke nemokake gagasan kanggo nambani larane juragan Somad.Muga-muga panemune bener. Age-age Kabayan nyeluk Gemi bojone.
          “Mi, bojoku sing ayu dhewe...mrenea.”
          “Ana apa Kang?arep kongkon mesthi, iya, ta?”
          “Lho, kok ngerti yen arep kongkon?”
          “Ya mesthi wae,wong ngundange karo ngalem.”
          “Ya, pinter tenan, kowe,Mi.”
          “Ya, kongkon apa?”
          “Aku jupukna sega lonthong loro sak lawuhe karo uyah sithik mbok manawa kurang asin lan rek  dimik, ”
          “Kanggo apa , Kang .Kanggo ngirim Abah,ta?”
          “Ora, aku arep golek welut karo kancane Diman.”
          “Sapa kuwi?”
          “Dak kandhani palinga ya ora tepung, wis dicepake wae.”
          Sabanjure Gemi ora takon apa-apa marang Kabayan, Dheweke menyang gandhok njupukae kabeh sing dijaluk Kabayan.
          Sawise kabeh sarat sarana kanggo ngobati Juragan Somad wis cumepak Kabayan Age-age budhal menyang ngomahe Juragan Somad sing biyen nate padudon karo dheweke.Sajake Juragan Somad saiki wis ora ngendel-endelake kasugihane.
          Bareng tekan ngarep omahe juragan Somad dheweke uluk salam lan tinananggapan Juragan Somad kanthi kebak rasa semanak.
          “E...Kabayan sajake. Ora ana prenjak muni kok ngerti –ngerti ana tamu, Ayo mlebu ngomah!”
          “Inggih, Juragan.”
          “Ana apa sliramu teka ngomahku iki?”
          “Ngaten Juragan, Kula mireng saking Diman, bilih Juragan nembe sakit mboten kersa nedha.”
          “Iya, bener, Embuh sababe apa?
          “Kados pundi raosipun manawi mirsanitetedhan ingkang dipun cawisaken Juragan Putri?”
          “Ya, anane mung emoh wae, ora karep mangan, kamangka sing dicawisake luwih enak katimbang adat saben.Lha, sajake obate apa?”
          “Pancen wonten obatipun. Sesakit kados ngaten kedah enggal dipun jampeni.”
          “Obate apa, mbok manawa kowe ngerti?”
          “Obatipun namung setunggal. Inggih menika welut putih.”
          “Welut putih dikapakne?”
          “Welut pethak dipun besem wonten nginggil lengipun lajeng dipun tedha wonten mriku.”
          “Lha ngendi panggonane?”
          “Kula ngertos panggenanipun Juragan.”
          “Lha kok ngango dibakar lan dipangan ana ndhuwur lenge?
          “Inggih, milanipun juragan kedah tindak mrika kalih kula.”
          “O...ngono ta?lha sing nyekel mengko sapa?”
          “Manawi ingkang nyepeng,  kula saged.”
          “Ya , yen ngono ayo enggal mangkat wae.”
          Wusanane Juragan Somad karo Kabayan budhal menyang sawah golek welut putih. Kabayan ora ngajak Juragan Somad menyang sawah sing cedhak nanging menyang sawah sing adoh saka ngomah.
          “Kepiye Kabayan, wis tekan durung?” Pitakone Juragan Somad nalika wis sawetara anggone mlaku ana sawah-sawah.
          “Sekedhap malih, Juragan.”Wangsulane Kabayan.









Gambar 6.2

Kabayan lan Juragan Somad mlaku
ngliwati ing sawah-sawah sing lagi bubar panen pari
 
 












          Nalika wis ngliwati sawah-sawah lan parit –parit sarta kali cilik. Ambegane Juragan Somad saya ngangseg lan sikile wis krasa kesel nanging Kabayan isih mlaku wae.
          “Wis tekan ,kabayan?”
          “Ngajeng menika Juragan. Panggenanipun wonten sabranging lepen menika”
          Sabanjure sakarone padha  nyabrang kali gedhe sing kapinujon banyune mung sithik.Ing kono akeh watu cilik cilik sing bisa kanggo pidakan kanthi jangkah amba. Kanthi kebak pangati ati anggone liwat supaya ora kepleset.
          “Tulung Kabayan, aku arep tiba!”Kandhane Juragan Somad nalika arep kepleset ing watu sing lunyu.
          Kabayan age-age nuntun Juragan Somad “Ngatos atos Juragan, sampun ngantos dhawah.” Kabayan terus nuntun nganti rampung olehe nyabrang kali.
          “wis tekan, Kabayan?” Pitakone Juragan Somad sing saya mengkis –mengkis kuwi.
“Kantun sekedhap juragan, menapa sampun mboten kiyat mlampah?”
          “Ya sajake,yen ngono aku dak leren dhisik ana ngisor wit gedhe iki.”
          “Inggih Juragan, mangga kendel rumiyin!”
          Kabayan lan Juragan Somad padha leren ana sangisore wit gedhe ngrembuyung. Juragan Somad lungguh ana ayod uwit kuwi karo slonjor.Uwit gedhe kuwi wit munggur utawa sawetara pawongan ngarani uwit trembesi, godhonge akeh pange ya akeh mulane hawane edhum.
          Sajroning ati Kabayan wis duwe pangira manawa juragan Somad saiki wis kesel tenan.
          “Ketingalipun sampun sayah sanget ,Juragan?”
          “Iya, Kabayan. Iki mau mlakune wis adoh banget. Lha terus ngendi papan panggonane welut putih kuwi?”

          “Mboten tebih saking ngriki . Ewa semanten langkung prayogi manawi Juragan kendel rumiyin. Kula mangke ingkang madosi panggenanipun”
          Sawetara angggone leren juragan Somad ngrasakake kepenak awake. Angin sumilir lan hawa adhem sangisore uwit munggur kuwi anjalari Juragan Somad dadi keturon.









Gambar 6.3

Juragan Somad keturon ana ngisor uwit trembesi gedhe
Ing tanggul pinggir kali cedhak sawah
awake tumumpang ana oyod sing gedhe
Kabayan mbakar welut ana sacedhake
 
 













          Nalika Juragan Somad keturon Kabayan age-age golek welut ing sawah sacedhake uwit kuwi , udakara sajam Kabayan wis oleh welut sepuluh iji. Kabayan terus gawe parapen kanggo mbakar welut. Welute kuwi dibumboni nganggo bumbu sing wis digawa saka ngomah.
          Durung rampung olehe mbakar dumadakan Juragan Somad wis tangi saka paturone ing ayoding wit trembesi kuwi.
Nalika Juragan Somad ngelekake mripate, dheweke weruh Kabayan lagi mbakar welut. Jroning ati tuwuh tandha pitakon apa Kabayan wis kasil golek welut putih.lha kok ora gelem nggugah.?
          “Wis oleh Kabayan?”
          “Dereng kepanggih juragan.Menika kula sampun pikantuk sedasa nanging dereng kepanggih ingkang pethak.”
          Gandane welut bakar krasa enak gawe kepengine pawongan sing
padha ngambu. Semono uga Juragan Somad. Dhasar awake sayah ngganda sing sarwa enak mulane wetenge njaluk supaya inggal diisi.
          Ora let suwe Kabayan wis rampung olehe mbakar welut sepuluh.
Welut sing wis mateng kuwi digawa menyang sacedhake Juragan Somad sing lagi lungguh.Sawise tekan sacedhake Juragan Somad Kabayan terus ngudhari buntelane lonthong saka ngomah sarto nyepakake welut bakare nganggo  godhong gedhang.
          “Apa iki Kabayan?”
          “ Ngaten Juragan saderengipun pados welut putih, mangga awake piyambak nedha rumiyin, amargi padharan kula sampun kraos ngintir-intir. Kula kala wau sampun mbeta sekul lonthong saking griya cacah kalih. Ingkang setunggal kangge kula ingkang setunggal kangge Juragan.
“Ya, ayo, sajake panganane iki enak banget.”Juragan Somad age-age njupuk wungkusan lonthong karo welut bakar.
“Inggih mangga Juragan.”Wangsulane Kabayan karo njupuk lonthong sak welute.
Weteng luwe lan tenaga sing wis entek amarga mlaku adoh dadekake Juragan Somad kepengin mangan. Dheweke mangan telap-telep nganti entek lonthonge.Kamangka lonthong kuwi mau gedhe banget, saumpama diwadhahi piring mesthi kebak.
          “Wah, pinter tenan kowe, Kabayan.Welute enak...”
          “Mboten juragan, menika nembe kapinujon, mawon.”
          “Wah, tenan kuwi, delengen iki ! segaku entek .”
          “Inggih Juragan.”
          “Wah upama segane isih, aku kepengen tanduk maneh.”
          “Inggih juragan, matur nuwun.”
          “Lho matur nuwun kepiye?”
          “Ateges kula mboten badhe pados welut putih malih kanthi ngrekaos.”
          “Lho, kepiye ta kowe kuwi.?”
          “Amargi Juragan sampun mantun saking sakitipun.”
          “lho, kepiye ta? Awake dhewe mrene mau, rak arep golek welut putih kanggo nambani laraku. Lha kok kowe kandha yen ora arep golek maneh kuwi kepiye?”
          “Amargi juragan sampun mantun.”
          “Mari kepiye?’
          “Cobi dipun penggalih, sakitipunn juragan menapa?”
          “Ora doyan mangan.”
          “Lha menika wau naminipun menapa?”
          “Sing endi?”
          “Nelasaken lonthong ageng kaliyan welut, malah kapara kepengin tanduk, menika wau.lho ?”
          “O...ngono.ta,ya lagi iki aku mangan ngrasake enak.”
          “Lha menika ateges juragan sampun mantun sakitipun.”
          “Iya, ya. Jebule aku wis mari, Ora krasa ya aku.”
          “Kados pundi? Sampun rumaos mantun dereng?”
          “Iya, Lha terus sido golek welut putih ora?”
          “Ngaten juragan, sejatosipun welut pethak menika namung kangge sarana.”
          “Lha kok bisa, ateges kowe ngapusi aku?”
          “Inggih, nyuwun pangapunten. Pikajeng kula ngajak Juragan mlampah tebih pados welut pethak menika wau. Supados juragan ngedalaken tenaga ingkang kathah, manawi tenaganipun telas mesthi kepengin dipun isi padharanipun.”
          “Wah, bener kowe, Kabayan. Saiki aku ngerti , gaweanku saben dina mung prentah marang  baturku, dadine aku ora nate ngetokake tenaga sing akeh. Mulane aku ora duwe karep mangan.”
          “Mbok bilih menika sababipun, Juragan.”
          “Wah, pinter tenan kowe ,Kabayan. Bisa nambani aku kanthi cara sing sepele.”
          “Nyuwun pangapunten, manawi kula dipun anggep lepat.”
          “Ora apa-apa Kabayan, malah aku matur nuwun banget karo kowe. Tanpa pitulunganmu mbok manawa aku dadi lara banget.”
          “Samenika kados pundi Juragan sios pados welut pethak?”
          “Mulih wae. Palinga welut putih mung kanggo ngapusi maneh.”
          “Inggih, pancenipun ing ngriki mboten wonten welut pethak.”
          “lha rak tenan ,ta.”
          “Inggih mangga manawi kondur kula dherekaken.”
          “Mlaku wae ,ya?”
          “Inggih supados mangke juragan saget vkathah anggenipun dhahar, sarta sakeca anggenipun sare.
          Sabanjure Juragan Somad lan Kabayan padha mulih mlaku kebah kabungahan. Sanadyan panase srengenge sumelet nanging ora dirasakake malah kapara nambahi semangate.
         

         
         



 






7.Gara-gara Tekek
A

na sawenehing pawongan duwe panemu ngenani swara tekek, kewan sing sabane mrambat ana dhuwur seneng mangan bangsane semut lan lemut kuwi. Manawa swarane ganjil nandhakake nasibe pawongan sing krungu kuwi ala dene yen swarane tekek ganep mratandhani lamun nasibe becik.









Gambar 7.1

Kabayan lagi dandan rapi
ana ing
 paturane sing wis temata
 
 
















          Pirang-pirang dina kepungkur iki Kabayan rada beda karo adat saben, biasane tangi digugah bojone nanging dheweke saiki tangi esuk umun-umun sadurunge bojone nangekake. Malahan amben paturane uga wis temata, sarung lan bantale uga wis temata. Saumpama saben dina kaya ngono mendah senenge atine Gemi , amarga ora ana pawongan sing ngandhakake eleke Kabayan.
          Mung pawongan siji sing ora percaya, apa bisa Kabayan ajeg nglakoni pakulinan becik sajroning seminggu iki.Adat lupiya pakulinan sing becik kuwi ora betah suwe. Ora luwih saka sedina, sesuk apa sesuke maneh pakulinan becik kuwi bakal ilang musna.
          “Mi, Bojomu kok dina iki beda karo adat saben?”pitakone Simbok marang Gemi.
          “Mesthi wae, Mbok. Uwong kuwi ora mung ajeb mbeler wae, nanging ana mangsa kalane owah dadi becik.”
          “Ya, muga-muga pakulinan mbeler kuwi enggal mari.Luwih becik uwong kuwi sregep nyambut gawe.
          “Iya, Mbok. Gemi arep gawe dodol. Kapinujon ana turahan ketan, lan Kang Kabayan arep menyang pasar tuku gula jawa.”
          “Wah, apik kuwi, Lha mengko apa kowe arep gawe saakeh-akehe?”
          “Iya mesthi ,Mbok. Aku arep gawe dodol akeh kareben mengko kanggo gawean  menyang pasar Kang Kabayan.”
          “Aku mengko diewangi ,ya Mbok.”
          “Iya, Aja sumelang , mesthi dak ewangi.”
          Katon seneng Simbok krungu pangrancange anake kuwi, semono uga Abah. Dheweke melu seneng lan bakal ngeawngi anake kuwi. Saora –orane Kabayan duwe gawean anyar ana pasar.
          Kadhang kala Abah melu prihatin yen weruh Kabayan lagi kumat, ora gelem nyambut agwe lan seneng turu wae.Apa maneh dheweke wis omah-omah karo anak wedoke sing mung siji kuwi. Kanggo nyukupi butuhe dhewe wae kurang apa maneh kanggo bojone. Satemah  ndadekake Abah kudu tansh mbiyantu kebutuhane anak lan mantune.
          Ewa semono ing dina iki Abah ora ana kalodhangan kanggo ngandhani anak mantune kuwi, amarga Abah arep menyang sawah ngileni sawahe sing mentas ditanduri winih pari.
          Kabayan dhewe wis mangkat menyang pasar, wancine srengenge jumedhul dheweke wis tekan tengah dalan. Lakune seneng tumuju menyang pasar Kecamatan.
          Dina kuwi ngepasi dina pasaran Kecamatan, mulane pasare rame ora kaya dina biasane. Adat saben sing dodol gula jawa mung saenggon nanging dina kuwi akeh banget sing padha dodol gula jawa. Malah saking ramene wong sing padha tuku padha seksekan nganti sing dodol ora ketok irunge.
          Ing kahanan kaya ngono kuwi kabayan ngangsek maju amarga dheweke ora kepingin kawanan. Nanging jebul ora mung Kabayan wae sing kepengen cepet. Pawongan sisihe uga ngoyak wektu. Dheweke melu -melu ngesuk maju ing antarane krubutan wong akeh sangarepe kuwi.
          Wusanane sikile Kabayan kepidak seru. Satemene Kabayan arep nesu, nanging weruh pawongan sing gedhe dhuwur brengosen lan jenggote kandel, atine kabayan kaya krupuk mlempem ora duwe daya, amarga ana rasa wedi marang pawongan kuwi.







Gambar 7.2

Kabayan kepidak sikile karo pawongan sing gedhe dhuwur brengosen jenggote kandel kaya tentara nalika wong akeh padha antri

ana ngarepe wong dodol gula jawa

 
         










Nanging suwe suwe Kabayan ora kuat ngampet lara. Dhewekke terus ngaruh aruhi kanthi alus.
          “Kang . . . kang . . aku oleh takon?”
“O, mesti wae Dhi, ana apa?”wangsulane pawongan mau rada gumun.
“Apa kakang anggota tentara?”
“O, ora..”
“Apa duwe kanca tentara?”
“Ya ora...”
“Apa dadi keamanan desa?”
“Ora ki. . .”
Krungu wangsulan kaya ngono kuwi Kabayan ngomong seru , “Yen ngono, aja ngidak sikilku !”
Wong akeh sing ana kono padha kaget krungu bengoke Kabayan. luwih luwih wong sing ngidak sikile. Age-age pawongan kuwi ngangkat sikile sing ngidak Kabayan.
“Adhuh, ngapunten Dhi. Aku ora sengaja,” ngomonge pawongan kuwi plekak-plekuk. “Lara ya?”
“Lumayan,”
“Yen ngono, dhisika!” Pakone pawongan sing kaya tentara kuwi marang kabayan. lan wong wong sing padha ngerti menehi dalan marang Kabayan supaya bisa tuku gula jawa luwih dhisik.
Sawise mangkono Kabayan mulih nggawa gula jawa pirang pirang kilo. Wektu kuwi sengengene wis dhuwur, manawa ora diidak sikile karo pawongan sing kaya tentara, mesthi wae Kabayan durung oleh gula jawa, ,malah isih kudu seksekan karo pawongan liyane. Pangurbanane rasa lara kuwi pranyata ana mupangate tumrap kabayan.
Sawise rampung urusane, Kabayan age- age mulih lan kanggo ngirit ongkos, Kabayan mlaku ngliwati dalan trabasan sing kulina diliwati. Kanggo ngilangi rasa kesel lan panas, Kabayan mlaku karo tetembangan alon alon. Lakune isih adoh nanging sikile wis krasa kesel.
Bareng Lakune wis tekan sangisore wit gedhe ngrembuyung, dheweke kepengin leren. Kabayan terus leren ana ngisor wit kuwi. Gula jawane uga diselehake. Kabayan lungguh sendhen ana wit, sikile sing krasa kesel dipijeti .
Angin sumilir nempuh Kabayan katambah edhume swasana, andadekake rasa kesel kuwi ilang saka awake Kabayan. Sing keri mung kari rasa seger lan edhume swasana sangisore uwit gedhe kuwi.
Kabayan ada -ada naliti uwit gedhe kuwi. Gedhene uwit kuwi rong prangkulane . Ora adoh saka kono, ana sawijining tekek sing wernane blentong blentong lorek ireng putih.
Dumadakan tekek kuwi muni seru. “Tekek. .  tekek. .  tekek. . .”
Swarane nganggo let pirang pirang dhetik  sakdurunge nyuwara maneh. Wektu kuwi kabayan kelingan omongane kancane, manawa swara tekek kuwi munine ora ajek. Mbok menawa ana benere.
Kepiye ya manawa tekek iki dak gunakake kanggo ngerteni kabegjanku untung lan rugiku amarga bojoku arep gawe dodol. Kabayan terus nyoba ngetung swara tekek kanggo ngerteni usahane sing arep diwiwiti. Yen tekeke nyuwara pisan ateges dadi, sakbanjure atege ora dadi lan sateruse.

Kabayan terus wiwit ngetung swara tekek kuwi kanthi tembung dadi, ora, dadi, ora. Saiki dheweke bakal ngramal nasibe karo swarane tekek sing unine seru.
“Tekek.”
“Dadi,” tembunge Kabayan wiwit ngramal.
“Tekek”
“Ora”
“Tekek”
“Dadi”
Mengkono kuwi Kabayan sing ngramal nasibe nganggo swara tekek. Embuh pancen wis nasibe apa ngalamat sing ala saka tekek. Nanging dumadakkan swarane tekek mandheg ngepasi nalika Kabayan ngomong ora. Karepe ora dadi utawa usahane gawe dodol ora kasil.









Gambar 7.3

Kabayan lungguh leyeh-leyeh ana ngisor uwit trembesi gedhe
ndangak ngulati tekek mrambat ana uwit
 Bathuke ketiban telek
 
 










“Wah. . . ramalane kok tiba ora, apa ateges ora kasil?” bengoke Kabayan. rumangsa  digawe dolanan karo tekek belang . Ora mung kuwi wae, dumadakan tekeke nelek , teleke tiba pas bathuke Kabayan sing lagi dangak ngulati tekek. Kabayan saya nesu nalika bathuke diteleki.  “He, tekek kurang ajar. Kowe kuwi kewan sing ora ngerti tata krama.” Kabayan mencolot golek kayu kanggo nggebuk, weruh pring dawa sing glumethak ora adoh saka kono terus dijupuk.  Karepe kanggo nyogok tekek sing ngolok-olok dheweke .
Sabanjure pring dawa kuwi digebukake tekek sing ana ing uwit dhuwur. Mesthi wae tekeke ora gelem digebuk. Tekeke mlayu terus dhelik. Kabayan ora sabar terus menek uwit kuwi arep ngoyak tekek, nanging kanggone tekek meneke kabayan diarani rendhet amarga dheweke uwis mlayu adoh.
Kabayan kelangan lacak. Sawise sawetara wektu Kabayan mudhun. Bareng tekan ngisor  uwit, awake krasa kesel lan luwe. Coba yen mau terus mulih menyang omah, ora nganggo leren mesthi dheweke seneng amarga wis  dicepaki pangan bojone.
Saiki oleh-olehane mung rasa kesel lan luwe. Kabayan rumangsa kabeh mau gara gara ngurusi tekek sialan kuwi. Sing disalahake malah tekek sing wis tentrem ana pandhelikane. Saiki rasane kabayan tambah nesu amarga tekeke muni maneh.
“Tekek. .  tekek. . . tekek. .”
Kabayan mangkel amarga swarane lan teleke tekek. Kabayan lungguh leren ana ngisor uwit kuwi nganti rasa kesele ilang.
Sawetara anggone leren Kabayan ngrasakake edhum lan silir anjalari turu angler. Amarga saka kesele Kabayan ngorok. Saiki genti tekeke sing ngetung ngoroke Kabayan.
Nalika samana Kabayan rumangsa wis tekan ngomah. Dheweke menehake Gula jawa limang kilo marang Gemi. Polatane bojone katon seneng amarga Kabayan wis mulih nggawa gula jawa. Sawise leren sawetara  Kabayan diajak mangan ana  kamar makan. Mangane ngrasakake enak amarga lawuhe kasenengane Kabayan.
Lagi iki Kabayan ngrasakake mangan ana ngomah kanthi kepenak, ora kaya adat saben sing tansah diuring-uring bojone, amarga nyambut gawene sing salah.
Nalika Kabayan mangan pepes pitik dumadakan Kabayan tangi saka paturone.Kabayan ngerti manawa kabeh mau mung ngimpi. Saeba senenge manawa kahanan kaya ngono kuwi dadi kasunyatan, mendah senenge atine.
Sawise tangi Kabayan noleh ngiwa nengen nggoleki gawane gula jawa. Bareng ora ana sacedhake dheweke terus ngadeg saka lungguhe saperlu nggoleki mbok manawa gula jawane lali anggone nyelehake. Wira –wiri mrana- mrene jebul ora ketemu.kabayan dadi tambah judheg.
Pancen lagi apes Kabayan wektu kuwi bubar sikile diidak nguwong, diolok-olok tekek terus  diteleki bathuke malah saiki gulane jawa ilang. Mendah kaya ngapa nesune bojone mengko.
Kanthi ati judheg Kabayan mlaku arep mulih , jroning pikire manawa bali menyang pasar arep tuku gula jawa mesthi pasare wis tutup, mula luwih becik bali nampani muringe bojone.
Kabayan rumangsa gela , wis mbuwang wektu sing ora piguna. Dheweke ora duwe niat bakal mbaleni gaweane ngramal lan nguyak-uyak tekek maneh.Upama disengeni bojone dheweke arep meneng wae, mengko yen wis kesel sing muring-muring mesthi meneng dhewe.
Durung suwe anggone mlaku Kabayan ditututi sawijining pawongan nggawa gula jawa limang kilo.Pawongan kuwi dedege padha karo Kabayan mung dheweke rada resik pakulitane. Jenenge Samijan.
“Mengko dhisik Kang. Apa sampeyan sing turu ana ngisor uwit pingir dalan kana mau?”
“Iya bener, jenengku Kabayan.”
“Yen aku Samijan..”
“Ana apa nututi aku?”
“Apa Kang Kabayan kelangan barang kaya ngene iki?”
“Iya. Wah matur nuwun banget barangku ora sida ilang.” Wangsulane kabayan karo lunjak-lunjak saking senenge.
“Yen ngono tampanana.”
“Matur nuwun, lha terus ana ngendi barangku iki mau?”
“Ngene, Kang. Mau ana wedhus mara nyedhaki Kang Kabayan olehe turu, terus wedhus kuwi nggondhol wungkusan iki, kapinujon aku liwat.”
“Terus?”
“Barange dak rebut lan dak selehake ana sacedhake olehmu turu. Aku terus mbacutne laku.”
“Lho, ana sisih ngendi ? aku mau wis nggoleki ngendi-endi.”
“Dhuwur uwit ya wis digoleki?”
“Durung.”
“Barange mau dak selehake ana plogrokan uwit.”
“Mulane dak goleki ora ketemu.”
“Lha nalika aku mulih , ngulati barange isih, malah Kang Kabayan sing ora ana.”
“Amarga aku nggoleki suwe ora ketemu mula age-age mulih.”
“Barang iki dak jupuk terus dak tututake  tekan kene iki.”
“Wah , matur nuwun banget aku, Adhi Samijan.”
“Padha-padha, Kang.”
“Wah,upama ora sampeyan sing nemu mbok manawa gulaku jawa wis ilang.”
“Ya wis Kang ngono wae ya, aku dak mulih.”
“Iya, Samijan aku matur nuwun banget.”
Sabanjure Samijan mulih lan Kabayan uga terus bali menyang omahe . Lakune Kabayan saya dicepetake selak kepengen menehake gula jawane lan uga ora kepengin kadadeyan sing ora prayoga kadadeyan maneh.
Prakara iki mbok manwa gara-gara swara tekek sing dadekake dheweke percaya ramalane sing ora mupangati kanggo dheweke. Saya cedhak omah atine Kabayan saya bingung, apa prekara tekek kuwi dicritakake marang Gemi lan mara tuwane apa ora.Wektu kuwi pikirane Kabayan dadi buntu ora bisa golek akal liya.


 

















8.Nyukur Wedhus
P

Akaryane Kabayan saliyane ngewangi Abah menyang sawah, yakuwi golek kayu bakar menyang alas sacedhake kampunge. Pancen ora saben pawongan oleh golek kayu bakar menyang alas kuwi. Mung saperangan masyarakat ing kiwa tengene alas kuwi. Lan manehe ora oleh golek kayu sembarangan. Sing oleh dijupuki mung pang sing garing utawa uwit sing ambruk.
          Manawa dingerteni ana pawongan sing negor uwit sing isih urip bakal dipatrapi paukuman, mulane Kabayan tansah nggatekake aturan sing wis ditetepake pamarentah kuwi.
          Adat saben Kabayan golek kayu ana ngalas suwene sedina muput. Wiwit pletheke sengenge nganti angslupe sengenge. Wektu semono kuwi Kabayn bisa nggawa mulih kayu sing akehe sagrobak. Kayu-kayu kuwi ora didol menyang tangga nanging digawa menyang pasar supaya payune luwih dhuwur.
          Asile lumayan, bisa kanggo mangan suwene telung dina. Ya amarga kuwi Kabayan manawa ora ana gawean ngomah mesthi menyng ngalas golek kayu bakar.Kajaba nyingkiri omelane wong ngomah, uga kanggo goleh tambahing pangupajiwa, asile lumayan.Ya katimbang ana ngomah, gawe sebele sing padha weruh.
          Pancen kaya ngono kuwi nasibe wong sing ora duwe pakaryan ajeg. Mrana-mrene mung dadi pocapane wong liya. Saumpama dheweke duwe gawean ajeg mesthine ora bakal oleh panguya-uya lan omelan.Ngadhepi panguya-uya lan omelan kuwi dheweke kudu mbudhegake kuping lan sabar.
          Bareng tekan ngomah kayu-kayu kuwi dipepe nganti garing lagi digawa menyang pasar diijolake dhuwit.Sawise kayu-kayu kuwi garing tenan ing esuk dina candhake Kabayan menynag pasar adol kayu. Kayune kuwi digawa menyang pasar nganggo grobag jaran.
          “Kang,, mengko yen wis payu kayune aku ditukokake kopi karo gula ya.”Pesene Gemi nalika Kabayan budhal menyang pasar.
          “Ya, dongakna supaya mengko cepet payu!”







Gambar 8.1

Kabayan gawa kayubakar sagrobag
Grobage dilarak jaran siji
Mlaku ana dalan aspal
 
         










Kanthi ati seneng Kabayan mangkat menyang pasar nalika srengengene lagi jumedhul, udakara jam nem esuk. Unine tlapaking jaran lan mubenge rodha gerobag mecah swasana dalan sing isih sepi. Angin esuk sing rumasuk ing dhadha dadekake awake kadhemen.”Hmm. adhuh..adheme...”panggresahe Kabayan  karo mecut jarane. Gerobage mlaku ninggalake omah tumuju menyang pasar.
          Ora karasa lakune gerobag wis tekan pasar Kecamatan, lakune gerobag rada disuda amarga dalane rame. Nyedhaki pasar dalane saya macet Kabayan terus mandhek lan leren ana pinggir dalan. Ing kono ana toko tukang cukur sing apik banget lan kaprah disebut salon potong rambut. Sing duwe salon potong rambut kuwi jenenge Atang. Atang sawijining tukang cukur sing kondhang ing kecamatan kono lan ongkose uga larang banget. Mulane sing potong ana kono mung wong-wong sing sugih dhuwit.
          Atang pancen tukang cukur sing kondhang, cukurane akeh sing padha ngalem amaraga cepet, taliti lan ora ana kulit sirah sing tatu kena peso utawa gunting .Mula langganane akeh tur akeh-akehe wong sugih. Saben dina mesthi ana sing cukur mrono. Panggonane ora nate suwung, sing teka paling sithik wong lima. Lan padha sabar manawa lagi antri.
          Kanthi langganan sing akeh turna wong sugih-sugih, ora mokal manawa dheweke saiki dadi wong sugih amaraga pakaryane kuwi. Apa wae dipetung kanthi taliti. Sanadyan wis sugih nanging isih cethil mbethithil.Apa untung rugine. Yen untung dilakoni nanging yen sakirane rugi bakal ditolak.
          Iki kabukten piranti gandhok sing ana ngomahe. Bojone ora etuk nggunakake ubarampe saka aluminium, kajaba saka grabah. Alesane supaya ngirit, amarga regane murah. Mulane bojone yen masak ora nggunakake kompor minyak utawa kompor gas nanging nganggo kayu bakar.
          Nalika lagi wae mentas nyukur wong siji durung ana sing teka Atang metu menyang dalan saperlu ngulati wong-wong sing padha liwat. Wah saben dina macet dalan ngarepan iki. Bareng weruh grobage Kabayan sing kebak kayu bakar age-age Kabayan diceluk supaya mara.
          “He, Kang tukang suluh, mrenea!” Swarane Atang sing seru.
          Kabayan krungu ana sing njeluk dheweke terus mudhun saka grobage.
          “Wonten menapa,Pak.”
          “Kayu bakar iki arep didol?”
          “Inggih, Pak.Ngersakaken sedaya?”
          “ Ya, mesthi wae.Pira regane?”
          “Sedaya tigangdasa gangsal ewu, Pak.”
          “Wah, larang banget Kang.”
          “Lajeng bapak ngawis pinten?”
          “Ya, Yen oleh kabeh selawe ewu.”
          “Adhuh ketebihen Pak. kados pundi manawi tigang dasa ewu,mawon?”
          “Wah,, ora. Yen oleh ya semono, yen ora oleh ya uwis.”
          Wektu kuwi Kabayan dadi bingung, amarga yen mung payu selawe ewu ora cucuk karo tenagane, nanging yen ora oleh kapan bakal payune.
“Piye Kang?”
“Sekedhap,Pak. Kula pikire rumiyin.”Kabayan ora age-age mangsuli.Nanging lamun dipikir-pikir maneh, luwih becik cepet oleh dhuwit supaya inggal cepet mulih.









Gambar 8.2

Ing dalan aspal mlebu  pasar, ngarep tukang cukur
gerobage mandhek ing pinggir
Kabayan karo tukang cukur rembugan rega
 
 












          “Pak, mbok ditambahi , kalih ewu gangsalatus. Dadose pitulikur ewu gangsal atus rupiah.”
          “Wah , emoh . Ya semono mau yen oleh.”
          Kabayan saiki dadi ragu oleh apa ora , sajake wis ora wani tambah maneh pawongan kuwi.
          “Piye, Kang?,cepet!. Aku isih akeh gawean.”
          “Inggih, Pak, mangga.”
          “Lha, ngono. Saiki kayu-kayu kuwi gawanen menyang mburi !”
          “Inggih,”Wangsulane Kabayan karo seneng bakal nampani dhuwit selawe ewu rupiah, bisa kanggo tuku gula karo kopi.Turahane diwenehake bojone, mendah senenge.
          Kayu sagrobag kuwi diudhunake saka grobag terus diusungi menyang buri omah. Sawise rampung  Kabayan nyedhaki Tukang cukur saperlu njaluk bayaran.
          “Kayunipun sampun kula usungi dhateng wingking, Pak,Kantun bayaranipun.”
          “E. Kang , mengko sore aku lagi bisa menehi dhuwit.”
          “Lho, Kenging menapa ngaten?”Pitakone Kabayan rada gela.
          “Iki mau aku lagi nyukur wong  siji, durung cukup kanggo bayar kayu.”
          “Wah , pripun niki, manawi wangsul sonten?”
          “Lha, terus piye yen nyatane pancen durung ana dhuwit?”
          “Nanging kok tumbas kayu obong?”
          “Amarga bojoku butuh kayu.”
          “Inggih mangke sonten kula mriki malih.
          Wusanane Kabayan lunga saka papan kuwi terus nunggu ana ngarep emperan toko cedhak Kantor Kecamatan . Bareng awan wetenge krasa luwe nanging ora jajan amarga pancen ora sangu dhuwit. Kabayan mung ngelus dhadha nggetuni nasibe.
          Wektune wis jam telu nanging Kabayan durung oleh bayaran, sadina muput wetenge durung mangan apa-apa sanadyan lara mung diampet. Dheweke lungguh ana teras toko dumadakan ana pawongan sing marani.
          “Lho, wiwit mau ana kene nunggu sapa,Kang?”Pitakone pawongan kuwi.
          ”Anu, mboten nengga sinten-sinten.”
          “Apa sampeyan lara?
          “Mboten , namung radi mumet.”
          “Lha, dak wenehi obat apa piye?”
          “Matur nuwun,Pak.”
          “Lha ana apa sajatine, sampeyan kuwi?”
          “Inggih Pak ,kula badhe matur walaka, “
          Sabanjure Kabayan nyritakake lelakone manawa dheweke mau nggawa sagrobag kayu obong, terus dituku tukang cukur kanthi rega sing murah. Bareng kayune wis diudhunake kabeh dijaluk bayare malah disemayani mengko sore.
          “Apa tukang cukur kuwi jenenge Atang?”
          “Kirangan Pak, kula mboten ngertos naminipun.”
          “Lha mapane ngendi, tukang sukur mau?”
          “Mrika pak,pinggir margi badhe mlebet peken.”
          “O,Genah kuwi si Atang. Pancen dheweke kerep ngono kuwi. Ora duwe rasa mesakake wong liya, apa maneh wong ora duwe.”
          “O, ngaten ta, Pak?”
          “Dheweke pancen seneng ngakali wong bodho, apa maneh ora ngerti ukum.”
          “Inggih, sinten ngertos  Pak. Tasih wonten tiyang ingkang kados mekaten.”
          “Kamangka dheweke kuwi saiki wis sugih, ora ngelingi biyene ya wong ora duwe.”
          “O, inggih ta?”
          “Ya wis kang trimak-trimakna, mengko dak wenehane pengajaran.
          “Inggih, Pak.Matur nuwun.”
          “Sampeyan jenenge sapa,Kang?”
          “Kula, Kabayan. Pak.”
          Pawongan kuwi terus nyeluk kancane sing lagi metu saka kantor kecamatan jenenge Parman.  Sajake parman kuwi tukang kebun Kantor Kecamatan, amarga sandhangane mung sarwa prasaja.
          “Man, Parman...mreneha dhisik.”
          “Inggih, Pak,”Wangsulane Parman karo mlayu.
          “Iki awake dhewe kudu nulungi pawongan iki.Jenenge Kabayan”
          “Kersanipun Bapak?”
          Sawise mangkono Pawongan kuwi dhawuh Parman, sawise Parman nampa kanthi cetha terus lunga. Pawongan kuwi ngajak kabayan jagongan sawetara wektu ngenani omahe kulawargane lan pakaryane Kabayan.
          Ora let suwe saka kadohan, Parman katon nuntun wedhus tumuju menyang panggonane Atang tukang cukur. Sawise tekan, wedhuse Parman dicancang ana uwit sacedhake kono, dene Parman mlebu njaluk cukur Atang.
          “Arep ngapa kowe, Parman?”
          “Lho yen mrene, mesthine arep cukur. Yen arep mangan sate mesthi ora mrene.”
          “Wa, mesthi salah alamat kowe, Man.”
          “Salah, piye?, aku pengin cukur.”
          “Kene dudu panggonane wong cukur kaya kowe.Sadrajate tukang kebun wae arep njaluk cukur”
          “Aku wis ngerti, yen kene iki mung ngladeni wong sugih.”
          “Genea mrene.”
          “Lha aku kuwat mbayar kok,”
          “Dhuwitmu pira?”Wangsulane Atang sajak nyepelekake.
          “Njalukmu pira dak turuti.”
          “Selawe ewu.”Wangsulane Atang sengaja dilarangake supaya ora gelem.
          “Mung selawe? Ora kurang?” Pitakone Parman karo ngetokake  dhuwit seket ewu.”
          “Ya, cukup.”Wangsulane Atang karo seneng sajak gumun.
          “Saiki dhuwite seket ewu tampanana dhisik.”Parman ngelungake dhuwite eketan ewon marang Atang.”
          “Lho, seket ewu iki kabeh?”
          “Iya kabeh, nanging kanggo aku karo kancaku .Gelem ta nyukur aku karo kancaku opahe seket ewu ?” Pitakone Parman karo lungguh ana kursi cukur.
          “Lha kancamu endi?” Wangsulane Atang karo nata pirantine.
          “Kancaku isih ana njaba.”
          “Ya, Gelem.”Wangsunae Atang kanthi seneng
          Atang age-age njupuk piranti kanggo nyukur . Sajrone cukur Parman tansah ngalem cukurane Atang. Atang  dadi seneng atine kebak gumun , dene ana wong mlarat njaluk cukur menehi opah kapara turah. Bareng wis rampung olehe nyukur, Atang nakokake kancane Parman.
          “Saiki kancamu endi kon mrene dak cukure genti!”
          “Ya, dak ajake mrene.”
          Sawise mangkono Parman terus metu njupuk wedhuse sing ana njaba, digawa mlebu. Saeba kagete Atang bareng weruh Parman nggawa wedhus mlebu kuwi mau.   
          “Lho,Man Parman.  kowi piye ta? Dikongkon njeluk kancane kok malah nggawa wedhus mlebu mrene?”
          “Lha iya iki, kancaku sing arep cukur.”
          “Apa...? Aku kon nyukur wedhus?”
          “Iya...”
“Kowe kuwi rak manungsa ta? Manungsa kancane ya manungsa dudu kewan.”Wangsulane Atang seru karo nesu.
“He, Pak Atang. Wedhus iki luwih apik katimbang kowe.”
“Apa, kurang ajar ya kowe.”
“Kowe mau wis nampa dhuwitku seket ewu ta?
“Iya, nanging aku wegah nyukur wedhus.”
“Wegah piye?, dhuwite wis ditampa kok ora gelem nandangi gaweane.Ayo dang dicukur”
“Wegah.”Wangsulane Atang karo nggetak.
“Yen wegah njaluk tak perkarakne apa piye?
“Perkarakna!”
Suwe sing padha padudon keprungu karo sing padha liwat sacedhake tokone Pak Atang. Satemah wong pirang –pirang padha ngrubyung tokone Pak Atang.  Pawongan sing wiwit mau ana njaba karo Kabayan age-age mlebu.
“He, ana apa iki rame-rame?”
Weruh ana pawongan mlebu Atang tambah nesu.
“He Pak, ora sah melu-melu iki dudu urusanmu!”
“Kosik, kok ana wedhus ana kene iki piye, apa sing arep diperkarakke?”
Parman terus nyritakake masalahe karo Pawongan kuwi kanthi cetha, nganti rampung. Bareng wis rampung Pawongan kuwi mbacutake ngendikane.
“Hm...Yen ngono bener kabar sing dak rungu, Pak Atang kuwi sawijining tukang cukur sing duwe watak ala.
“He...apa urusanmu nyampuri perkaraku. Lunga kana ! aja melu-melu.”Wangsulane Atang karo nesu banget.
“Ora bisa...Pak Atang, amarga iki ya urusanku.”
“Sapa kowe?”
“Aku Camat anyar ing wewengkon kecamatan kene.”
“Apa, Camat?”Pitakone Atng semu maido.
“Yen ora ngandel takona Parman.”
“Meleka mripatmu Pak Atang, yaiki Pak Camat anyar.Panjenengane sengaja nganggo sandhangan prasaja iki supaya ora padha ngerti.”
Bareng krungu kandhane Parman ,Atang dadi kaget lan wedi. Atine trataban tuwuh tandha pitakon apa mengko bakal di perkarakake tumindake mau.
“Pak Atang. Amarga kowe wis nampa bayarane mulane kowe kudu gelem nandangi gaweane. Lan manehe anggonmu nyukur kudu ana tengah alun-alun.!” Ngendikane Pak Camat kebak pangaribawa.
“Mangke rumiyin Pak, kula badhe nyuwun bayaran kajeng dhateng Pak Atang.”Ature Kabayan marang Pak Camat.
“O, Ya. Pak Atang, saiki Kabayan bayaren dhisik, telung puluh lima ewu. Selawe ewu bayare kayu karo sepuluh ewu ongkose nunggu.!”
“Inggih Pak, Nanging kala wau mboten wonten ongkos tunggu.”
“Ora sah rewel, apa njaluk dak perkarakake amarga wis nganggo dolanan wong mlarat?”
“Inggih, Pak  ,Inggih.”Wangsulane Pak Atang karo njupuk dhuwit saka kanthongan lan age-age ngelungake dhuwit menyang Kabayan.
“Matur nuwun Pak Camat, matur nuwun.” Ature Kabayan.
“Ya, Kang Kabayan padha-padha.”
Sabanjure Atang tata-tata piranti kanggo nyukur wedhus ana alun-alun. Pawongan sing padha ana kono padha melu dherek Pak Camat nonton Atang anggone bakal nyukur wedhus. Bareng ana tengah alun-alun dadi tambah akeh sing padha nonton. Wong akeh sing padha nonton wedhus cukur kuwi kaya nonton latar tancep wae. Ana sing ngadek ana sing lungguh , tuwa anom padha melu nonton.







Gambar 8.4

Pak Atang Nyukur wedhus ana tengah alun-alun
Ditonton wong akeh banget

 
 












“Atang, yen wis rampung nyukur wedhus kuwi genti wedhusku ya.” Celathune sawijining wong sing padha nonton.
“Ya, mengko kucingku karo kirikku sisan.” Omongane liyane.
“Jaranku sisan”Panyaute sing sisihe.
Dina kuwi mbok manawa dina apese Pak Atang, sanalika rasa angkuhe dali ilang, Mung kari rasa getun keduwung lan isin amarga ditonton wong akeh banget tanpa wilangan cacahe.
Sawetara kuwi Kabayan sing wiwit mau pancen ora melu menyang alun-alun wis rampung olehe ngisi wetenge. Kabayan mangan ana warung kanggo ngilangi rasa ngelu, ngelih lan ngelake.
Sabanjure  Kabayan  golek gula lan kopi welingane bojone. Bareng wis oleh age-age mulih kebak rasa seneng , numpak grobag jaran karo tetembangan.




 











9. NgilmuTuwa
C

Andhik ayu katon ing jagad wetan mratandani lamun bagaskara wus wancine jumedhul akarya padhanging rahina. Manuk-manuk padha mencok ana panging uwit-uwit lan ngoceh kanthi suka nagggapi tekane dina sing anyar. Beda karo Kabayan sing lagi mapan ana sanjerone lumbung pari suwung buri omahe , gawe horege desa Sukamaju.
          Nalika samana Kabayan gawe mumete kulawarga lan gawe repote tangga teparo sakiwa tengene sing isih duwe kawigaten marang dheweke. Geneya ora, Kabayan mapan ana lumbung pari sing wis sawetara ora digunakake amarga pancen durung panen. Ora ngomong ora mangan lan ora ngombe . sing ditindakake mung sembahyang .
          “Mi, Bojomu ana lumbung pari kuwi ngapa, ta?”pitakone Simbok.
          “Aku ora ngerti, Mbok. Amarga wis telung dina iki Kang Kabayan ora ngomong apa-apa,” wangsulane Gemi.
          “Wis telung dina iki Kabayan ora ngewangi Abah, menyang sawah, apa sing dikarepke?”
          “Embuh, Mbok.yen ditakoni mung sambat lara kabeh awake. “
          “Kepiye yen digawa menyang Puskesmas?”
          “Dheweke ora gelem. Kandhane sawise telung dina mesthi mari dhewe.”
          “Nanging, kena apa dheweke isih ana lumbung ?”
          “Wingi dak ulati , pancen bener kulite saawake kabeh arep ngglodhoki. Kaya arep thethel.
          “Lara apa kuwi,Mi ? Kok lagi iki aku krungu wong lara kaya ngono.”
          “Ya , pancen ngono, kulite kaya sisik sing arep ucul sabanjure mengko kaya bubar dionceki ngono kae.”
          “Apa? Kaya ula nglungsungi.”
          “Ora ngerti,Mbok.”
          “Apa , dheweke isih mangan?”
          “Ya, isih nanging mung sithik banget.””Lha ngombne kepiye?”
          “Dheweke mung ngombe banyu pitih wae.”
          “Aja..aja...”
          “Aja-aja ngapa mbok? Aja gawe wedi ta ”
          “Aja-aja Kabayan...”
          “Ngapa , Mbok. Kok mendeni ta?”
          “Aja-aja Kabayan lagi nglakoni golek pesugihan.”
          “Ah , ora mungkin mbok.”
          “E, kowe ora ngerti, kok.”
          “Buktine Kang Kabayan ora lunga menyang ngendi-endi.”
          “Ya , mbok manaw ailmune durung mlebu tenan.”
          “Ora mungkin, Mbok. Aku ora percaya.Ayo dibuktekne”
          “”Ayo , kareben padha ngertine.”
          Simbok lan Gemi terus padha menyang pangonane Kabayan. Lumbung kuwi isih mineb lan embuh apa sing lagi ditindakane sing ngenggoni.Wektu kuwi Abah weruh Gemi lan Simbok terus nyedhaki.
          “He.padha ngapa kuwi?”
          ”O. Abah, aku arep niliki Kabayan.”
          “Apa ana kemajuane?”
          “Muga –muga wae ,Bah,. Masalahe wis telung dina iki dheweke sambat lara.”
          “O, yen ngono ayo ditiliki bareng-bareng.”Ngendikane Abah karo  thothok lawang lumbung kuwi. “Anak mantu, iki Abah sing niliki, bukaken lawange!”
          Sawise dithothoki makaping-kaping lawang kuwi terus menga
amba.
“Mangga, mlebet.”Kabayan katon lungkrah.”Ngapunten,awakku isih lara aku dak turon.”
Kabayan terus turon maneh. Wong telu padha mlebu terus niliki kahanane Kabayan. Pancen kulite saawake padha ngglodhoki.
“Wadhuh,Kena apa kulitmu ,Kabayan?”Pitakone Abah Kaget.
“Kirangan ,Bah, raose sakawak sakit sedaya . balunge kados ajeng copot.”
“Aneh,kowe kuwi kaya ula wae saben-saben nglungsungi ganti kulit.”Ngendikane Abah. Simbok mung meneng nyawang Kabayan.
“Kowe bener-bener ganti kulit Kabayan.”Ujare Simbok.
“Wadhuh, Kang , Genea kowe kaya ngene?”Kandhane Gemi karo sedhih.”Geneya kulite Kakang megar kaya kulit ula?”
“Apa omongane uwong mengko, yen ana uwong nglungsungi kaya ula?”Pitakone Abah.









Gambar 9.1

Kabayan lar turu ana ngamben
Abah, Simbok lan Gemi niliki
ana lumbung ing pari
 
 












“Abah,Simbok lan Gemi.Tunggunen nganti rong dina. Muga-muga laraku iki mari. Lan enggal padha metuwa supaya aku bisa turu!”
“Hm...Ya. Ayo Simbok lan Gemi awake dhewe padha metu, Kabayan kareben bisa leren.”
Wong telu kuwi padha metu ,Kabayan terus nutup lawange.
Nalika saperangan kancane Kabayan arep padha tilik Abah ngelekake.
“Aja ditiliki , Kabayan kareben leren dhisik supaya cepet mari.”
“Kena apa Kabayan ora olek ditiliki?”Pitakone salah sijine kancane kabayan.
“Amarga dhewekke arep ganti kulit. Ngerti ta , yen ula arep nglungsungi kkae golek panggonan sing sepi lan aman. Lagi bisa nglungsungi kanthi tentrem.”
Kanthi rasa kuciwa kanca-kancane Kabayan ppadha mulih menyang omahe dhewe-dhewe.Kamangka dheweke bakal nulungi Kabayan, yen perlu, Kabayan digawa menyang rumah sakit supaya bisa dipriksa dokter.
Dheweke padha sabar nunggu rong dina maneh. Lan mesthi wae kanggone sing ora seneng karo Kabayan, kahanan iku nuwuhake swara-swara sumbang ngenani ngipri, nyegik utawa golek pesugihan. Kamangka kabeh mau durung mesthi kabukten.
Mung Gemi sing tansah niliki, mligini manawa ngepasi mangan. Dheweke nyoba menehi ngombe lan mangan sing disenengi. Ewasemono Kabayan mung mangan sethithik lan ngombene banyu putih wae, saliyani kuwi ora mangan apa-apa.
Rong dina candhake nalika Gemi ngeteri mangan lan ngombe kaya adat saben, keprungu Kabayan ngomong.”Gemi aku wis rampung ganti kulit, saiki aku wis kaya adat saben.” Katon praupane resik sumunar.
“Matur nuwun,Kang.Wangsulane gemi kanthi seneng.
“Rasane lara wis ilang, aku arep adus dhisik,Mi.”
“Ora usah, cepakna wae sandhanganku sing resik.”
“Iya, Kang.”
Wusanane kabayan arek resik-resik awk sawise limang dina ora wani kambon banyu.Sawise wis adus awake katon resik. Ora ana maneh kulit sing ngglodhoki.
Gemi age-age ngandhakake kahan kuwi marang Abah lan Simbok.Simbok banget seneng atine lan syukur mring kang Maha Kuwasa sing wis paring waras marang mantune.
Kabar marine Kabayan sing nglungsungi cepet sumebar ing desane. Akeh pawongan sing padha teka ana ngomahe Kabayan. Amarga pancen papane sing ciut , sing oleh mlebu mung Pak kade karo Pak Sekdes. Dheweke kepengin ngerti apa sabenere kahanan  sing kelakon. Kok dumadakan ganti kulit nglungsungi kaya ula wae.
Saperangan pawongan sing kepengin weruh kahanane Kabayan mung padha seksekan ing ngarep omah. Ngerteni kahanan kaya ngono kuwi Abah dadi was sumelang gek-gek omahe rubuh kesurung karo wong akeh kuwi sing padha seksekan.
Nalika samana Kabayan lan Abah lagi nampa tamu, Pak Kades lan Pak Sekdes ana kamar tamu.Sawetara kuwi wong –wong sing ana njaba dadi tambah akeh. Dheweke kepengbin ngerti kahanane Kabayan sing wis nglungsungi kuwi. Apa tambah gagah apa tambah gantheng.
“Adhuh, Pak Kades.Kula kuwatos manawi griya kula ingkang alit menika rubuh amargi saking kathahipun priyantun ingkang kepengin ningali kawontenanipun Kabayan.”
“O, iya. Yen ngono , awake dhewe saiki padha jagongan ana ngarepan omah wae. Ing panggonan bawera satemah sing padha kepengen weruh kabayan ora mlebu omah.”Pamrayogane Pak Kades.







Gambar 9.2

Kabayan ,Abah, Pak Kade lan Pak Sekdes
Lungguh ana lincak padha jagongan
Dirubyung wong sapirang-pirang
An tengah latar
 
 












Kebeneran ing njaba ana lincak sing cukup kanggo jagongan wong papat.Pak Kades dhewe ngadeg lan ngendika marang wong akeh sing ana ngarepan omah.
“He, sedulur-sedulur ing disa Sukamaju, pirang-pirang dina kepungkur iki ana kabar manawa sadulure Kabayan nglungsungi utawa ganti kulit.Apa iki berkah apa bebendu? Ayo disawang bebarengan! Apa kadadean sabenere? Para sedulur dak suwun tertib . Awake dhewe ora lagi ana alun-alun, nanging ana latare Abah sing ciut iki.
“Manawa sedulur-sedulur kepengin ngerti , ya iki sedulure awake dhewe sing dikabarake lara kuwi. Saiki praupane resik padhang sumunar, awake alus ora ana tipak ganti kulit. Lha supaya cetha awake dhewe bisa takon perkara iki karo Sedulur Kabayan dhewe. Mumpung isih ana kene, mangga sapa sing arep takon, kadadeane sabenere kepiye?”
“Mangga para sedulur, takon siji baka siji lan bakal langsung diwangsuli Kabayan.”
“Inggih, kula ingkang badhe migunaken kalodhangan ingkang   sepisan,” ature Juragan Somad sing ngepasi ana barisan ngarep dhewe.  
“Kadadean sing bener kepiye, Kabayan?”
“Pancen leres, kandane tiyang-tiyang, kula nembe nglungsungi utawa ganti kulit,” kandhane Kabayan kanthi cetho lan mantep.
“Kok kaya ula wae. Apa sing ta rasakake?”
“Ya, rasane lara kabeh. Mbok manawa amarga aku rumangsa kakehan dosa. Saya akeh dosane saya banget larane.”
“Lha terus apa wigatine kadadean nglungsungi kuwi, tumrap kowe Kabayan?” Pitakone pawongan sisihe Juragan Somad.
“Ngertia para sedulur, nglungsungi kuwi mengku teges supaya aku nindakake samubarang kanthi lumrah. Tumindak kaya adat saben, utawa salumrahe. Tegese nata maneh pepenginanku supaya bisa tumindak salumrahe. Semono uga kanthi kabutuhanku kudu salumrahe wae. Ora mung kuwi, solah tingkahku wae uga kudu salumrahe.”
“Wah kuwi wis perkara ngilmu, Kabayan,” saiki Pak Kades sing ngendika. “Lha terus apa karepmu kowe nyepi ana lumbung pari?”
“Aku ngrasakake rasa sepi ing lumbung iki. Mengku karep urip ijen tanpa ana sing ngrusuhi lan dirusuhi.”
“Kenapa bisa mengkono?” Pak Sekdes saiki genti takon
“Pak Sekdes rak pirsa, saleres ipun awakipun piyambak gesang menika piyambakan.”
“Karepe? Apa ora duwe sadulur utawa tangga? Yen mangkono geneya ora ana ngalas? Utawa mertapa?”
“Mboten mekaten, gesang  menika piyambakan, tegesipun dipun wiwiti nalika awakipun piyambak taksih wonten guwa garbaning ibu. Awakipun piyambak gesang piyambakan. Sasampunipun lahir sinau gesang piyambakan, niba tangi piyambakan, sinau piyambakan, bebrayatan lan tanggung jawab piyambakan, ngantos mapan wonten ing kuburan ugi piyambakan. Nanggel dosa ugi piyambakan.”
“Aku ora mudheng, Kabayan?” Juragan Somad takon maneh.
“Inggih, pancen kasunyatanipun makaten Juragan Somad, ketingalipun gesang mboten piyambakkan, amargi makempal, kekancan, lan bebrayatan. Ewa semanten sejatosipun gesang mapan ing nglebet awakipun piyambak, penggalih lan pikiran sami makarya piyambak, malah tiyang sanes mboten wonten ingkang mangertos.”
“Supados langkung cetha saget kula aturaken bilih kula punika piyambakan. Manawi kula kesah dateng pundi pundi tamtu tiyang badhe ngendika, delengen kabayan mlaku ijen.”
“Ya, yen ngono aku dak nambahi,” ngendikane Pak Kades. “Mbok manawa mung kanthi ndeleng bisa ngira- ira yen kabayan luwe lan arep mangan, amarga dheweke menggok menyang warung. Nanging saumpama atine bisa dideleng, bakal katon manawa wong liya ora ana sing ngerti menyang ngendi kabayan kuwi. Kena apa ? Amarga katon saka njaba  bakal beda karo sing ana sajroning atine. Wusanane wong liya bakal kaget, amarga kabayan pranyata nindakake pakaryan sing ora dimangerteni sakdurunge.”
“He, kabayan. Katon kanthi cetha manawa jiwamu wis nglakoni owah owahan. Kena apa sandanganmu isih tetep kaya biyen ora ana owah owahan ?” pitakone Pak Sekdes.
“Pancen leres, rasukan kula mboten enggal. Ewa semanten cara kula ningali kawontenan mugi- mugi dados enggal. Lha kanthi makaten sanadyan sandangna kula lawas nanging solah tingkah kula sampun dados enggal. Mbok bilih ugi amargi Pak Sekdes mboten numbasaken rasukan enggal.”
Kabeh pawongan sing ana kono pada gumuyu. Pak Sekdes mencep.
“ O, iya sasuwene kowe meneng lan turu ana lumbung kuwi, apa wae sing ta pikirake?” pitakone Pak Kades.
“Kula nembe ngetang etang.”
“Apa sing to etung?”
“Inggih menapa mawon ingkang sampun nate kula lampahi ing wekdal kepengker menika. Ngengingi dosa ingkang sampun kula tindakaken. Utawi sae lan awonipun tumindak kula. Bakenipun ngengingi lepat lan leres pribadi kula”
“Wah, sawijining renungan jero.” Mbok menawi mekaten rumiyin keterangan kula. Menawi wonten pandangon sanes, benjang saged nyuwun priksa Pak Kades.”
“Lho kok marang aku Kabayan?”
“Blaka suto Pak Kades, ngilmu kula nembe sakedhik. Damel limsem manawi wonten pandangon mrika mriki. Sawetawis wangsulanipun namung mujudaken gegujengan.”
“Wah . . .ana-ana wae. Ya para sedulur kabeh. Pepangihan karo Kabayan di pungkasi semene dhisik. Dak suwun para sadulur bisa ninggalake papan kene kanthi tertib.”
“Inggih matur nuwun,” omongane pawongan sing padha ana kono. Saperangan ana sing kurang marem, amarga durung kabeh pitakone ditakokake. Mung dheweke ora gelem ngomongake marang kabayan.”
Sawise mangkono pawongan sing padha nglumpuk ana kono saperlu ngerteni kahane kabayan sing mentas nglungsungi, padha mulih menyang omahe dhewe dhewe.Semono uga Pak Kades lan Pak Sekdes.
Abah, simbok, lan gemi dadi seneng atine amarga kabayan wis kasil oleh ngilmu kasepuhan.          


 



10.Ember Bisa Manak
M

Anungsa urip wajibe mbudidaya dene pepesthene gumantung marang karsaning Kang Maha Kawasa. Sugih mlarat mujudake pikolehe pambudidaya. Bandha donya satemene mujudake sarana kinarya ngundhakake syukur mring Kang Maha Kuwasa.









Gambar 10.1

Kabayan arep mangkat menyang sawah
mundhak pacul nyangking arit
nganggo sandhangan sarwa ireng
Gemi nyandhet lakune

 
 








         



          Sacedhake Abah, ana omah anyar, omahe wong sugih anyaran. Lire wong sing  dhek biyen mlarat dumadakan sugih amarga  usahane gawe tahu kasil.Malah tenagane wae ana wong sepuluh.
          Wayah esuk kaya adat saben Abah lan Kabayan menyang sawah.Nanging nalika kuwi Abah mangkat dhisik dene kabayan mangkat keri. Kerine kabayan amarga Gemi ngajak rembukan prekara tanggane sing sugih anyaran.
          “Kang, juragan Sobar kuwi wong sugih nanging cethil mbethithil ya,Kang?”Panggresulane Gemi.
          “Lha ngapa ta,Mi?”
          “Lagi wae aku njupuk tahune, arep dak bayar sesuk. E, dheweke malah ngomong yen tahune ora oleh diutang, kudu bayar kontan.”
          “Lho, sing bener pancen ngono, ana dhuwit ana barang.”
          “Kuwi yen ora karo tangga cerak, kaya wong liya wae.”
          “Pancen ngono, yen kanggone wong sugih.”
“Lho, Kang Kabayan kok malah mbelani,ta?”
“Ora, aku lagi mikir piye carane menehi pengajaran.”
“Piye carane Kang.”
“Ya mengko ,aku dak mangkat menyang sawah dhisik nusul Abah.”
“Ya, yen ngono age-age mangkata sangu durung?”
“Sangu apa? Apa wis masak ?”
“O.. iya , yen ngono adku dak masak dhisik.”
“Ya, mengko dikirim wae.”
“Ya,Kang.”
Kabayan sabanjure budhal menyang sawah nusul Abah. Lakune Kabayan disengkakake supaya enggal tekan sawah, amarga mesakake Abah ana sawah kijenan.Nalilka tekan ngarep omahe juragan Sobar Kabayan kelingan prekarane Gemi sing mentas rerasanan. Dheweke thukul akale, ewa semono Kabayan tetep mbacutake anggone menyang sawah.
Sawise mulih saka sawah Gemi kelingan maneh prekarane mau esuk. Dheweke terus nakone bojone.
“Kang wis ketemu durung carane Kakang?”
“Uwis,nanging sesuk esuk wae aku dak mara.”
Dina esuk candhake Kabayan menyang ngomahe juragan Sobar , Juragan tahu sugih anyar. Bareng tekan ngomahe dheweke thothok-thothok lawang, Ora let suwe ana pawongan sing mlaku saka njero omah mbukak lawange.Pawongan kuwi wong wadon rewange Juragan Sobar sing jenenge Inem.
“Arep ketemu sapa,Kang?”
“O, kowe ,Nem. Arep ketemu Juragan Sobar.”
“O, Juragan lagi ngombe kopi, Kang.”
“O, ngono, lha yen lagi ngombe kopi apa ora kena ditemoni?”
“Ya, kene pancen aturane mengkono,Kang. Manawa Juragan lagi ngombe kopi utawa mangan , ora kena ditemoni sapa wae.”
“Wah, apik tenan juraganmu kuwi.”
“Apa Kang Kabayan gelem nunggu?”
“Ora usah Nem. Aku mung kepengin nyilih ember.”
“Ember? Kanggo apa Kang?”
“Arep kanggo nguras blumbang mburi omah. Sing elek wae”
“Ya, Kang, yen ngono kene akeh.”Wangsulane Inem karo mlebu ngomah arep njupuk ember.
“Elek kaya ngene gelem ora ,Kang?”
“O, bener , ya ngene iki sing dak goleki.”
“Ya, mangga yen gelem.”
“Mengko kandhakna karo juraganmu,ya. Yen aku nyilih ember!”
“Ya, Kang , mengko dak aturne Juragan Sobar.”
Wusanane Kabayan mulih nggawa embere Juragan Sobar sing wis elek. Bareng tekan ngomah Gemi kaget weruh bojone nggawa ember sing wis elek kuwi.
“Kang, kok nggawa ember elek kuwi saka ngendi?”
“Saka ngomahe Juragan Sobar.”
“Dadine kuwi ember Juragan Sobar?”
“Iya,.”
“Arep kanggo apa Kang?”
“Menenga dhisik, ngomah ana ember sing elek kaya ngene iki apa ora?”
“Ana. Arep kanggo apa ta?”
“Wis pokoke, yen ana jupukna!”
Sawetara kuwi Gemi terus njupukake ember sing eleke padha karo embere juragan Sobar. Bareng wis ditampa Kabayan terus nyimpen ember kuwi ana papan sing aman.
Rong minggu candhake Kabayan menyang ngomahe Juragan Sobar saperlu ngulihake embere. Nalika kuwi sing nemoni Inem maneh.
“Nem iki aku ngulihake ember sing dak silih rong minggu kepungkur kae.”
“Lho, kok ngulihake ember loro, dhek emben mung siji,ta Kang.”
“Iya, ngertiya ya, dak kandhani.”
“Ana apa Kang.”
“Embere juragan Sobar bareng tekan ngomahku ketemu jodhone. Dadine ember sing siji kepengein ngancani.”
“Kok aneh, ta Kang. Ember bisa ketemu jodhone?”
“Ya ngono kuwi kasunyatane,Nem. Mulane iki dak ulihake loro supaya ember sing sijine ora kesepian.”
“He, ana apa Nem? Kok omong-omongan ana ngarep lawang?”
Pitakone Juragan Sobar sing dumadakan teka kono.
          “O, menika Juragan,Kang Kabayan badhe mbangsulaken ember. Sewaunipun namung setunggal samenika dados kalih.Amargi kacrios emberipun juragan kepanggih jodhonipun, pramila ingkang setunggal kedah ngancani”
          “Hmmm. Ana-ana wae, ember kok duwe jodho.”
          “Menika mboten nama mokal juragan, barang-barang  menika ugi kados titah sanesipun, gadhoh jodho, manak lan sanes-sanesipun.”Wangsulane Kabayan.
          “Apa mung ember wae , sing duwe jodho,Kabayan?”
          “Miturut panaliten kula nembe ember Juragan.”
“Wah, eman emberku wis elek. Oleh jodho ya ember elek. He, Nem, saiki njupuka ember sing apik.”
“Ingih, Juragan.”
Inem age-age njupuk ember sing isih anyar, lan diaturake marang Juragane.









Gambar 10.2

Kabayan nggawa ember jagongan karo Inem rewang juragan Sobar
Munana ngarep lawange Juragan Sobar
Juragan Sobar teka

 
 











“Menika juragan.”
“Ya, saiki ngene Kabayan. Emberku sing  anyar iki silihen ,supara oleh jodho ember anyar.
“Ingih Juragan, Ember menika ember enggal, mugi-mugi mangke pikantuk jodho ember sae.”
Kabayan sabanjure disilihi ember  gedhe sing isih anyar. Ember gedhe anyar kuwi digawa mulih menyang ngomahe Kabayan, saperlu disimpen ana panggonan sing ora dimangerteni kulawargane.
Telung mingu candhake Kabayan mbalekake embere juragan Sobar. Wektu kuwi Juragan Sobar dhewe sing nemoni Kabayan. Kuwi sawijining pakurmatan tumrap Kabayan, amarga saben ana wong mara sajak ora duwe mung ditemoni Inem wae.
“Wah, wis dak tunggu suwe banget kowe, Kabayan. Kepiye kabare emberku sing disilih rong minggu kepungkur? Oleh jodho apa ora?”
“Pengestunipun Juragan. Menika ember ingkang kula ampil kala emben, kua aturi mriksani piyambak ,kados pundi kawontenanipun.”
“Lho, kok ana ember cilik-cilik ana njerone?”
“Lah inggih menika juragan, kala emben ember panjenengan nembe mbobot sareng dumugi griya kula emberipun manak kathah.”
“O, dadi ember cilik-cilik iki anake emberku?’
“Inggih, Juragan.”
“Wah elok tenan ya. Sajake omahmu nggawa kauntungan”
“Inggih, ketingalipun mekaten Juragan.”
“Ya, saiki tunggunen dhisik, mengko dak silihi emberku sing apik banget!”
“Sendika, Juragan.”
“Nem...Inem. mrenea !”
“Inggih , Juragan. Wonten menapa?”wangsulane Inem karo mlayu saka mburi.
“Aku jupukna emberku keramik sing  apik !”
“Inggih Juragan.”
Inem age-age njupuk ember keramik sing apik. Ember kuwi regane larang. Mulane dheweke duwe karep supaya oleh ember keramik sing regane larang.
“Iki Kabayan . Emberku keramik iki silihen, supaya besok embere manak kaya sing uwis!”
“Inggih Juragan, matur nuwun dipun ampili ember keramik ingkang sae lan awis reginipun.”
“Ya, ora apa-apa. Lha terus kapan baline maneh?”
“Amargi ember menika ember keramik mbok bilih namung seminggu sampun manak, Juragan.”
“Ya, ateges seminggu maneh kowe teka mrene.”
“Inggih Juragan.”
Kabayan nampa ember keramik kuwi kanthi ati seneng, terus age-age digawa mulih.Bareng tekan ngomah, Gemi bojone nakoni.
“Kang, ember keramik sing apik iki duweke sapa?”
“Ya, genah duweke Juragan Sobar, apa duwekmu?”
“Lha arep dienggo apa?”
“Ya, arep disimpen wae. Lan minggu ngarep bakal dak ulihake”
“Kang Kabayan duwe rancangan apa,ta,Kok aku durung ngerti?”
“Kowe kuwi menenga wae, iki urusane wong lanang.”
Kabayan sabanjure terus nyimpen ember keramik kuwi ana papan sing aman lan primpen.
Seminggu candhake Kabayan njupuk ember keramik duweke Juragan Sobar, saperlu diulihake. Nanging wektu kuwi embere keramik dibungkus nganggo karung, dadine wujude ora katon saka njaba.
Juragan Sobar weruh Kabayan sing teka katon saka kadohan mesam-mesem kebak seneng. Pengangen-angene tumuju marang ember keramike mesthine wis manah akeh utawa oleh jodho. Gunggunge bakal tambah tanpa ngetokake wragat. Manawa dipikir pancen bodho banget si Kabayan, saumpama Kabayan ora menehi ngerti mesthine Juragan Sobar uga ora bakal ngerti .Geneya anake ember keramik ora dimeliki Kabayan wae.
Sawetara Juragan Sobar ngudarasa, lakune Kabayan saya cedhak, age-age juragan Sobar ngajak tamuje mlebu ngomah. Pandulune Juragan Sobar tumuju menyang gawane Kabayan, nanging ember keramikie sajake ora ana. Apa durung digawa, apa isih manak, apa lagi pacaran karo pacangane lan apa-apa maneh sing baku embere kok ora katon digawa.
“Kabayan, endi ember keramik duweku?”
“Wadhuh Juragan, Ketiwasan.”
“Ketiwasan kepiye?”
“Wonten musibah ingkang mboten kanyana-nyana.”
“Musaibah apa?, kandhakna!”
“Embere mboten pikantuk jodho, ugi mboten purun manak.”
“Lha, sababe apa?”
“Emberipun sakit...lan salengipun...”
“Kena apa?Apa dheweke lagi digawa menyang rumah sakit?”
          “Dereng saged ,Juragan, amargi pejah rumiyin.”
“Mati? Apa ember keramik bisa mati?”
“O.Tentu saged, Juragan. Kala wingi ember elek pikantuk jodho, ember ingkang enggal gadhah anak, lan samenika ember keramikipun pejah.”
“Lha yen mati, endi bathange?”
“Menika juragan wonten nglebet karung.”
“Ana njero karung?”
“Lha menika, bangkenipun ember keramik.”Wangsulane Kabayan karo ngudhari bundhelane karung, sing isi pecahan keramik.
”Wah, awake ajur mumur kaya ngene.”
“Leres Juragan. Badanipun remuk amargi sakit kanker kronis campur gendhis dadosipun komplikasi ngaten juragan.”
“Wadhuh, aku rugi gedhe iki Kabayan.Aku emoh rugi, kowe kudu ngijoli!”
“Mboten saged , emberipun remuk amargi sakit komplikasi.”
“Emboh , aku ora trima , kowe kudu ngganti.”
“Nyuwun pangapunten, kula mboten badhe nggantos.”
“Kowe wani ngomong kaya ngono karo aku?” Juragan Sobar kaget krungu omongane Kabayan. Kanthi gemeter dheweke mundur karepe arep njupuk barang kanggo nggebuk Kabayan. Nanging ora dinyana ing mburine ana blumbang iwak. Kebeneran sacedhake kamar tamu kuwi ana blumbang iwak sing ora ana watese karo kamar tamu.
Wusanane Juragan Sobar kejegur blumbang byur...awake kecegur blumbang sing jerone punjul sapengadeg lan amba. Tangane Juragan Sobar nglawe , amarga dheweke ora bisa nglangi.









Gambar 10.3

Juragan Sobar kecegur blumbang iwak jero glagepen
Sacedhake kamar tamu sing ora ana watese karo blumbang
Kabayan lan para pembantune Sobar padhangulungake tangan
 ngrubyung blumbang kuwi
 
 











“Tulung...tulung...!”Panjerite njaluk tulung , sawetara kuwi awake silepkemampul-silep kemampul. Saperangan bature lanang padha ngulungake tangane supaya kanggo gondhelan ,
“Juragan pundi astane kula gondheli?”
“Inggih Juragan , asatane pundi?.”
“Ora..”Omongane Juragan Sobar sing wis arep klelep.
Sajake Kabayan ngerti karepe Juragan  Sobar. Age-age Kabayan ngulungake tangane karo mbengok.
“Juragan mangga tangan kula.”
Wusanane Juragan Sobar sing ora gelem ditulung rewange lanang-lanang kuwi terus nyandhak tangane Kabayan. Mbok manawa bengokane Kabayan kuwi gawe sikape dadi beda, luwih milih tangane Kabayan katimbang tangane pembantune. Age-age Kabayan nyandhak tangane Juragan Sobar lan nggeret mentas saka blumbang jero.
Bareng tekan dhuwur Juragan sobar semaput. Sabanjure diturokake ana lincak sing adat saben kanggo leyeh-leyeh.
Para pembantune padha ibut nulung Juragane,. Nanging wis sawetara wektu durung eling saka semapute.
Sajrone ngenteni Juragan Sobar anggone semaput, Kabayan ngomong-omong karo pembantune Juragan Sobar sing jenenge Budi.
“Kang Kabayan, aku gumun, kaya ana sing aneh.”
“Aneh kepiye, Bud?”
“Ngene, Kang. Nalika aku ngulungake tanganku karo omong, Pundi juragan astane, kula gondheli, dheweke ora gelem ngulungake, Lha terus kancaku ya omong ,Inggih Juragan , asatane pundi. E, Juragan nolak ora gelem, Bareng Kang Kabayan ngomong Juragan mangga tangan kula, lha kok terus gelem nyandhak.”
“O, kuwi ta Bud. Kuwi ora aneh.”
“Yen, kanggoku aneh,Kang.”
“Ngene Bud. Kowe rak ngerti ta, Juraganmu kuwi sugih ?
“Iya , terus piye?”
“Wong sugih kuwi mesthi duwe lelara sing wis manjing, ora bisa diselaki.”
“Apa kuwi?”
“Sirik dijaluk, nanging gelem nampa. Tegese yen dijaluki ora oleh sumelang bandhane kurang, nanging yen diwenehi gelem supaya bandhane tambah”
“O. Pantes. Mulane nalika aku ngulungake tanganku karo omong, Pundi juragan astane, kula gondheli, dheweke ora gelem ngulungake, amarga dikira njaluk bandhane, ya?”
“Iya, “
“Nanging bareng Kang Kabayan ngomong Juragan mangga tangan kula, dheweke terus gelem nyandhak ya. Apa dikira arep menehi bandha ya?”
“Bener banget.”
          “Sababe apa ?, wong sugih kok ngono, Kang?”
          “Amarga dheweke mung mentingake nafsune katimbang  atine. Nganti meh ilang nyawane wae isih mikir supaya tambah bandhane.”
          “Ya, aku saiki ngerti,Kang. Lha terus piye carane ngandhani Jurgan Sobar?”
          “Ya mesthine ana cara mligi kanggo juraganmu, kudu nganggo cara sing alus aja kasar-kasar. Ngene wae , mengko yen Juraganmu wis mari kowe ngomonga .....”
          Kanthi ringkes Kabayan ngandhani Budi ngenani prekara-prekara sing magepokan karo Juragane. Kabayan ngerti manawa Juragan Sobar semaput kuwi amarga kaget lan rumangsa kedheseg kahanan sing ora dinyana-nyana. Lan sing penting  dheweke kudu leren sing cukup, mesthi enggal mari dhewe kaya wingi uni.
          Ora let suwe Kabayan njaluk pamit, amarga isih ana perlu liya. Sawetara kuwi saperangan Pembantu Juragan isih padha ngrumat amrih elinge Sang Juragan sing cethil- mbethithil kuwi.
          Dina esuke nalika Abah lan Kabayan arep budhal menyang sawah dumadakan ana tamu teka sing ora dinyana –nyana. Ora liya tamu kuwi Juragan Sobar sing dikancani Budi pembantune.
          “Abah lan Kabayan aku mrene iki saperlu njaluk pangapura sakabehing kaluputanku. Mligine kaluputanku sing dak tindakake sesasi kepungkur iki.”Ngendikane Juragan Sobar kanthi temen.
          “Juragan Sobar saben uwong mesthi duwe luput. Ora mung juragan Sobar , aku dhewe uga duwe luput”, Ngendikane Abah.
“Luwih saka kuwi , aku wis krungu saka Budi ngenani pituduh sing diwenehake Kabayan. Blaka suta jiwaku iki isih kosong. Jiwaku mung dikebaki hawa nafsu pengin menang dhewe lan aku rumangsa getun banget. Amarga kurang nindakake paugeraning agama. Saeba bodhoku sing mung tansah nyepelekake wong ora duwe kaya kowe Kabayan, dak pikir wong ora duwe gampang dak akali pamrihe supaya bandhaku tambah. Jebul aku kleru. Wong ora duwe bandha kadonyan kuwi malah sugih bandhane kaswargan.
Abah lan Kabayan dadi trenyuh atine bareng Juragan Sobar kandha sing akeh-akeh ngrumangsani lamun saiki dheweke wis lali mula bukane. Nalika samana tekane Juragan Sobar uga nggawa oleh-oleh kanggo kulawargane Abah arupa tahu gaweane dheweke.
Sawise rampung perlune Juragan Sobar njaluk pamit mulih saka ngomahe Abah. Abah lan Kabayan nguntapake tamune nganti tekan plataran. Kulawargane Abah dadi tambah Syukure marang Gusti amarga wis kasil nggoleki wedhus sing ilang saka pangonane.





Tamat





 
BIODATA PENGARANG






Nama Lengkap dan Gelar
:
Raden Tumenggung Petrus Chanel Mulyono Hadipura, SPd.

Tempat/ Tanggal lahir
:
Sukoharjo, 27 April 1964

Instansi
:
Dinas Pendidikan Kabupaten Sukoharjo

a.Alamat Kantor
:
SMP Negeri 2 Gatak

b.AlamatRumah
:
Terik Lo RT 03 Rw 02, Trangsan ,Gatak, Sukoharjo ,Jateng.

   Telp.
:
0271 7892925  / 0271 7010387

   Email
:
pchanelm@yahoo.com

Buku cerita yang dibuat
:
Ajisaka



Parama Cipta



Timun Mas



Roro Mendut



Kabayan lan Bolandho Ajaib



Kabayan Nyekel Maling



Kabayan Jago Silat



Kabayan Dadi hakim



Geusan Ulun lan Putri Harisbaya



Legenda Karang Nini Pangandaran